Selasa, 14 Mei 2019

SRIHUNING MUSTIKANING TUBAN

Naskah Drama Tradisional
SRIHUNING  MUSTIKANING  TUBAN

BABAK  I

Kawontenan:
Ing pasewakan agung Kadipaten Bojonegoro, Adipati Buntar Lawe kaapit garwa prameswari saha putrinipun (Dewi Kumalaretna) nampi sowannipun para nayaka praja (Patih Setya Yuda lan Tumenggung Yudha Pati).
Antawacana:
Adipati Buntar. : Kakang Patih Setya Yuda!
Patih Setya : Wonten dhawuh katimbalan kanjeng adipati.
Adipati Buntar : Kepriye kahananmu kakang?
Patih Setya : Awit berkah pangestu panjenengan, anggen kula sowan tansah pinaringan
                            karaharjan, mboten kantun sembah pangabekti kula mugi konjuk, gusti! 
Adipati Buntar : Ya, daktampa, ora liwat puja pangestuku tampanana kakang.
Patih Setya        : Sanget anggen kula mundhi gusti!
Prameswari : Semanten ugi kula kakangmas adipati, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti
                            mugi konjuk kang mas.
Adipati Buntar  : ya  ya  atur pangabektimu sun tampa, ara liwat puja pangestuku                           
                            tampanana, lan diprayogakake anggonmu lungguh, prameswari!
Prameswari       : Ngestokaken dhawuh kang mas.
Kumalaretna     : Kanjeng rama adipati, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti. Lan kula ugi
                                         badhe matur bilih sadaya jejibahan kula sampun rampung. Anggen kula gladhen 
                            olah beksan sampun rampung. Kula sampun saged beksan bedhayan, gambyong lan
                            sanesipun.
Adipati Buntar : Pinter lan ayu tenan kowe Kumalaretna, ya  patrap sing kaya ngono iku kang sun gegadhang rina lan wengi. Minangka putra adipati, kowe kudu bisa dadi tepa tuladha para wanita sakadipaten Bojonegoro. Jeneng kita kudu bisa nglestarekake kabudayan kang edi peni, ben ora kakikis karo kabudayan manca kang ora karukaruan wewujudane.
Prameswari       : Mboten namung menika lho kang mas, Kumalaretna menika pranyata ugi wasis
                            mbenthang jemparing. Piyambakipun wasis olah kaprajuritan.
Adipati Buntar  : Banget bombong rasane penggalihingsun, dadi dak kira ora kliru lamun ing
                            kalenggahan iki ingsun ngersakake kumalaretna ngancik titi mangsane dedhaupan,
                            ambangun bale wisma.
Prameswari : Kasinggihan dhawuh kang mas, pramila nalika panjenengan nampi panglamaripun utusan saking kadipaten Tuban, kula sarujuk sanget.
Patih Setya : Menika leres ndara, para kawula wiwit kutha raja ngantos ing pareden, tansah nengga-nengga dinten pahargyan menika. Sedaya para nayaka sampun samekta, mbok bilih sawanci-wanci kakersakaken kangge ngegungaken pahargyan.
Adipati Buntar : Apa ya kaya ngono tumenggung?
Tumenggung S : Sadererengipun matur, kula ngaturaken sembah pangabekti kanjeng adipati. Pangandikanipun gusti patih menika, satuhu leres gusti. Malah-malah para empu engkang satuhu limpad ing babagan kesenian, rinten dalu tansah nggladi para siswanipun kangge mahargya dinten kenthingipun dhedhaupan. Wonten olah beksan tayub, kethoprak, ringgit, reog, kentrung lan sanes-sanesipun. Para demang, lurah lan para kawula kanthi suka asok bulu bekti, ingkang wujud mas picis raja brana kangge ngregengaken pahargyan menika kanjeng adipati.
Prameswari : Nanging emanipun, ngantos dinten menika kok dereng wonten utusan sangking Tuban kangge nemtokaken dinten kenthingipun dhedhaupan kangmas.
Adipati Buntar : Ya bab iku kang ndadekake gorehe penggalih ingsun. Ananging, mbok manawa amarga Tuban iku kalebu kadipaten sing gedhe, mula sing dipikirake dening kakangmas SiraLawe uga gedhe. Tuban iku ora mung dumadi saka pasawahan wae, ananging ing Tuban iku uga ana pagunungan lan hangungkurake bandar agung.
Prajurit : (Mlebet, nyembah, lajeng lenggah kanthi matur) Nyuwun duka ingkang kathah Gusti! Kula sowan mboten kanthi katimbalan, awit ing njawi wonten utusan saking kadipaten Tuban ingkang badhe marak sowan wonten ngarsa panjenengan, punapa dipun keparengaken?
Adipati Buntar : Utusan saka Tuban? Kakang Patih Setya Yuda,...kena dak umpamakake wong nginang durung nganti abang,...dirasani durung nganti rampung, ... hla kok utusan Tuban wis teka. Prejurit !!! Utusan saka Tuban dak keparengake marak sowan, enggal dherekake munggah ing sitinggil.
Prajurit :  Kasinggihan dhawuh gusti!(lajeng medal kanthi nyembah)
Kumala Retna :  Kula kok kraos dheg-dhegan ta kanjeng Ibu.
Prameswari :  Ora dadi apa cah ayu, ibu biyen uga mangkono.
Sadoro : (mlebet, ngaturake sembah, lajeng lenggah) Kula Sadoro, utusan saking Tuban, ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk gusti.
Adipati Buntar :  Sadoro... ateges sira iku purane kang mas SiraLawe adipati ing Tuban. Yen ora kliru putrane kang mas sira lawe iku ana telu.
Sadoro :  Inggih kanjeng gusti, Ingkang sepisan kangmas Wiratmoyo, ingkang angka kalih kula piyambak pun Sadoro, lajeng ragilipun kaparingan nami Srihuning gusti.
Prameswari : Hla iki (kalih nuding Kumalaretna) adhimu Kumalaretna. Biyen nalika ketemu kurang luwih sepuluh tahun kepungkur, kowe sakloron isih cilik-cilik.
Sadoro : Menika rayi mas Kumalaretna? Hla samenika ayune kok ngedhap-ngedhapi, pancen cocok sanget menawi kadhaupaken kalih kangmas Wiratmoyo. Ingkang kakung bagus gagah pidegsa, ingkang estri ayu sulistya ing warna.
Kumalaretna :  Kang mas sadoro, rempeyek aja diremet-remet, yen ngenyek aja banget-banget.
Adipati Buntar : Wis-wis...Sadoro...apa anggonmu sowan mrene iki ana gegandhengane karo reroncening dhedhaupan antarane Kangmasmu Wiratmoyo karo putraku Kumalaretna?
Sadoro : Nuwun inggih gusti, anggen kula sowan menika kanthi sedya, kajawi nakyinaken kasugengan panjenengan sagotrah, ingkang wigati inggih badhe masrahaken dinten kenthinge dhedhaupan dhumateng panjenengan.
Adipati Buntar : Dadi dina kenthinge dhedhaupan dipasrahna panjenengan ingsun.
Sadoro : Nun inggih gusti.
Adipati Buntar : Kakang Patih, kepriye yen miturut jeneng sira kakang?
Patih Setya : Menawi miturut kawula, saenipun dinten pahargyan menika enggal-enggal kalaksanaaken, awit sadaya ubarampening pahargyan sampun samekta.
Prameswari :  Nun inggih kangmas, miturut kula inggih makaten, langkung cepet langkung sae.
Adipati Buntar : Yen mangkono dak tetepake, dina kenthinge dhedhaupan  mbesok dina Respati Manis. Ateges sepuluh dina maneh. 
Sadoro : Inggih, inggih paman. Manawi kados makaten ing mangkenipun kula aturaken Rama.
S. Gonjang & : Amit-amit, kula ingkang sowan, Adipati. (Gonjang lan wijang mlebet ing pendhapa)
Wijang
Adipati Buntar : Pawongan, kowe iki sapa? Jalaran aku lagi weruh iki.
Gonjang : Nggih. Tepangaken, nami kula Gonjang.
Wijang : Nami kula Wijang.
Gonjang : Pangkat Senopati saking kadipaten Lamongan.
Adipati Buntar : Ana wigati apa?
Gonjang : Sowan kula badhe pinanggih kaliyan sesembahan ing Bojonegoro ingkang Asma
                            nipun Adipati Buntarlawe.
Adipati Buntar : Oooo,,,, Gonjang lan Wijang, Nayoko Praja saking kadipaten Lamongan, ya aku iki
                            pangayoman ing kadipaten Bojonegoro kang aran Buntarlawe.
Gonjang : Ngaturaken sembah bekti.
Wijang : Kula ugi ngaturaken sembah bekti, kanjeng.


Adipati Buntar : Ya...ya...ya... dak tampa, ora liwat puja pangestuku tampanana. Tumekamu ing
                            kadipaten Bojonegoro nduweni keperluan apa?
Gonjang : Tebih saking Lamongan, ngemban dhawuhipun kanjeng Adipati Hendrokatong
                            ingkang ngaturaken nawala wonten ngarsa panjenengan, kanjeng adipati.
Adipati Buntar : Kaya ngono, ndang kene dak tampane.
Gonjang : (ngaturaken nawala / surat dhumateng adipati Buntarlawe)
Adipati Buntar : (maos nawala lajeng ngendika) senopati Gonjang & Wijang, surasane nawala iki,
                            ratu gustimu nglamar anakku Kumalaretna arep didadekake garwa, ananging eman
                            banget, jalaran panglamarane ratu Gustimu wis kasep.
Gonjang : Kasep saking panglamaranipun tiyang pundi, adipati?
Adipati Buntar : Kalah ndhisik karo panglamar saka kadhipaten Tuban.
Gonjang : Menapa utusan saking kadipaten Tuban taksih wonten ing Bojonegoro mriki?
Adipati Buntar : Kapara isih ana ing pendhapa Bojonegoro iki, hla iku ana ing sisih mu. Ora liya iki
                            uga putra Adhipati Tuban, Raden Sadhoro.
Gonjang : Ingkang pundi?
Sadoro : (ngacungaken tangan) kula!
Gonjang : Ooo, nggih. Menawi makaten kula nyuwun pamit(nyembah, medal ninggal Wijang).
Adipati Buntar : Lho, lha iku kok malah turu.
Tumenggung S. : (Nggigah Wijang) Kang-kang tangi kang, kancane wis mulih!
Wijang : (gragapan) Oooh, nggih. Matur nuwun panglamaranipun dipuntampi.
Adipati Buntar : Nyuwun pangapunten, lamaran dipuntampik, kapara rencang panjenengan
                             sampun medal saking pendhapa agung.
Wijang : (clingukan) Sampun wangsul? Pareng.
Adipati Buntar : Ha..ha..ha , kok ya ngguyokake. Ana nayaka Praja, ngayahi jejibahan kok malah
                            turu. Kok iso-isone.
Sadoro : Nuwun sewu, Paman. Sampun cekap jejibahan kula. Kepareng, kula badhe wangsul
                            wonten ing Tuban.
Adipati Buntar : Genea kaya ditundhung wae?
Sadhoro : Jalaran taksih kathah jejibahan ingkang kula sandhang, Paman.
Adipati Buntar : Nanging pitungkase Paman.... Ati-ati! ... Jalaran utusan saka kadipaten Lamongan
                            katone mbebayani.
Sadhoro : Nyuwun pangestunipun , Paman. (nyembah, lajeng medal)
Adipati Buntar : Kakang Patih! Pasewakan kabubarake ! (jumeneng)
(Sasampunipun nampi sembah saking sadaya ingkang rawuh, adipati medal kadherekaken garwa lan
putra.  Patih lan Tumenggung sasampunipun nyembah dampar kencana, medal saking pasewakan).



BABAK  II

Kawontenan :

Ing margi satengahing wana, Gonjang lan Wijang ngadhang Sadora.

Antawacana:

Wijang : Gonjang..! Enteni...! (kalih nututi Gonjang) Sampeyan iki ing pendhapa ninggal. Yen
                            wis rampung urusane ki mbok ya njawil.
Gonjang : Sik.., tak takon. Kowe ki mau ing pendhapa ngapa wae?
Wijang : Sepurane aku keturon.
Gonjang : Adoh-adoh saka Lamongan iki mung arep ngalih turu?
Wijang : Omonganmu kok sengak! Ning, sing penting lak panglamare ditampa.
Gonjang : Ditampa apa?
Wijang : Hla mau kanjeng adipati Bojonegoro dhawuh, lamarane ditampi.

Gonjang : Mulane ta, kuping iku dienggo ngrungokna, aja mung kanggo centhelan kacamata.
                            Kepithing mangan gelas, pasang kuping supaya jelas!
                            Lamarane mau ditampik ora ditampi. Panglamarane awake dhewe iki kalah dhisik.
                            Kalah ndhisik karo wong Tuban.
Wijang : Karo wong Tuban?
Gonjang : Iya. Saiki wis, ayo bali!
Wijang : Bali, ya bali nanging ngko dhisik.
Gonjang : Lah apa? Lha wong panglamar wis kalah ndhisik, arep apa maneh?
                            Pecut dijeplakna, bareng kebacut diapakna!
Wijang : Numpak sekuter menyang ndholok, sampeyan kuwi ketoke pinter tapi goblok!
Gonjang : Numpak sekuter rantene pedhot!
Wijang : Artine?
Gonjang : Ya ... nuntun... wong rantene pedhot.
Wijang : Panglamarane kene kalah dhisik karo wong Tuban, ora wurung yen awake dhewe
                            bali ing kadipaten Lamongan, mesthi bakal nampa pidana saka kanjeng adhipati
                            Hendrakatong. Anakmu lan bojomu arep mbok titipake sapa? Sisan gawe! Utusan
                            Tuban saiki isih ana ing kadhipaten Bojonegoro,  ayo dicegat ing papan kene! Kon
                            murungake, yen gelem diijoli bandha donyo, yen ora gelem...?
Gonjang : Yen ora gelem, ...pateni.
Sadora : (mlebet kanthi prayitna)
Gonjang : Sadhoro!
Sadora : Bener, aku sadora.
Wijang : Ooo. Iki to wonge. Jane yo ora dhuwur, yo ora gedhe.
Sadora : Yen ora kleru, Gonjang lan Wijang. Aku wis nduwe pangira yen sabaliku saka
                            Bojonegoro mesthi mbok cegat.
Gonjang : Ana kethek mangan sukun, kowe nek mbedhek kok kaya dhukun.
Wijang : Wis ora usah kakehan omong! Panglamarmu batalna! Wurungna! Kanggo ijole kowe
                            njaluk apa?
Sadora : Ijole... sirahmu tinggalen!
Gonjang : weeeeeeee (kalih nedya nempiling sadora)
(Gonjang lan Wijang ngapit ngrabasa Sadoro, ananging sadora unggul. Gonjang lan wijang mlajeng.)
Sadora : Iki kanggo piweling tumrape wong-wong Lamongan,  yen wong Tuban ora kena
                            disepelekake.(nglajengaken lampah).


BABAK  III

Kahanan :

Cemed lan Bayu gegojegan badhe kepanggih biyungipun ingkang makarya dados emban ing taman sari.  Sri Huning manggihi para emban.

Antawacana :

Bayu : Aku iki mau bar mancing nang ngebom lho Kang.
Cemed : Hla endi iwake?
Bayu : Blas... gak oleh iwak.
Cemed : Hlo kok bisa?
Bayu : Hla piye ... iwake wuueeedok thok! (ekspresi serius)
Cemed : Hah, semprulmu ...
Bayu : Hlo ... lak gak percaya, iwak segara iku wedok kabeh ... contone; iwak Makarel, iwak
                            Tuna Maya, terus ana maneh iwak cuuucuut. Hlo wedok ta?
Cemed : Iya ... iya, hla nek iwak kali?
Bayu : Yen iwak kali lanang kabeh, contone; iwak Lele, iwak Mas, lan ana maneh ... iwak
                             Muhajir.
Cemed : Mujaheeeerrr ... kok mbok gawe-gawe.
Bayu : Hla ya ben lucu, wong awak dhewe iki ditanggap... ya diutus dadi dhagelan kok.
Cemed : Iku mau crita pengalamanmu bab iwak, ... beda karo penggalamanku karo bebek.
Bayu : Kowe bar disosor bebek?
Cemed : Kok disosor, ... aku iki mau bar dienyek karo bebek.!
Bayu : Bebek kok bisa ngenyek! 
Cemed : Hlo .... iki mau lak bar pelajaran olah raga ... lancat tingggi, aku mencolot ... mak
                            bleber ... eee lha kok ... whek, kathokku suwek.
Bayu : Apes tenan iku jenenge! 
Cemed : Wis kaya ngono, ... aku mulih saka sekolah ... merga arep metu dalan aku isin, aku
                            banjur metu liwat njero kampung ... hla kok malah diadhang bebek karo ngenyek :
                            shuwek ... shuwek ...shuwek...shuwek ... shuwek ... shuwek. 
Bayu : Wah ... kewan ora duwe sopan iku! Beda karo banyak, aku iki mau ketemu banyak,
                            banyake muni: masss ...masss ... mass...mass. 
Cemed : Iku pancen suarane banyak, ora kok merga sopan.
Bayu : Padha wae, iku mau ya pancen suarane bebek. (mendel sekedhap) Sak jane awakmu
                             iki mau saka ngendi?
Cemed : Tuku gedhang, ... iki arep tak nggo nguntal obat (mameraken pisang ulin). 
Bayu : Aku njaluk!
Cemed : Aja! Iki mung kari 3, kanggo esuk siji, awan siji, sore siji.
Bayu : Aku njaluk sijiii wae. 
Cemed : Aja, iki pisang ulin ... pisang yang sangat bergizi (pamer)
Bayu : Hee ... olehmu tuku gedhang iku mau nang ngendi?
Cemed : Nang warung kidule sendhang kana.
Bayu : Hiii ...  nang endi?
Cemed : Kidule sendhang.
Bayu : Hiii ...  nang endi?
Cemed : Kidule sendhang! (nyentak)
Bayu : Ora ngono ... awakmu ngerti critane sendhang angker iku?
Cemed : Ora, awakmu ngerti?
Bayu : Ooo ... jelas ngerti, biyen ... iki jare mbahku, ana bocah cilik dolanan bal plastik sak
                            cedhake sendhang kono. Dumadakan bale bocah iku mau nyemplung sendhang mak
                            ... plung !
Cemed : Banjur bocahe piye? (serius)
Bayu : Weruh bale nyemplung sendhang, bocahe bingung (tangan maragakake bocah
                            bingung).
Cemed : Bocahe langsung nyemplung?
Bayu : Ora, ... piye ya ... olehe njelasna ... ben gampang ... tulung golekna alat peraga! 
Cemed : Iki, nganggo gedhangku wae! (nyukakaken pisang)
Bayu : (mesem, lajeng ngonceki pisang kaliyan ngucap) Bocahe cucul klambi, banjur
                            mencolot mlebu sendhang... blung (kaliyan nguntal pisang).
Cemed : Banjur keluargane apa ora nggoleki?
Bayu : Ibune nggoleki, ... ibune weruh ana klambi gemlethak sak cedhake sendhang (nuding
                            kulit pisang), ibune langsung ... 
Cemed : Ibune langsung piye?
Bayu : Alat peragane endi?
Cemed : Iki ( kaliyan nyukakaken pisang)
Bayu : Ibune cucul klambi, banjur mencolot mlebu sendhang... blung (kaliyan nguntal
                             pisang).
Cemed : Bapake, ...bapake piye?
Bayu : Bapake nggoleki, ... weruh ana klambi gemlethak sak cedhake sendhang (nuding
                            kulit pisang), bapake langsung ... 
Cemed : (kaliyan ngoceki pisang) langsung cucul klambi, terus mencolot mlebu sendhang...
                            blung (kaliyan nguntal pisang).
Bayu : He...he... awakmu kok weruh terusane? 
Cemed : Aku ki wis apal ... karo modusmu!
Bayu : Wis-wis ... saiki awak dhewe butuhe lak nggoleki Biyung, biasane Biyung iku ... yen
                            wayah ngene iki ... wis rampung anggone nyambut gawe.
Emban I lan 2 : (mlebet)
Emban I : Eee anakku cah nggantheng! Mrene...mrene...?
(Cemed badhe nyedhak, dipenggak Bayu)
Bayu : He ... aja ngawur!!! Sing bergizii ... iku biyungku!!! (nyedhak Emban I)
                            Wonten dhawuh ... kanjeng ibu? (kaliyan nyembah)
Emban I : Puja pangestuku tampanana ya putraku!
Emban II : Halah ... gayane kaya wong ningrat, awak dhewe iki dadi emban ... aja sok kemlinthi!
Cemed : Hlo ... Biyung iki penggaweyane dadi emban ta? Jare dadi guru?
Emban II : Huss ... dadi guru iku yen wayah awan, yen wayah ngene iki ya dadi emban.
Emban I : Dadi emban iki wae ... liwat seleksi ketat ... tak rewangi melu audisi ping bolak-balik
                            ... lagi lolos.
Bayu : Kanjeng ibu, ... menawi dipun keparengaken kula kepingin dolanan ing taman sari.
                            (serius lagak pangeran)
Emban I : Ya...ya...ya... dak keparengake (serius lagak ratu).
Cemed : Semanten ugi kula Biyung, kula inggih badhe dolanan ing taman sari.
Emban II : E.. ya ...ya...muga-muga besuk bisa dadi satriyaning negara. Anake emban ora kudu
                            dadi emban. Anak emban muga bisa dadi jutawan.
(Bayu lan Cemed medal nengen, kalajengaken mlebetipun Sri Huning saking kiwa )
Sri Huning : Iki mau kewajibane wis rampung kabeh, aku tak takon ya! Miturut awakmu wong
                           sakmene akehe iki, sapa sing bagus dhewe?
Emban I : Ingkang paling bagus? Wonten, Ndara.
Sri Huning : Sapa iku?
Emban I : Niku, guru Bahasa Daerah kula rumiyin engkang kados Roma Irama satriya bergitar !
Sri Huning : (gemujeng) Nanging iku lak dhek biyen, nalika awakmu isih sekolah.
Emban II : Kanggene kula, sing paling bagus nggih Justin Beeber.
Sri Huning : Yen kanggomu pancen bagus, nanging kanggoku ya ora. Isih bagus prodhuk dalam
                           negeri.
Emban I : Inggih ndara, Justin Beber niku lambene tipis, isih bagus Aliando bintang Ganteng-
                           ganteng Srigala.
Emban II : Miturut saking pamanggih kula, wonten ing kadipaten Tuban menika ingkang paling
                           bagus niku Raden Sadoro.
Sri Huning : Kabeh kleru. Yen aku sing ngarani, ing kadipaten Tuban kene, sing paling bagus ya
                            Kakang Mas Wiratmoyo. Pasuryane bagus, eseme manis, pakulitane putih, pawakane
                          gagah pideksa. Piyantune kuwi, aluuus banget. Nanging Yu, apa bisa aku
                          mbesuk sesandingan dadi manten karo Kang Mas Wratmaya.
Wiratmaya : (mlebet saking wingkingipun Sri Huning) Bisa, Sri Huning!
Sri Huning : Ooo Kang Mas Wiratmaya, Panjenengan rawuh kok ngeget-ngegeti!
Wiratmaya : Iki Mau aku lagi bae nggladhi para prajurit, arep bali ing ndalem kasatriyan liwat
                            taman sari weruh awakmu banjur mampir.
Emban I + 2 : Nuwun sewu kula badhe teng wingking, makani kucing. (medal)
Sri Huning : Nanging nuwun sewu, Kangmas Wiratmoyo. Kenging menapa panjenengan lajeng
                            ngendika bisa. Bisa menapa kangmas?
Wiratmaya : Aku iki mau krungu pitakonmu, banjur dak wangsuli bisa. Aku kandha kaya
                            mengkono kuwi ana dhasare.
Sri Huning : Dhasaripun?
Wiratmaya : Sliramu nduweni panemu yen antarane Wiratmaya (nuding saliranipun piyambak)
                            karo Sri Huning (nuding Sri Huning) ora bisa urip jejodoan iku lak amerga kaiket tali
                            sedulur. Kakang lan adhi.
Sri Huning : Estunipun lak makaten ta kang mas.
Wiratmaya : Dadia sumurup ira, sejatine ing antarane awak dhewe iki dudu dulur tunggal bapa
                            apadene biyung. Sri Huning iku sejatine putra Wangsapati  abdi kinasihe Eyang
                            Ronggolawe. Amarga saking gedhene lelabuhane wong tuwanira, mula dening
                            kanjeng rama sira kaangkat minangka putra.
Sri Huning : Dados, sejatinipun kula mboten kadangipun panjengengan dalem. Nanging kula
                            namung yuganipun Ki Wangsapati (lenggah kalih nyembah). Kanjeng Pengeran,
                            menawi mekaten kula nyuwun duka, awit ngantos menika kula kumawantun kirang
                            duga prayoga wonten ngarsa Panjenengan.
Wiratmaya : Kanthi dhasar kuwi mau, mula aku kandha yen Sri Huning bisa sesandhingan dadi
                            temanten kelawan Wiratmoyo.
Sri Huning : Ooo mekaten kang mas.
Wiratmaya : Sri Huning, suwe banget anggonku mendem rasa iki. Nganthi ra kuat anggonku
                            ngempet. Rina lan wengi sing katon mung wewayanganmu cah ayu. Mula kanthi iki,
                            aku blaka marang sliramu yen satemene  aku tresna marang sliramu.
Sri Huning : (jumeneng) Kang mas Wiratmoyo, mboten namung panjenengan ingkang tresna.
                            Kula ugi tresna dhateng panjenengan
Wiratmaya : Mak nyes... Kaya kesiram banyu sewindu rasane atiku. (ngregem astane Sri Huning)
                            Rungokna, ing dina iki aku bakal prasetya! Kanggoku, luwih becik mati tinimbang
                            aku ora bisa jejodoan karo sliramu Sri Huning.
Sri Huning : Kangmas Wiratmoyo, kula ugi sumpah. Manawi kula mboten saged dedaupan
                            kaliyan panjenengan, langkung sae kula pejah ing palagan paprangan.
(Sinarengan gendhing “Sri Huning mustikaning Tuban”, Wiratmaya lan Sri Huning langen asmara. Nalika Wiratmaya badhe ngaras palarapanipun Sri Huning, ketungka rawuhipun  Adipati Siralawe,Prameswari, lan sadora)
Siralawe : Wiratmaya, kowe iki lagi ngapa?
Wiratmaya : (kaget) Oh...Kanjeng rama. Niki, anu ... kula badhe nyebul mripatipun Sri Huning.
Sri Huning : (nguceg-uceg mripat) Inggih rama, niki wau kula klilipen.
Siralawe : Ooo... ngono ta(manggut-manggut), sapa wong tuwa sing ora marem atine ngenggar-
                            enggar ing Taman Sari diadhep putra telu, sing kakung bagus, sing putri ayu.
Prameswari : Menawi ningali para putra sampun ngancik dewasa, kula kok kepingin enggal-enggal
                            momong putu ta kanjeng
Siralawe : Iki mapan kabeneran, sing bakal tak rembug iki ora sisip karo kepinginanmu
                            Prameswari. Lha ngene Wiratmaya, anane Rama nganti rawuh ana ing Taman Sari
                            iki ana kawigaten.
Wiratmaya : wigatos menapa?
Siralawe : Gatekna,  rama iki umpama srengenge wis adoh kelawan pletheke, caket
                            marang surupe. Mbesuk sak wayah-wayah rama kapundhut, sira kudu lenggah
                            anggenteni rama minangka Adhipati ing Tuban. Minangka srengenge sira kudu
                            disandhing karo rembulan, supaya bisa dikupengi lintang-lintang.


Wiratmaya : Ingkang dipun kersakaken kanjeng rama?
Siralawe : Sakdurunge sira nggenteni kanjeng rama, sira kudu rabi dhisik.
Sadora : Nurut mawon kangmas, menika prentah ingkang penak kok.
Wiratmaya : Rama... punapa dene ibu sesembahan kula. Kula ngaturaken gunging panuwun, dene
                            panjenengan tansah wigatosaken dhateng kula. Minangka putra, kula namung
                            ndherek panjenengan mawon.
Siralawe : Wong atuwamu, ya rama lan ibu wis nyepakake calon bojo kanggo sliramu, bocahe
                            ayu, lencir kuning.
Sadora : Leres lho kang mas, kula menika seksinipun, pokokipun bap rupa ... jan jos tenan.
Prameswari : Calon bojomu iku isih tumiba sadulurmu dhewe.
Wiratmaya : Wah, taksih sadulur kula piyambak (nyawang Sri Huning)?
Siralawe : Iya, putrane adhipati.
Wiratmaya : Pawestri punika naminipun sinten? Saking pundi, Rama?
Siralawe : Wiratmaya, calon garwamu jenenge  Kumala Retno, Putri ing kadhipaten
                            Bojonegoro. Putrane pamanmu Adhipati Buntar Lawe.
Wiratmaya : Kumala Retna saking Bojonegoro?
Siralawe : Ya... ana apa, sak wise Rama paring dhawuh yen bakal bojomu iku Kumala Retno
                            kok sajake awakmu kurang sreg?
Prameswari : Wiratmaya, ndhereka apa sing dadi kersane Ramamu. Calon garwamu kuwi wis dititi
                            bobot, bibit, lan bebete.  Kumala Retno kuwi pantes yen dadi garwamu, Wiratmaya.
Wiratmaya : Kepareng matur, menawi kula angsal nyuwun, kula nyuwun mboten
                            dipunjodhokaken kaliyan Kumala Retno.
Siralawe : Haei...!!!  piye, ...kowe emoh dijodhokake? Nanging coba,...coba, apa jalarane
                            (duka)!
Wiratmaya : Kula dereng nate mangertos sinten toh Kumala Retno. Kula dereng nate
                            pepanggihan, inggih menawi toh Kumala Retno menika putri ingkang sae, menawi
                            mboten? Mangke menawi kula nggantosi kalenggahanipun rama minangka Adhipati
                            Tuban, lajeng putri ingkang kula angkat Prameswari mboten kula tresnani, kados
                            pundi Rama?
Siralawe : Kowe ra gelem!!!!! Uhuk, uhuk, uhuk (cekoh/watuk astanipun meteg dhadha).
Prameswari : Wiratmoyo, coba persanana Rama dalah Ibu wis tuwa, ngger. Tak suwun aja nganti
                            nglangkahi apa sing dadi kersane Rama lan Ibu. Persanana Ramamu wis sepuh.
Wiratmaya : Nanging kula mboten tresna (kalih nyembah ndhingkluk)
Prameswari : (pinarak mrepegi Wiratmaya) aja ngger! aja nganti nglangkahi apa sing dadi kersane
                            Rama lan Ibu. Mesakake Ramamu. Ramamu gerah, Ngger. Rama lan ibu kepingin
                            bebesanan karo Pamanmu. Kanjeng ramamu kepengin ngumpulake balung kang
                            pisah , supaya Tuban lan Bojonegoro bisa nyawiji.
Siralawe : Wis,... wis,...Wiratmaya, ngertenana ya ngger. Petungan iki satenane wis dumadi.
                            Kenthinge dhedhaupan mbesuk dina Respati Manis, dadi mung kari sawetara dina.
                            Ya...ya.. ora apa-apa, nek ngono piwalesmu marang wong tuwa.
                            Kanggo kowe Wiratmoyo, lan  seksenana sekabehane!
Sedaya (koor) : Nuwun inggih!
Siralawe : Aku dicempalani anakku dhewe,  bocah ora manut karo wong tuwa. Wangsulane
                            Wiratmaya mau nabet lara ing atiku. Mula, mbesuk yen aku tumeka ing pati,
                            Wiratmaya aja nganti pisan-pisan nyedhak kuburanku!
Sri Huning : Rama! Ampun ngendika ngaten rama! (muwun)
Siralawe : wis aja nangis.
Wiratmaya : Rama, ampun dhawuh ingkang makaten.(kendel sekedhap) Inggih, inggih, kula
                            mboten kepingin dipunwastani anak ingkang duraka marang wong tuwa. Inggih,
                            kangge kalenggahan Tuban,.. kula sagah.
Siralawe : Sagah piye?
Wiratmaya : Kula purun kaliyan Kumala Retno.
Siralawe : Hee? Kowe sanggup tenan? Kawit mau mbok ya kaya ngono. Mbesuk kowe caket
                            ing kuburanku ora apa-apa.
Wiratmaya : Nanging mbenjang yen wonten temanten sepasar bubar,.. niku kula.(lajeng medal)
Siralawe : lho, sik ta. Dirembug dhisik!
Prameswari : Wiratmaya!


Sri Huning : Kangmas! (badhe nututi)
Siralawe : Huning, saiki ora usah mbok tututi!  Mengko yen wis rada lerem atine, cedhakana
                            kangmasmu, reripihen supaya yen dadi temanten mbesuk aja nganthi sepasar bubar.
                            Dikandhani sing apik. Saiki ayo kabeh padha ngaso sowang-sowang. (sedaya
                            ndherekaken Siralawe medal)


BABAK  IV


Kawontenan:

Ing pendhapa kadhipaten Lamongan, Adipati Hendra Katong kaadhep patih Hendrapati lan
Tumenggung.

Antawacana:

Hendrakatong :  Sawising lenggah para nayaka praja lan sentana. Ing kene aku kepingin mangerteni
                              kahanane Kadhipaten Lamongan, mula ... sira Patih enggal matura!
Patih :  Kanjeng Adhipati, para nayaka praja sampun netepi dhateng kewajibanipun
                              piyambak-piyambak. Mboten wonten ingkang nglirwakaken dhawuh, gusti.
Hendrakatong :  Tumatanane kabeh para Nayaka Praja lan para kawula iku gumantung marang kabeh
                              nayaka praja anggone sengkut makarya. Ayo kabeh padha tenanan bareng-bareng
                              ngangkat drajate kadhipaten Lamongan.
Tumenggung :  Sedaya nayaka praja lan kawula tansah ngestokaken sabda pangandhikanipun
                              kanjeng Adipati Hendrokatong.
Hendrakatong :  Pancen yen dak pirsani, sakabehing para nayaka praja ora ana sing wani ninggalake
                             pasowanan, ora ana sing wani nerak tatananing negara. Yen pancen isih ana nayaka
                             praja sing wani nerak marang tatanan, sira sing dak paringi panguasa, paringana
                             pidana marang nayaka praja iku.
Tumenggung :  Nuwun Inggih gusti.
Hendrakatong :  Patih, apa durung ana pakabaran, ngenani bab anggonku utusan senopati Gonjang
                             lan Wijang tumuju ing Bojonegoro.
Patih :  Nyuwun pangapunten, kanjeng. Ngantos ing kalenggahan menika kula piyambak
                             dereng mireng pakabaran anggenipun kanjeng Adipati utusan Gonjang menapa dene
                             Wijang.
Hendrakatong :  Mangka yen dietung, wis telung ndina anggone aku ngirim utusan. Yen pancen iki
                             mengko ora teka ing papan kene,  sira kudu nyusul. Jalaran selak ora betah anggonku
                             ngempet kepingin ngrabi Kumala Retna.
Patih :  Inggih, kanjeng.
Hendrakatong :  Yen nganti kesuwen anggonku mbujang, apa ora eman-eman ngganthengku iki!
Tumenggung :  Ooo eman sanget, panjenengan menika Adhipati taksih mudha, bagus, sekti mandra
                             guna, hla kok mboten kagungan garwa. Kula mawon,... bojo kula enem kok gusti.
Hendrakatong :  Bojomu enem,... hla banjur kepriye anggonmu ngatur?
Tumenggung : Gampil, seminggu niku lak pitung ndinten. Dados senen ngantos sabtu, saben ndinten
                             setunggal.
Hendrakatong :  Banjur minggune?
Tumenggung :  Minggu turun mesin, dipun tune up rumiyin, ganti oli. 
Hendrakatong :  Ha..ha..ha, kowe iku kok ana-ana wae. Sejatine, garwa selir ingsun iki ya wis akeh,
                             nanging durung ana sing pantes dak angkat dadi prameswari.
Gonjang+Wijang: (mlebet, nyembah lajeng lenggah)
Hendrakatong : Gonjang lan Wijang, lagi wae dadi rembugan, kowe saiki wis teka. Piye nalika
                             semana sira sakarone dak utus nglamar ing Bojonegoro, ditampa apa ora?
Gonjang : Nyuwun pangaksamanipun kanjeng Adhipati. Panglamaranipun dipuntampik,
                            kanjeng.


Patih : Ditampik, apa ora mbok kandhakake yen adhipati Hendrakatong iku priyayine bagus,
                            nggantheng kaya Arjuna.
Hendrakatong : Jlentrehna,...  jlentrehna,... kandhakna,... kandhakna, ... apa jalarane Hei! (duka) Yen
                             bab nggantheng, bagus, dak kira ora ana sing nandhingi aku, yen bab donya ora ana
                             sing ngungkuli sugihku, yen bab elmu ora ana sing nandhingi kasektenku!
Wijang : Jalaran panglamaranipun kalah rumuyin kaliyan panglamaran saking Tuban.
Hendrakatong : Kalah disik karo saka Tuban?
Wijang : Malah dinten kenthingipun dhedhaupan sampun katetepaken dinten respati manis.
                            Nanging kula mboten kirang akal, kula mbudidaya, panglamar saking Tuban, kula
                            cegat, kula suwun, supados Kumolo Retno saged kula boyong wonten ing Lamongan.
Hendrakatong : Bagus, pinter kowe!
Gonjang : Kula lan gonjang ngantos tandhing kalih sadora utusan Tuban.
Hendrakatong : Kowe menang, kowe menang, iya ta!
Wijang : Kula kawon!
Hendrakatong : Guoblok kowe, ngisin-isine, kowe senopati agul-agule Lamongan hla kok kalah karo
                            wong Tuban.  Patih! Iki kriwikan dadi grojogan. Tuban karo Bojonegoro wis wani
                            ngina Lamongan.
Patih : Kersanipun kanjeng Adhipati?
Hendrakatong : Siagakna sakabehe para prajurit! Ing dina kenthine dhedhaupan, Bojonegoro lan
                            Tuban gawe karang abang! Tumpes sacindhil-cindhile!
(medal kadherekaken para nayaka)

BABAK V

Kawontenan:
Ing pendhapa kadipaten Bojonegoro, nembe dipun wontenaken pahargyan dhaupipun Wirataya kalih
Kumala Retno.

Antawacana:
(sasampunipun sadaya samekta ing pagelaran)
Penghulu : Dhumateng Raden Wiratmoyo, saha Raden Ajeng Kumolo Rento. Wiwit dinten
                            menika sampun ngancik dhateng pagesangan enggal. Awit samenika sampun
                            kawiwaha, handika kalih dados ponang temanten, kanthi menika sampun nganthos
                            wonten raos mengo ngiwa lan nengen. Raden Wiratmoyo ngertose namung Kumala
                            Retno, putri kang sejati. Mekaten ugi Raden Ajeng Kumolo Retno, ora ana pria sing
                            ditresnani kejaba garwane panjenengan, inggih Raden Wiratmaya. Manawi wonten
                            bab ingkang kirang prayogi, ampun ngantos dipundadosaken bentheting jejodhoan.
                            Mangga dipunrembag kanti sae, utawi dipunsuwunaken pamanggih dhumateng para
                            sepuh. Mugi-mugi ngersanipun Gusti ndadosaken perkawinanipun panjenengan
                            dados banyu suci engkang saged ngocori nusa, bangsa lan agami. Namung semanten
                            anggen kula saged maringi ular-ular. Salajengipun, kula pasrahaken dhateng Adipati
                            saking Tuban lan Bojonegoro.
Buntarlawe : Mangga kangmas, yen wonten kepareng panjenengan maringi ular-ular dhateng para
                            putra.
Siralawe : Matunuwun adiku Buntarlawe. Kanggo temanten, mbacutke ngendhikane Bapa ajar
                            sing ora ana lupute, sedhela maneh ngancik marang samodraning asmara. Eling
                            ngendikane para pinisepuh, kaki lan nini. Para pinisepuh nate ngendhika yen kowe
                            golek bojo, lekna mripatmu, jerengen kupingmu. Nanging yen wis oleh bojo, picakna
                            mripatmu lan budhegna kupingmu. Ngger, tetembungan iki kasar. Nanging yen
                            dirasakake kanthi meneping ati, iku tenane mawa surasa kang adiluhung. Lekna
                            mripatmu, sawangen calon bojomu iku ayu apa ora, bagus apa ora. Jerengen
                            kupingmu, rungokne piye pakartine lanang lan wadon. Yen wis manunggal ing karep,
                            picakna mripatmu, bener Bapa Ajar sing ngarani ora ana wong sing ayu lan bagus
                            kejaba bojomu. Budhegna kupingmu, sawise mangun bebyaran kaki lan nini, aja


                            nganthi kapilut marang parawaduling liyan, sing nggawa pecahing bebyaran. Muga-
                            muga sabdane Rama iki migunani ya ngger, lan dadi kekancing anggonmu bebrayan.
Buntarlawe : Dhumateng para tamu, mangga katuran lenggah jalaran badhe kawula suguhaken
                            budhaya saking kadipaten Tuban ingkang dipuntindakaken dening Putri Tuban, Sri
                            Huning.
(sri Huning kadherekaken para emban, nyuguhaken bedhayan. Dereng ngantos rampung anggenipun
mbeksa Sri Huning dhawah, kaangkat dening Wiratmaya lan para emban. Sasampunipun menika
wonten caplak lan cuplik mlebet) 
Caplak : Kula... kula... nuwun sewu, ndara.
Siralawe : Kowe caplak lan cuplik...sajak prenggosan...ana apa?
Cuplik : Dhateng njawi wonten geger. Kita kedugenan mungsuh saking Lamongan. Ngamuk
                             -ngamuk.
Caplak : Niku njaluk ndara ayu Kumala Retno. Nek mboten diwenehake, pendhapa ajeng
                            diobong.
Buntarlawe : Hei! Kabeh para prajurit kepriye?
Cuplik  : Kathah prajurit ingkang pejah, sanesipun sami mlajeng, ajrih kalih Adipati
                            Hendrakatong!
Buntarlawe : wadhuh, lajeng kados pundi kang mas? Lha kok kedadosane saged kados ngaten
                            kang mas?
Siralawe : Aku wis nggawa sak bergada prajurit saka kadipaten Tuban. Sadhoro! sak bergada
                            prajurit lombok abang saka kadipaten Tuban dadekna siji karo prajurit kadipaten
                            Bojonegoro.
Sadora : Nyuwun tambahipun pangestu, Rama! (Nyembah, bidal perang)
Buntarlawe : Sing ati-ati ya le! (Lajeng ngacarani sedaya ingkang rawuh medal saking pendhapa)

BABAK  VI

Kawontenan:
Ing Tamansari Bojonegoro, Wiratmaya rembagan kalih Kumala retno, Wiratmaya tansah mendel
nyingkur Kumalaretno.

Antawacana:
Kumalaretno : Kakang mas Wiratmoyo, sampun kalih dinten menika kula dhedhaupan kaliyan
                            panjenengan. Mesem ta, mesema. Panjenengan menika wontenipun namung
                            nyingkuuuur kemawon. Jan-janipun wonten menapa ta kangmas? Menapa kirang kula
                            lelados dhumateng panjenengan. Kula kinten, kula mboten kirang lelados dhumateng
                            panjenengan, kang mas Wiratmaya.
Wiratmaya : Sing gedhe pangapuramu. Anggonmu leladi ora ana sing nguciwani. Nanging kang
                            ndadekake ganjelane atiku, aku durung bisa mekso rasaku. Aku durung bisa ngladeni
                            karepmu ing bebrayan, nyecep maduning katresnan sawising dadi temanten. Kabeh
                            mau kerana, Ni Mas Kumolo Retno isih kapetung kadangku dhewe.
Kumalaretno : (Nyedhak Wiratmaya, kalih nyepeng astanipun) Kang mas Wiratmaya, inggih kula-
                            panjenengan menika taksih kadang. Ning nyatanipun kanjeng Rama sampun
                            njodhokaken kula kaliyan panjenengan. Kang mas Wiratmoyo, kepareng matur,
                            nggih. Panjenengan menika mboten saged lelados kaliyan kula menika mboten
                            babagan panjenengan mboten saged.
Wiratmaya : aku njaluk waktu sethithik kanggo nyinaoni marang rasaku iki. Aku bakalan
                            mbudidaya nyuargakake wong wadon. Aku bakal mbudidaya supaya karepe
                            anggonku jejodohan karo sliramu, tanpa ana bedane kaya Rama lan Ibu. Nanging aja
                            saiki. Aku njaluk pangapura.
Kumalaretna : Nggih sampun kang mas. Kula mangertosi, panjenengan menika mboten saged nampi
                            kaliyan katresnan kula, lan njenengan mboten saged lelados kaliyan kula, kula
                            mangertosi kang mas. Menika kula tingali saking pasuryan panjenengan. Saking


                            tindak tanduk panjenengan, panjenengan nggadahi satunggalipun wanita ingkang
                            panjenengan tresnani.
Wiratmaya : Balenana tembungmu kang pungkasan!
Kumalaretna : Panjenengan menika nggadahi satunggalipun wanita ingkang panjenengan tresnani.
Wiratmaya : Bener (manteb).
Kumalaretna : Leres? Saestu kangmas?
Wiratmaya : Mula saka iku saktenane nggonku ora gelem didadekake temanten, kabeh mau
                            perkara kepeksa. Rasaku dipeksa. Satenane aku durung bisa nresnani marang sliramu.
Kumalaretno : Kang mas, kula ugi kerana kapeksan. Nanging kula nrima dhedhaupan menika.
                            Kangmas! Menawi ta panjenengan nrisnani wanita sanes, sinten wanita menika kang
                            mas? Sinten?
Wiratmaya : Mengko yen aku ngandhakke sapa saktenane jenenge bocah wadon sing dak tresnani,
                            Ni Mas Kumala Retna bisa nampa?
Kumalaretna : Inggih, kula badhe sagah nampi, kang mas.
Wiratmaya : Bocah wadon kang dak tresnani iku jenenge...
(Ketungka rawuhipun Buntarlawe, Siralawe, lan para prameswari, nanging Kumalaretna tetep
nglajengaken pitakenipun)
Kumalaretna : Sinten wanita kala wau?
Wiratmaya : Sstttt, ana Rama.
Kumalaretna : Sinten kangmas, sinten?
Wiratmaya : Halah, liya dina lak isa toh.
Buntarlawe : Wiratmoyo lan Kumala Retno, sing gedhe pangapuraku dene Rama kelawan ibu
                            nyaruwe anggonmu lagi padha suka pari suka.
Wiratmaya : Mboten menapa-menapa Rama.
Siralawe : Adi Buntarlawe, sing tak karepake lak ya ngene ki. Temanten iki bisa rukun.
Buntarlawe : Sebenere ana salah sawijining bab kang wigati. Kadipaten Bojonegoro ing
                            kalungguhan iki ketekan mungsuh saka Lamongan.
Wiratmaya : Perkawisipun menapa, kok ngantos Bojonegoro kedugen mangsah?
Buntarlawe : Rikala semana lak ana penglamar saka kadipaten Lamongan kang aran Adipati
                            Hendrokatong. Dheweke nyuwun garwamu. Nalika semana ora dak wenehake. Jebule
                            saiki nggawe geger.
Wiratmaya : Menapa sampun kelampahan perang?
Buntarlawe : Aa ya wis, kabeh para prajurit ing kadipaten Bojonegoro bosah-baseh.
Wiratmaya : Nanging niku lak gampil.
Buntarlawe : Gampang piye?
Wiratmaya : Niku gampil, kanggenipun Wiratmaya. Perkawisipun cetha Kumolo Retno. Lha
                            nggih Kumolo Retno kemawon dipunaturaken Hendrokatong lak rampung.
Siralawe : Haa..!!!!  Wiratmaya, apa kaping pindho iki anggonmu bakal mbeberake wiranging
                            rama. Kowe kuwi wayah Ronggolawe. Isin Rama iki.
Wiratmaya : Rama, menika namung pamanggih. Nanging yen mboten diparengake nggih mboten
                            Menapa-napa ta.
Siralawe : Wah, penak temen wangsulanmu marang Rama. Wiratmaya, Eling lelakone
                            Eyangmu Ronggolawe kaya ngono, lha kowe kok kaya ngene. Nek aku dadi kowe,
                            sadumuk bathuk sanyari bumi, pati dilakoni.
Wiratmaya : Lha kula kedah kados pundi?
Siralawe : Budhala perang!
Wiratmaya : Ooooo, kula kedah perang. Nggih, nyuwun pamit kula badhe perang (kalih nggloyor
medal).


BABAK VII

Kawontenan:
Ing palagan paprangan, Srihuning ingkang ngagem busana prajurit kepanggih Wiratmaya


Antawacana:

Sri Huning : Panjenengan badhe tindak dhateng pundi, kangmas?
Wiratmaya : Sriii.......(kalih maspadhakaken)
Sri Huning : Inggih, kula Sri Huning. Wonten menapa kok sajakipun ngumun, kangmas?
Wiratmaya : Kowe arep ing ngendi?
Sri Huning : Kangmas, antawisipun Tuban kaliyan Lamongan menika wonten paperangan.
                            Panjenengan badhe.....
Wiratmaya : Aku bakal mangsah yuda, mbalikake krodhane wong saka Lamongan.
Sri Huning : Nuwun sewu kang mas Wiratmoyo, panjenengan menika temanten enggal. Mboten
                            angsal medal. Mila kang mas, mangga kula aturi sesarengan eca-ecanan kaliyan kang
                            mbok Kumala, kula ingkang badhe mbelani Tuban kangmas.
Wiratmaya : Aja, Sri Huning. Senajan lairku ana ing Bojonegoro kelawan  Kumalaretna, nanging
                            batinku tresna sliramu.
Sri Huning : Nanging mboten kangmas, kula badhe bidhal (mlajeng).
Wiratmaya : Sri Huning (nututi)



BABAK VIII

Kawontenan:
Ing palagan, perang campuh antawisipun Lamongan kalian Tuban Bojonegoro taksih lumampah. Sri Huning kepanggih Hendrakatong.

Antawacana:
Hendrakatong : Hahahahahaha..... apa wis kentekan prajurit?
Sri Huning : Ora!
Hendrakatong : Wujudmu wadon ngaglah ing tengahing palagan. Sumingkira ketimbang kowe dadi
                            bangke. Apa kowe dak pek bojo pisan.
Sri Huning : Senajan ta aku iki wanita, nanging aku senopati saka Tuban. Hendrakatong! Kowe
                            balia menyang Lamongan.
Hendrakatong : Ha..ha..ha..ha..... kepenak temen nggonmu ngomong. Yen kowe ora gelem sumingkir
                            saka kene mati dening aku.
Sri Huning : Aku gelem sumingkir saka papan kene yen aku wis nglangkahi bathangmu.
(paprangan antawisipun Sri Huning kaliyan Hendrakatong. Sri Huning kenging pusaka prajurit
pangapit Hendrakatong. Wiratmaya rawuh ing palagan manggihi Sri Huning badhe pejah, Sadora
ngunduraken prajurit Lamongan)
Wiratmaya : Sri Huning..... Sri Huning....(mangku mustakanipun Sri Huning).
Sri Huning : Kang mas Wiratmaya.
Wiratmaya : Rama, kados pundi menika, Rama?
Sri Huning : Kangmas, kula tresna kaliyan panjenengan. Kula rantos panjenengan wonten ing
                            lawang swargo (pejah).
Sedaya : Sri Huning...!!!
Kumala Retno : Kangmas Wiratmoaya, mboten sisah panjenengan paring pawangsulan. Ing mriki
                            kula sampun mangertosi sinten toh wanita ingkang panjenengan trisnani. Nanging,
                            sami-sami wanita, nyatanipun Kang Mbok Sri Huning lila memungsuhan kaliyan
                            Lamongan ngantos piyambakipun pejah. Kang mas Wiratmoyo, nggih kados mekaten
                            ingkang dipunwastani mustikaning Tuban. Nanging kang mas, panjenengan menika
                            satria ing Tuban, panjenengan Senopati ingkang kondhang. Nanging panjenengan
                            namung satria ingkang kondhang kemawon, nyatanipun panjenengan wedi ing getih.
                            Menapa kados makaten wayahipun Ronggolawe? Kang mas Wiratmoyo, menapa
                            wonten macan anak-anak kucing ....
Wiratmaya : Cukup!!! (duka), aku bakal mbuktekake yen aku Wiratmaya, wayah Ronggolawe


                            dudu kaya sing mbok kandhakake. Aku bakal budhal perang. Nanging yen aku gugur,
                            ora kanggo kowe. Nanging kanggo Bojonegoro lan Tuban utamane Sri Huning.
                            (mlajeng perang)
Kumalaretna : (muwun) Nyuwun pangapunten Rama Sirolawe .
Siralawe : Sadora lan liyane,  ayo layone Sri Huning diupakara
(Sadora, kabantu prajurit ngangkat layonipun Sri Huning, kaderekaken sedayanipun medal saking pagelaran)


BABAK  IX

Kahanan:
Wiratmaya ngamuk punggung, kathah prajurit lamongan ingkang pejah, lajeng kepanggih Hendrakatong.

Antawacana:
Hendrakatong : Tandangmu ngedhap-edhapi, dudu manungsa sembarangan sapa kowe!
Wiratmaya : Aku Wiratmaya, senopati Tuban, wayah Ronggolawe!
Hendrakatong : Ooo iki Wiratmaya, ya kowe iku sing dadi pepalangku... Ngene! Bojomu ya Kumala
                            retna tak jaluk!
Wiratmaya : Yen ngono, kowe Hendrokatong!
Hendrakatong : Benerr, aku Hendrokatong.
Wiratmaya : Kanggoku Kumalaretna dudu perkara, nanging saiki aku nagih piwales patine Sri
                            Huning. (Mlumpat ngrabasa Hendrakatong)
(Hendrakatong kasil dipikut dening Wiratmaya, dumadakan Wiratmaya kepireng swantenipun Sri
Huning)
Sri Huning : (namung swanten) Kang mas Wiratmaya, kang mas Wiratmaya dak anti ing lawang
                            swarga kang mas.
Wiratmaya : Sri Huning... Sri Huninggg.... kowe cah ayu (lali ing kaprayitnan)
(Hendrakatong saged uwal, lajeng nyuduk Wiratmaya, Hendrakatong dipun pejahi Sadora. Wiratmaya
dereng pejah dipun pangku sadora ).
Sadora : Kangmas...... kangmass..... Rama, kangmas Wiratmoyo, Rama.....
Wiratmaya : Aku njaluk pangapura sing gedhe. Kumala. Rama saha Ibu, yen kula gadhah lepat,
                            nyuwun pangapunten sak kathah-kathahe. Kula anak ingkang duraka kaliyan
                            panjenengan, nanging kula mboten saged mbujuki raos kula. Kula namung tresna
                            marang Sri Huning. Kumala Retno lan kowe sadora!
Kumalaretna : Nggih, kangmas Wiratmoyo.
Wiratmaya : Turutana panjalukku kang pungkasan.
Sadora : Inggih kang mas.
Wiratmaya : Senaoso Kumala Retno sampun dados garwa kula, senaoso kula sampun daup kaliyan
                            Kumala Retna, nanging,... (ngempet sakit) nanging, Kumala Retna taksih suci. Kula
                            nyuwun, ampun dados gempiling manah, sageda lan mugi kalilanana. Kula nyuwun
                            Sadora dipundgaupaken kaliyan Kumala Retna.
Siralawe : Kumala Retna rabi karo Sadoro?
Wiratmaya : nggih.
Siralawe : Ya!

Tancep kayon





Para Paraga:
Adipati Buntarlawe : Ahmad Junaidi
Garwa Prameswari : Muntiani
Patih Setyo Yudo : Supriono
Tumenggung Yudo P. : Burhanudin
Dewi Kumoloretno : Sinta Hidayatul
Senopati Gonjang : Heris Rudianto
Senopati Wijang : Gilang MP
Sri Huning : Okki Putriani
Emban I : Elsa Fitria R.
Emban II : Novia Ganda
Raden Wiratmoyo : Edo Yogi S.P.
Adipati Sirolawe : Suwandi
Prameswari Tuban : Beta Gunarti
Adipati Hendrokatong : Debby Rizka F
Patih Hendropati : Hartono
Raden Sadoro             : Gofil Bil Biki
Prajurit Bojonegoro : Andik
Lawak I : Angga Hendra N
19. Lawak II : Joni Pranata
20. Ki Ajar : Deny Prasetya
 Tumenggung          : Sulistya Agung



Tidak ada komentar:

Posting Komentar