Naskah Drama Tradisional
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
MINAK JINGGA LENA
BABAK I
Paraga:
1) Ratu Kencana Wungu, 2) Patih Logender, 3) Minak Koncar, 4) Arya dhaha, 5)Patih Angkat Buto, 6) Patih Renggut Muko.
Kawontenan:
Ing pasewakan agung Kraton Majapahit, Ratu Kencana Wungu ngrembag kahananing praja kaliyan Patih Logender lan Minak Koncar.
Antawacana:
Patih Logender : Kula, pun Patih Logender (kanthi gela-gelo) ngaturaken sembah pangabekti
Kanjeng Ratu.
Ratu Kencana Wungu : Iya paman Patih Logender, tak tampa sembah bakti sira, ora liwat pangestuku
tampanana!
Patih Logender : Matur nuwun Kanjeng Ratu, Pangestu panjenengan kula pundhi, kula kancing ing
gelung minangka jejimat anggen kula ngabekti ing Majapahit.
Sindhureja : Kula Sindhureja, mentri mamanca negara ing brang kilen, ngaturaken sembah
pangabekti mugi konjuk Gusti Ratu Kencana Wungu.
Ratu Kencana Wungu : Dak tampa sembah bektinira, puja pangestuku tumanduk marang sira.
Minak Koncar : Semanten ugi, kula inggih ngaturaken sembah pangabekti kanjeng Ratu Kencana
Wungu.
Ratu Kencana Wungu : Dhawah sami-sami Paman Minak Koncar. Panjenengan minangka sesepuhing
praja, kula suwun ampun kendhat paring pitedah lan panyaruwe dhumateng kula!
Minak Koncar : Pancen awrat jejibahan menika, ananging tetep badhe kula sandhang kanthi suka
rena, jumbuh kaliyan kadhewasaning pikir lan kawasisan kula.
Ratu Kencana Wungu : Sabanjure…,kepriye kahanan para nayaka lan kawula ing Majapahit, Paman Patih?
Patih Logender : Para nayaka sami gumregut anggenipun makarya, mboten wonten ingkang
nilaraken jejibahanipun. Kahananing para kawula wiwit kutharaja ngantos karang
pradesan, sedaya sami sarwi cekap mboten wonten ingkang nandang
kacingkrangan. Liripun, loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sami
tinumbas…Kanjeng Ratu.
Sindhureja : Menika leres Kanjeng Ratu. Rumiyin pancen wonten kraman ing tlatah Gelang-
Gelang. Ananging samenika sampun saged kula rampungi. Mila samenika ing brang
kilen kahananipun ayem tentrem. mBoten wonten colong-jupuk, pek pinek
barang liyan. Menika sedaya saged dumados, awit minangka songsong agung ing
Majapahit panjenengan sampun njejegaken pusaraning adil, Kanjeng Ratu.
Ratu Kencana Wungu : Matur nuwun paman Patih lan Kakang Sindhureja. Lajeng kados pundi pamanggih Paman Minak Koncar?
Minak Koncar : Saderengipun kula matur, kula nyuwun gunging samodra pangaksami, mbok
menawi atur kula mangke mboten dados renaning penggalih Panjenengan.
Ratu Kencana Wungu : Mboten dados menapa, sanadyan pait pindha butrawali dhawuh pangandika
Panjenengan…tetep badhe kula dhahar. Awit, Panjenengan sampun kula anggep
minangka tiyang sepuh kula piyambak.
Minak Koncar : (atos-atos anggenipun ngendika) Miturut pamawas kula, pancen leres ing
Majapahit samenika nembe manggihi karaharjan. Ananging…?
Ratu Kencana Wungu : Ananging menapa paman? Panjenengan kula aturi blaka mawon! Bab menapa
ingkang taksih kirang?
Minak Koncar : Majapahit samenika kados dene rembulan ingkang nembe ndadari, sunaripun
padhang nukulaken raos ayem tentrem. Kahanan menika badhe tansaya
ngrembaka sae, kalamun kawimbuhan wontenipun srengenge sumunar, ingkang
saged nukulaken raos greget lan nyuburaken tetuwuhan.
Ratu Kencana Wungu : Kula ngertos ingkang Panjenengan kersakaken, ananging srengenge menika medal
lan angslupipun mboten saged dipun age-age lan dipun penggak. Mbok menawi
pancen dereng dhawah titi mangsanipun kula sinandhing priya ingkang saged
dados srengenge ing Majapahit menika…paman.
Minak Koncar : Lajeng kados pundi kekancingan panjenengan, bab wontenipun nawala saking
Minak Jingga ing Blambangan ingkang nagih janji Panjenengan.
Patih Logender : Nuwun sewu Kanjeng Ratu, kepareng kula sumela atur!
Ratu Kencana Wungu : Iya dak keparengake, enggala matur!
Patih Logender : (sirahipun gela-gelo, solahipun nedahaken tiyang culika/licik) Menika ingkang
dipun rembag bab srengenge ing Majapahit lho. Manawi Kanjeng Ratu menika
kaparibasakaken rembulan purnamasidi, mila srengenge ingkang nyandhing inggih
kedah srengenge ingkang mboten kenging grahana.
Ratu Kencana Wungu : Nanging Minak Jingga iku wis menang sayembara. Panjenengan ingsun wis janji,
“Sok sapa wae sing bisa numpes Kebo Marcuet sing mbalela, bakal dak suwitani
minangka garwaningsun”.
Patih Logender : Leres…leres…leres, panjenengan leres. Minak Jingga pancen sampun saged mupu
sayembara. Ananging panjenengan ugi kedah ngertos, wujudipun Minak Jingga
utawi Joko Umbaran samenika kados pundi? Mila kala wau kula umpamakaken
kados srengenge ingkang kenging grahana, awit sasampunipun perang tandhing
kaliyan Kebo Marcuet, raganipun Minak Jingga risak mboten kantenan. Wujudipun
nggegirisi, ala tanpa rupa.
Minak Koncar : Sabda pandhita ratu iku ora bisa diselaki.
Patih Logender : Leres…leres…leres, panjenengan leres. Ananging, menawi sabda menika badhe
nukulaken prahara, sabda menika inggih kedah dipun jugaraken. Kita kedah
migunakaken kawicaksanan, awit kawicaksanan menika mapanipun sainggiling
kaleresan. (kendel sawatawis) Panjenengan menapa mboten mesakaken Kanjeng
Ratu Kencana Wungu? Menapa Panjenengan mentala mirsani kanjeng Ratu
ingkang sulistya ing warna sesandhingan kaliyan wewujudan ingkang ala tanpa
rupa? Kados pundi mangke omyaking para kawula, menawi nyumerapi rajanipun
ingkang nggegirisi, nggilani? Kados pundi mangke kuceming asma Praja Majapahit,
kalamun kayoman srengenge ingkang nandhang grahana?
Ratu Kencana Wungu : Banjur kepriye panemumu Paman Patih?
Patih Logender : Menika gampil, panagihipun Minak Jingga dipun tampik mawon, Minangka
gantosipun … Minak Jingga dipun paringi mas picis raja brana ingkang kathah. Bab
srengenge ing Majapahit, Panjenengan mboten perlu was sumelang. Awit mboten
tebih saking mriki, ing kepatihan wonten srengenge kembar ingkang siyaga pinilih
nyandhing Panjenengan lan madhangi Majapahit manawi Panjenengan
kersakaken.
Minak Koncar : (kanthi mesem)Sing kok karepake srengenge kembar iku apa Layang Seta lan
Layang Kumitir Putramu dhewe?
Patih Logender : Leres…leres…leres, Panjenengan leres. Layang Seta lan Layang Kumitir pancen
yuga kula piyambak. Ananging, anggen kula nyadhongaken Layang Seta utawi
Layang Kumitir minangka calon garwa Kanjeng Ratu Kencana Wungu, menika
mboten kok lelandhesan awit kula tiyang sepuhipun Layang Seta utawi layang
Kumitir. Ananging, jalaran miturut paningal kula Inggih namung Layang Seta utawi
Layang Kumitir ingkang pantes sesandhingan Kaliyan Ratu Kencana Wungu.
Kanjeng Ratu sulistya ing warna prasasat Bethari Ratih dene Seta utawi kumitir
prasasat Bethara Kamajaya mangejawantah.
Minak Koncar : Babagan rupa pancen ora nguciwani, nanging ing babagan kadhewasaning pikir,
kaweruh, lan kaprigelan nata praja mbok menawa Layang Seta lan Layang Kumitir
isih kurang.
Patih Logender : Leres…leres…leres, Panjenengan leres. Ananging, kaweruh menika saged dipun
undhakaken kanthi sinau. Benten kaliyan rupa, mboten saged dipun undhakaken
malih.
(Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko mlebet minangka utusan saking Blambangan, sasampunipun lenggah lan nyembah pakurmatan lajeng matur)
Patih Logender : Pawongan, kowe iki sapa? Jalaran aku lagi weruh iki.
Patih Angkat Buto : Nggih. Tepangaken, nami kula Angkat Buto.
Patih Renggut Muko : Nami kula Renggut Muko.
Patih Angkat Buto : Pangkat Patih saking Kadhipaten Blambangan.
Patih Logender : Ana wigati apa?
Patih Renggut Muko : Sowan kula badhe pinanggih kaliyan sesembahan ing Majapahit ingkang
asmanipun Kanjeng Ratu Kencana Wungu.
Ratu Kencana Wungu : Oooo,,,, Angkat Buta lan Renggut Muko, patih saka Blambangan, ya aku iki
pangayoman ing Majapahit kang aran Ratu Kencana Wungu.
Patih Angkat Buto : Ngaturaken sembah bekti.
Patih Renggut Muko : Kula ugi ngaturaken sembah bekti, Kanjeng.
Ratu Kencana Wungu : Ya...ya...ya... dak tampa, ora liwat puja pangestuku tampanana. Banjur tumekamu
ing kutha raja Majapahit nduweni karep apa?
Patih Angkat Buto : Tebih saking Blambangan, ngemban dhawuhipun kanjeng Adhipati Minak Jingga
kula dipun utus nyuwun pirsa utawi nyuwun wangsulan bab nawala panagih
janji, ingkang kaaturaken dhumateng panjenengan rumiyin…Kanjeng Ratu.
Ratu Kencana Wungu : Iki kepriye Paman Minak Koncar lan Paman Patih?
Minak Koncar : Bab menika mangga kersa Panjenengan, awit ingkang badhe nglampahi inggih
Panjenengan.
Patih Logender : Mumpung dereng klebus sedaya, kula aturi mentas mawon. Menawi kalajengaken
ambyur, mangke Panjenengan ingkang sengsara salaminipun. Sampun ta…pasrah
kula mawon! Kula, mangke ingkang nata!
Ratu Kencana Wungu : Yen ngono, purba wasesa dak pasrahake marang sira!
Patih Logender : Matur nuwun kapitadosanipun Kanjeng Ratu (kalih nyembah).
Sindhureja : Kula aturi atos-atos kakang Patih, Panjenengan sakmenika nyepeng purba
wasesa… Panjenengan kedah saged migunakaken kanthi wicaksana!
Patih Logender : mBoten sisah was sumelang! Tumrapipun Patih logender, bab menika …emm
prekawis alit! (kalih mlengos) He..Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko! Sira
wis krungu dhewe, yen perkara iki wis dadi tanggung jawabku. Mula gatekna
andharanku iki!
Patih Renggut Muko : Inggih, badhe kula semak kanthi premati.
Patih Logender : Ing sakawit, sejatine Kanjeng Ratu Kencana Wungu lan sagung nayaka praja wis
sarujuk yen Ratu Kencana Wungu lan Adhipati Minak Jingga bakal jejodhoan.
Ananging, miturut para aji sepuh kang sidik ing paningal lan pana ing pamawas,
“Jejodoan ing antarane Ratu Kencana Wungu lan Adhipati Minak Jingga ora bisa
dibacutake, jalaran miturut petungan Jawa neptune dina priyayi agung kekalih
jebule ketemu selawe utawa kasebut giheng, awit Kanjeng Ratu kencana Wungu
lahir dina Anggara Cemengan lan Adhipati Minak Jingga lahir dina Tumpak Jenar ”.
Patih Renggut Muko : Menawi pranyata kados mekaten, pancen mboten saged kalajengaken. Awit, yen
kalajengaken mesthi nukulaken prahara ingkang ageng.
Patih Logender : Minangka patukon kanggo ngurangi rasa cuwa penggalihe Adhipati Minak Jingga
sing wis kasil merjaya Kebo Marcuet, Kanjeng Ratu Kencana Wungu kersa paring
bebana mas picis raja brana satimbang karo lelabuhane Adhipati Minak Jingga.
Patih Angkat Buto : Terang trawaca dhawuh pangandika panjenengan, bab menika badhe kula
aturaken Adhipati Minak Jingga ing Blambangan.
Patih Renggut Muko : Sarehne sampun cekap anggen kula sowan, mila keparenga kula nyuwun pamit.
Ratu Kencana Wungu : Ya…dak keparengake. Sing ati-ati ya!
(Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko nyembah atur pakurmatan lajeng medal)
Sindhureja : Ing batos, kula kok kraos mboten sekeca.
Minak Koncar : Dak kira perkara durung bakal rampung. Awit, saelingku Kanjeng Ratu Kencana
Wungu iku miyos dina Wrespati Palguna dudu dina Anggara Cemengan.
Kamangka, Adhipati Minak Jingga ing Blambangan iku kondhang minangka priyayi
kang pinter, dadi ora gampang kok apusi kaya utusan saka Blambangan loro iki
mau. Sing ati-ati lho Patih!
Patih Logender : Leres…leres…leres, Panjenengan leres. Ananging, tumpraping Patih Logender…
bab menika perkawis gampil. Panjenengan mboten sisah sumelang, sedaya
mangke saged kula rampungi. Pancen Minak Jingga sugih kasekten, ananging niki
mangke bakal kawon kalih rekadayane Patih Logender (gela-gelo) Hee..hee…hee...
Ratu Kencana Wungu : Ya wis, saiki dak ambali maneh. Kanggo ngrampungi perkara iki, purba wasesa dak
pasrahake marang sira! Pasewakan kabubarake!
(Ratu Kencana Wungu jumeneng lajeng medal, Minak Koncar lan Patih Logender nyembah atur pakurmatan lajeng medal)
BABAK II
Paraga:
1) Damarwulan, 2) Anjasmoro, 3) Emban Minthil, 4) Emban Minthul, 5)Patih Logender, 6) Layang Seta, lan 7) Layang Kumitir.
Kawontenan:
Ing tamansari Kepatihan, Damarwulan manggihi Anjasmoro ingkang nembe gegojegan kalih para emban (Minthil lan Minthul).
Antawacana:
Minthil : Wektu aku biyen dadi temanten anyar, aku ya kaya gusti putri Anjasmoro.
Minthul : Sing kaya gusti putri iku apamu, rupamu? Apa polahmu?
Minthil : Ya kedua-duanya dong! Ya wajahku …ya tingkahku (kenes).
Minthul : Haalah, wong rupamu kaya wedhus blendhingen wae kok gaya.
Minthil : Sampeyan iku aja seneng ngenyek uwong, sakitnya tuh di sini di dalam hatiku!
(nuding dhadha)
Anjasmoro : Hlo…sampeyan iku ya tau dadi temanten ta biyung? Banjur bojomu iku apa ya
uwong?
Minthil : mBoten, bojo kula kethek!!!
Anjasmoro : Walah ditakoni ngono wae kok nesu, guyon…guyon…biyung!
Minthil : Pitaken Panjenengan niku sekedik, nanging menusuk ke jantung hatiku.
Minthul : Woo Panjenengan dereng pirsa ta … bojone Minthil niku blesteran.
Minthil : Jelllasna yuu… ben ndara putri pirsa…(mlengos mbesengut)
Minthul : Blesteran…mertuwa lanang Jawa, sing wedok gibaaas.
Minthil : Iya… mulane nduwe anak wedhus etawa…banjur nyundhang gegermu!
Minthul : Dadi wong iku aja nesuan, sing sabar… kaya bapak ibu guru kae lho. Priyayine
sabar-sabar mulane awet enom lan sehat-sehat.
Anjasmoro : Uwis-uwis biyung yen gegojegan! Biyung Minthil lan Biyung Minthul…iki wayahe
wis arep ngancik surup, ananging Kang Mas Damarwulan kok durung bali saka
anggone ngarit. Mengko gek ana apa-apa ing alas.
Minthul : Miturut kula mboten wonten napa-napa. Gusti Damarwulan dangu anggenipun
ngarit ing wana, awit ing wanci ketiga menika…pados rumput pancen angel.
Minthil : Hla inggih…Gusti Patih Logender menika kok nggih tega mentala dhateng putra
mantunipun piyambak. Serik kok kebacut, mantu kok diplara, mantune patih kok
didadekna pekathik, diutus ngarit, nimpali klethong, ngedusi jaran. Beda karo aku.
Minthul : Bedane apa karo kowe?
Minthil : Mantu iku jarwa dhosoke dieman-eman ora oleh metu. mBesuk mantuku tak
eman-eman tak penging metu saka kamar, ben lemu…anake akeh.
Minthul : Mantu kok mbok padhake sapi limosin.
Minthil : Ngene iki sangking gregetenku marang ndara Patih Logender.
Anjasmoro : Biyung hla kae Kang Mas Damarwulan rawuh!
Minthul : Pundi ta? Kula kok mboten ketingal.
Anjasmoro : Pancen durung katon, nanging ambune wis bisa dak rasakake…biyung.
Minthil : (nyaut) Isih enom ambune minyak wangi, mbesuk yen tuwa lak mambu balsam.
(mbesengut).
Minthul : Kowe yen meri karo ndara putri,…mbok kana golek dhewe…kae ana tukang resak
tebu isih jaka thing-thing…umure 57 tahun.
(Damarwulan mlebet dipun papak Anjasmoro)
Damarwulan : Diajeng Anjasmoro! Sepuranen aku rada telat.
Anjasmoro : Panjenengan menika…ndamel kula was-was mawon. Pundi ingkang kraos sayah
Kang Mas…mangga kula pijeti.
Minthil : Yen weruh kaya ngene iki ya…mana tahaaan!
Minthul : Wiis…ayo ing mburi, yen awakmu krasa kesel, ayo tak idak-idak! Mangga dilanjut!
(Minthil lan Minthul medal)
Damarwulan : Ora krasa kesel kok Diajeng! Angger aku wis ketemu awakmu…rasa ngelak, luwe,
lan kesel dadi ilang babar pisan.
Anjasmoro : Ah…Panjenengan menika kok sageed mawon.
Damarwulan : Dak kira ing ndonya iki…ora ana wong beja, kejaba aku.
Anjasmoro : Beja menapa?
Damarwulan : Nalika aku Pamit Kanjeng Rama ing Paluamba, niyatku menyang kutha raja iki
mung siji, yaiku golek pegaweyan. Eee hla kok malah oleh loro…pegaweyan oleh,
bojo ya oleh, tur ayu lan manis pisan.
Anjasmoro : Dados Panjenengan mboten kuciwa, dipun dadosaken pekathik dening kanjeng
rama Patih Logender?
Damarwulan : Waton aku bisa nyawang sliramu…penggaweyan abotta kaya apa, bakal krasa
entheng diajeng.
(Patih Logender, Layang Seta, lan Layang Kumitir mlebet).
Damarwulan+Anjasmoro: Mangga…mangga Rama, Sarawuhipun Kanjeng Rama…kula ngaturaken sembah
pangabekti mugi konjuk.
Patih Logender : Dak tampa sembah bektimu, ora liwat pangestuku tampanana.
Layang Seta : Katonne, dirawuhi Kanjeng Rama kok ora seneng.
Layang Kumitir : Inggih Kanjeng Rama. Buktinipun…lare kalih menika, ketingalipun gupuh nanging
mboten suguh. ( lajeng noleh dhateng Damarwulan) Ngono kok wani omah-
omah. Nyuguhi tamu wae ora kuwat.
Anjasmoro : Punten dalem sewu Kanjeng Rama, niki wau Kang mas Damarwulan nembe
wangsul saking ngarit, … Panjenengan tengga sekedap. Kula cepakaken
dhaharan lan unjukan nggih!
Patih Logender : Ora usah, aku ora ngelak!
Layang Seta : Aku ya ora sudi ngombe banyumu!
Layang Kumitir : Panganan olahanmu iku cocoke dipangan kere (nuding Damarwulan), dudu para
priyayi ngene iki.
Anjasmoro : Menawi mboten kersa inggih sampun. Lajeng wonten dhawuh menapa Kanjeng
Rama?
Patih Logender : Tekaku mrene iki ana perlu karo Damarwulan.
Damarwulan : (seneng) Inggih, kula nyadhong dhawuh. Panjenengan badhe dhawuh menapa
mawon, kula tansah samekta ing gati.
Patih Logender : Majapahit saiki lagi duwe musuh, yaiku Adhipati Minak Jingga ing Blambangan. Hla
iki mujudake kalodhangan tumprap kowe Damarwulan, kanggo ngatonake
lelabuhanmu marang Negara Majapahit.
Anjasmoro : Dados Kang Mas Damarwulan kakersakaken majeng minangka senapati perang
nglawan Adhipati Minak Jingga ingkang kawentar sekti mandraguna menika?
Patih Logender : Minak Jingga sekti mandraguna iku mbiyen, saiki wis beda. Sawise perang
tandhing karo Kebo Marcuet …. Minak Jingga dadi cacat, mlaku wae ora jejeg,
gulune tengeng (nirokaken). Dadi perang mungsuh karo Miinak Jingga iku padha
wae karo mijet wohing ranti, gampang mesthi menang.
Anjasmoro : Menawi mekaten, kenging menapa kedah Kang Mas Damarwulan? Kok mboten
Kang Mas Layang Seta utawi Kumitir mawon?
Layang Seta : Aku iki bageyan sing abot-abot. Yen musuhe abot aku lagi maju.
Layang Kumitir : Yen bojomu ora wani, kemulana tapihmu, kongkonen cethik geni ing pawon wae.
Damarwulan : Kula sagah dados senapati Majapahit. Mbenjing menapa kula kedah bidhal?
Patih Logender : Hla rak ngono, iki lagi bisa diarani mantune Patih Logender. …. Wong morotuwane
wae gagah pideksa (pamer otot), sugih kendel bandha wani, mosok mantune
ringkih wedi getih. Perang iku sing apik nyerang, mula supaya ora kedhisikan
Minak Jingga, sesuk sadurunge srengenge mlethek budhala menyang Blambangan!
Layang Seta : Yen ana apa-apa, aku kabarana! Aja kuwatir, mengko dak rewangi.
Patih Logender : Apa maneh iki ana bebungahe, yen kowe bisa nigas janggane Minak Jingga lan
ngindhit sirahe Minak Jingga minangka bukti kang nyata…kowe bakal disuwitani
Kanjeng Ratu Kencana Wungu lan dadi raja ing Majapahit.
Anjasmoro : Nanging kula menika rak nembe temanten anyar, Panjenengan kok tega badhe
misahaken kula kalih Kang Mas Damarwulan.
Patih Logender : Sapa pingin mulya kudu rekasa, Jer Basuki Mawa Bea. Kowe apa pengin bojomu
dadi pekathik terus? Mula yen mung pepisahan kanggo sauntara wektu, dak kira
iku ora apa-apa, mengko yen wis bali saka paperangan rak ya ngumpul maneh.
Layang Seta : Dadi wong wadon kuwi… aja buta repan…cemburuan!
Patih Logender : Yen mengko bojomu menang, kowe mengko ya katut kepenak, isa melu dadi ratu,
yen bojomu dikarepake wong liya, iku tegese bojomu pancen bagus tenan, dadi
kowe ora salah milih!
Layang Seta : Sampun kanjeng rama, mangga dipun tilar!
Layang Kumitir : Wis ndang tata-tata, aja lali nggawa bontot sega liwet lawuh teri!
Patih Logender : Dak kira cukup, Kanjeng Rama arep nerusake pegaweyan liya.
Damarwulan+Anjasmoro: Mangga…mangga Rama, kula dherekaken.
(Patih Logender, Layang Seta, lan Layang Kumitir medal).
Damarwulan : Diajeng Anjasmoro pepujaning atiku!
Anjasmoro : Kados pundi kang mas ? (sedhih)
Damarwulan : Aja mbok tangisi lan aja dadi atimu, lilanana sesuk aku budhal perang mungsuh
Adhipati Minak Jingga ing Blambangan.
Anjasmoro : (kalih tawang-tawang tangis) Kados pundi kula mboten muwun Kang Mas, awit
tiyang perang menika pungkasanipun namung kalih, yen mboten kawon inggih
mimpang.
Damarwulan : Pancene kaya mangkono dhiajeng.
Anjasmoro : Kamongka panjenengan kawon utawi mimpang, tumrap kula sami mawon … kula
ingkang cilaka.
Damarwulan : Kok kaya ngono?
Anjasmoro : Menawi panjenengan kawon, kula badhe kicalan panjenengan…awit panjenengan
badhe pejah utawi pralaya ing yuda. Mekaten ugi menawi panjenengan mimpang,
kula inggih badhe kicalan Panjenengan, awit Panjenengan badhe angsal bebana
kagarwa dening Kanjeng Ratu.
Damarwulan : Hla wong perang wae durung, kok wis mikir sing ora-ora. Ing sajrone atiku mung
ana wanita siji, yaiku sliramu dhiajeng Anjasmoro. Ora-ora, aku ora bakal
ninggalake sliramu. Mula rungokna prasetyaku iki, “Yen aku nganti ninggalake
sliramu, aku bakal…”.
Anjasmoro : mBoten-mboten Kang Mas, mboten sisah dipun lajengaken… kula pitados dhateng
Panjenengan. Ananging menapa panjenengan mboten cubriya dhateng Kanjeng
Rama Patih Logender lan Kang mas Seta dhalah Kumitir? Miturut kula, Kanjeng
Rama lan Kadang sepuh kula kekalih gadhah ancas ingkang winadi, badhe
njlomprongaken Panjenengan. Mila kula suwun ingkang atos-atos Kang Mas!
Damarwulan : Sejatine ing batin aku uga ana rasa cubriya, ananging beja lan cilaka iku ana ing
astane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran ana unen-unen, “ Manungsa mung
saderma, mobah-mosik kersaning Sang Hyang Sukma. Mula sekabehane wis dak
pasrahake marang Panjenengane.
Anjasmoro : Menawi mekaten mangga kula dherekaken manjing ing tilam sari, ngaso
sawatawis, mbenjing saderengipun srengenge mlethek Panjenengan saged bidhal
dhateng Blambangan.
Damarwulan : Ayo-ayo dhiajeng!
(Damarwulan lan Anjasmoro medal)
BABAK III
Paraga:
1) Minak Jingga, 2) Dayun, 3) Patih Angkat Buto, 4) Patih Renggut Muko.
Kawontenan:
Adhipati Minak Jingga kadherekaken Dayun, kondur saking tamansari Kadhipaten Blambangan. Panjenenganipun duka awit mboten dipun ladosi dening Wahita lan Puyengan.
Antawacana:
Minak Jingga : Dayuuuun!
Dayun : Inggih lurahe! Wonten Dhawuh lurahe!
Minak Jingga : Dayuuuun, Yun, Yun,yun, yun!.. Menyang Lamongan liwat Banjar, Wahita
Puyengan pancen kurang ajar.
Dayun : Inggih lurahe, mbenjing kula ajare!
Minak Jingga : Dayuuuun! Kowe kok bodho tenan. Sing oleh ngajar Wahita lan Puyengan kuwi
mung aku Yun. Jalaran Wahita lan Puyengan kuwi bojoku.
Dayun : Nanging bojo yen mboten nurut, nggih kedah dipun ajar. Wong wadon niku
paribasane “suwarga nunut, neraka katut”.
Minak Jingga : Dayuuuun, Yun, Yun,yun, yun!... Menyang Lamongan golek manuk kutut, Wahita
lan Puyengan durung dak apak-apakna kok semaput.
Dayun : mBok menawi salah ngunjuk jampi, kepingine ngunjuk galian singset klentu galian
pipa.
Minak Jingga : Dayuuuun!
Dayun : Inggih lurahe! Wonten Dhawuh lurahe!
Minak Jingga : Meja kayu kok bolong-bolong, wong ayu kok bolong-bolong.
Dayun : Klentu lurahe! Wong ayu kok moblong-moblong.
Minak Jingga : Bojoku Wahita lan Puyengan ora gelem ngladeni aku. Apa jalarane ya Yuuun?
Kowe matura apa anane, apa rupaku iki elek ta Yuun?
Dayun : Mboten,… Panjenengan niku sanes awon, nanging nggegirisi, medeni.
Minak Jingga : Dayuuuun! Amonganmu jujur, tapi menyakitkan. Nanging kowe bener Yuun.
Dayun : Ampun nglokro lurahe, mangke dangu-dangu Garwa Panjenengan, Wahita lan
Puyengan mesthi purun, mangga dipun tlateni mawon.
Minak Jingga : Ngono ya yuun. Ana unen-unen:
Kepithing segara, wis dicekel diculna.
Witing tresna, jalaran saka kulina.
Saiki ganti critane Yuun. Kowe apa durung oleh kabar saka utusan loro, yaiku Patih
Angkutan Kota karo Marmut Muko Yuun?
Dayun : Klentu lurahe, Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko. Ngantos sakniki
Panjenenganipun dereng rawuh. Kula aturi sabar. Mosok saben wungu,
Panjenengan mesthi taken menika.
Minak Jingga : Ya ngene iki sing diarani lara wuyung, sejatine sing tak tresnani ing ndonya iki… ora
ana liya kecaba Ratu Kechothot Wungu ing Majapoit, Yuun.
Dayun : Klentu lurahe! Kang leres Ratu Kencana Wungu ing Majapahit.
Minak Jingga : Aku ora bisa muni Kencana Wungu.
Dayun : Hla niki wau!
Minak Jingga : Iki keprucut yun. Ya ngene iki wong yen lagi gandrung. Mangan ora penak, turu ora
enak. Sirah ku pegel kabeh, balungku krasa mumet.
Dayun : Kewolak-walik lurahe!
Minak Jingga : Ya ben Yuun, Ya ngene iki wong yen lagi ketaman asmara.
Menyang Kadilangu liwat Pathi,
Ratu Kecothot Wungu tresnaku sejati.
Menyang Lamongan melu derep,
Wahita Puyengan mung ban serep.
Dayun : Dereng dangu dipun raosi, ketingalipun Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko
sampun rawuh lurahe.
(Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko mlebet kanthi ngasta bungkusan bebana, atur sembah pakurmatan lajeng lenggah)
Minak Jingga : Dayuuuun, Yun, Yun,yun, yun!...Aku sida rabi Yuuun. Yen ngono, saiki goleka juru
paes sing kondhang. Aku njaluk dipaesi sing nggantheng, yen perlu raiku
dikoperasi plastik.
Menyang Kadilangu, oja lali mampir Yuwana.
Ratu Kecothot Wungu, ayu sulistya ing warna.
Menyang Prabalingga, ojo lali tuku klasa.
Adhipati Minak Jingga, gagah lan prakosa.
Kepriye pakaryanmu Patih Angkutan Kota karo Marmut Muko? Anggonmu
menyang Majapoit, oleh gawe apa ora?
Patih Renggut Muko : Berkah pangestu Panjenengan, anggen kula sowan ing Majapahit pikantuk asil.
Patih Angkat Buto : Menika wujudipun (masrahaken bungkusan).
Minak Jingga : Dayuuuun, iki ageman pamapak penganten. Sesuk yen aku dadi penganten kudu
ngagem busana iki.
Patih Renggut Muko : Mboten mekaten, menika mas picis raja brana minangka bebana tumprap
Panjenengan ingkang sampun kasil merjaya Kebo Marcuet.
Minak Jingga : Patiiih! Jlentrehna Tiih! Aku kok ora mudheng.
Patih Angkat Buto : Ing sakawit, sejatosipun Kanjeng Ratu Kencana Wungu lan sagung nayaka praja
sampun sarujuk menawi Ratu Kencana Wungu lan Panjenengan badhe jejodhoan.
Ananging, miturut para aji sepuh, “Jejodoan menika mboten saged dipun
lajengaken”.
Patih Renggut Muko : Jalaran miturut petungan Jawi neptunipun Panjenengan lan Ratu Kencana Wungu
kepanggih selangkung utawi kasebat giheng, awit Kanjeng Ratu kencana Wungu
Miyos dinten Anggara Cemengan lan Panjenengan miyos dinten Tumpak Jenar ”.
Patih Angkat Buto : Minangka gantosipun Kanjeng Ratu Kencana Wungu kersa paring bebana mas picis
raja brana ingkang kaanggep satimbang kaliyan lelabuhan Panjenengan.
Minak Jingga : Dayuuuun, Yun, Yun,yun, yun!...Wong Majapoit kurang ajar, cidra ing janji.
Petungan dina iki mung apus krama. Iki mung akal-akalan.
Dayun : Dados niki mung nampik kanthi alus?
Minak Jingga : Aku ngerti dina lahire Kecothot Wungu ora dina Anggara Cemengan, nanging dina
Wrespati Palguna. Lan maneh, sejatine dina kelahiranku ya ora ana sing ngerti. Aku
lair ing tengah alas Purwa. Ibuku ora ngerti dina, ngertine mung rina lan wengi.
Banjur kanggo gagah-gagahan, aku ngaku lahir dina Tumpak Jenar…Jalaran isen-
isene paling akeh, yaiku wolu las.
Dayun : Niki mesthi akal-akalane Patih Logender, kang kawentar julig lan culika.
Minak Jingga : Patih Angkutan Kota karo Marmut Muko, siyagakna para Prajurit! Patih Logender
mesthi wis tata-tata ngrabasa Blambangan. Tekane prajurit Majapoit, papaken
kanthi gelar supit urang!
Patih Angkat Buto : Sendika dhawuh Gusti Patih!
Patih Renggut Muko : Ampun kuwatos, alun-alun Blambangan badhe dados kuburanipun prajurit
Majapahit.
Minak Jingga : Dayuuuun!
Dayun : Inggih lurahe! Wonten Dhawuh lurahe!
Minak Jingga : Derekna aku Yuun! Aku arep ngaso, pusakaku gada Wesi Kuning lan pedhang
Sukoyono jaganen, aja nganti ilang.
Dayun : Inggih lurahe! Mangga kula dherekaken.
(Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko atur sembah pakurmatan, Minakjingga medal ngiwa kadherekaken Dayun. Salajengipun Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko medal wangsul nganan)
BABAK IV
Paraga:
1) Naya Genggong, 2) Sabda Palon, 3) Damar Wulan, 4) Sindhureja, 5)Wahita, 6) Puyengan.
Kawontenan:
Ing tapel watesing Kadhipaten Blambangan, Prajurit Majapahit mesanggrah saperlu ngaso lan ngatur tata gelaring prang.
Antawacana:
Naya Genggong : Awak dhewe iki dadi abdi ndherekake ndara Damarwulan wiwit isih ing
Padhepokan Paluamba, nganti saiki rangkap jabatan dadi abdi lan prajurit ing
Majapahit kok gak ana owah-owahan nasib.
Sabda Palon : Bayaran kok ya panceeeet wae, ora tau mundhak. Kamangka saiki kabeh reregan
padha mundhak. Apa maneh sawise Patih Logender ngundhakake rega BBM.
Naya Genggong : BBM iku apa?
Sabda Palon : BBM kok gak weruh, BBM iku Bahan Bakar Majapahit.
Naya Genggong : Hla ngono… sak durunge dadi Patih, nalika isih dadi nayaka biasa biyen… janjine
jare arep mikirake kawula cilik.
Sabda Palon : Wis-wis aja mbok terusna, saiki sing penting mikirna nasibe awak dhewe iki lho!
Naya Genggong : Aku arep ngajokake pensiun dini wae!
Sabda Palon : Banjur anak bojomu arep mbok pakani apa, njagake dhuwit pensiunan apa cukup?
Kamangka, saweruhku pensiunan iku ora oleh BLT, apa maneh raskin.
Naya Genggong : Ya… alih profesi ta!
Sabda Palon : Gayamu wae… arep dadi apa?
Naya Genggong : Dadi polwan.
Sabda Palon : Hee…polwan iku polisi wanita!
Naya Genggong : Ya…dadi polwan laki-laki ta.
Sabda Palon : Omonganmu kok tambah nglantur! Wis, saiki melu aku wae. Piye yen awak dhewe
ngedegake partai politik?
Naya Genggong : Wah…sepisan iki… katone idhemu kok matoh tenan.
Sabda Palon : Aku kok (gaya nebah dhadha) ! Yen wis dadi pengurus partai, mengko awak
dhewe golek dhuwit iku gampang. Ngajokna proposal proyek mesthi lancar, golek
sumbangan…ora ana sing wani nolak.
Naya Genggong : Banjur partaine mengko kok wenehi jeneng apa?
Sabda Palon : (mikir sekedhap) PDM, cekakan saka Partai Dhagelan Majapahit.
Naya Genggong : Iya…durung ana. Sarujuk aku! Dadi mengko angger pada gegeran ing rapat
dhewan, awak dhewe banjur menghibur…ben ora ana kang jomplang-jomplangan
meja utawa jotos-jotosan.
Sabda Palon : Aku dadi ketua, awakmu wakil ketua, bojomu bendahara, bojoku sekretaris.
Naya Genggong : Anggotane; mbahku-mbahmu, anakku-anakmu, mantuku-mantumu, pakdheku-
pakdhemu, paklikku-paklikmu.
Sabda Palon : Mbokku-mbokmu, putuku-putumu…iki mengko isine mung keluargaku karo
keluargamu.
Naya Genggong : Ya ben, wong pancen saiki iki lagi usum. Angger wong tuwane dadi ketua partai,
ora maelu anakke ora bisa apa-apa, ya mesthi dadi pengurus.
Sabda Palon : Mula ya ora aneh, yen saiki akeh pengurus partai sing mlebu penjara, jalaran saka
kurange iman lan ilmu.
Naya Genggong : Wah… yen ngono ya isih penak dadi prajurit utawa abdi wae. Senajan bayarane
sithik, nanging atine ayem.
Sabda Palon : Dadi awakmu ora sida ngajokake pensiun dhini?
Naya Genggong : Ora wis ngene wae! Sing penting awak seger kewarasan, isa ibadah miturut
keyakinan.
(Damarwulan dipundherekaken Sindhureja mlebet lajeng jumeneng ing wingkingipun Naya Genggong)
Sabda Palon : (atur sembah pakurmatan) Sugeng enjing gusti! Kula ngaturaken sembah
pangabekti!
Naya Genggong : (nginten menawi Sabda Palon ngajak gojegan) Ya…sembah pangabektimu sun
tampa. Ora liwat pangestuku tampanana (nirokaken Damarwulan)!
Sabda Palon : Woo… sida dipidana tenan kowe!
Naya Genggong : Pantes ta yen aku dadi gustimu. Wong asline, aku iki yen di tandhing karo gusti
Damarwulan ya isih nggantheng aku. Hla wong jare bojoku, “Aku iki mirip
Al-Gozali anake Ahmad Dani”.
Sabda Palon : Nyuwun ngapunten hlo Gusti!
Naya Genggong : Ora dadi apa, sesuk bayaranmu dak undhakake!
Sabda Palon : Mlengaka! Delengen mburimu!
Naya Genggong : Ora usah wedi, Gusti Damarwulan iku GGK, gantheng-gantheng kopok! Ora bakal
krungu yah mene iki isih ngorok, ngiler.
Sabda Palon : Macan…macan…(nuding arah Damarwulan)
Naya Genggong : (gurawalan, mlengak) Endi ana… maacaaaaaan? (lingsem, mundur lajeng
nyembah) Ngono ora gelem kandha-kandha (nglepataken Sabda Palon).
Damarwulan : Sing kopok iku sapa?
Naya Genggong : Kopok niku cekakan saking korban provokator. Dados Panjenengan niku gantheng-
gantheng dados korbanipun provokator. Hla provokatore niku Patih Logender.
Benten malih yeen korpri. Hla nek korpri niku cekakan saking korban printah.
Sabda Palon : Mau ora ngono… jare ngorok, ngiler…
Naya Genggong : Kowe aja tambah nggedhek-nggedhekna perkara! Aku iki mau guyon-guyon!
Damarwulan : Ora dadi ngapa, awit iki lagi ana ing swasana paperangan, mula dak jaluk, “Jroning
suka kudu tetep eling lan waspadha”. Awak dhewe mesanggrah ana tapel watesing
Blambangan iki sing sepisan saperlu kanggo ngaso sawetara, sing kapindho kanggo
ngawat-awati obah mosiking prajurit Blambangan. Saiki aku kepengin ngerti, “Apa
sakabehing uba rampene paperangan wis sumadya?
Sabda Palon : Sampun ndara! Pedhang, tombak, panah sedaya sampun samekta.
Damarwulan : Kados pundi Paman Sindureja?
Sindhureja : Sanajan aku luwih tuwa, ananging ing kene jeneng sira sing kapatah minangka
senopati. Mula panjenengan ingsun bakal mbangun turut marang sira.
Damarwulan : mBoten Paman. Panjenengan ingkang langkung sepuh, kula nyuwun pitedah bab
tata gelaring perang.
Sindhureja : Saweruh Ku, Minak Jingga iku seneng migunakake tata gelar supit urang. Mula
kanggo nandhingi…kita kudu migunakake tata gelar garudha nglayang. Aku
mengko sing mapan ing ngarep, Naya Genggong ing swiwi kiwa, Sabda Palon ing
swiwi tengen, lan jeneng sira minangka cakare garudha.
Naya Genggong : Ngapunten ndara…menika kok wonten pawestri kalih mlajeng mriki kaliyan mbeta
sanjata.
Sabda Palon : Ayu apa elek?
Naya Genggong : Ayu-ayu, kaya ayu thing-thing!
Sabda Palon : Yen ayu, iku bagiyanne ndara Damarwulan, yen elek iku bagiyanne awak dhewe.
(Wahita lan Puyengan mlebet mbeta gada wesi kuning lan pedhang sukoyono, kaliyan prenggosan lan
rangu-rangu nyembah atur pakurmatan)
Wahita : Nuwun sewu menapa panjenengan prajurit saking Majapahit?
Naya Genggong : Mangga ndara! Niki bagiyan Panjenengan! Mangke yen wonten sisane nembe
bagiyan kula.
Damarwulan : Iya, iki kabeh bregada prajurit Majapahit. Aku sing dadi senopatine, aranku
Damarwulan. Banjur kowe sapa?
Puyengan : Kula Ida Ayu Puyengan, lan menika sedherek kula Ida Ayu Wahita. Kula menika
garwanipun Adhipati Minak Jingga.
Naya Genggong : Halah barang bekas, seken!
Sabda Palon : Masiya seken, nanging KW 1. Chesinge ya apik!
Damarwulan : Ooo bojone musuhku, banjur ana parigawe apa, kowe sakloron nggoleki prajurit
Majapahit? Apa awakmu dadi telik sandhi?
Wahita : Kepareng matur, pancen leres kula sakloron menika garwanipun Minak Jingga.
Ananging, anggenipun kula dados garwanipun Minak Jingga menika mboten
linambaran rasa tresna lan welas asih.(muwun)
Puyengan : Kula sakloron menika dipun peksa dening tiyang sepuh kula, dipun dadosaken
bebana dhumateng Minak Jingga. Dinten-dinten kula tansah dipilara, kula diutus
ngladosi panjenenganipun, kula mboten purun.
Naya Genggong : Wah isih en reyen iki!
Sabda Palon : (njundhul sirahe Naya Genggong) Padhakne apa wae! Hormatilah wanita! Sebab
wanita itu yang melahirkanmu!
Damarwulan : Banjur karepmu kepriye?
Wahita : Sareng kula mireng bilih prajurit Majapahit badhe ngrabasa Blambangan, kula
rumaos menawi menika badhe dados dalan kamardikan tumprap kula lan
sedherek kula.
Puyengan : Mila kula lajeng nyidra pusakanipun Minak Jingga ingkang wujud gada wesi kuning
lan pedhang sukoyono. Awit, Minak Jingga mboten badhe pejah menawi mboten
kaliyan pusakanipun piyambak menika.
Wahita : Mangga raden, Panjenengan tampi pusaka menika!
Damarwulan : Kados pundi Paman Sindhureja?
Sindhureja : Tampanana, minangka tambahing sipat kandel. Ananging sing ndadekake menang
utawa kalah perang iku ora merga saka pusakane, ananging gumantung marang
kayakinan lan pepesthening gusti.
(Wahita lan Puyengan masrahaken pusaka).
Puyengan : Lan kula kekalih inggih sampun prasetya, “Menawi Panjenengan saged merjaya
Minak Jingga, kula sagah dados Garwa Panjenengan.”
Damarwulan : (Kalih nampi pusaka) Kepriye panemumu paman Sabda palon lan Naya
Genggong?
Sabda Palon : Ampun gampil pitados aturipun tiyang ingkang dereng dipun tepang!
Damarwulan : Yen aku kok ngandel.
Naya Genggong : Ya ngene iki, pengapesanne wong lanang, ya ngene iki. Pokok angger weruh
bathuk kinclong mesthi lali samubarang, diomongi penak sithik…mesthi ngandel.
Sabda Palon : Hla kowe ngandel apa ora?
Naya Genggong : Aku!!! Ooo ngandel.
Sabda Palon : Gayamu wae kaya uwong!
Naya Genggong : Aku ya wong lanang kok! Mula pengapesane ya padha.
Damarwulan : Nanging aku iki ya wis nduwe bojo.
Wahita : Mboten dados menapa kok raden, kula lan sedherek kula menika dados garwa
angka pinten mawon purun (kenes).
Puyengan : Menawi panjenengan mboten purun nggarwa kula, kula dipun dadosaken juru
dang inggih purun (kenes).
Naya Genggong : Uwong iku, yen modhale ana, dalam kesempitanpun masih dapat kesempatan.
Swasana perang kok ya isih oleh bojo maneh. Aku… nduwe bojo siji wae kok ya
ngono.
Sabda Palon : Ngono piye…uwis ta…sing ana disyukuri, bojo elek iku biyasane setiya.
Damarwulan : Yen pancen kaya ngono, saiki leremma ing pesanggrahan. Paman Sabda Palon lan
Naya Genggong! Siyagakna para prajurit, saiki uga budhal ngrabasa Blambangan!
(Wahita lan Puyengan medal nganan, Damarwulan Sabda Palon lan Naya Genggong medal ngeri)
BABAK V
Adegan 1
Paraga:
1) Minak Jingga, 2) Dayun, 3) Patih Angkat Buto, 4) Patih Renggut Muko, 5) Naya Genggong, 6) Sabda Palon, 7) Damar Wulan, 8) Sindhureja.
Kawontenan:
Perang antawisipun prajurit Majapahit lumawan prajurit Blambangan. Prajurti Blambangan kaseser ing yudha mlajeng kapracondhang. Patih Renggut Muka dipunkawonaken Naya Genggong. Patih Angkat Buta dipunkawonaken dening Sabda Palon. Kantun Minak Jingga lan Dayun siaga ngadhepi Damarwulan.
Antawacana:
Minak Jingga : Dayuuuun!
Dayun : Inggih lurahe! Wonten Dhawuh lurahe!
Minak Jingga : Dayuuuun, Yun, Yun,yun, yun!.. Tukang jahit ketiban gentheng, Wong majapoit ora
kena dianggep entheng. Aku dhewe sing arep maju perang, tak obrak-abrike wong
Majapoit. Endi pusakaku, gada wesi kuning lan pedhang sukoyono?
Dayun : Ngaturaken ketiwasan lurahe, gada wesi kuning lan pedhang sukoyono ical
mboten wonten ing gedhong pusaka. Wonten ingkang ngonangi, aturipun
dipundusta dening garwa panjenengan piyambak inggih menika Gusti Wahita lan
Puyengan.
Minak Jingga : Dayuuuun, Yun, Yun,yun, yun!.. Menyang Lamongan kulakan bata, Wahita
Puyengan wis tumindak nista. Nyolong pusakaku, mengko yen kecekel sida tak
uyel-uyel.
(Damarwulan, Sindhureja, Sabda Palon lan Naya Genggong mlebet)
Sabda Palon : Sing mbok goleki iki ta? (nuduhake gada wesi kuning)
Naya Genggong : Pedhang kaya ngene iki mesthine wis dadi jatahe tukang rosok! (nuduhake
pedhang sukoyono)
Minak Jingga : Dayuuuun, Yun, Yun,yun, yun!.. Menyang Lamongan disruduk celeng, Wahita
Puyengan wis tumindak sedheng. Pusakaku dicolong, hla kok diwenehna wong
elek-elek iki.
Sindhureja : Saiki prajuritmu wis bosah-baseh, enggal nekuka dhengkul … minangka tandha
manungkul.
Damarwulan : Minak Jingga! Minangka senapati Majapahit. Aku njaluk marang sira. Manuta
kowe dak rangket, dak sowanake ratu gustiku ing Majapahit!
Minak Jingga : Dayuuuun!
Dayun : Inggih lurahe! Wonten Dhawuh lurahe!
Minak Jingga : Iki ana bocah cilik, wis wani nantang Minak Jingga. Ketiban tanganku ajur sirahmu.
(Dayun dipun kawonaken dening Sindhureja. Minak Jingga perang tandhing kaliyan Damarwulan. Minak Jingga pejah ngglundhung kenging gada wesi kuning)
Damarwulan : Paman Sindhureja, sakmenika Minak Jingga sampun pejah.
Sindhureja : Damarwulan! Awit saiki panguasa ing Blambangan lagi komplang, kanggo mranata
kahanan, mula becike aku keri ing Blambangan kene. Mengko yen wis ana gantine
Minak Jingga, aku lagi bali ing kutha raja Majapahit.
Damarwulan : Inggih, kula sarujuk sanget! Paman Sabda Palon lan Naya Genggong saiki janggane
Minak Jingga tigasen nganggo pedhang sukoyono, sirahe Minak Jingga bakal dak
aturake minangka bukti kang nyata marang Gusti Kencana Wungu.
Sabda Palon : Inggih mangga!
Naya Genggong : Kula pothole sirahe!!!
(Damarwulan Sabda Palon lan Naya Genggong medal nututi gumlundunge Minak Jingga, Sindhureja kantun lajeng medal mungkuri Damarwulan)
Adegan 2
Paraga:
1) Patih Logender, 2) Layang Seta, 3) Layang Kumitir, 4) Naya Genggong, 5) Sabda Palon, 6) Damar Wulan.
Kawontenan:
Sasampunipun perang, Patih Logender kadherekaken Layang Seta lan Layang Kumitir nyusul prajurit Majapahit ing Blambangan.
Antawacana:
Layang Seta : Sakniki banjur pripun kanjeng rama?
Layang Kumitir : Saumpama panjenengan mboten ngutus Damarwulan, nanging ngutus kula, kula
mesthi saged mimpang!
Layang Seta : Sakniki sekul sampun dados bubur. Pecut dijeplakna, bareng kebacut dikapakna?
Layang Kumitir : Damarwulan mimpang, bakda niki dados raja. Panjenengan lan kula kantun
ngemut driji.
Patih Logender : Wis?…Uwis? Yen awakmu ngundamana wong tuwa uwis?
Layang Seta : Hla kula mangkel kok, ngendikane wingi, “Wis ta…pokoke rama sing ngatur, mesthi
beres.”
Layang Kumitir : Beres napane? Kita mangke sing diberesi Kanjeng Gusti Damarwulan.
Patih Logender : Uwong iku yen mikir aja nganggo dengkul, nanging nganggo iki (nuding sirah)!
Layang Seta : Lajeng kados pundi niki?
Patih Logender : Iki kabeh wis cocog karo sing tak karepake, jajal saumpama awakmu sing tak
kongkon maju perang mungsuh Minak Jingga, kowe apa wani?
Layang Seta : Mboten, kula mboten wantun. Duka yen Layang Kumitir?
Layang Kumitir : Kula! Oooo terang…mboten wantun.
Patih Logender : Pakerti Iki sing diarani, “Nabok nyilih tangan, nglungguhi klasa gumelar”.
Damarwulan sing mateni Minak Jingga, awak dhewe sing nemoni mulya.
Layang Seta : Pripun-pripun kula kok mboten mudheng?
Layang Kumitir : Inggih, mboten usah ngangge paribasan, bares mawon!
Patih Logender : Iki mengko Damarwulan mesthi liwat kene kanthi nggawa bungkusan sirahe Minak
Jingga. Bujuken kanthi alus, kandhaa yen awakmu diutus Gusti Ratu Kencana
Wungu supaya paring dhawuh marang Damarwulan. Isine Dhawuh, “ Sepisan: Saiki
Damarwulan kangkat minangka Adhipati Ing Blambangan, lan ora perlu sowan ing
Majapahit. Kapindho: Sirahe Minak Jingga bisa katitipake marang awakmu
sakloron”.
Layang Seta : Mboten … kula mboten purun, mengko Damarwulan penak-penakan ing kene,
awak dhewe sing rekasa nggawa sirahe Minak Jingga.
Layang Kumitir : Sirahe Minak Jingga iku abot lan ambune buasin Kanjeng Rama! Kamangka saiki
durung usum vormalin kanggo ngawetake mayit, kaya iku sing dienggo ngawetake
penthol bakso.
Patih Logender : Bodho-bodho, bocah bodho kok ora mari-mari, apa kakehan mangan brutu?
Sirahe Minak Jingga iku mengko caosake Kanjeng Ratu Kencana Wungu!
Banjur akunen, yen sing bisa mateni Minak Jingga iku kowe! Mengko awakmu
bakal diganjar dadi Raja Ing Majapahit?
Layang Seta : Aku dadi Raja, dadi garwane Ratu Kencana Wungu…
Layang Kumitir : Aku dadi Patih, bojoku uuuakih kaya Kanjeng Rama. Panjenengan pancen pinter!
Patih Logender : Sapa? … Aku kok… Patih Logender! (kanthi gela-gelo)
Layang Seta : Lajeng Damarwulan kados pundi?
Patih Logender : Mengko yen awakmu wis dadi Raja. Kanthi pawadan Damarwulan mbalela, merga
ora gelem sowan ing Majapahit. Damarwulan digebug sarana perang, mati tanpa
dadi.
Layang Kumitir : Gampang yen ngoten, Panjenengan minggir…nonton saking katebihan!
Patih Logender : Yaa…sing ati-ati…aja grusa-grusu!
(Patih Logender medal nganan)
Layang Seta : Layang Kumitir! Sedela maneh awak dhewe bakal mukti wibawa! Haa…haa…haa…
Layang Kumitir : Haa…haa…haa. Iya selak ora sabar aku. Kae Damarwulan arep liwat.
(Damarwulan, Sabda Palon lan Naya Genggong mlebet kanthi mbeta bungkusan isi sirahe Minak Jingga)
Layang Seta : (sumeh/grapyak)Dhimas Damarwulan…kepriye kabare Dhimas?
Damarwulan : Awit berkah pangestu Kang Mas Seta lan Kumitir, pakaryan kula saged rampung
kanthi sae.
Layang Kumitir : Yen ngono aku melu bungah, lan ngaturake pambagya harja.
Sabda Palon : Engkang atos-atos gusti!
Naya Genggong : Ampun ngantos kejeglong ping kalih!
Damarwulan : Gandheng pakaryan kula sampun rampung, mila kula badhe wangsul ing
Kutha Raja Majapahit.
Layang Seta : Iki mangkene Dhimas, sawise midhanget yen awakmu bisa mateni Minak Jingga,
Kanjeng Ratu Kencana Wungu ngutus marang aku sakloron, supaya paring dhawuh
marang Dhimas Damarwulan.
Layang Kumitir : Isine Dhawuh, “ Sepisan: Saiki Dhimas Damarwulan kangkat minangka Adhipati Ing
Blambangan ngganteni kalungguhanne Minak Jingga. Kapindho: Sirahe Minak
Jingga bisa katitipake marang aku sakloron, mula saiki Dhimas Damarwulan ora
perlu bali utawa sowan ing Majapahit ”.
Damarwulan : Manawi kula kaangkat minangka Adhipati ing Blambangan, tamtunipun wonten
serat kekancingan saking Kanjeng Ratu Kencana Wungu.
Layang Seta : (gugup) Iki mau kesusu, mula Kanjeng Ratu ora kober nulis surat kekancingan.
Layang Kumitir : Mosok Dhimas Damarwulan ora percaya marang kadang tuwa?
Damarwulan : Kula pitados Kang Mas, ananging kangge lelandhesan kula jumeneng dados
Adhipati, miturut pranatan kedah mawi serat kekancingan saking Kanjeng Ratu.
Sabda Palon : Hla… yen ora ana surat kekancingane bisa dadi Adhipati, angger wong lak bisa!
Naya Genggong : Mengko yen ora trima…banjur gawe bupati tandhingan!
Damarwulan : Lan malih, kula inggih kepingin wangsul ing Majapahit, jalaran kangen dhateng
Dhiajeng Anjasmoro.
Layang Seta : Katone ora bisa nganggo rancangan siji !
Layang Kumitir : Mula kudu ganti nganggo rancangan loro !
Layang Seta : Apa iku ?
Layang Kumitir : Durung ana, Kanjeng Rama ora dhawuh rancangan loro!
Layang Seta : Selak kesuwen, aja kakehan teori !
Layang Kumitir : Ora bisa dialus, dikasar wae!
Damarwulan : Menapa kersa panjenengan badhe kula ladosi!
Sabda Palon : (nirokake Minak Jingga)
Ana susuh ing gentheng, dhuwit slawe digondhol wewe.
Iki musuh sing entheng, awak dhewe ora usah cawe-cawe!
Naya Genggong : Ayo minggir, ngombe dhawet karo mangan gorengan tempe.
(Sabda Palon lan Naya Genggong medal. Damarwulan kanthi gampil ngajar Layang Seta lan Layang Kumitir. Sasampunipun Damarwulan kasil mikut Layang Seta lan Layang Kumitir , Patih Logender mlebet kaliyan bengok-bengok)
Patih Logender : Damar….Damarwulan, anakku sing nggantheng, mantuku sing pinter. Aja…aja
mbok pateni, Layang Seta lan Layang Kumitir iku sedulurmu dhewe.
Naya Genggong : (mlebet) Halah kesuwen …Pateni wae lik! (nirokake gayane KH Anwar Jahid)
Patih Logender : Aja…aja Damarwulan, iku mono kadangmu tuwa, mengko bisa kuwalat.
Sabda Palon : (mlebet) Wong jahat iku ora bisa malati…cus wae, iki pedhange!
Patih Logender : Sepuranen dulurmu ya.. sing sabar ya, anakku! Wong sabar iku bakal subur.
Damarwulan : Inggih (ngluwari anggenipun mikut), nanging kula wanti-wanti…ampun pisan-
pisan dipun ambali malih.
Sabda Palon : Ketingalipun mendhung sampun sumingkir.
Naya Genggong : Sakabehing reruwet lan reridhu wis sirna.
Damarwulan : Mula ayo padha sesanti,” Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”.
KELIR KATUTUP
Tidak ada komentar:
Posting Komentar