Naskah Drama Tradisional
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
TUNDHUNG MEDIUN
BABAK I
Adegan 1
Paraga:
1) Rangga Jumena, 2) Tumenggung Keniten, 3) Tumenggung Japanan, 4) Patih Wanasalam, 5) Tumenggung Mangkuyuda, 6) Tumenggung Surayuda.
Kawontenan:
Dumados perang antawisipun prajurit Mentaram lumawan prajurit Mediun. Prajurti Mentaram kaseser ing yuda mlajeng kapracondhang. Tumenggung Surayuda dipun kawonaken Tumenggung Japanan. Tumenggung Mangkuyuda dipunkawonaken Tumenggung Keniten. Kantun Patih Wanasalam siaga ngadhepi Rangga Jumena.
Antawacana:
P. Wanasalam : Rangga Jumena!!! Waspadhakna apa sing tak gawa!
R. Jumena : Haa...haa...haaa! Aku ora ulap. Kene tak tadhahane tombak Kyai Plered.
P. Wanasalam : Lena pangendhamu ... sida jebol wadhukmu!
(Kekalihipun lajeng perang tandhing. Patih Wanasalam kaget, awit tombak Kyai Plered dipun tamakaken ing jajanipun R. Jumena ngantos wongsal-wangsul mboten tumama. Patih Wanasalam mlajeng ngucira ing yuda).
R. Jumena : Jebule mung semono, kadigdayane wong Mentaram.
T.Keniten + T.Japanan : (mlebet) Kados Pundi Kanjeng Adhipati Rangga Jumena?
R. Jumena : Wong-wong Mentaram wis mlayu...kaya bocah cilik diuber asu. Saiki ayo
bali ing pendhapa agung Mediun.
(Rangga Jumena, Tumenggung Keniten lan Tumenggung Japanan medal)
Adegan 2
Paraga:
1) Panembahan Senopati, 2) Ki Mandaraka, 3) Prameswari, 4) Patih Wanasalam, 5) Tumenggung Mangkuyuda, 6) Tumenggung Surayuda
Kawontenan:
Ing pasewakan agung Kasultanan Mentaram, Panembahan Senopati ngrembag kahananing praja kaliyan Ki Mandaraka, lan Prameswari.
Antawacana:
Ki Mandaraka : Kula, pun Bapa Mandaraka ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk
Kanjeng Panembahan Senapati.
P. Senapati : Inggih Bapa Mandaraka, mboten kantun pangestu kula mugi katampi.
Ki Mandaraka : Matur nuwun Kanjeng Panembahan Senapati, Pangestu panjenengan kula
pundhi, kula kancing ing gelung minangka jejimat anggen kula ngabekti ing
Mentaram.
Prameswari : Semanten ugi kula Kakang Mas Panembahan Senapati, kula ugi ngaturaken
sembah pangabekti mugi konjuk Kang Mas. (nyembah)
P. Senapati : Ya … ya … atur pangabektimu sun tampa, ara liwat puja pangestuku
tampanana, lan diprayogakake anggonmu lungguh, prameswari!
Prameswari : Ngestokaken dhawuh kang mas.
P. Senapati : Salajengipun, kados pundi kahananipun praja mentaram Bapa Mandaraka?
Ki Mandaraka : Kepareng matur gusti. Menawi katandhing kaliyan nalika panjenengan
nembe jumeneng nata, kahananipun praja Mentaram sakmenika pancen
sampun kathah kemajenganipun. Para nayaka praja sami sengkut makarya
miturut tanggel jawabipun piyambak-piyambak. Mila, sakmenika para
kawula sampun ngraosaken katentreman, kabagaswarasan, lan karaharjan.
Para siswa ing pawiyatan sami taberi anggenipun sinau, para mudha taruna
sami gumregah olah kanuragan, lan para sepuh sami netepi jejeripun.
P. Senapati : Bagus ... menawi pranyata kados makaten, tegesipun anggen kita mangun
kasultanan Mentaram menika wonten guna mupangatipun tumrap nayaka
praja lan para kawula. Wana Mentaok ingkang rumiyin wiyaripun namung
sabathok, sampun kasil kita bikak dados kesultanan Mentaram.
Ki Mandaraka : Nanging Panjenengan, ampun rumaos bingah rumiyin, awit Panjenengan
kedah enget bilih gegayuhan Panjenengan kangge nyawijekaken sedaya
paprentahan ing Tanah Jawi wonten ing panguasaning Mentaram dereng
kalaksanan.
Prameswari : Punten dalem sewu Kang Mas, miturut kula gegayuhan Panjenengan
menika ... kok radi keladuk.
P. Senapati : Hlo kok kaya ngono dhiajeng?
Prameswari : Minangaka priyayi Jawi, kita menika kedah saged nrima ing pandum. Awit
budi dayanipun manungsa mboten saged ngungkuli garisipun Kang Kawasa.
Ki Mandaraka : Inggih jalaran kita mboten ngretos garisipun Kang Maha Kawasa, mila kita
kedah kagungan gegayuhan ingkang inggil lan ngetok sadaya rekadaya
murih kalaksananipun gegayuhan menika.
Prameswari : Kula menika tiyang estri, Panjenengan priyantun kakung ... tamtu mboten
saged ngraosaken kados pundi raosing manah kula. (kendel sekedhap)
Saben Kang Mas Panembahan Senopati mangsah ing yuda, manah kula
tansah kraos was sumelang. Kula ajrih, menawi ...
P. Senapati : Wis-wis aja mbok bacutake anggonmu nuruti atimu. Dadiya kapitayanmu,
lan tetepna ing atimu! Sauger ing astaningsun isih ana tombak Kyai Plered
lan ing ndonya iki isih ana Bapa Mandaraka, ... ora ... ora ana kang bakal
bisa ngalahake Panjenengan ingsun.
Ki Mandaraka : Kula mboten maiben, bilih Kanjeng Prameswari kagungan penggalih
ingkang kados mekaten. Ananging, Kanjeng Prameswari kula aturi sampun
kuwatos. Awit, kula lan para satriya agul-aguling Mentaram ingkang tansah
badhe njagi kasugenganipun Kanjeng Panembahan Senopati Kanthi jiwa
raga kula.
(Patih Wanasalam ngasta tombak Kyai Pleret, kadherekake Tumenggung Mangkuyuda lan Tumenggung Surayuda mlebet kanthi laku dhodhok, sasampunipun lenggah lajeng atur sembah pakurmatan.)
P. Wanasalam : Kula ingkang sowan gusti!
P. Senapati : (kaget) Patih Wanasalam! Prenggosan ambeganmu lan dleweran
kringetmu! Kepriye asiling pakaryanmu?
P. Wanasalam : Ngaturaken ketiwasan Gusti!
P. Senapati : (jumeneng) Tegese kowe kalah?!!!
Ki Mandaraka : Nuwun sewu Gusti Kanjeng Panembahan Senopati, kula aturi panjenengan
sareh. Mangga ... kita pirengaken unjuk aturipun Patih Wanasalam rumiyin,
mangke nembe kita tetepaken langkah salajengipun.
P. Senapati :(kalih lenggah) Ooo inggih nuwun sewu kula radi kebrongot, awit tumrap
kula bab menika mokal sanget. Lumawan mediun mawon kok ngantos
kawon. Yooh ... Wanasalam enggal matura!
P. Wanasalam : Saderengipun, kula nyuwun duka awit kula boten saged minangkani
dhawuh timbalen Panjenengan Dalem.
Ki Mandaraka : Lagi sepisan iki ... Tombak Kyai Pleret kondur tanpa angganda amis (unjal
ambegan).
P. Wanasalam : Kula piyambak inggih nggumun, Adhipati Rangga Jumena kula tamani
pusaka tombak Kyai Pleret ing jajanipun ... beset mawon boten, malah
gumujeng lakak-lakak.
T. Mangkuyuda : Punten Dalem sewu, kepareng kula sumela atur.
P. Senapati : Iya dak keparengake!
T. Mangkuyuda : Miturut prajurit telik sandhi, Adhipati Rangga Jumena samenika nggilut lan
maris ilmunipun Ki Ageng Suryangalam.
T. Surayuda : Mila pangaribawa lan tandangipun nggegirisi. Wit-witan ing kanan-
keringipun margi kasababan antemanipun Adhipati Rangga Jumena sami
rebah kobong.
Ki Mandaraka : Yen Adhipati Rangga Jumena ngrasuk ilmunipun Ki Ageng Suryangalam,
sing maju ing palagan kudune dudu sliramu Patih Wanasalam.
P. Senapati : Tegesipun ingkang maju perang kedah kula piyambak, ... boten menapa. ...
Patih Wanasalam! Caosna tombak Kyai Pleret!
Ki Mandaraka : Ingkang majeng ing palagan inggih sanes Panjenengan.
P. Senapati : Lajeng sinten malih!!? Sedaya senapati sampun kawon, kantun kula
ingkang dereng majeng perang.
Ki Mandaraka : Panjenengan kula suwun pitados dhateng bapa mawon, mangke bapa
ingkang nata. Bajul menika kawonipun mengsah kancil, kasudibyan lan
guna kasentikan menika kawonipun kalih juligipun akal.
P. Senapati : Inggih menawi mekaten, purba wasesa kula pasrahaken panjenengan Bapa
Mandaraka.
Ki Mandaraka : Hla samenika, ... kepareng kula ngampil garwa selir panjenengan ingkang
paling sulistya ing warna inggih menika Nyi Adhisara.
P. Senapati : Nyi Adhisara?!!!
Ki Mandaraka : Inggih leres, ... Nyi Adhisara.
P. Senapati : Panjenengan menika gegojegan kok kesangetaen. Para senopati mawon
sami kapracondhang, hla kok samenika panjenengan ngersakaken Nyi
Adhisara majeng ing palagan?!!! Lan malih Nyi Adhisara menika garwa selir
kula ingkang paling enggal, ingkang paling kula tresnani.
Ki Mandaraka : Ngendikane kala wau, purba wasesa kapasrahake bapa.
Prameswari : Inggih Kang Mas, Panjenengan manut mawon dhateng Bapa Mandaraka!
P. Senapati : Inggih menawi mekaten, nanging Nyi Adhisara mboten menapa-menapa
nggih.
Ki Mandaraka : Menawi wonten sawiji ingkang kirang saking Nyi Adisara, gulune bapa
minangka lintunipun.
Prameswari : Panjenengan menika kadherekaken Bapa Mandaraka lak kawit taksih timur,
menapa nate Bapa Mandaraka cidra ing janji?
Ki Mandaraka : Menawi sampun wonten keparengipun, kula enggal badhe tumuju ing
tamansari saperlu manggihi Nyi Adhisara.
P. Senapati : Inggih ... kanthi menika pasewakan kabibaraken!
(Ki Mandaraka, P. Wanasalam, T. Mangkuyuda, lan T. Surayuda atur sembah pakurmatan. Panembahan Senopati lan Prameswari jumeneng lajeng medal nganan. Kalajengaken Ki Mandaraka, P. Wanasalam, T. Mangkuyuda, lan T. Surayuda medal ngeri.)
BABAK II
Paraga:
Rangga Jumena, 2) Tumenggung Keniten, 3) Tumenggung Japanan, 4) Prameswari Juwita, 5) Patih Geger Wesi, 6) Nyi Adisara.
Kawontenan:
Ing pasewakan agung Kadipaten Mediun, Adhipati Rangga Jumena lenggah ngrembag mimpangipun Mediun lumawan Mentaram. Ing sisih kiwanipun wonten Prameswari, ing ngajeng sisih tengenipun wonten Patih Geger Wesi, Tumenggung Keniten lan Tumenggung Japanan.
Antawacana:
Rangga Jumena : Yayi Prameswari! Saiki wis kabukten, yen Mentaram iku sejatine ora ana
apa-apane. Tombak Kyai Pleret agul-aguling Mentaram ora bisa mbeset
kulit Panjenengan Ingsun. Para prajurit Mentaram padha mlayu kaya
kuthuk diuber wulung.
Prameswari Juwita : Inggih leres kang mas, ananging Panjenengan ampun kirang ing prayitna,
awit ing Mentaram menika ... .
Rangga Jumena : Ana Mandaraka sing julig lan sugih akal, ngono? (Unjal napas) Yayi
Prameswari, ing paperangan iku sing baku kaprawiran, ... kasekten, ... ilmu
Kanuragan!
P. Geger Wesi : Inggih, ... lan samenika ... kula kinten ing sainggiling bantala menika ...
boten wonten tiyang ingkang kasektenipun ngungkuli Kanjeng Adhipati
Rangga Jumena. Menapa malih sasampunipun Kanjeng Adhipati maris
ilmunipun Ki Ageng Suryangalam, gegayuhan badhe nginger punjering
panguasa ing Tanah Jawi saking Mentaram dhateng Mediun kula kinten
kantun nengga wekdalipun mawon.
Rangga Jumena : Lan Maneh ... anggonku mbalela marang Mentaram iku sejatine kajurung
uga saka gegayuhan nglungguhake dununge waris. Awit, sejatine sing isih
trahing Raden Patah kang ngedekake kasultanan Demak Bintara iku
Panjenengan Ingsun, dudu Panembahan Senopati kang ora terang garis
turune. Marang wong tuwane dhewe, yaiku Sultan Hadiwijaya ing Pajang
wae dheweke wani ... nganti gawe patine Sultan Hadiwijaya.
Prameswari Juwita : Lajeng ... kangge nyengkuyung gegayuhan Panjenengan, ayahan menapa
ingkang kedah kula tindakaken Kang Mas?
Rangga Jumena : Ora ana! Sliramu cukup ndedonga wae! Karo tata-tata ... jalaran sedela
maneh sliramu bakal leren dadi garwane adhipati Rangga Jumena.
Prameswari Juwita : (kaget) Hlo kok ngaten? Kula badhe Panjenengan pegat?
Rangga Jumena : Ora! Sliramu bakal leren dadi garwane adhipati Rangga Jumena, nanging
malih dadi Garwane (ngendikan manteb) Sultan Rangga Jumena,
Ha...ha...ha...ha...ha. Kepriye manut panemumu?
Prameswari Juwita : (kanthi mesem lingsem) Yen ngoten kula inggih remen. Wiwit benjing kula
badhe tata-tata, kula badhe ndugekaken juru paes lan tata busana ingkang
kondhang ... supados kula ketingal langkung ayu malih (kemayu).
P. Geger Wesi : Inggih ... inggih, mangke nyai patih ... sanajan sampun sepuh ... inggih kula
kengken nylarasaken sandhang panganggonipun kaliyan Panjenengan.
Rangga Jumena : Pendhapa kadhipaten uga kudu diowahi dadi luwih apik, luwih jembar, lan
luwih asri. Lan iku kabeh dadi tanggung jawabe Tumenggung Keniten!
T. Keniten : Sampun kuwatos, Mediun sugih guru bakal-guru dadi. Kajengipun mangke
kula pilihaken Jati saking Tuban, marmeripun kula dugekaken saking
Tulungagung, lan payonipun mangke ngangge gendheng Karangpilang.
Rangga Jumena : Lan marang kowe Tumenggung Japanan, papagen Gusti Putrimu Retna
Dumilah ing Padhepokan Kayurubung! Awit dak kira wis cukup anggone
nyecep ilmu lan wis wayahe kapingit minangka putri sekar kedhaton.
T. Japanan : Kasinggihan dhawuh. Saderengipun Gusti Putri Retna Dumilah rawuh,
mangke inggih badhe kula samektakaken dalem kaputren jangkep
satamansarinipun.
Nyi Adisara : (mlebet laku dhodhok kanthi mbeta bokor isi toya sekar setaman, lenggah
Ngajeng sisih tengenipun T. Japanan banjur nyembah Adhipati) Nuwun,
kula ingkang sowan gusti!
P. Geger Wesi : Sapa kowe, wong wadon tanpa tinimbalan kumawani marak sowan ing
ngarsane Kanjeng Adhipati Rangga Jumena?
Nyi Adisara : Kula Adisara, utusan saking Mentaram apangkat tumenggung.
P. Geger Wesi : Nuwun sewu Gusti, menika wonten utusan saking Mentaram.
Rangga Jumena : Mataram kirim utusan (kanthi manggut-manggut)?
Nyi Adisara : Nun inggih (kenes), werdinipun sowan kula wonten ngarsa Panjenengan,
kula dipun utus dening Kanjeng Panembahan Senopati ngaturaken tandha
panungkul.
Rangga Jumena : Ngaturaken tandha panungkul? Kene-kene rada maju ... matura sing cetha!
Nyi Adisara : (maju kanthi mesem) Sasampunipun Mentaram kawon ing paperangan
lumawan Mediun, Kanjeng Panembahan Senopati nampi lapuranipun Patih
Wanasalam ingkang ngaturaken kaprawiran Panjenengan ing palagan.
Rangga Jumena : Iya-iya, banjur?
Nyi Adisara : Boten katalompen, Patih Wanasalam ugi nyariosaken kasekten
Panjenengan ingkang Boten tedhas tapak paluning pandhe, sisaning
gurinda, tinatah mendat, jinara menter, tinumbak lakak-lakak.
Rangga Jumena : Iya bener, dhasar kepara nyata.
Nyi Adisara : Mireng bab menika, sasampunipun nyuwun pamanggihipun Ki Mandaraka,
Panembahan Senapati lajeng ndhawahaken kekancingan, bilih Mentaram
manungkul wonten sangandhapipun Mediun.
Rangga Jumena : Tih...! Kowe krungu dhewe Tih ..! Mentaram wis manungkul, teluk marang
Mediun. Haa ... ha ... ha ...
P. Geger Wesi : Wah menika kok kados ngipi, paribasanipun nyambut damel dereng
kringeten sampun angsal kaya.
T. Keniten : Menika nyata, Paman Patih! Kula rumiyin lak sampun nate matur, bilih
pulungipun Tanah Jawi menika mapanipun ing brang wetan. Bilih samenika
kok mapan ing brang kilen, menika sejatosipun namung mampir mawon.
T. Japanan : Sasampunipun Kraton Kahuripan ing tlatah Kedhiri, kalajengaken Majapahit
ing tlatah Trowulan, mila samenika pulungipun Tanah Jawi dhawah ing
Mediun. Inggih awit keyakinan menika, mila kula kekalih boten tidha-tidha
nyengkuyung Panjenengan.
T. Keniten : Para bupati ing brang wetan, wiwit saking Lumajang ngantos Tuban sedaya
tamtu sami nyengkuyung Panjenengan.
T. Japanan : Para warok, para bentuah ing tlatah brang kidul ugi nyengkuyung
Panjenengan.
Rangga Jumena : Adisara! Apa isih ana sing arep kok aturake?
Nyi Adisara : Kangge tandha manungkul, Panembahan Senopati ngutus dhateng kula
masuh samparan Panjenengan.
Rangga Jumena : (ketingal remen) Kowe diutus mijiki ampeyanku?
Nyi Adisara : Inggih, menika kula sampun mbeta toya sekar setaman, kangge masuh
samparan Panjenengan. Lorodanipun, mangke badhe kangge siram jamas
Gusti Panembahan Senopati.
Rangga Jumena : Iya wis ... dak keparengake maju mrene! Kepinginane Senopati kok ana-ana
wae.
Nyi Adisara : (maju laku dhodhok) Nuwun sewu!
Rangga Jumena : (kanthi mirsane pasuryane Nyi Adisara) Kowe mau, jare pangkat
Tumenggung. Banjur pakaryanmu ing Mentaram apa?
Nyi Adisara : (sinambi mijiki ampeyan kananipun Rangga Jumena) Kula minangka juru
tulisipun Gusti Panembahan Senopati.
Rangga Jumena : Juru tulis?
Nyi Adisara : (kendel sekedap anggenipun mijiki ampeyanipun Rangga Jumena) Inggih,
kula ingkang nyathet sedaya kaskayaning praja Mentaram.
Rangga Jumena : Bodho temen Senopati! Ana wong ayu kaya ngene kok mung didadekake
juru tulis.
Nyi Adisara : (gantos mijiki ampeyan keringipun Rangga Jumena) Dados juru tulis
mawon kula sampun remen, awit kula menika sanes trah rembesing
kusuma (rampung anggenipun mijiki, banjur lenggah radi mundur).
Rangga Jumena : Iki ngene ya Adisara (rangu-rangu), kowe apa isih legan?
Nyi Adisara : Sinten ta priyayi ingkang kersa kaliyan kula?
Rangga Jumena : Dadi terange kowe isih kenya?
Nyi Adisara : Kok Panjenengan pitaken ingkang kados mekaten, menapa Panjenengan
badhe madosaken jodho kangge kula?
Rangga Jumena : Wis, saiki rungokna sabda pandhita ratu iki! Minangka tandha
manungkuling Mentaram marang Mediun, aku uga njaluk patukon marang
Senopati. Wujude patukon ... Sawise kowe masrahake banyu lorodan iki
marang Senopati, ... kowe dak jaluk bali mrene maneh!
Nyi Adisara : (kanthi kenes) Awit samenika Mentaram sampun kabawahing Mediun, mila
sedaya dhawuh timbalan Panjenengan badhe kula estokaken. Ananging,
menawi kula kepareng nyuwun pirsa ... kula badhe kautus menapa nggih?
Rangga Jumena : Dak dadekake garwa selir ... mengko sakabehing kepinginanmu bakal
kasembadan ing Mediun kene.
Nyi Adisara : Awit sampun terang trawaca dhawuh timbalan dalem, lan sampun
rampung jejibahan kula, mila kepareng kula badhe wangsul ing Mentaram.
Rangga Jumena : Iya dak keparengake, nanging kowe kudu eling?
Nyi Adisara : Enget bab menapa?
Rangga Jumena : Kowe ndang balia mrene maneh!
Nyi Adisara : Kasingguhan dhawuh Gusti! (Nyembah, mundur lajeng medal)
P. Geger Wesi : Saking menika ... ketingal sanget, bilih Mentaram ajrih dhateng Mediun.
T. Japanan : Kamangka ing palagan kalawingi ... Panjenengan dereng ngedalaken pusaka
Kyai Tundhung Mediun.
Rangga Jumena : Iya bener, nganti saiki Panjenengan ingsun durung nate migunakake Kyai
Tundhung Mediun ... jalaran durung titi mangsane. Awit, Kyai Tundhung
Mediun iku mujudake sanjata pamungkas, mula mung bisa kagunakake ing
kahanan kang gawat kaliwat-liwat.
Prameswari Juwita : Punten dalem sewu kang mas!
Rangga Jumena : Ana apa, garwaku wong ayu?
Prameswari Juwita : Samenika wekdalipun sampun ngancik lingsir kilen, kamangka Panjenengan
dereng Dhahar, awit sedaya dhedhaharan sampun sumadya mila mangga
kula dherekaken kembul bojana andrawina.
Rangga Jumena : Patih...! Pasewakan kabubarake! Ayo dherekna Panjenengan Ingsun suka-
parisuka kembul bojana andrawina.
(Adhipati Rangga Jumena lan Prameswari jumeneng, nampi sembahipun Patih Geger Wesi, Rangga Keniten, lan Tumenggung Japanan. Salajengipun, Adhipati Rangga Jumena lan Prameswari medal, kadherekaken Patih Geger Wesi, Rangga Keniten, lan Tumenggung Japanan kanthi laku dhodhok).
BABAK III
Paraga:
1) Panembahan Senopati, 2) Ki Mandaraka, 3) Patih Wanasalam, 4) Tumenggung Mangkuyuda, 5) Tumenggung Surayuda, 6) Nyi Adisara, 7) Jondhal, lan 8) Jondhil
Kawontenan:
Ing Pesanggrahan, Panembahan Senopati kadherekaken Ki Mandaraka, Patih Wanasalam, Tumenggung Mangkuyuda, lan Tumenggung Surayuda, manggihi Jondhal lan Jondhil ingkang nembe gegojegan sinambi ngranti lapuran saking Nyi Adisara.
Antawacana:
Jondhal : Luwak mangan tales, awak yen lagi apes.
Jondhil : Tales ngisore klapa, apes kena apa?
Jondhal : Esuk mau ... aku lak nglayat jenate Kang Aji. Eee dumadakan ... mayite Kang
Aji diculoti kucing ... urip.
Jondhil : Kowe aja den-deni uwong lho kang! Hiii ... mayite kang Aji diculoti kucing ...
urip. Hiii ... njur saiki mayite kepriye?
Jondhal : Ya dikubur ... kok ya ... mosok arep diawetake, hla terus ngentekna
formalin pirang kilo ... mangka saiki formalin iku wis entek merga dienggo
ngawetake bakso.
Jondhil : Hla jare mau urip. Kowe mau lak kandha yen mayite Kang Aji diculoti kucing
... urip.
Jondhal : (kanthi santai) Hla yen ora urip, apa bisa kucinge mencolot.
Jondhil : Eee dadi sing urip kucinge ta?
Jondhal : Iya, mangkane ... dadi uwong iku aja sok percaya takhayul. Endi ana mayit
kok urip maneh.
Jondhil : Ya wis, saiki yen kowe tau ngreti mayit ... aku dak takon ... Kena apa mayit
kok dibungkus kain putih?
Jondhal : Merga ... putih iku sing paling resik.
Jondhil : Halah kadohan.
Jondhal : Merga ... kain putih iku lambange suci.
Jondhil : Halah jawaban mu kejeron.
Jondhal : Hla yen kowe?
Jondhil : Anane mayit iku dibungkus kain putih, merga yen dibungkus godhong
gedhang mengko dikira lonthong.
Jondhal : Ganti, aku sing mbedheki ... Sawise mati, manungsa iku parane menyang
endi?
Jondhil : Ngadhep Gusti Kang Maha Kawasa.
Jondhal : Halah kadohan.
Jondhil : Mlebu ing alam kubur, banjur didangu malaekat Mongkar lan Nangkir.
Jondhal : Halah jawaban mu kejeron.
Jondhil : Hla yen kowe?
Jondhal : Sawise mati, manungsa iku parane nurut karo sing mikul. Mbuh dipikul
ngalor ... apa ngidul ... ora ana mayit sing protes.
Jondhil : Iya ... ya ... ora ana ya ... mayit sing ngeyel. Dadi wong sing tukang ngeyel
kaya anggota DPR kae, yen mati ... nurut lan manut karo sing mikul.
Jondhal : Saiki ganti kowe yen isih duwe bedhekan!
Jondhil : Ooo ... ana apa mayit ing kuburan kae kok diadhepake ngulon kabeh?
Jondhal : Merga madhep kiblat.
Jondhil : Halah kadohan.
Jondhal : Merga nuruti syariate agama.
Jondhil : Halah jawaban mu kejeron.
Jondhal : Thit !!! ... aku ora bisa.
Jondhil : Anane mayit iku diadhepna ngulon kabeh, merga yen dikubur adhep-
adhepan mengko mundhak omong-omongan.
Jondhal : Iya ... ya ... mengko yen adhep-adhepan banjur ngrasani gurune.
Jondhil : Sing terang, awak dhewe iki mesthi mati.
Jondhal : Mula, mumpung isih urip ... ayo golek sangu kanggo lunga mati.
(Panembahan Senopati kadherekaken Ki Mandaraka, lan Patih Wanasalam, mlebet)
Jondhil : (nyembah kanthi lenggah) Ngaturaken sugeng rawuh ndara.
Jondhal : Nyuwun duka, menapa niki wau anggen kula gegojegan kaliyan adhi kula
Jondhil radi kaseron ... mila andamel Panjenengan duka?
P. Senopati : Ora Jondhal lan Jondhil. Panjenengan ingsun ora duka, sing baku jroning
suka kudu tetep eling lan waspadha.
Ki Mandaraka : Apa sliramu sakloron wis meruhi baline Nyi Adisara ?
Jondhil : Dereng Gusti, kawit enjing kula jagi wonten mriki ... Gusti Adisara dereng
ketingal.
Jondhal : Menapa perlu kula susul ?
P. Wanasalam : Halah kok nyusul barang, mengko kowe malah ilang ing dalan.
Jondhil : Boten perlu dipun susul, hla menika Panjenenganipun sampun rawuh.
(Nyi Adisara kadherekaken Tumenggung Mangkuyuda lan Tumenggung Surayuda mlebet , Nyi Adisara jumeneng, Tumenggung Mangkuyuda lan Tumenggung Surayuda laku dhodhok lajeng lenggah. Tetiganipun lajeng atur sembah pakurmatan)
Nyi Adisara : Kula ingkang sowan Gusti!
P. Senopati : Syukur, dene sliramu wis teka tanpa kurang ing sawiji-wiji.
Ki Mandaraka : Kados pundi, menapa angsal damel anggen sampeyan kesah ing Mediun?
Nyi Adisara : Awit berkah pangestu Panjenengan .... saha Gusti Panembahan Senopati,
anggen kula ngayahi jejibahan saged kasil tanpa wonten pambengan.
Ki Mandaraka : Gandheng samenika Nyi Adisara sampun wangsul ing pesanggrahan, mila
samenika Bapa badhe blaka suta babagan pakaryan ingkang dipun ayahi
dening Nyi Adisara.
P. Senopati : Inggih ... menika ingkang dados pitakenan ing batos kula.
Ki Mandaraka : Miturut aturipun telik sandhi, Adhipati Rangga Jumena nggilut lan maris
ilmu kanuraganipun Ki Ageng Suryangalam. Kamangka sedaya ilmu
kanuragan menika wonten wewaleripun utawi ingkang limrah kasebat
pengapesan.
P. Senopati : Lajeng menapa wewaler ilmu kanuragan menika?
Ki Mandaraka : Tiyang jaler ingkang nggilut lan maris ilmu kanuraganipun Ki Ageng
Suryangalam, mboten angsal sesambungan utawi nggepok senggol tiyang
estri kanthi linambaran rasa tresna.
Nyi Adisara : Awit, kula sampun masuh ampeyanipun Adhipati Rangga Jumena ... ateges
kula sampun nggepok senggol salirane Adhipati Rangga Jumena.
Ki Mandaraka : Lan Rangga Jumena menika tiyang ingkang thuk mis, tegesipun gampil
kepilut ing bathuk klimis ... mila mirsani Nyi Adisara ... Panjenengane
mesthi kasmaran.
P. Senopati : (noleh dhateng Nyi Adisara) Nanging, sliramu lak ora diapak-apakake ta?
Nyi Adisara : Ah ... inggih boten, awit anggen kula masuhi ing pendhapa ... kathah tiyang.
Ki Mandaraka : Ingkang baku, samenika Mediun kados dene sima tanpa waja. Rangga
Jumena wis kilangan ilmu kanuragane. Mila mangga samenika enggal
ngrabasa Mediun.
P. Senopati : Patih Wanasalam siagakna para prajurit kanthi gelar Garudha Nglayang!
Panjenengan Ingsun dhewe kang madeg senopati!
P. Wanasalam : Sedaya prajurit sampun siyaga, kantun nengga dhawuh timbalan dalem.
P. Senopati : Tombak Kyai Pleret aja nganti kari!
Ki Mandaraka : Nuwun sewu, miturut kula Panjenengan mboten perlu ngasta Kyai Pleret.
P. Senopati : Kenging menapa kados mekaten?
Ki Mandaraka : Pancen samenika ... Rangga Jumena Sampun kicalan ilmu kanuraganipun,
ananging Rangga Jumena taksih kagungan keris Kyai Tundhung Mediun
ingkang ampuhipun ngedhap-ngedhapi.
P. Wanasalam : Lajeng kados pundi kangge ngawekani bab menika?
Ki Mandaraka : Rangga Jumena iku satriya, Panjenengane ora bakal ngetokake pusaka yen
mungsuhe ora nggawa pusaka. Mula Rangga Jumena ... kudu diadhepi
kanthi adu wuleding kulit atosing balung. (noleh dhateng P. Senopati) Kula
kinten cekap, samenika mangga kula dherekaken enggal bidhal.
Jondhil : Kula dados seksi konsumsi mawon nggih?
Jondhal : Halah ... sing mbok pikir kok mung panganan wae! Mbok kaya aku (nebah
dhadha), kula siap dados bendhahara!
Jondhil : Kowe dadi bendhahara ... kacau mengko, dhuwit urunan kas kelas wae
mbok entekna ... apa maneh proyek gedhe ... mesthi amblas.
T. Mangkuyuda : Mengko Jondhal bageyan nata pirantining perang, kayata: tombak,
pedhang, panah, tameng lan liya-liyane!
T. Surayuda : Dene Jondhil bageyan nambani para prajurit kang catu utawa ngrukti
layone para prajurit kang pralaya ing yuda.
P. Senopati : Mumpung isih cukup wektu ... prajurit kabudhalake!
(Panembahan Senopati medal nganan kadherekaken Ki Mandaraka, Patih Wanasalam, Tumenggung Mangkuyuda, Tumenggung Surayuda, Jondhal lan Jondhil. Nyi Adisara medal ngeri )
BABAK IV
Paraga:
1) Rangga Jumena, 2) Patih Geger Wesi, 3) Tumenggung Keniten, 4) Tumenggung Japanan, 5) Panembahan Senopati, 6) Patih Wanasalam, 7) Tumenggung Mangkuyuda, 8) Tumenggung Surayuda.
Kawontenan:
Perang antawisipun Mentaram lumawan Mediun. Mentaram unggul ing yuda. Tumenggung Surayuda ngawonaken Tumenggung Japanan. Tumenggung Mangkuyuda ngawonaken Tumenggung Keniten. Patih Wanasalam dipunkawonaken Patih Geger Wesi. Patih Geger Wesi dipun kawonaken Panembahan Senopati. Kantun Panembahan Senopati ingkang aben ajeng kaliyan Rangga jumena.
Antawacana:
P. Senopati : Paman Rangga Jumena!!! Kula suwun Panjenengan pasrah bongkokan
mawon!
R. Jumena : Piyeee!!! Dhasar kere munggah bale! Endi tombak Kyai Pleret sing kok
endel-endelake ... kene tak tadhahane nganggo Kyai Tundhung Mediun.
P. Senopati : Kangge ngadhepi Panjenengan ingkang sampun sepuh ... kula kinten boten
perlu ngangge pusaka ... cekap kepelan kula mawon ingkang njebol jaja
Panjenengan.
R. Jumena : Kurang ajar !!! Aku satriya wiratama ... yen kowe ora nggawa pusaka aku ya
ora bakal ngetokake Kyai Tundhung Mediun. Tebah dhadhamu sida ajur
sawalang-walang!!!
(Kekalihipun lajeng perang tandhing. Rangga Jumena kaget, awit bala-bali Panembahan Senopati kenging antemanipun, Panembahan Senopati boten menapa-menapa).
P. Senopati : Panjenengan kaget, awit anteman Panjenengan boten ndhawahaken kula.
Samenika Panjenengan kados dene gedebog ngadek, awit ilmu kanuragan
Panjenengan sampun ical sasampunipun Panjenengan nggepok senggol Nyi
Adisara.
R. Jumena : Adisara!!! ??? Culika kowe wong Mentaram!!! (kanthi nuding) Dudu lanang
tenan kowe! Saiki oyaken aku! (mlajeng nganan).
(Ki Mandaraka, Tumenggung Mangkuyuda lan Tumenggung Surayuda, mlebet saking keri).
T. Mangkuyuda : Kados pundi Gusti?
P. Senopati : Paman Rangga Jumena mlayu, ayo dioyak!
Ki Mandaraka : Panjenengan boten perlu ndherek ngoyak, pasrahaken mawon dhumateng
para tumenggung. Mangga lerem sawatawis wonten ing pesanggrahan,
sinambi nengga lapuranipun para tumenggung.
P. Senopati : Sing ati-ati! Awit Panjenengane ngasta Kyai Tundhung Mediun.
T. Mangkuyuda : Ayo Kakang! Mumpung durung adoh playune!
T. Surayuda : (nyembah pakurmatan) Nyuwun tambahing pangestu kula bidhal.
(Tumenggung Mangkuyuda lan Tumenggung Surayuda ngoyak mlajeng nganan. Panembahan Senopati kadherekaken Ki mandaraka medal ngeri).
BABAK V
Paraga:
1) Retna Dumilah, 2) Retna Wilis, 3) Darawati, 4) Anjarwati, 5)Nyai Pandhan Wangi, 6) Rangga Jumena, 7) Tumenggung Mangkuyuda, lan 8) Tumenggung Surayuda.
Kawontenan:
Ing Padepokan Kayurubung, Retna Dumilah sawise tetembangan banjur gegojegan kaliyan para mentrik sanesipun.
Antawacana:
Retna Dumilah : Padepokan Kayurubung kene pancen adhem lan asri mula pantes yen oleh
julukan minangka padhepokan Adi Wiyata.
Retna Wilis : Ooo dhasar kepara nyata. Papane resik, ijo royo-royo, dipaesi maneka
warna kembang lan tetuwuhan kang migunani.
Retna Dumilah : Coba kowe Anjarwati, apa gunane godhong sambiloto?
Anjarwati : Kanggo tamba lara mencret.
Darawati : Njawab kok angger mlethek untumu wae, Sambiloto iku lumrahe kanggo
tamba lara malaria, diabet, lan gudhigen.
Anjarwati : Hla iya, wonge iku bar lara mencret terus gudhigen.
Retna Wilis : Banjur apa gunane jahe?
Anjarwati : Kanggo tamba lara mencret.
Retna Dumilah : Ngawur wae, jahe iku kanggo tamba lara watuk lan masuk angin.
Anjarwati : Hla iya, wonge iku bar lara mencret terus masuk angin.
Darawati : Saiki apa gunane kencur?
Anjarwati : Kanggo ...
Darawati : Kanggo tamba lara mencret...!!! Iya... kanggo tamba lara mencret???!!!
(Kalih ngathungaken kepel dhateng Anjarwati).
Anjarwati : Gak !!! Saiki wonge wis ora mencret. Larane ganti.
Darawati : Ganti lara apa?
Anjarwati : Diare!!!
Retna Wilis : Iku padha wae, sodrun...tenan kowe!
Retna Dumilah : Wis-wis! Kaya dhawuhe Nyai Pandhan Wangi, awak dhewe kudu bisa
ngrukti bumi murih lestari titahing gusti. Tegese yen kita bisa nglestarikake
lingkungan sing ana ing bumi iki, kita uga bisa nglestarikake sakabehing
makhluk ciptaning gusti.
Retna Wilis : Tuladhane, yen kita bisa nglestarikake wit-witan sing ana ing alas, mula
sumber bayu uga melu lestari. Manungsa lan sato kewan bisa melu lestari
jalaran ngombe banyu mau.
Anjarwati : Nanging yen wit-witan sing gedhe-gedhe kae dijarke wae, apa ora
dienggoni gendruwo? Hii hii !!!
Darawati : Kuwi biyen. Saiki gendruwone wis malih.
Anjarwati : Malih dadi apa yu?
Darawati : Malih dadi dhapurmu kuwi! Ngono kok ora krasa.
Retna Dumilah : Pancen biyen kanggo njaga lestarine alam lan supaya wit-witan gedhe ora
dirusak , para sesepuh nibakake wewaler kang wujud gugon tuhon.
Retna Wilis : Kajaba iku kita uga aja mbuwang sampah sembarangan.
Anjarwati : Ora ... aku ora tau mbuwang sampah sembarangan. Malah ... aku yen tuku
jajan tak pangan sak kulite.
Darawati : Kulite kok pangan? Kok Nggragas tenan kowe!
Anjarwati : Aku njajan tempe goreng kok, mula kulite ya tak pangan. Kulite kan
glepung (ngembeleng).
Darawati : Iya bener ... malah ana lho ... jajan sing kulite enak, nanging tengahe ora
enak.
Anjarwati : Jajan apa kuwi?
Darawati : Donat! ... Donat kae kulite enak tengahe bolong!
Retna Wilis : Yen diajak ngrembug bab panganan kok padha pinter, jajal yen ngrembung
bab pelajaran ... apa bisa?
Anjarwati : Hlo ... sampeyan pengin ngetes aku bab pelajaran apa? (kanthi sombong)
Matematika ... biologi ... sejarah ... apa ... bahasa Inggris? Mangga!
Retna Dumilah : Wektu iku dhuwit, bahasa Inggrise apa?
Anjarwati :Time is monkey.
Darawati : Money ... kok monkey. Monkey kuwi kethek!
Anjarwati : Hla iya ... ketheke diajak golek dhuwit. (nirokaken kethek ogleng)
Retna Dumilah : Ya wis, saiki ayo dianakake lomba cerdas cermat ing antarane Darawati
karo Anjarwati.
Retna Wilis : Aku sarujuk, mengko hadiah pertama ... mobil, hadiah kedua ... sikat gigi.
Retna Dumilah : Kok adoh temen kaceke ... hadiah pertama karo hadiah kedua?
Retna Wilis : Numpak mobil ora sikat gigi apa ora badheg? Wis saiki aku jurine,
sampeyan sing nakoni!
Retna Dumilah : Pitakonan Sejarah kanggo Darawati! Sapa asmane panglima TNI utawa TKR
sing sepisan?
Darawati : Jendral Soedirman!
Retna Wilis : Nilai seratus!!!
Retna Dumilah : Pitakonan Sejarah kanggo Anjarwati! Sapa asmane Pak Dhe ne Jendral
Sudirman?
Anjarwati : Sing ditakokna kok Pak Dhe ne, kok gak Mbah Buyute pisan!
Retna Wilis : Peserta ora oleh protes! Nilai dikurangi seratus!
Retna Dumilah : Asmane Raden Tjokrosoenaryo, mbiyen asisten Wedana ing Rembang. Yen
belajar sejarah iku sing tenanan!
Retna Wilis : Yen ora percaya takona guru IPS!
Retna Dumilah : Saiki pitakon Ilmu Pengetahuan kanggo Darawati! Apa jenenge gunung
paling dhuwur ing pulo Jawa?
Darawati : Gunung Semeru!
Retna Wilis : Nilai seratus!!!
Retna Dumilah : Saiki pitakon kanggo Anjarwati! Pira bobote gunung Semeru?
Anjarwati : Bobote gunung Semeru? Hla ... yen bobote bantal, aku weruh ... .
Pitakonan kok aneh-aneh?
Retna Wilis : Peserta ora oleh protes! Nilai dikurangi seratus!
Retna Dumilah : Bobote gunung semeru iku satus kilo gram.
Anjarwati : Mosok bobote mung satus kilo! Ora mungkin, genah iki modus ...
modus iki ...
Retna Wilis : Yen ora percaya timbangen dhewe! Peserta ora oleh protes! Nilai dikurangi
seratus!
(Nyai Pandhan Wangi mlebet jumeneng ing wingkinge Anjarwati, sedaya lenggah ngadhep Nyai Pandhan Wangi, kajaba Anjarwati kang tambah nesu)
Anjarwati : Halah ora nggagas, mbok kurangi lah ... iki modus ... momot wedhus,
Modus ... momot wedhus. Kabeh wedhus ... wedhus kabeh (kanthi nudang-
nuding)!
Nyai Pandhan Wangi : Wedhuse sapa Anjarwati?
Anjarwati : Eee Kanjeng Nyai (lenggah kanthi lingsem), niku lho wedhuse Pak Dhe
Dirman bobote satus kilo, mbenjing Idul Adha badhe kangge korban.
Nyai Pandhan Wangi : Kok aneh tenan, ana wedhus bobote kok nganti satus kilo?
Anjarwati : Wonten ... nggih niku wau ... wedhuse Pak Dhe Dirman (ngedumel), batehe
Darawati ingkang daleme ing Gunung Semeru mrika.
Retna Dumilah : (kanthi nyembah kurmat) mBoten kok Nyai Pandhan Wangi, niki wau para
mentrik sami tetembangan lan gegojegan ... ing wekdal ngaso
sasampunipun rampung anggenipun sinau lan makarya.
Nyai Pandhan Wangi : Gegojegan utawa guyonan iku ora apa-apa, naning guyonan yen
kebablasen sok-sok malih dadi tangisan, jalaran gawe lara atine liyan
pungkasane dadi tukar padu. Supaya ora kebablasen, yen guyonan kudu
nganggo wewaton, utawa kasebut guyon maton. Iku becik kanggo
sesrawungan lan nyegerake pikiran.
Darawati : Ngestokaken dhawuh Nyai. Wiwit Kang Mbok Retna Dumilah kaangkat
dados ketua MPK utawi Mentrik Padepokan Kayurubung, para mentrik
tansah guyub rukun, sengkud anggenipun sami gladhen olah kanuragan,
olah rasa, cipta, lan karsa.
Retna Wilis : Inggih sedaya sami netepi kewajibanipun piyambak-piyambak.
Nyai Pandhan Wangi : Kowe ya ngono Anjarwati? Banjur kewajibanmu apa?
Anjarwati : Inggih ... kewajiban kula ngarit ... ngingoni wedhuse Pak Dhe Dirman!
Nyai Pandhan Wangi : Emane kahanan iki ora bisa lumaku salawase, jalaran Retna Dumilah enggal
kudu ninggalake Padhepokan Kayurubung kene.
Retna Dumilah : (kaget) Nyai Pandhan Wangi, menapa kalepatan kula ...
Nyai Pandhan Wangi : Ora!!! Sliramu ora luput, malah kosok-baline. Amarga anggonmu nyecep
ilmu ing Padhepokan Kayurubung kene dak anggep wis cukup, mula wis
wayahe sliramu ndarmabaktekake ilmu sing wis kok tampa.
Anjarwati : Ngapunten Nyai, ketingalipun wonten tamu.
Nyai Pandhan Wangi : Ooo ... Gusti Rangga Jumena ... mangga ... mangga Gusti! Sugeng
rawuhipun? Menapa wonten ingkang wigati?
R. Jumena : (mlebet kanthi menggeh-menggeh) Nyai Pandhan Wangi, Putriku Retna
Dumilah lan para Mentrik kabeh, tekaku mrene iki ana bab kang wigati ...
kepara wigati banget.
Retna Dumilah : Menapa bab ingkang wigati menika? Kula nyadhong dhawuh rama.
R. Jumena : Mentaram saiki ngrabasa Mediun, Panjenengan ingsun ora kuwawa
nadhahi, lan dak kira ora ana pawongan kang bisa nandhingi Panembahan
Senopati kejaba kowe Retna Dumilah.
Nyai Pandhan Wangi : Aja sumelang ndhuk Retna Dumilah! Tampanana dhawuh timbalaning
kanjeng Ramamu!
Retna Dumilah : (manteb)Inggih kula sagah! ... namung rumentahing pangestu Kanjeng
Rama lan Nyai Pandhan Wangi ingkang kula suwun.
R. Jumena : Mula wiwit saiki ... sira ... Retna Dumilah ... Panjenengan ingsun wisuda
minangka senopati Mediun. Lan ing papan iki uga dak pasrahake Kyai
Tundhung Mediun minangka sipat kandel.
Retna Dumilah : Lajeng ... Panjenengan?
R. Jumena : Panjenengan ingsun arep nglakoni tapa ngrame, namur laku dadi kawula.
Wis karia slamet! Dak pasrahake Mediun lan isine. Papagna yudane wong
Mentaram. (mlajeng nganan)
Nyai Pandhan Wangi : Mugi Gusti Kang Akarya Jagad tansah njangkung satindak Panjenengan.
(Tumenggung Mangkuyuda lan Tumenggung Surayuda mlebet, clingak-clinguk)
T. Mangkuyuda : Nuwun sewu, ... menapa ing mriki wonten Adhipati Rangga Jumena?
Nyai Pandhan Wangi : Saderengipun kula mangsuli pitaken Panjenengan, menawi kepareng kula
kepingin pirsa asma lan asal Panjenengan.
T. Surayuda : Kula Surayuda lan menika Mangkuyuda, kula kekalih menika prajurit
Metaram kanthi pangkat Tumenggung. Anggen kula ngantos dumugi mriki,
awit kula ngoyak buron kula ingkang asma Rangga Jumena.
T. Mangkuyuda : Ageng pidananipun menawi Panjenengan nyingitaken Rangga Jumena,
mila langkung prayogi Panjenengan tedahaken mawon!
Nyai Pandhan Wangi : Retna Dumilah tindakna jejibahanmu! (medal nganan kadherekake para
mentrik liyane)
Retna Dumilah : Nuwun inggih Nyai! (noleh marang tumenggung loro) Rungokna wong
Mentaram! Kowe lagi bisa nemoni Adhipati Rangga Jumena ... yen wis kasil
nglangkahi bangke ku.
T. Mangkuyuda : Heeh ... ana bocah wadon kumawani malang kadhak ana ing ngarepe
Tumenggung Mangkuyuda. Sapa kowe?
Retna Dumilah : Aku Retna Dumilah, saiki dening Kanjeng Rama Rangga Jumena aku
kawisudha minangka senopati Mediun.
T. Surayuda : Ha ... ha ... ha ... Mediun wis kentekan wong lanang ... nganti bocah wadon
dikongkon maju perang.
Retna Dumilah : Ora usah kakehan omong tampanana iki keris Tundhung Mediun ...
Ciiaaaat!
(Dumados paperangan, kenging dayaning keris Tundhung Mediun para tumenggung kabuncang kendhang saking palagan)
Retna Dumilah : (jumeneng ing tengah ngacungaken pusaka) Menange Mediun iki, jalaran
saka pitulungane Gusti Allah ... lumantar keris Tundhung Mediun (seru
manteb).
Kelir Katutup
Tidak ada komentar:
Posting Komentar