Selasa, 14 Mei 2019

RARA KEMBANG SORE

LEGENDA RARA KEMBANG SORE

ADEGAN  I

PADEPOKAN BONOROWO :
Peraga         : 1. Kyai Pacet, 2) Lembu Peteng,  3) Bedalem, 4) Kalang, 5) Kyai Besari
Dialog            :
Pacet              :Mangga kula derekaken sami lenggah.Matur nuwun dene panjenengan sampun angrawuhi sedahan kulo, pramila mangga sami mujukaken puja-puji syukur wonten ngersaning Gusti Ingkang Maha Agung, dene Gusti sampun paring pinten-pinten kanikmatan lan kawilujengan.
Kabeh            :Inggih mangga, Kyai.
Pacet              :Ing wulan Sura menika kula badhe ambabar ilmu enggal, ananging saderengipun, keparenga kula nepangaken satunggaling Pengeran saking Negari Majapahit ingkang ugi badhe ngangsu kaweruh wonten Padepokan Bonorowo ngriki.Mangga Jeng Pangeran !
L. Peteng       :Kula Pangeran Lembu Peteng, putra Romo Sinuwun Brawijaya saking Negari Majapahit.
Bedalem        :Kula nami Bedalem, Bupati Bethak.
Kalang           :Kula Adipati Kalang ingkang nyepeng panguwaos ing Kadipaten Tanggul Angin.
K. Besari       :Nggih !, dipun tepangaken kemawon, kula bentuah saking Tunggul dene nami kula Kyai Kasan Besari. Wilujeng rawuhipun wonten Brang Kidul. Anu  Kanjeng Pangeran, Tunggul wanci niki usum panen tela, pramila mbenjing yen kundur, kula aturi mampir dateng Tunggul.
L. Peteng       :Matur nuwun, mangga Kyai sampun cekap.
Pacet              :Para Priyagung ingkang sami rawuh, saderengipun kula nglajengaken bab anggen kula ambabar ilmu, sepisan malih kula matur.Kula mitungkas, saderengipun para murid ing Bonorowo sami buntas; kula ambali, sampun ngantos wonten ingkang sami madeg Paguron wonten panggenanipun piyambak-piyambak. Kula ajrih menawi wulanganipun badhe melenceng saking paugeran Padepokan Bonorowo.
K. Besari        :Nuwun sewu, Kyai. Sajake sampeyan niku nyemu dhumateng kula. Prayoginipun, mbok nggih di dumuk mawon, yen kula lepat dibenerke. Eh,  Besari kowe aja madeg paguron. Nggih, pancen mboten kula selaki, kula pancen ngedegaken satunggaling paguron, ning sinten mawon sing dadi murid kudu ora tedhas di bacok, yen ora wani dadi maling, brandal, kecu, utawi ora wani njugil temboke tanggane, kula kengken lunga.
Pacet              :Ya kuwi sing ora dak karepake, Besari. Marga kowe isih dadi tanggungjawabku sak wutuhe. Kuwi mono kleru Kasan Besari. Mula wiwit saiki lerenana anggonmu madeg peguron.
K. Besari        :Ora bisa, yen kudu mbok kongkon nglereni, pedah apa aku meguru ing Bonorowo. Luwih becik aku ora meguru ing Bonorowo ora patheken. Saiki dak garis Bonorowo.  Bonorowo  Tunggul.
Kasan Besari meninggalkan sarasehan. Kyai Pacet berdiri dan mengelus dada.
Pacet              :Yen ngono, anu Kalang, ing sarehne kowe sing cedhak karo Kasan Besari, saiki uga tungkanen lakune Kasan Besari, ajaken bali. Kondho-a yen akuwis ora nesu.
Kalang           :Kula tutup-tutupana sajake sampeyan pun ngerti, yen kula ugi dadi muride kakeke Kasan Besari. Nggih, kula sagahi, ning yen nganti Kyai Kasan Besari nganti mboten kersa sampun nyalahaken kula. Sampun kepareng !
Adipati Kalang berangkat, Nyusul.
Pacet              :Nuwun sewu sajak wonten alangan, pramila bab ambabar ilmu tembe mburi. Dipun sandekaken langkung rumiyin. Dhumateng nakmas sampun wonten glagat ingkang kirang sekeca.
Bedalem        :Kyai, ing sarehne sampun sawatawis anggen kula nilar Kadipaten Bethak, keparenga kula nyuwun pamit wangsul dateng Betak. Kula mboten tumut-tumut ing bab menika.
Pacet              :O, mekaten keparengipun ? Inggih mangga. Sanesipun mangga sami siyaga ing gati.
  Strat jalan     :
Peraga           : Kyai Kasan Besari berjalan lalu  menoleh kebelakang disusul Pangeran Kalang
Dialog            :
Besari             :Lho ! Kok sampeyan, napa ajeng-e ngrangket kula, napa ?
Kalang           :Boten-boten Kyai. Teka kula niki diutus Kakek-e Pacet, supados ngaturi sampeyan bali, merga Kakek-e Pacet sampun boten duka malih.
Besari             :Lha sampeyan pripun ? Ngebotke kula napa ajeng sabela kaliyan Kakek-e Pacet ing Bonorowo ? Yen sampeyan mbaluhi utawi mbelani Bonorowo nggih kedah gelut kalih kula.
Kalang           :Yen kula limbang-limbang, andika manggen leres. Tiyang sampun padha sepuhe,  kedahipun boten di dumuk keluputane wonten ngajenge tiyang kathah, mesthi kemawon sampeyan wirang.
Besari             :Yen ngoten, sampeyan pinter nintingi agal alusing kahanan, bener luputing prekawis. Nggih, dipun titeni mawon. Benjing dinten malem Jemuah Legi, ing Bonorowo badhe wonten Raja pati. Mula wiwit sakniki mangga tata-tata.
Kalang           : Mangga-mangga, Kyai.

 Panepen        :
Peraga           :
Kyai Pacet sedang semedi membakar dupa, datang Besari membawa pusaka akan ditebaskan kepada Kyai Pacet, lalu Pacet mengeluarkan semburan api Besari terpental, datang Lembu Peteng.  Pangeran Lembu Peteng tarung kalih Pangeran Kalang (Kalang mundur) Besari  tarung kalih Pacet (Pacet mengeluarkan pangabaran Besari lari)

ADEGAN  II
TAMAN SARI BETHAK :
Peraga           : 1)  Rara Kembangsore, 2) Dua orang Emban, 3) Pengeran Kalang, 4) Lembu
                         Peteng, 6) Pangeran Bedalem. (Setelah R. Kembang Sore dan emban dolanan)
Dialog            :
Emban           :Gusti putri Rara Kembangsore, badhe ngersakaken dolanan menapa malih.
Kb. Sore        : Emban , aku wis rumangsa marem banget, dene wis pinter caos panglipur bisa dadi gumbiraning penggalihku. Coba saiki aku dak takon, kepriye anggonmu tata-tata ana ing pungkuran ? Coba aturna.
Emban 1        : Sedaya sampun sami rampung, menawi Gusti putri Rara Kembangsore naliti sak wanci-wanci boten badhe andadosaken dukaning penggalih.
Kb. Sore        :Lha yen kowe (emban 2) ? dak keparengake matur.
Emban 2        : Semanten ugi kula, menawi Gusti putri badhe ngersakaken gantos busana sak wanci-wanci sampun cumawis.
Kb. Sore        : Pagawean kang becik hayo padha dilestarekake, supaya kowe dadi wanita kang migunani tumraping bebrayan agung. Nanging,emban… sapa pawongan sing tumuju ing papan kene kae ?
(Datang Pengeran Kalang)
Kalang           : We-lha, padha klumpukan, Nini Kembangsore apa Ramamu, paman Bedalem ana dalem.
Kb. Sore        : Wonten, wonten ing pidaleman.
Kalang           : Aku bakal sowan nanging Paman meling yen ana pawongan, sapa wae, kang bakal ngupadi Paman, kodho-a yen Paman ora ana ing papan kene.
Gongsa mungel, Kalang masuk ke kiri, Pengeran Lembu Peteng datang.
Lb. Peteng     : Nuwun sewu Putri,  nyuwun duka,   kula boten ngersos yen ing papan ngriki Taman keputren, pramila keparengna kula nyuwun pamit.
Kb. Sore        : Boten, boten  klentu  sampun kesesa (bingung  tertarik)  mriki mawon
Emban 1        : Ngene iki marahi  aku eling sing ora-ora wae!
Emban 2        : Sampeyan eling apa? Apa kelingan kucing rembes sing ana omah?
Emban 1        : Kelingan nostalgia dhek sekolah biyen, aku iki primadona lho! Aku iki sering oleh SMS saka cowok-cowok kelas liya!
Kb. Sore        : Mangke rumiyin, keparengna kula nyuwun priksa, sejatosipun panjenengan menika sinten ? Wonten kersa menapa ? lan badhe tindak pundi, Pangeran ?
Lb. Peteng     : Aku aran Pangeran Lembu Peteng, putrane Rama Brawijaya ing Modjopahit. Tekaku ing papan kene, aku nggoleki buron luronku, apa ing kene mau ana sawijining pawongan kang lumebu ? Terus sliramu kuwi sejatine sapa ?
Kb. Sore        : Wadhuh nyuwun gunging pangapunten, (sambil jongkok), Emban,  lungguha.
Lb. Peteng     : Ora apa-apa ngadeg bae, aku ora apa-apa kok.
Kb. Sore        : (sambil berdiri lagi), Menawi mekaten kula derek nepangaken. (Salam) Kula nami Rara Kembang Sore, putra putri Rama Bedalem ing Bethak. (Beri kesempatan emban action). Nuwun sewu, menawi kula lepat nyuwun gunging pangaksami, ing papan ngriki boten wonten tiyang ingkang wani lumebet ing Taman Keputren. Ananging Pengeran, sareng kula mireng bilih nan dalem putra ing Mojopahit, kula lajeng kepranan. Mbenjing menawi Kanjeng Pengeran kundur dateng Mojopahit, boten ketang dados juru dang, juru penginang kula inggih purun.
Lb. Peteng     : Apa sekira keng slira bakal dikeparengake dening Paman Bedalem ?Jalaran Bedalem antarane Mojopahit kuwi mono adoh tur ngonggo banget. (Mendekat)
Datang Bedalem dan Pangeran Kalang. Gongsa bunyi terus santak, suwuk.
Bedalem        : Pangeran, panjenengan kok wonten mriki  badhe tumindak menapa panjenengan dateng anak kula Kembang Sore ? …Kembang Sore kowe mreneo!
Lb. Peteng     : Boten menapa-menapa
Bedalem       :  Kaya ngoten niku ora apa-apa ! Mendah yen apa-apa, kowe ngedir-ngedirake dupeh putra Ratu Majapahit, murang tata temen, kuwi luput. Wis wani ngrusak putraku. Kowe putrane pengayoman, mesthine luwih ngerti to yen kene iki Taman Keputren, sapa wae uwong lanang ora kena lumebu ing papan kene. Kapindone, kowe wis wani ngorek-orek pasuryanku, ngina marang panguasane Bupati Bedalem ing Bethak. Aku ora nrimakake, kowe kudu mati saka tanganku. Tampanana pusakaku.
Bedalem ngunus keris, Lembu Peteng ditamani  pusaka menghindar, lari.
Bedalem        : Kana-kana emban, Gustimu ajak manjing.
(Kb. Sore dan emban masuk)
Kalang           : Sak estu ta kakang, umpami panjenengan boten priksa piyambak kedadosan punika, mesti panjenengan boten bade pitados, sak menika kados pundi.
Bedalem        :  Siyagakke prajuritmu, Lembu Peteng kudu dadi rangketan, kudu dipateni.
Kalang           : Mangga kula derek wonten wingking ipun Kakang Bedalem.

 Mego kali      :
Peraga           : 1) Pangeran Lembu Peteng,  2) Bedalem, 3) Pangeran Kalang, 4) Kb. Sore,
                          5)Emban
Larinya Pangeran Lembu Peteng  dikejar Bedalem bawa pusaka dihujamkan ke Lembu Peteng, menghidar, kembali di tikam, lari, dari samping kiri Kalang. Pangeran Lembu Peteng terjepit/terpojok lalu loncat ke sungai.
Dialog            :
Bedalem        : Ora wurunga bakal tumekaning pati. Mula kanggo pengeling-eling besuk papan kene katelaha Lembu Peteng. Yayi Adipati Kalangsak niki sakersa panjenengan Kula bali menyang Bethak.
Setelah ditinggal oleh Bedalem, datang Kembangsore sambil menangis di temani embank mencari Pangeran Lembu Peteng. ketemu Adipati Kalang
Kb. Sore       : Duh Paman, lajeng wonten pundi Kanjeng Pangeran Lembu Peteng. Kenging menopo tega nilar kula?
Kalang         : Sejatine Lembu peteng  njegur ing sajerone kali iki, malah wis mati kena      pusakane ramamu Bedalem! Wis ora susah bok tangisi ya ngono iku oleh-olehe wong tumindak nyasar! Karia slamet,  paman bali ing Tanggul Angin. (masuk).
Kb. Sore       : (nangis) ... Yoh., dak kira wis dikersakake dening Gusti Ingkang Maha Wasesa, mung bae kowe emban aja wedi kangelan, dak utus menyang Mojopahit, aturna bab iki ana ngersane sinuwun Brawijaya ing Mojopahit.
Emban 1      : Lajeng panjenengan bade tindak pundi Gusti Putri ?
Emban 2      : Inggih bade tindak pundi ?
Kb. Sore       : Aku ora bakal bali ing Bethak, aku bakal tapa brata, nyenyuwun Panguasane Gusti muga-muga aku bisa males sasra pati sedane kanjeng Pengeran Lembu Peteng, wis ya, andum gawe donga dinonga wae.
Emban 1+2  : Mangga-mangga gusti!
(Rara Kembang Sore masuk ke kanan, emban masuk ke kiri)

ADEGAN  III

PENDOPO KABUPATEN BETHAK :
Peraga         : 1) Pangeran Bedalem, 2)  Kyai Kasan Besari, 3)Pangeran Kalang, 4) Patih Haryo Pramada.

Dialog          :
Bedalem       : Yayi Pengeran Kalang, dipun sekecakaken lenggahipun. Dumateng andika Kakang Besari, boten wurunga bab sedane Pangeran Lembu Peteng mesthi bade kepireng ngersa dalem sinuwun Brawijaya ing Mojopahit. Kados pundi menawi sinuwun ngantos duka penggalihipun, Kakang.
Besari           :  Leres ngendika panjenengan Kanjeng. Ananging sampun was sumelang, menawi wonten dukanipun sinuwun Brawijaya ing Mojopahit, kula ingkang majeng dados tamenging Negari. Kula sampun anggadahi sipat kandel arupi tumbak nami Kyai Karangelang. Ampuhipun ngedap-ngedapi. Sampun malih katamakake ing jalma limprah, prasat katamakake gunung bakal jugrug, segara bade asat bumi sigar adu mrapat.
Bedalem       :  Matur nuwun Kakang, kanthi pratelan panjenengan mekaten kula boten tidha-tidha malih.
Bersamaan datang Patih Pramada dari Mojopahit
Bedalem       : Mangga-mangga kula aturi lenggah Sarawuh panjenangan kula ngaturaken kawilujengan, Ki Patih Harya Pramada saking Mojopahit.
Kalang          : Sembah kula mugi katur sinuwun Brawijaya ing Mojopahit lumantar Gusti Patih Pramada.
Besari           :  Kula ugi ngaturaken wilujeng sarawuhipun.
Pramada       :  Ya, ya, kabeh wae wis dak tampa, tibo-a sapada-pada. Dene tekaku ing kadipaten Bethak, diutus ngersa dalem sampeyan dalem Sinuwun Brawijaya ing Mojopahit, mundut pirsa mula bukane dene Kanjeng Pangeran Lembu Peteng tumekaning seda ? Lan sapa sing nyedani ?
Bedalem       :  Anu  eek,  Kanjeng Pangeran Lembu Peteng pancen sampun dumugine seda.
Kalang          :  Nyuwun sewu, nyuwun sewu. Bab sedanipun Jeng Pangeran Lembu Peteng amargi lepat menggahing pranatan ing Bethak, sampun wantun nggonjak Nini Kembangsore putri dalem Kakang Pangeran Bedalem.
Pramada       :  Lha terus sapa sing nyedani Pangeran Lembu Peteng ? Sepisan maneh sapa?
Bedalem       :  Kula, kula, awit Lembu Peteng sampun wani madonaken Adipati Bedalem.
Pramada       :  Bab luput utawa benere prekara iki aku ora diparingi wewenang, mula Pengeran Bedalem, bareng-bareng karo aku sowan ing Mojopahit.
Bedalem       : Kula kinten mboten perlu sowan. Kula boten badhe sowan, amargi bab menika sampun rampung, sampun pas menawi Pangeran Lembu Peteng , ngantos kalenggahan menika boten wangsul ing  Mojopahit, . Menika awit tumindakipun
Pramada       :  Yen ngono sira wis wani mancahi penguwaos dalem sinuwun, kang lumantar Patih Pramada. Aku bakal nggunakake wasesaku, Bedalem kowe bakal dak sowanake dadi rangketan.
Bedalem       :  Tatanen prajuritmu metua njaba.
Patih Pramada meninggalkan pasowanan.
Bedalem       :  Kakang Besari, kula mundut tanggel jawab sampeyan, pripun yen wonten kedadosan kaya ngeten niki.
Besari           :  Nggih, kula adepane. Mang keploki saking kadohan, kula pecahe sirahe Patih Pramada. Keparenga nyuwun pamit.
  Strat jalan    : Perang terjadi Kasan Besari lawan   Pramada, Besari di tumbak mati, ganti Bedalem lawan Pramada
Dialog          :
Pramada       :  Pangeran Bedalem manuta dakrangkeng dak sowanake sinuwun Barawijaya ing Mojopahit, yen sira dianggep luput, aku kang bakal nyuwunake pangentheng-entheng pidanamu.
Bedalem       :  Katimbang aku dadi rengketan, luwih becik aku tumekane pati.
Perang terjadi lagi Pramada memegang tumbak lalu di tancapkan di dada Bedalem. Datang Pengeran Kalang, langsung jongkok dihadapan Pramada.
Kalang          : Wadhuh nyuwun pangaksami, sejatosipun boten kirang-kirang anggen kula matur ngersanipun Kakang Pangeran Bedalem, ananging atur kula tansah boten dipun dhahar, Bab kedadosan menika kula boten tumut-tumut Gusti Patih.
Pramada       :  Wis, wis, Pengeran Kalang nyatane kowe ora luput, yen Bedalem tumekane pati iku mono ngundhuh wohing penggawe.
Kalang          :  O, mekaten, ageng sanget kaluhuran sabda dalem, Gusti.
Pramada       : Sawetara Bethak komplang, mula Kadipaten Bethak dak pasrahake kowe Kalang. Sak leker genthonge, wewangunan kang rusak merga paperangan wangunen bali karo angranti dawuh-dawuh saka ngersa dalem sinuwun Mojopahit.
Kalang          :  Menawa makaten kula nyuwun pamit.
TAMAN SARI BETHAK : (Susahan)
Peraga         : 1. Rara Ringgit, 2) Retno Mursada, 3)Pangeran Kalang
Dialog          :
Mursada       :  Wis, wis, aja banget-banget anggonmu menggalih, sumendhe-a marang panguwasaning Gusti ingkang Maha Agung, muga-muga perang ora sida kedadehan merga ora ana barang kang mokal lamun Gusti wis ngersakake.
Ringgit         :  Ananging kenging menapa raosing manah kula tansah was-was, pindane nilar bayi ing sapinggiring lepen, kang mbok.
Mursada       :  Rasa pangrasaku iya mangkono yayi, apa maneh nganti saiki, aku durung meruhi ing ngendi papan dununge putraku Roro Kembang Sore.
Ringgit         :  Miturut Mbok Emban engkang nyumerapi kedadosanipun,  sasampunipun pirsa bilih Pangeran Lembu Peteng seda, Nimas Roro Kembang Sore lajeng minggah ing pareden saperlu badhe tapa brata.
Mursada       : Mesakna banget lelakone putraku. Muga-muga gusti tansah njangkung gegayuhane lan enggal bisa kumpul maneh ing Bethak kene. Mula sapa kang was bakal tiwas, lan  sapa kang eling bakal luwih begja tinimbang kang lali, wis-wis kang mbok arep manjing ing sanggar pamujan lan sliramu dak tinggal disik ana kene. Sing ati-ati ya! (Masuk kemudian datang Pangeran Kalang)
Ringgit         :  Kene-kene Yayi Kalang, ya gene Yayi Kalang teka ijen wae, terus ana endi Kakang Bedalem kok ora bebarengan karo si Adi ?
Kalang          :  Perang tamtu dumados, Kyai Kasan Besari gugur ing Palagan, semanten ugi Kakang Bedalem ugi dumugining seda.
Ringgit          : Piye ? Kakang Bedalem seda? (nangis)
Kalang          :  Sampun-sampun Kangbok, sampun sanget-sanget anggenipun sabela sungkawa, mangga nyenyuwun dumateng panguwaosing Gusti, mugi-mugi Kakang Bedalem tinampi dening Gusti ingkang Maha Agung.
Ringgit          : (sambil nangis) Kakang Bedalem  Panjenengan minangka gantining tiyang sepuh kula sampun nilar kulasakniki sinten malih ingkang saged dados pangayomaning Bethak?
Kalang          :  Kula ingkang sagah ngayomi Kangbok Rara Ringgit, awit sak menika kula ingkang nguaosi Bethak sak leker genthongipun. Kersoa Kangbok Ringgit kula sengkakaken ngaluhur dados garwa prameswari mukti ngawibowo ing Bethak.
Ringgit         :  Yayi Kalang, aja kaya ngono, ora becik, iki mono mangsa bela sungkawa, aja ya Di.
Kalang          :  Boten,  Panjenengan kedah kersa  Panjenengan menapa mboten pengin dados garwa prameswari adhipati Bethak, kados dene kang Mbok Retna Mursada?
Ringgit         : Ora yayi kalang, ing kene aku ara nate kurang apa-apa. Aku wis trima kaya ngene bae!
Kalang          : Menawi kula suwun kanthi aris mboten kerasa  Menapa kedah kula kanthi mrawasa,  manut nggih! (Mendekat)
Di oyak-oyak, Rr. Ringgit lari, datang Retno Mursada.
Mursada       :  Pangeran Kalang, murang tata temen kowe, sapa Ringgit lan sapa kowe ? Wong lanang ora idep isin. Pangeran Kalang yen aku dadi kowe dak beset pasuryan-ku. Sanajan saiki kowe di paringi panguwasa dening Ki Patih Pramada ning ora kaya ngono kuwi cak-cakanmu, ora pantes.
Kalang          :  Kangbok Mursada yen kowe sabela marang adimu Rara Ringgit kuwi mono jeneng wis pas, jer kuwi sedulurmu. Nanging saiki Rara Ringgit lunga saka Kadipaten Bethak. Minggata kowe, selak sepet mripatku nyawang rupamu Mursada. Minggataminggata!
Mursada       : Yoh, aku bakal lunga, nanging Kalangtitenana kowe wong kang seneng tumindak culika, kowe bakal mati kanthi asor, kowe bakal mati kanthi asor! (masuk)
Kalang          :  Yasisan gawe  cincing-cincing klebus, ambyur sisan. (Ngangkat Pusaka) He wong Bethak ,wiwit dina iki Panjenengan ingsun mbiwarakna sabda pandhita ratu, sing isine: Bethak saiki wis uwal saka panguwasane Mojopahit. Kabeh para nom-noman kudu sengkud gladhen kaprajuritan, awit Bethak mbalela marang panguasa ing Mojopahit. Hahaha (masuk)

ADEGAN  IV

PERTAPAN GUNUNG CILIK
Peraga         : 1. Empu Winadi (Rora Kembang Sore),  2) Patih Pramada, 3) Retno
                        Mursada, 4) Kalang, 5) Mentrik (murid perempuan.
Dialog          :
Empu            :  Sarawuhipun panjenengan ing pertapan, kula atur pambagya wilujeng.
Pramada       :  Tekaku ing papan kene slamet ora ana alangan sawiji apa. Mengertenana aku pepatihing Mojopahit, asmaku Harya Pramada.  lan apa saiki aku wis adepan karo Sang Empu Winadi ?
Empu            :  Saderengipun kula ngaturaken sembah gusti Patih Harya Pramada, selajengipun menawi andika mundut pirsa, inggih kula menika ingkang winastan Empu Winadi.
Mentrik        :  Semanten ugi kula gusti Patih, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk  gusti.
Pramada       :  Sembah pangabektimu dak tampa, ora liwat pangestuku tampanana.
Mentrik        :  Sanget anggen kula mundhi gusti, mugi ndadosaken jejimat anggen kula ajar sadayaning kaweruh lan ngelmu.
Pramada       : Mangertia Sang Empu. Dene tekaku ing Gunung Cilik kene diutus ngersa Dalem Sinuwun ing Mojopahit, nakyinake, apa bener kowe ngedekake paguron, nglumpukake nom-noman supaya dadi murid mu ? Terus apa kowe wis nyuwun palilah ana ngersane dalem sinuwun Brawijaya ing Mojopahit ? Lan apa sing kok wulangake, Sang Empu ?
Empu            : Kaluhuran Gusti Patih. Wonten ing ngriki para murid kula kula wulang bab budi pekerti, ingkang ing mbenjingipun tiyang kanthi latah nyebat karakter building. Pawiyatan ing ngriki inggih ngetrapaken multi media lan multi metode, supados para murid boten tansah ngantuk anggenipun sinau. Kanthi linambaran raos asah asih asuh, sedaya mugi saged nyengkuyung tumrap kemajenganipun bangsa lan negara Mojopahit.
Mentrik        :  Menika leres gusti, lan pamulangan ing mriki ugi lelandesan Sekawan Sakaguruning Bangsa inggih menika : Pancasila, UUD 45, Bhineka Tunggal Ika, lan NKMI
Pramada       : NKMI iku apa?
Mentrik         : Negara Kesatuan Majapahit Indah.
Pramada       :  Ooo  ngono, besuk yen tlatah kene wis maju,  bakal  kasebut NKRI. Yaiku Negara Kesatuan Republik Indonesia.  Becikyen pancen kaya ngono. Pamulangan kuwi kudu duwe paugeran : Ing Ngarsa Sung Tuladha ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani. Yoh, sanajan sira durung nyuwun palilah Dalem Sinuwun ing Mojopahit, mbesuk mesthi bakal dak aturake ngersa dalem.
Mursada       :  (Masuk) Kula nuwun  kula pun Retno Mursada saking Bethak. Lampah kula madosi anak kula ingkang kesah saking griya, ngantos dumugining ngriki, pramila kula nyuwun pangiyupan ing redi cilik ngriki, Sang Empu.
Pramada       :  Lho, kok kowe Retno Mursada, ya gene ora utusan para prajurit narasandi wae ?
Mursada       :  Waduh, Gusti Patih Pramada, nyuwun gunging pangaksami, sa sedanipun Kangmas Bedalem, panguwaos ing Kadipeten Bethak diasta dening Yayi Pengeran Kalang. Kadhipaten dados risak, malah Yayi Rara Ringgit dipun prawasa, bade dipun pundut garwa boten purun malah sak menika los saking Bethak, duka wonten pundi papan dunungipun.
Pramada       :  Nanging ya gene sira ana papan kene ?
Mursada       :  Kula ugi dados korban, dipun tundung saking Bethak, rahayunipun kula saget lumajar ngantos kedlarang-dlarang lampah kula ngantos dumugi ing ngriki.
Pramada       : Dikepenake lungguhmu; Lho Sang Empu sajak kaya ngembeng sungkawa? Ana apa to?
Empu            :  Ibu ! Kula pun Kembangsore, .(nangis)
Mursada       :  Lho Nini Kembangsore yo gene aku ora ngerti.
Empu            :  Manggamangga ibu, lenggah ing caket kula, mugi-mugi Gusti enggal paring pepadang, bab lampahan menika.
Datang Pangeran Kalang, sambil lampah dodok.
Kb. Sore       :  Sopo sira wani munggah ing Gunung Cilik kene ?
Kalang          :  Menapa kula sampun aben ajeng kaliyan Sang Empu Winadi ?
Empu            :  Wis, sira wis ana ngersane Ang Empu Winadi. Lan terus sapa sira, lan duwe kekarepan apa tekamu ing Gunung Cilik kene ?
Kalang          :  Kula Pengeran Kalang Adipati Bethak. Dene teka kula ing ngriki, kula bade nyuwun ngampil pusaka,  miturut ujaring tiyang kathah  pusaka ing pertapan mriki kepareng dipun suwun, menawi ingkang nyuwun purun lampah dodok lan saben tigang pecak nyembah. Mila, niki wau kula wiwit saking Bethak dumugi papan ngriki sampun kelampahan lampah ndodok.
Empu            : Pancen bener kaya mangkono, ananging aku kepingin ngerti, yen sira dak silihi pusakaarep kanggo apa?
Kalang          : Pusaka menika bade kula angge mbalela  ngrebahaken Mojopahit. Mojopahit dados kadhipaten, Bethak dados nagara.
Pramada       :  Kalang, coba tontonen sapa sing ana pangarepmu lan tontonen sapa aku !
Kalang          :  Lhoooo Kembang Soreto, panjenengan Gusti Patih, botenbotenboten
Kalang lari meninggalkan tempat itu
Pramada       :  Nyuwun pamit dak bujunge si Pangeran Kalang.
(Keluar, disusul Empu dan Mursada)
 Adegan strat jalan : Terjadi peperangan , Pangeran Kalang mati terkena tombaknya patih
Pramada. Datang  Kembang Sore (empu) dan Mursada.
Pramada       : Patine Pangeran Kalang amarga ngundhuh wohing pakarti. Mati kanti asor, awit sapa sing salah bakal seleh.  Sing wigati tlatah brang Kidul kene wis pikantuk pepadang, ilange peperangan, saiki nemu bagya mulya. Hayo saiki bebarengan asesanti : “jaya-jaya wijayanti, sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

Semua pemain (bersama-sama mengucapkan) : Jayalah orang yang selalu berbuat kebenaran, karena kebenaran akan menghancurkan semua kesombongan dan keangkuhan)

 TAMAT
(Disajikan Oleh : Akhmad Winarto)
Naskah Tambahan
Paraga         : 1. Patih Harya Pramada, 2) Bupati Bedalem,  3) Prajurit
Antawacana:
Patih Harya P: Prajurit! Kowe kudu siyaga ing gawe. Jalaran, Bedalem katone ora gelem manut dadi rangketan! Malah saiki nantang prang marang Majapahit!
Prajurit          : Nuwun sewu, Bedalem niku tiyange ageng napa alit, endhek napa inggil?
Patih Harya P: Pawakakane Bedalem iku endhek, kuru, ceking, mblendhing.
Prajurit          : Yen kalih kula, gagah pundi?
Patih Harya P: Yaterang gagah kowe, mbok jotos pisan waeambruk!
Prajurit          : Menawi mekaten, kula mawon ingkang majeng (nebah dhadha). Panjenengan ngasoleyeh-leyeh ing ngandhap wit-witan mawon. Bedalem kula ingkang ngadhepi, kula tekuk-tekuke awake!
Patih Harya P: Yen ngono sing ati-ati! Eling wonge endhek, kuru, ceking, mblendhing! (mlebet)
Prajurit          : Inggihampun kuwatir (glelang-gleleng, banjur sesumbar). Bedalem! Majua mrene, tak tekuk-tekuk! Bedalem yen kowe lanang iki adhepi prajurit Majapahit sing gagah iki, sida tak tekuk-tekuk!
Bedalem        : (medal) Sapa sing nggoleki aku!
Prajurit          : Aku ora ana urusan karo sampeyan, minggir!
Bedalem        : Kowe sing nggoleki aku!
Prajurit          : Lhowong iki, hla kok angel kandhanane. Aku ora ana urusan karo sampeyan Pak Dhe! (gregeten, nyepeng astane Bedalem kalih diglandhang minggir) Sampeyan mranakana lungaa menyang SMP Negeri 1 Parengan deloken ketoprak ing kanasing main bocahe uayu-uayu  ngguantheng-ngguantheng.
Bedalem        : (mlampah badhe mlebet, lajeng sadhar) He!  Bedalem iku aku. Aku Bedalem bupati Bethak!
Prajurit          : Sampeyan Bedalem!
Bedalem       : Ya, endi mau  jare ana wong arep nekuk-nekuk aku. Iki tekuk-tekuken!
Prajurit          : (madhep arah sutradara) Rif Arifkowe aja mbujukan, jaremu wonge endhek, kuru, ceking, mblendhing!  dadi sutradara pisan wae mbujukan, ndah neya mbesuk yen dadi pimpinananak buahmu lak mbok akali thok.
Patih Harya P: (saking katebihan) Mulane aja sombong Ya kuwi wongeadhepana!
Prajurit          : Ya wistak adhepane, percuma telung taun meguru ing SMP 1 Parengan yen ora wani ngadhepisaben dina dilatih phus up mosok kalah (gaya silat kungfu).
Bedalem      :  Majua mrene (pasangan, majeng)
Prajurit        :  Stop! Kae bojomu nglairnabojomu nglairna!
Bedalem      :  (noleh) Endi bojoku!
Prajurit        :  Ooobupati guoblok! (kalih nggebug sangking wingking, banjur mlajeng).


Naskah Tambahan 
Paraga         : 1. Patih Harya Pramada, 2) Bupati Bedalem,  3) Prajurit
Antawacana:
Patih Harya P: Prajurit! Kowe kudu siyaga ing gawe. Jalaran, Bedalem katone ora gelem manut dadi rangketan! Malah saiki nantang prang marang Majapahit!
Prajurit          : Nuwun sewu, Bedalem niku tiyange ageng napa alit, endhek napa inggil?
Patih Harya P: Pawakakane Bedalem iku endhek, kuru, ceking, mblendhing.
Prajurit          : Yen kalih kula, gagah pundi?
Patih Harya P: Ya…terang gagah kowe, mbok jotos pisan wae…ambruk!
Prajurit          : Menawi mekaten, kula mawon ingkang majeng (nebah dhadha). Panjenengan ngaso…leyeh-leyeh ing ngandhap wit-witan mawon. Bedalem kula ingkang ngadhepi, kula tekuk-tekuke awake!
Patih Harya P: Yen ngono sing ati-ati! Eling… wonge endhek, kuru, ceking, mblendhing! (mlebet)
Prajurit          : Inggih…ampun kuwatir (glelang-gleleng, banjur sesumbar). Bedalem…! Majua mrene, tak tekuk-tekuk! Bedalem yen kowe lanang iki adhepi prajurit Majapahit sing gagah iki, sida tak tekuk-tekuk!
Bedalem        : (medal) Sapa sing nggoleki aku!
Prajurit          : Aku ora ana urusan karo sampeyan, …minggir!
Bedalem        : Kowe sing nggoleki aku!
Prajurit          : Lho…wong iki, hla kok angel kandhanane. Aku ora ana urusan karo sampeyan Pak Dhe! (gregeten, nyepeng astane Bedalem kalih diglandhang minggir) Sampeyan mrana…kana lungaa menyang SMP Negeri 1 Parengan… deloken ketoprak ing kana…sing main bocahe uayu-uayu … ngguantheng-ngguantheng.
Bedalem        : (mlampah badhe mlebet, lajeng sadhar) He!  Bedalem iku aku. Aku Bedalem bupati Bethak!
Prajurit          : Sampeyan Bedalem!
Bedalem       : Ya, endi mau … jare ana wong arep nekuk-nekuk aku. Iki tekuk-tekuken!
Prajurit          : (madhep arah sutradara) Rif… Arif…kowe aja mbujukan, jaremu wonge endhek, kuru, ceking, mblendhing! … dadi sutradara pisan wae mbujukan, ndah neya mbesuk yen dadi pimpinan…anak buahmu lak mbok akali thok.
Patih Harya P: (saking katebihan) Mulane aja sombong… Ya kuwi wonge…adhepana!
Prajurit          : Ya wis…tak adhepane, percuma telung taun meguru ing SMP 1 Parengan yen ora wani ngadhepi…saben dina dilatih phus up mosok kalah (gaya silat kungfu). 
Bedalem      :  Majua mrene …(pasangan, majeng)
Prajurit        :  Stop! Kae …bojomu nglairna…bojomu nglairna!
Bedalem      :  (noleh) Endi bojoku!
Prajurit        :  Ooo…bupati guoblok! (kalih nggebug sangking wingking, banjur mlajeng).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar