JAKA SAMBANG
(PENDHEKAR PEJUANG KAMARDIKAN)
(KANGGIT DENING: AKHMAD WINARTO)
BABAK I
Paraga: 1) Lurah Abilowo, 2) Carik Bargowo
Kahanan:
Lurah Abilowo cariyos dhateng Carik Bargowo, bilih panjenenganipun kangen dhateng Sutinah (adhik sapeguron ingkang samenika dados garwanipun Lurah Bargowo ing Gunung Gangsir).
Setting : Ndalem Lurah Abilowo ing Panderejo nalika zaman Walandi.
Antawacana:
L. Abilowo : (mlebet saking kanan panggung) Kene Rik ... ! Lungguha ... !
C. Bargowo : (mlebet saking keri panggung, swantenipun santak/tegas) Inggih, kula ingkang
sowan Gus! (lenggah) Kok njanur gunung ... kadingaren ... malem Jemuah Kliwon
Panjenengan nimbali kula. Menapa wonten ingkang wigati Gus? Menapa
panjenengan badhe ngutus kula masang tumbal malih?
L. Abilowo : Ora Rik! Wis pirang-pirang ndina aku ora bisa turu. Mangan ora doyan.
C. Bargowo : Hla yen niki kula apal.
L. Abilowo : Apal apa Rik?
C. Bargowo : Angger kahanan Panjenengan kados mekaten, tamtu panjenengan nembe nandang
wuyung, jatuh cinta.
L. Abilowo : Koen kok weruh?
C. Bargowo : Kula nyarik menika lak sampun dangu. Dados kula sampun apal lagak-lageyan
Panjenengan (nyombong).
L. Abilowo : Haa ... haa ... haa ... ora rugi aku duwe carik koyok koen iku.
C. Bargowo : Lajeng ... sinten samenika ingkang Panjenengan kersakaken? Prawan utawi
randha? Menapa kalih-kalihipun? Panjenengan kantun prentah, kula ingkang
jumangkah.
L. Abilowo : Iki dudu sing kaya biasane, ... iki luaarrr biasa!
C. Bargowo : Hlo! ... njenengan kok ketingal pesimis ngoten. Gesang niku kedah optimis!
Njenengan niku sugih ... gagah ... nggantheng, ... drajat luhur, pangkat
dhuwur! Tiyang estri panjenengan taksir, mesthi terkiwir-kiwir!
L. Abilowo : Koen isok ngomong ngono, iku merga koen durung weruh sapa wong wedok
sing tak karepna.
C. Bargowo : Hla ... sinten tiyang estri ingkang istimewa menika?
L. Abilowo : Sutinah Rik! Sutinah bojone Lurah Bintoro saka Gunung Gangsir.
C. Bargowo : Lho ... lo ... lo ... lo ... yen niku, kula mboten tanggung Gus! Pancen wonge ayu ...
cassing bagus ... pulsa paketan. Jiian ... juuooos tenan (astanipun njempol)!
Nanging niku paribasane mawar berduri. Sanese mawon Gus!
L. Abilowo : Ora Rik! Yen wong wedok liya ... aku ora usah njaluk tulung koen Rik. Aku
dhewe bisa ngrampungi masalah iki.
C. Bargowo : Awan-awan menek andha, wakul ijo kok dikurepna.
Akeh prawan akeh randha, wong duwe bojo kok dikarepna.
Golek legen ing kutha Tuban, ndhuwur gentheng ana lawane.
Yen pancen wis dadi kewajiban, Abot entheng tak lakonane.
L. Abilowo : Wis dadi rahasia umum ... yen Lurah Abilowo karo Carik Bargowo iku kaya dene
dulur kembar sigar semangka. Sabaya pati sabaya mukti. Yen ana Lurah Abilowo,
ing kono mesthi ana ...?
C. Bargowo : Carik Bhargowo...!!! (teges)
L. Abilowo : Sakliyane Lurah Abilowo, ... sing diwedeni penduduk?
C. Bargowo : Carik Bhargowo...!!! (teges)
L. Abilowo : Yen Lurah Abilowo nemoni masalah, ... sing mbantu?
C. Bargowo : Carik Bhargowo...!!! (teges)
L. Abilowo : Ing atimu mesthi thukul pitakonan,”Kena apa Lurah Abilowo kok ngarepake
Sutinah bojone Lurah Bintoro?
C. Bargowo : Inggih Gus, ... kula jiian ... bingung sanget !!!
L. Abilowo : Sabenere, aku iki wis wiwit biyen naksir Sutinah, nanging Sutinah ora gelem merga
aku iki jarene wong lanang thuk mis ... gampang ketarik bathuk klimis. Aku
ditampik, eee lha kok malah nampa Bintoro. Wis ana selawe tahun, tak kuwat-
kuwatna Rik. Nganti tak rewangi gonta-ganti pasangan, supaya bisa nglalekake
Sutinah. Eee... lha kok seminggu kepungkur, aku weruh Sutinah mudhun saka
dhokar gandhengan karo Lurah Bintoro ndhuk pasar Pasuruan. Weruh iku Rik,
jantungku rasane copot Rik. Sutinah panggah lencir kuning, ayune ... dhuh... dhuh...
dhuh ... . Tulungana aku Riiik!!!
C. Bargowo : Nuwun sewu, niki kula gadhah usul. Usul kula niki mbok menawi radi abot
sanggane, nanging niki mangke saged nguntungaken panjenengan. Perkara sing
panjenengan adhepi bakal tuntas ... tas ... tas!!!
L. Abilowo : Temen, ta Rik?
C. Bargowo : Paribasane, “Nabok nyilih tangan”. Kita bisa manfaatna Gupermen Walanda
kangge nyingkiraken Lurah Bintoro.
L. Abilowo : Carane Rik?
C. Bargowo : Sak niki Gupermen Walanda lak nembe ngerikna pendhudhuk kangge mbangun
kreteg Gempol – Porong. Kabaripun, lurah Bintoro boten purun ngirimna rakyate
kangge ndherek kerja paksa.
L. Abilowo : Wis ... saiki aku ngerti karepmu, “Awak dhewe lapor marang Gupermen, yen Lurah
Bintoro wani nentang prentahe, ... Gupermen mengko ngamuk ... Bintoro dikecrek
... cilike diukum, gedhene .... Dhor !!! Tembak wetenge ... mbrodhol ususe!!! Ha ...
ha ... ha ... ha ... ha ... Sutinah dadi randha!!! Haa...ha...ha...ha... Sutinah dadi
bojoku !!! Aja kesuwen Rik ... saiki ayo lapor Gupermen!!!
C. Bargowo : Gus ... niki taksih tengah wengi !!! Gupermen niku manggone ndhuk Pasuruan.
Mbenjing mawon Gus !!!
L. Abilowo : Saiki budhal, ... sesuk esuk jago kluruk ... awak dhewe wis cangkruk ngopi ndhuk
pasar Pasuruan.
C. Bargowo : Ooo, ... yen ngoten, ... Maaaangga!!! (Ngathungaken jempol)
(Lurah Abilowo lan Carik Bargowo medal liwat kiri panggung)
BABAK II
Paraga: 1) Lurah Abilowo, 2) Carik Bargowo, 3) Kapten Marco Van Basten, 4) Opas Jalal, 5) Opas Kancil, 6) Opas Slamet.
Kahanan:
Para opas nembe gegojegan. Kapten Marco Van Basten duka, awit para opas boten disiplin. Lurah Abilowo lan Carik Bargowo rawuh atur palapuran.
Setting : Pos Jaga Tangsi Walandi ing Pasuruan.
Antawacana:
(Opas Jalal lan Kancil mlebet baris saking kiwa panggung. Jalal ing ngajeng langkah tegap, Kancil ing wingking ngantuk)
Opas Jalal : Berhentiiiiii grak!!! (teges)
Opas Kancil : (ngantuk nabrak Opas Jalal)
Opas Jalal : (Mlengak, wicantenan gaya Landa) End ... kamu ... eeeend ... Opas Kancil !!!
Jangan mengisini-mengisini saya ya!
Opas Kancil : Ooo...aalah, ngomong cara Melayu gak enthos ngono kok arep niroake Landa! Nek
mung perkara basa Landa ... koen gak nutut musuh aku!
Opas Jalal : Koen bisa cara Landa?
Opas Kancil : Lho lo lo lo lo ..... nonik-nonik, sinyo-sinyo iku sing ngajari sapa?
Opas Jalal : Sing ngajari koen ?
Opas Kancil : Sapa kandha! Sing ngajari gurune!
Opas Jalal : Yen pancen koen pinter basa Landa, apa basa Landane “selamat pagi”?
Opas Kancil : Gampang iku, basa Landane selamat pagi, yaiku: goedemorgen!
Opas Jalal : Dadi, yen esuk-esuk ... aku ketemu Landa, aku ngomong, “goedemorgen!”
Opas Kancil : Iya, cirine ... basa Landa iku akeh nganggo suwara “en”.
Opas Jalal : Hla, yen penyakit kulit?
Opas Kancil : Penyakit kulit basa Landane “good dhick khen”.
Opas Jalal : (mlongo) Good dhick khen ? Hla yen bar mangan?
Opas Kancil : Glehgekhen.
Opas Jalal : Hla kok kaya Basa Jawa? Panganan enak?
Opas Kancil : Bhaad dhogh khen.
Opas Jalal : (jengkel)Yen mung kaya iku, aku ya bisa! Weteng lesu ... kaliren, ora tawar
mangan walang ... blidhuren, kakehan omong ... meniren.
Opas Kancil : Halaaah ... ngono bae moring-moring!
Opas Jalal : Hla sapa wonge sing gak moring-moring, sewengi jaga tangsi nganti yah mene ...
weteng gak klebon apa-apa ... malah kok bujuki ...
Opas Kancil : Ngomong-ngomong bab jaga tangsi, iki mau Slamet ana ngendi?
Opas Jalal : Kaya gak apal kelakuane Slamet, saiki Slamet mesthi wis andhok ndhuk warunge
Markonah. Arek sitok iku gak betah luwe.
Opas Slamet : (mlebet saking tengen) Lagi tak tinggal sedhela wae kok wis nggoleki ...
Opas Kancil : Koen enak ... mangan wareg, lungguh jigang ndhuk warung! Hla aku karo Jalal,
khaliieren ndhuk kene.
Opas Slamet : Mangan wareg apa ... aku iki mau kisinan ndhuk warunge Markonah!
Opas Jalal : Maksud mu?
Opas Slamet : Yok apa gak kisinan ... aku wis kadhung lungguh ... hla kok Markonah kandha,
“Sepurane Cak Slamet, saiki regane sarapan mundhak ... saiki sak bungkus malih
wolung ewu” (lembeng kados tiyang estri). Kamangka dhuwitku mung limang ewu.
Opas Kancil : Ya tuku separooo ... kaya ibu-ibu kae lho, “Tumbas sepalih ... kangge yuga kula”
(lembeng kados tiyang estri).
Opas Slamet : Aku ya wis ngomong ngono ... nanging jawabe Markonah ngene, “ Ora bisa Cak
Slamet, saiki kabeh rega mundhak ... rega beras mundhak, rega janganan mundhak,
rega lombok mundhak, rega endhog mundhaaak !!! (lembeng kados tiyang estri).
Mumpung durung rena-rena ... aku terus mlayu mrene.
Opas Kancil : Pancen kok, ... umpama ora dadi opas, aku sida melu demo tenan. Apa, ...
pemerintah ora bisa mengendalikan harga. Limang ewu ora oleh sega sebungkus,
banjur yen rong ewu ngene iki (ngedalaken arta kalih ewu)?
Opas Jalal : Rong ewu isih lumayan, gethuk ... gethuk isih oleh, ... hla yen sewu ngene iki
(ngedalaken arta sewu) terus kanggo apa?
Opas Slamet : Hlo pas, ... pas iki, ... dhuwit ku limang ewu, dhuwite Kancil rong ewu, ditambah
dhuwite Jalal sewu, dadine wolung ewu.
Opas Kancil : Pas, ... oleh sega sak bungkus.
Opas Jalal : Iki, ... dengan ikhlas ... saya urun seribu !!! (ngathungaken arta)
Opas Slamet : Aku emoh, yen kudu bali ing warunge Markonah, aku isin !!!
Opas Kancil : Merga sing urune sithik dhewe Jalal, ... Jalal sing brangkat tuku!!!
(Opas Slamet lan Kancil numpuk arta ing tanganipun Jalal).
Opas Jalal : Siap ... brangkat !!! (medal liwat tengen panggung)
Opas Slamet : Muga ... muga ora kentekan!
Opas Kancil : Ora mungkin kentekan, saiki daya beli masyarakat iku menurun. Dadi, bakulan apa
bae saiki ora bisa entek.
Opas Jalal : (mlebet mbeta sekul bungkus, lawuhipun tempe, krupuk, lan tigan) Prasmanan
dhataaaang, ... semua pasukan siap makaaaan !!!
Opas Slamet : Stoop !!! Anggone mangan kudu sesuai dengan azaz proporsional, ... Artinya,
seberapa besar pengorbananmu, ... sebesar itulah bagian mu.
Opas Kancil : Hla iki, ... adhil iki, ... terus carane?
Opas Jalal : Aku manut !
Opas Slamet : Mangane giliran, saben dhuwit sewu diwakili driji siji. Merga aku urun limang
ewu, mula yen mangan aku nganggo driji lima.
Opas Kancil : Aku urun rong ewu, aku nganggo driji loro.
Opas Jalal : Aku sewu, nganggo driji siji (wicantenanipun didamel lucu melas).
(Sekul bungkus dipun bikak ing ngandhap, dipun kupeng tiyang tiga. Jalal ing tengah ngadhep penonton, Slamet ing sisih tengen, lan Kancil ing sisih kiwa).
Opas Slamet : Untuk mengayomi wong cilik yang lemah (gaya pidhato), maka kita harus
mendahulukan Jalal untuk menikmati hidhangan.
Opas Jalal : Oke siaap !!!
(para opas nedha sesarengan kanthi improvisasi polah, polatan, lan antawacana.)
Kapten Marco : (mlebet kanthi duka, aksen Belanda) God verdomd !!!
(sedaya opas langsung siap, Opas Jalal taksih ngemut driji)
Kapten Marco : Kalian opas-opas kenthir kerjanya cuma makan ennd ... ngorok! God verdomd !!!
Opas Jalal !!! Apa yang kamu lakukan?
Opas Jalal : Asiin meneeer ... ini kalau mau nyoba! (ngathungaken driji)
Kapten Marco : God verdomd !!! Iiih, ... jorok!!!
Opas Kancil : (madhep Slamet) Landa sitok iki isane mung “God verdomd!!!”
Kapten Marco : Apa kamu bilang??? !!! Tak tembak mbledhos wadhukmu!!!
Opas Slamet : Hla kok ngomong wadhuk barang (madhep penonton)!!! Penonton !!! Omongane
Ndara Mener Kapten Marco Van Basten iki, ... aja di conto! Ora sopan lan ora trep
karo unggah-ungguh.
Kapten Marco : Oooo shory ... shory, ngapunten ... ngapunten. Ini tadi of the rhecord.
Opas Jalal : Eee ... jebule, ... maaf iku basa Landane ngapunten ... padha karo cara Jawa.
Kapten Marco : Ennnd saya ... sangat kecewa, kalian sebagai opas tidak bisa disilipin. Padahal
disilipin itu ... merupakan kewajiban prajurit. Ennnnd, ... kalian enlander – enlander
malah cekakak-cekikik. Ennnd, ... kalian mestinya meningkatkan kewaspadaan,
sebab sekarang banyak ekstrimis-ekstrimis yang mencoba berani melawan
Gupermen Belanda. Ennd, ... sekarang kalian siap untuk disilipin?
Sedaya Opas : Siap Kapten!!! (astanipun kurmat, sukunipun nggedrug. Sukunipun Opas Jalal
kapidak Opas Kancil).
Opas Jalal : Wathaoooh!!! (njerit kesakiten, muwun) Sikilku mbok pidak. Kuuethek tenan
kowe! Kowe kethek tenan! (nuding-nuding Opas Kancil)
Kapten Marco : Apa artinya kethek?
Opas Slamet : Kethek itu artinya tampan atau gantheng!!!
Kapten Marco : Kalau begitu ... saya ini termasuk kethek.
Opas Slamet : Ooo ... iya, ... mener memang sangat kethek!!! (ngathungaken jempol)
Kapten Marco : Ennnd ... kamu orang, ... jangan terlalu memuji saya! Ennd ... saya lihat, ... kalian
semua juga kethek. Haa ... ha ... ha ... Jadi, kita ini kumpulan kethek!
Sedaya Opas : Haa ... haa ... haa (gemujeng sesarengan).
Opas Kancil : Sekarang semua kethek tertawa. Haa ... ha ... haa
(Lurah Abilowo kadherekaken Carik Bargowo mlebet saking kiwa, para opas mundur.)
Lurah Abilowo: Selamat pagi mener !!!
Kapten Marco : Selamat pagi! Ennd, ... kalau tidak salah, apakah kamu Lurah Abilowo?
Lurah Abilowo: Benar mener! Mener Kapten Marco Van Basten ... ingatannya memang luar biasa !
(astanipun njempol) Dan ini asisten saya ... namanya Carik Bargowo.
Kapten Marco : Ohh iya ... ini Carik Barengnggowo ... Good ... goood ... good, ... kalian berdua
memang kethek-kethek !!!
Carik Bargowo: (kaget) Hlo! ... kok kethek mener?
Opas Slamet : Wis ta, tampanen wae!!! Tinimbang Kapten moring-moring, ... sida ditembak koen!
Kapten Marco : Well ... weeel ... weeel. Eeennd, ... ada maksud apa kalian datang ke tangsi?
Apakah ada hubungannya dengan pembangunan jembatan Gempol-Porong?
Lurah Abilowo: Iya ... benar mener. Seperti halnya, saya telah dipercaya oleh gupermen untuk
mengkoordinir lurah-lurah di sekitar Gempol, saya telah berhasil mengajak lurah-
lurah tersebut mengirim penduduknya untuk dipekerjakan dalam pembangunan
jembatan.
Kapten Marco : Good ... goood ... good, ... kerja bagus! Nanti, kamu saya beri hadiah. Kamu bisa
diangkat jadi mantri polisi.
Lurah Abilowo: Tetapi, ada satu lurah yang membangkang perintah gupermen.
Kapten Marco : God verdomd !!! Siapa ... lurah yang berani sama gupermen Belanda? !!!
Carik Bargowo: Namanya Bintoro, dia adalah lurah di Gunung Gangsir. Dia dibantu oleh cariknya
yang bernama Wicaksono.
Lurah Abilowo: Selain tidak mau setor penduduk, dia juga menghasut para pemuda dan santri di
sekitar Gempol untuk melawan gupermen. Sebenarnya saya telah memperingati
Lurah Bintoro, agar mau bekerjasama dengan gupermen.
Carik Bargowo: Tetapi, dia menolak bahkan mau menantang gupermen Belanda!!!
Kapten Marco : God verdomd !!! Tidak bisa dibiarkan, Opas !!!
Sedaya Opas : Siap Kapten!!! (astanipun kurmat, sukunipun nggedrug)
Kapten Marco : Sekarang juga ... kita tangkap lurah Bintoro !!!
Opas Jalal : (berangkat paling ngajeng) God verdomd !!!
Opas Kancil : (njundhul sirahipun Jalal sangking wingking) Gayamu wae !!!
(sedaya paraga nyusul medal liwat kiwa)
BABAK III
Paraga: 1) Lurah Bintoro, 2) Carik Wicaksono, 3) Ning Sutinah, 4) Lurah Abilowo, 5) Carik Bargowo, 6) Kapten Marco Van Basten, 7) Opas Jalal, 8) Opas Kancil, 9) Opas Slamet.
Kahanan:
Nalika Lurah Bintoro rembagan bab kulawarga kalihan Ning Sutinah (garwanipun), Carik Wicaksono rawuh ing ndalemipun. Carik Wicaksono atur palapuran babagan perjuangan nglawan Walandi. Ketungka rawuhipun Kapten Marco saandhahanipun.
Setting : Ndalem Lurah Bintoro ing Gunung Gangsir nalika zaman Walandi.
Antawacana:
Lurah Bintoro : (mlebet saking kanan panggung) Dhik Sutinah, karo ngenteni ngisya’ ... ayo
jagongan kene !
Sutinah : Inggih Cak!
Lurah Bintoro : Wis ana selawe tahun, awak dhewe iki jejodhohan. Duwe anak ontang-anting sing
dak wenehi jeneng “Jaka Sambang”.
Sutinah : Hla inggih, lak sampun sae ta ... sakniki Jaka Sambang sampun ageng, sampun
ngancik dewasa. Anggenipun nyantri dhateng Kyai Fadholi ing Padhepokan
Gunung Penanggungan inggih sampun meh rampung ... badhe katam.
Ngendikanipun Kyai Fadholi, Jaka Sambang menika kalebet santri ingkang kinasih.
Lurah Bintoro : Anak tak gedhekna, ... merga aku rumangsa ora bisa ndhidhik ilmu agama, mula
tak wakilna marang kyai. Sapa ngerti besuk bisa migunani tumrap wong tuwa,
agama, nusa, lan bangsa.
Sutinah : Ing pondhokipun Kyai Fadholi, sasanesipun dipun wulang ngaji, ... para santri ugi
diwulang ilmu bela diri.
Lurah Bintoro : Iya, ... aku dhewe uga tau meruhi. Nalika aku tilik Jaka Sambang, ... aku weruh,
para santri lagi padha olah kanuragan. Ana sing gladhen silat, lan ana sing gladhen
migunakake gaman, ... kayata pedhang, cabang, keris, lan tombak.
Sutinah : Menawi para pemuda terpelajar ing kitha ageng sampun nyawiji, lan
ngawontenaken janji prasetya ingkang kasebat Sumpah Pemuda, mila ketingalipun
para nem-neman ing karang pradesan ugi boten purun kantun.
Lurah Bintoro : Bener kandhamu Dhik Sutinah, ... ing tahun 1928 Masehi iki, wis ora zamane
maneh. Ana uwong sing mung mentingake golongane dhewe. Mula, arek-arek
ing Gunung Gangsir kene uga dak jaluk kudu guyub rukun, ... jalaran “rukun agawe
santosa, crah agawe bubrah”. Walanda bisa kita tundhung minggat saka Indonesia,
yen para pejuang gelem bersatu.
C. Wicaksono : (mlebet) Assalamu’alaikum.
Sutinah + Bintoro: (sareng) Waalaikum salam.
Lurah Bintoro : Ooo Carik Wicaksono, mangga lenggah.
Sutinah : Kados pundi pawartosipun, Mbak Yu Carik lak inggih sugeng ta?
C. Wicaksono : Pangestunipun, kula sakaluwarga tansah pinaringan kasugengan.
Lurah Bintoro : Semono uga aku lan bojoku, kaya sing sampeyan weruhi dhewe ... tansah
pinaringan seger kewarasan.
Sutinah : Mangga dipun sekecakaken, kula badhe teng wingking sekedhap (medal nganan).
C. Wicaksono : Ampun repot-repot Ning!
Lurah Bintoro : Ana kabar apa kok katone rada penting?
C. Wicaksono : Sasampunipun para priyayi terpelajar ngedegaken organisasi Budi Utomo, Sarekat
Islam, lan organisasi kebangsaan sanesipun, ... sarta kasusul kanthi wontenipun
Sumpah Pemuda ing wulan Oktober wingenanipun. Model perjuangan bangsa kita,
samenika owah saking perjuangan ingkang asipat kedhaerahan dados perjuangan
ingkang asipat nasional.
Lurah Bintoro : Terus ?
C. Wicaksono : Kangge ngadhepi pergerakan kebangsaan menika wau, samenika Gupermen
Walanda tansaya nikelaken kawaspadanipun. Walanda sakmenika nambahi
cacahipun tentara lan kathah ngangkat mata-mata saking pengkianat pribumi.
Lurah Bintoro : Perjuangan iku mesthi ana resikone, yen nganti ana apa-apa ... aku wis siap. Wong
urip bakale mati. Aku luwih seneng mati syahid ing medhan tempur, tinimbang
mati sangit ing dhuwur kasur.
(Kapten Marco Van Basten, Opas Jalal, Opas Kancil, lan Opas Slamet mlebet saking kiwa panggung)
Kapten Marco : God verdomd !!! Apa benar, eeenndd kamu orang ... Lurah Bintoro tidak mau
mengirim pekerja untuk membangun Jembatan Gempol-Porong???
Lurah Bintoro : Ya...!!! Saya akui, memang benar !!!
Kapten Marco : God verdomd !!! Apa alasannya?
Lurah Bintoro : Kalau saya ikut mengirim pendhudhuk Gunung Gangsir untuk ikut kerja paksa di
Jembatan Gempol-Porong, itu artinya sama saja dengan mengirim mereka ke
neraka. Saya tahu persis, bagaimana perlakuan gupermen terhadap para pekerja.
Mereka diperlakukan seperti binatang, tanpa makanan dan istirahat. Sehingga
banyak yang pulang tinggal nama. Banyak yang mati tanpa dikubur, tetapi
langsung dicor dalam pondasi jembatan.
C. Wicaksono : Pendhudhuk kami siap bekerja sama secara gotong royong, bukan kerja paksa yang
tidak manusiawi. Apalagi, jembatan itu hanya menguntungkan Belanda. Karena
jembatan itu hanya untuk lewat mobil dan peralatan perang Belanda. Oleh karena
itu, demi membela rakyat ... kami siap menerima segala resikonya.
Kapten Marco : God verdomd !!! Opas, ... tangkap mereka, borgol mereka berdua!
Lurah Bintoro : Kalian tidak perlu memborgol kami, ... tetapi sebelum kalian membawa kami,
ijinkan saya bertemu istri saya.
Kapten Marco : Baik, saya ijinkan.
Lurah Bintoro : (ngundang radi seru) Dhik Sutinah !!!
Sutinah : (mlebet kanthi gupuh lan gugup) Wonten menapa menika?
Lurah Bintoro : Kaya sing tau dak omongake, yen perjuangan iku butuh pengorbanan. Amarga aku
ora gelem kirim pendhudhuk melu kerja paksa ing Gempol-Porong, mula dina iki ...
aku lan Carik Wicaksono ditahan karo Gupermen Walanda.
Sutinah : (kalih muwun) Sejatosipun kula inggih sampun nggraita, nanging ....
Lurah Bintoro : Budhalku aja mbok tangisi, ... nanging sliramu kudu rumangsa bombong, bangga
dadi bojone pejuang kang mbelani rakyate. Sawise aku budhal, sliramu budhala
menyang Gunung Penanggungan, matura marang Kyai Fadholi ... Panjenengane
mesthi ngerti apa kang kudu kok tindakake. Kandhaa marang Jaka Sambang, yen
bangsa Indonesia saiki mbutuhake tenaga lan pikirane.
Sutinah : Inggih, sak saged-saged kula.
Lurah Bintoro : (nglolos pusaka) Wenehna, ... keris pusaka iki marang Jaka Sambang! Wis
wayahe Jaka Sambang mudhun gunung.
Sutinah : (nampi pusaka) Ampun kuwatos!!! Kula mesthi nuhoni dhawuh Panjenengan.
Lurah Bintoro : Wis saiki aku pamit, Gusti Allah mesthi paring pitulungan.
Kapten Marco : Opas, segera bawa mereka ke Pos di Beji !!! Siksa di Beji ... biar semua orang tahu
akibat dari menentang Gupermen Belanda !!!
Sedaya Opas : Siap Kapten!!! (astanipun kurmat, sukunipun nggedrug)
(Kapten Marco medal kasusul Lurah Bintoro, Carik Wicaksono, lan para opas. Sutinah nyawang saking tengah panggung)
Sutinah : Inggih, kula cobi boten muwun, ... nanging tiyang estri pundi ingkang kiat boten
muwun ... ningali garwa kinasihipun dipun tahan Walandi. In sya Allah kula badhe
ndherek dhawuh pangandika Panjenengan. (balik kanan jumangkah badhe medal)
(Lurah Abilowo lan Carik Bargowo mlebet)
Lurah Abilowo: Ora usah mbok tangisi! Sapa sing nandur bakal manen.
Sutinah : Lho, Cak Abilowo! (kaget lan bingung) Panjenengan kok ... ?
Carik Bargowo: Ora usah bingung, rawuhe Gus Lurah Abilowo mrene iki nduweni tujuan apik,
yaiku nulung marang sampeyan.
Lurah Abilowo: Kawit isih bujang, ... aku wis kekancan apik karo bojomu ... ya Lurah Bintoro.
Malah ana sing ngarani ... yen ing antarane aku karo bojomu ... iku kaya dene
dulur kethok kunir. Padha blegere, padha rupane.
Sutinah : Lajeng, ... kersanipun panjenengan ...?
Carik Bargowo: Cethane, ... amarga dina iki Lurah Bintoro lagi nemoni kasusahan, mula minangka
kanca apik, ... Gus Lurah Abilowo pengin paring bantuan ... kanthi ngopeni lan
nerusake tanggung jawabe Lurah Bintoro.
Lurah Abilowo: Halah Rik, ... kesuwen Rik, ... aja kakehan giringan!
Carik Bargowo: Menawi mekaten, mangga Jenengan ngendikan piyambak!
Lurah Abilowo: Wis, saiki aku arep blaka suta! Iki mau Lurah Bintoro diglandhang gupermen ...
digawa menyang Pos Beji. Biasane, yen ana tahanan digawa mrana ... mesthi mati.
Dadi, ing kana ... bojomu ... yen ora digantung, ya ditembak!
Sutinah : (muwun) Ooh ... Kang Mas Bintoro !!!
Lurah Abilowo: Ora usah mbok tangisi, sing mati ya ben mati! Ora usah mbok pikir! Saiki awakmu
mikira sing ana wae!
Sutinah : (kendel anggenipun muwun) Kula kok boten mudheng kersa panjenengan.
Carik Bargowo: Sampeyan kuwi arep didadekna garwa karo Gus Lurah Abilowo!
Sutinah : (duka, astanipun nuding Lurah Abilowo) Sak niki kula ngertos! Sedaya kedadosan
menika ... awit saking pokal damel Panjenengan!
Lurah Abilowo: Ora dak pungkiri, ... pancen bener. Sing njlomprongna Lurah Bintoro iku pancen
aku. Nanging, iki kabeh dumadi merga salahmu! Iki merga salahmu! (nuding
Sutinah)
Sutinah : Yen ngono ... dak jabel basaku Abilowo! Apa salahku ?!
Lurah Abilowo: Salahmu? Geneya, ... koen biyen nolak tresnaku! Geneya, ... koen biyen milih
Bintoro! Aku kurang apa?!! Aku kurang apa?!!
Sutinah : Koen kurang ajar !!! Akhlakmu bejat !!! Ora tau sholat, saben dina tumindak
maksiat !!!
Lurah Abilowo: Dibujuk kanthi alus ora kena, ... malah ngundamana, ... saiki, ... gelem apa ora dadi
bojoku?!!! Yen gelem, koen tak jak mukti wibawa, ... yen ora ...!
Sutinah : Tinimbang dadi bojomu! Aku luwih becik mati! (badhe suduk salira, ngunus
pusaka)
Lurah Abilowo: Sutinah, ... aja Sutinah!!! Koen aja bunuh diri!
Carik Bargowo: Bener!!! Sampeyan aja bunuh diri, eman-eman!!! Manuta dadi garwane Gus Lurah
Abilowo! Penak, ... penak!
Sutinah : Wong loro padha wae, sing siji luwak sijine garangan, minggir !!! (ngathungaken
keris, Lurah Abilowo lan Carik Bargowo minggir)
Lurah Abilowo: (ngerih-erih) Sutinah, ... aja dolanan pusaka, mbebayani!
Sutinah : (muntab) Mundur !!! Angkat tangan!!!
Carik Bargowo: Iya ... iya ... iya ... aku angkat tangan (ajrih)
Sutinah : Saiki, lungguh ing pojok !!!
Lurah Abilowo: Rik, ... nuruta Riiik!!! (Lurah Abilowo lan Carik Bargowo lenggah ing pojok
kanthi angkat tangan)
Sutinah : (madhep ngiwa) Jaka Sambaaaaang! Tulungana ibumu nak!!! (mlajeng medal)
Lurah Abilowo: (Jumeneng badhe nututi) Mumpung durung adoh, ayo ditututi!
Carik Bargowo: (ngalangi) Ampun Gus, panjenengan kula aturi sabar! Ning Sutinah menika tiyang
estri, hla tiyang estri menika sipatipun yen dikerasi coklek, ... nanging yen dielus
manut.
Lurah Abilowo: Iya ... ya, paling-paling mlayu lak sedina rong dina, ... mari ngene lak malah
nggoleki aku. Kaya kuthuk marani sunduk. Haa ... ha ... ha ... ha...!!!
Carik Bargowo: Ning Sutinah niku wis biasa kepenak uripe dadi bojone lurah, hla sakniki bakal
ngraosaken susahipun dados randha.
Lurah Abilowo: Rik, saiki wetengku kok krasa lesu. Ayo njajan ing warung kidule pasar!
Carik Bargowo: Hla ... niki sing kula tengga-tengga, mangga Gus!
(Lurah Abilowo lan Carik Bargowo mlebet)
BABAK IV
Paraga: 1) Jaka Sambang, 2) Jaka Buntet, 3) Suli, 4) Kyai Fadholi, 5) Sutinah.
Kahanan:
Jaka Sambang, Jaka Buntet, lan Suli nembe gladhen pencak, Kyai Fadholi rawuh mejang ilmu agama lan ngatur siasat perang. Sutinah rawuh kanthi gita-gita.
Setting : Plataran Pondhok Pesantren ing Gunung Penanggungan nalika zaman Walandi.
Antawacana:
( Nalika Jaka Sambang, Jaka Buntet, lan Suli gladhen pencak, Kyai Fadholi rawuh)
Kyai Fadholi : (mlebet saking kanan panggung kalihan keplok) Assalamu’alaikum !
Jaka Sambang lkk : Wa’alaikumsalam.
Kyai Fadholi : Ya ngene iki sing dak karepake! Sanajan ora ditunggoni kyai, nanging padha
sregep gladhen.
(Jaka Sambang, Buntet, lan Suli nyalami kanthi ngaras astanipun kyai)
Jaka Sambang : Kala menapa rawuhipun, lan kados pundi asilipun Kyai?
Kyai Fadholi : Alhamdulillah ... iki mau lagi mulih saka Bangil. Asile musyawarah kang dirawuhi
para Kyai Sepuh, mutusake yen berjuang nglawan penjajah kafir Walanda, ... iku
kalebu jihad fisabilillah. Lan sapa sing mati sajerone paperangan, dikhukumi mati
syahid, langsung mlebu suwarga tanpa dihisab.
Jaka Buntet : Alasanipun menapa Kyai?
Kyai Fadholi : Awit Landa iku kalebu golongane wong kafir harbi, yaiku wong kafir sing musuhi
Gusti Allah, Kanjeng Rosul, lan gawe karusakan ing salumahe bumi.
Suli : Lajeng kados pundi tumrap tiyang sepuh lan tiyang ingkang sakit, menapa inggih
kedah ndherek perang jihad?
Kyai Fadholi : Tumrap pawongan sing ora bisa melu maju perang, dheweke bisa mbiyantu kanti
donga, jalaran donga iku senjataning wong Islam sing paling utama.
Jaka Sambang : Nuwun sewu Kyai, ... sadangunipun panjenengan tindak, kathah arek nem-neman
ingkang nggabung dhateng pondhok. Tujuanipun para nem-neman menika pengin
ndherek berjuang nglawan Landa, ... Kyai. Awit sangking kathahipun, Dhimas
Buntet ngantos kewalahan madosaken gothakan.
Jaka Buntet : Kangge sawatawis wekdal, para nem-neman menika kula tampung ing mushola.
Suli : Pondhok putri inggih mboten amot, nanging kados pundi malih ... sedaya ikhlas
badhe ndherek berjuang.
Kyai Fadholi : Ora dadi apa, yen para pemuda tansaya akeh sing nggabung. Pondhok kudu
diobong!
Jaka Buntet : Hlo ...!!! Kok ngoten Kyai ?!!
Suli : Diobong, awit badhe kabangun ingkang langkung ageng? Menapa mekaten?
Kyai Fadholi : Ora !!! Pondhok kudu diobong banjur kita tinggal. (kendel sekedhap) Ngene tak
kandhani, ... yen saben ndina pondhok iki ketekan akeh para pemudha, ora wurung
Landa mesthi curiga. Landa mesthi kirim mata-mata, ... pungkasane pondhok bakal
diserang gedhen-gedhenan. Kamangka, ing babagan senjata lan pengalaman perang
... kita kalah.
Jaka Sambang : Kula ngertos, niku tegesipun kita badhe ngecakaken siasat perang gerilya. Nyerang
kanthi dadakan, mundur kanthi dadakan. Supados boten gampil dipun lacak dening
Landa, salebetipun perang kita kedah pindhah-pindhah panggenan. Kanthi siasat
niki Landa mesthi kawon, awit ... najan kawon sanjata lan pengalaman perang, ...
kita unggul ing babagan nguwaosi medhan perang.
Suli : Yen bab medhan perang, ... kula apal sedaya kahananipun gunung lan wana ing
tlatah mriki, awit kula kulina nggladhag kewan ngantos gunung Arjuna kangge
lawuh nedhanipun para santri.
Jaka Buntet : Saderengipun pondhok dipun obong, mangke saperangan kajengipun badhe kula
manfaataken kangge damel kothak lan tandhu kangge wadhah barang-barang lan
bahan pangan.
Kyai Fadholi : Masya Allah, ... pranyata santri-santri ku hebat-hebat !!! Supaya perang gerilya iki
bisa tumata, mula kita kudu andum gawe. Mula, wiwit dina iki Jaka Sambang dak
angkat dadi komandhan perang, menang-kalahing perang dadi tanggung jawabmu!
Jaka Sambang : In sya Allah ... kanthi barokah donganipun Kyai ... kita bisa nyingkiraken Landa
saking bumi Indonesia.
Kyai Fadholi : Suli dak angkat dadi telik sandhi, tugasmu nyusup ing dhaerahe musuh. Yen ana
apa-apa, koen kudu kirim kabar! Babagan bahan lan barang-barang kanggo
keperluane perang, iku dadi tanggung jawabe Jaka Buntet.
Sutinah : (bengok-bengok sangking wingking panggung) Jaka Sambaaaaang! Tulungana
ibumu nak!!!
Jaka Sambang : (kaget bingung) Kyai!!! Menika suwantenipun ibu kula Kyai!!!
Sutinah : (mlebet saking kiwa kanti prenggosan) Jaka Sambang! Tulungana ibu mu nak!
Suli : (medal mendhetaken unjukkan)
Jaka Sambang : (gragapan) Wonten napa ibu? Hlo ... ibu kok ngasta pusakanipun bapak? Bapak
kenging menapa ibu?
Kyai Fadholi : Sareh ... sareh ... sareh ...
Sutinah : Landa, ... iki mau ana Landa ...
Suli : (mlebet mbeta unjukkan) Mangga ngunjuk rumiyin?
Sutinah : (nampi gelas) Bismilahirrohmanirrohiim. (ngunjuk toya)
Kyai Fadholi : Alon-alon, ... sareh, ... ambegan sampeyan ditata!
Sutinah : (ambegan landhung) Kala dalu ... Bapakipun Jaka Sambang ditahan Landa.
Jaka Sambang : Napa bu??? Bapak ditahan Landa?!!!
Sutinah : Iya Nak ... saiki bapak mu digawa nang Pos Beji.
Jaka Sambang : Napa kalepatanipun Bapak, kok ngantos dipun beta dhateng Pos Beji?
Sutinah : Bapak mu ora salah Nak, ... bapak mu iku pejuang, ... bapak mu iku dilapurna karo
Lurah Abilowo, yen bapakmu iku ora gelem kirim pendhudhuk kanggo kerja paksa
mbangun kreteg Gempol-Porong. Bapak mu nitipna pusaka iki kanggo awakmu.
(masrahaken pusaka)
Jaka Sambang : (nampi pusaka, lajeng dipun lolos saking warangkanipun) Menawi mekaten ...
Kyai Fadholi : Sabar ... sabar, kabeh ditata dhisik!
Jaka Sambang : Ngapunten, ... Kanjeng Kyai lan Ibu ... kula nyuwun donganipun! (noleh arah
kiwa lajeng mbengok) Landaaaaaa ...!!!!(mlajeng ngiwa)
Kyai Fadholi : Masya Allah, la haula wala quwwata illa billah. Arek nom-noman pancen kudu
ngono. Jaka Buntet, tututana Jaka Sambang! Rewangana ... yen nemu alangan!
Jaka Buntet : Sendika dhawuh, kula nyuwun pamit. Assalamualaikum (mlajeng)
Kyai Fadholi : Suli, ajaken Ibune Jaka sambang ngaso ing pondhok dhisik! Mengko bubar sholat,
kabeh warga pondhok kongkonen ngumpul ndhuk plataran mushola. Perang gerilya
diwiwiti dina iki!
Suli : Mangga Ning Lurah, kula dherekaken.
(Ning Sutinah kadherekaken Suli medal ngiwa, Kyai Fadholi medal nengen)
BABAK V
Paraga: 1) Lurah Abilowo, 2) Carik Bargowo, 3) Jaka Sambang, 4) Jaka Buntet, 5) Mbah Suminah 6) Mbok Suminten, 7) Sumini, 8) Opas Jalal,9) Opas Kancil, lan 10) Opas Slamet
Kahanan:
Lurah Abilowo lan Carik Bargowo meksa pendhudhuk Gunung Gangsir ndherek kerja paksa. Lurah Abilowo lan Carik Bargowo dipunpejahi Jaka Sambang lan Jaka Buntet.
Setting : Plataran griyanipun pendhudhuk Gunung Gangsir nalika zaman Walandi.
Antawacana:
Sumini : (mlebet saking kiwa panggung kalihan bengok-bengok) Mboook ... mboook, !!!
Mbaah ... mbaaaah !!! (clingukan madosi tiyang sepuhipun) Mboook ... mboook, !!!
Mbaah ... mbaaaah !!!
Suminten : (mlebet saking kanan panggung kalihan duka/nylathu) Koen iku kena apa kok
bengak-bengok kaya arek gak genah. Nek koen bengak-bengok terus, mengko
bebeke ora sida ngendhog. Sing dijagakna kanggo urip awak dhewe iku ya mung
ndhoge bebek. Koen kudu eling ... sawise bapak mu mati merga watuk mutah getih,
bapak mu ora ninggal warisan ... malah ninggal utang ndhuk warunge Lastri.
(kanthi nuding-nuding)
Suminah : (mlebet saking kanan mlampah tekenan ) Ana apa ta ndhuuk, kok rame tenan?
Suminten : Niki Mbook, Sumini niki ... arek sampun ageng mboten ngertos pedamelan!
Dikengken tumbas lombok trasi mawon boten mantuk-mantuk! Dugi-dugi malah
bengak-bengok kaya arek bar ketempelan wae!
Sumini : Niku Mbah ... Lurah Abilowo kalihan Carik Bargowo ngamuk! Sedaya
pendhudhuk diutus ndherek kerja paksa, yen boten purun dipun ajar ... malah Kang
Senthot ... jalaran mbantah ... Kang Senthot dipun pejahi.
Suminten : Ana kabar kaya ngono, kawit mau kok ya meneng wae! Ora ndang ngomong,
dhasar bocah gemblung!
Suminah : Hla angger arep ngomong kok dhisiki, ... terus saiki wonge ing endi ndhuk?
Sumini : Sedaya griya dipun lebeti, sak niki sampun dugi griyanipun Pak Lik Munadi. Lurah
Abilowo dipun kawal Landa ireng ... Landa Jawa.
Suminten : Mbok rasani wae, lha kae ... saiki wonge mrene!
Suminah : Sabar Minten! Aja nyalahna anakmu terus! (mbagekaken tamu) Mangga ndara ...
mangga.
(Lurah Abilowo lan Carik Bargowo mlebet saking kiwa panggung)
Lurah Abilowo: Wis ana kene wae! (lajeng noleh teng Carik) Hlo ... Rik, Carik! Iki saomah isine
kok wedok thok? Delengen ndhuk cathetan, bener apa ora?!!!
Carik Bargowo: (ningali buku cathetan) Leres Gus Lurah, ing buku cathetan tinggalane Lurah
Bintoro lan Carik Wicaksono niki jangkep. Waune ... kepala keluarganipun
naminipun Sumanto, nanging sampun pejah mergi sakit watuk mutah getih.
Suminah : Sugeng ... rawuhipun ndara, wonten dhawuh menapa?
Lurah Abilowo: Ngertia, saiki Lurah Gunung Gangsir wis dipecat lan ditahan dening Landa merga
ora pecus nyambut gawe. Mula, saiki dening Gupermen Walanda aku dipercaya
ngrangkep jabatan Lurah Gunung Gangsir karo Panderejo.
Suminten : Kula inggih purun kok ... menawi panjenengan rangkep.
Suminah : Huuusss, ... ngisin-isini wong!!! Eling, ... kuburane bojomu isih teles !!!
Lurah Abilowo: Tekaku mrene iki ... perlune golek uwong kanggo nyambut gawe ndhuk kreteg
Gempol-Porong.
Suminah : Kula badhe njenengan utus menapa? Kula, minangka wakil yuga lan wayah kula.
Carik Bargowo: Wong wedok tuwek kaya koen iku wis ora dibutuhna. Sing dibutuhna iku wong
sing isih kuwat nyambut gawe. Anakmu, dibutuhna minangka juru masak kanggo
para mandor lan opas. Dene putumu mengko sing bagian ater-ater.
Jaka Sambang : (bengok-bengok sangking wingking panggung) Landaaa ... ! Kok kapakna
pendhudhuk ku!
Lurah Abilowo: Sapa ... wani bengak-bengok ora nduwe sopan santun? !!!
(Jaka Sambang lan Jaka Buntet mlebet saking kiwa kanti prenggosan)
Jaka Sambang : Lurah Abilowo lan Carik Bargowo! Saiki ora usah kakehan omong, ... aku Jaka
Sambang Putrane Lurah Bintoro.
Carik Bargowo: Gus Lurah, yen ngoten ... arek niki calon putrane njenengan.
Jaka Sambang : Ora sudi, ... aku duwe bapak kaya dhapurmu! Tekaku rene, ... aku arep mateni
koen kabeh (nuding lurah, carik, lan opas) !!!
Jaka Buntet : Mbah, ... yuga lan wayahe dipun ajak minggir riyin!
(Mbah Suminah, Mbok Suminten, lan Sumini kanthi kesesa medal nganan)
Lurah Abilowo: Gak bapak, gak anak padha wae! Opas, tembak arek loro iki!
(Opas Jalal, Opas Kancil, lan Opas Slamet mlebet saking kiwa panggung)
Opas Jalal : Sepurane Gus, bedhilku gak ana plurune.
Opas Kancil : Mangkakna ... yen arep budhal, bedhil iku ... kudu diteliti! Plurune, ... ana apa ora? Carik Bargowo: Cepet tembak!!!
Opas Kancil : Plurune ana ... nanging mblebes, ... mambu dhem.
Opas Slamet : Opas loro guoooblok kabeh!
Carik Bargowo: Cepet tembak!!!
Opas Slamet : Sepurane, ... bedhilku keri omah.
Jaka Buntet : Saiki ... sapa sing arep mati dhisik ? Maju!!! (pasang jurus)
(Dumados perang, sedaya opas dipun pejahi Jaka Buntet. Carik Bargowo lan Lurah Abilowo dipun pejahi dening Jaka Sambang)
Jaka Sambang : (jumeneng ing tengah panggung kanthi ngepel asta) Muga-muga saiki ora ana
maneh pemimpin sing duwe jiwa kaya Lurah Abilowo lan Carik Bargowo.
“Landa sirna, Indonesia Merdheka!”
= TAMAT =
Tidak ada komentar:
Posting Komentar