SANDHIWARA BASA JAWI
(PENDEKAR BANYU URIP)
(KANGGIT DENING: AKHMAD WINARTO)
BABAK I
Paraga : 1) Pak Sumitro, 2) Bu Sumitro, 3) Baskoro 4) Jiman, lan 5) Jimin
Kahanan : Pak Sumitro lan Bu Warti bingung, awit dinten punika kedah atur wangsulan
dhateng panglamaripun ndara Baskoro.
Setting : Griyanipun Pak Sumitro ing Dusun Saringembat – Singgahan - Tuban nalika
zaman agresi Walandi kaping II.
Watak : Pak Sumitro sabar, Bu Sumitro crewet, Baskoro wengis, Jiman lan Jimin brangasan
Antawacana:
P. Sumitro : (mlebet saking kanan panggung, kanthi polatan bingung lajeng lenggah) Bu ...! Bu
...! Kene Bu ... ! Lungguha ... !
Bu Sumitro : (mlebet saking kanan panggung) Wonten napa ta Pak? Kula nembe cethik geni.
Kajengipun teles, mila inggih boten mekan-mekan. Lisah gasipun inggih telas.
P. Sumitro : Lungguha ... !
Bu Sumitro : (kaliyan lenggah) Kok sajak wonten sing wigati, wonten napa ta Pak?
P. Sumitro : Apa sampeyan lali, yen dina iki ... dina Kemis Wage.
Bu Sumitro : Inggih boten supe ta Pak. Mila anggen kula tandang gawe ... kawit wingi tansah
klenta-klentu ... nyandhak samubarang tansah boten leres. Badhe ndamel kopi ...
mendhet gendhis klentu sarem.
P. Sumitro : Ora usah gawe kopi, wong kawit wingi mripat tak eremna ya ora bisa turu. Pikiran
tansah kelingan yen dina Kemis Wage iki, mujudake dina awak dhewe kudu atur
wangsulan marang panglamare Ndara Baskoro.
Bu Sumitro : Hla inggih ... Ndara Baskara iku kok ya pirsa, menawi kita niki gadhah yuga
Suciati.
P. Sumitro : Hla wong Suciati iku srawunge adoh, ora mung ing Saringembat thok. Minangka
anggota Palang Merah Indonesia dheweke sering tugas nang endi-endi. (jumeneng)
Apa maneh sawise Landa nganakake agresi sing kaping pindho iki. Indonesia sing
wis merdeka, karepe arep dijajah maneh. (njangkah majeng) Para pelajar sing dadi
pejuang ing TRIP utawa Tentara Republik Indonesia Pelajar, sing ngepos ing
Wirun, nampa dhawuh saka Komandan Brigade Ronggolawe yaiku Kolonel
Sudirman, supaya nganakake perang gerilya nglawan Landa sing markase ing
Banyuurip.
Bu Sumitro : Witing tresna jalaran saka kulina ... saiki Suciati pacangan karo Mas Kartono
anggota Tentara Pelajar.
P. Sumitro : Sing lanang anggota TRIP, sing wedok anggota PMI ... iki wis klop. Apa maneh
Mas Kartono iku asma kondhange lak “Pendekar Banyu Urip”. Awit Mas Kartono
iku anggota TRIP sing kendel lan mumpuni asli Banyu Urip.
Bu Sumitro : Mula ... wong tuwa endi sing tega misahna? Sanajan sing nglamar Ndara Baskoro
juragan sapi ing Kedung Jambe, ... arep dijodhokake karo putrane, aku ora
mentala. Apa maneh, Gathot putrane Ndara Baskoro iku ora sampurna. Sak bathok,
kurang sak cawukan. Wis gerang isih ngiiiileeeeeeeer wae. Njemberi uwong, aku
wae jemberen, apa maneh Suciati!
P. Sumitro : Ngono ya ngono, ... ning mbok aja ngono. Yen nyacad uwong iku aja nemen-
nemen. Sing penting, ... paringane Ndara Baskoro wingenane kae aja diapak-
apakna!
Bu Sumitro : Tak demek wae ora, ... dumeh awak dhewe iki wong mlarat ... dikira bakal adol
anak! Kae, ... kalung, gelang, anting-anting, ... isih wutuh nang wadhahe!
P. Sumitro : Ya wis, dienteni wae ... iki wis nyedhaki wayah wisan gawe ... priyayine kok ya
durung ketok rawuh.
Bu Sumitro : Mengko yen atur wangsulan sing ati-ati.
P. Sumitro : Kabeh wis tak pasrahna Gusti Allah.
Bu Sumitro : Muga-muga ora sida.
P. Sumitro : Ora sida piye, hla kae priyayine rawuh.
(Pak Baskoro dipudherekaken Jiman lan Jimin mlebet saking kiwa)
P. Baskoro : Kula nuwun! (suwantenipun sora lan santak)
Bu Sumitro lan P. Sumitro : Mangga-mangga! (grapyak sumanak astanipun nyumanggakaken
lenggah)
Bu Sumitro : Sugeng rawuhipun Ndara?
P. Baskoro : (kaliyan lenggah) Kaya sing kok weruhe dhewe, tekaku ing Saringembat kene ...
kanthi kahanan bregas waras ora kurang apa-apa.
(awit kursinipun namung kalih Pak Sumitro lenggah ing kursi ingkang tengen, Bu Sumitro jumeneng ing wingkingipun)
P. Sumitro : Awit pangestu Panjenengan, ... kula sakulawarga ugi mekaten. (noleh dhateng Bu
Mitro) Bune ... kana gawe unjukan!
P. Baskoro : Ora usah ... wektuku ora akeh. Saka kene ... aku langsung numpak bendhi nang
pasar sapi Jatirogo. Jiman lan Jimin, iki mengko kudu nggring sapi 48, merga
Jemah sesuk iki ... dina pasaran sapi ing Jatirogo.
Bu Sumitro : Namung toya kok Ndara.
P. Baskoro : Wis ta ora usah, iki mau aku wis bar ngombe kopi susu. Tekaku mrene iki arep
negesna kepriye wangsulanmu!
P. Sumitro : Bab panglamar Panjenengan?
P. Baskoro : Hla iya ta ... hla apa maneh? Kok tampa ta?
Jiman : Ooo ... mesthi dipun tampi, edan pa piye ... nganti ora nampa panglamare Ndara
Baskoro!
Jimin : Ndara Gathot, ... Putrane Ndara Baskoro iku akeh sing nyenengi. Mula, Pak Mitro
... iki awakmu klebu beja. Suciati anakmu, dikersakake Ndara Gathot!
P. Baskoro : Iya, bener ... omongane Jiman lan Jimin iki bener!
P. Sumitro : Nangiiiing ... nuwun sewu ...
P. Baskoro : Nuwun sewu piye?
P. Sumitro : Ingkang badhe nglampahi jejodhoan niku lak gendhuk Suciati, mila kala wingenane
nalika gendhuk Suciati pas teng griya ... inggih sampun kula tari.
P. Baskoro : Suciati njawab gelem ... ngono?
P. Sumitro : Terosipun Suciati, amargi sak niki taksih wonten ing swasana perang, ...
piyambakipun dereng purun mikir bab jejodhohan, mangke yen Landa sampun
kesah, ... piyambakipun nembe purun dipun nikahaken”.
P. Baskoro : Ngenteni Landa lunga? (wiwit duka)
P. Sumitro : Inggih, ... terosipun mekaten (ndhingkluk)
(P. Baskoro jumeneng, Jimin minggiraken kursi)
P. Baskoro : Ngenteni Landa lunga, ... iku paribasane ... kaya ngenteni kambange watu
item. Iku kedadeyan sing mokal, ... ora mungkin. Landa iku senjatane akeh ...
montor mabur, montor tank, mriyem, bom, kabeh nduwe. Mbok kira ... tentara
Indonesia sing sragame wae ora padha, bisa menang musuh Landa. Saiki iki ...
Indonesia wis ora ana, Sukarno ... sing jare dadi Presiden Indonesia ... saiki wis
dirangket Landa. Kowe ora krungu, wong kowe ora duwe radio.
Bu Sumitro : Nanging Brigade Ronggolawe taksih saged nandhingi.
P. Baskoro : Nandhingi apa? Tak Kandhani ya, ... wingenane ngepasi tanggal 18 Desember
1949, ... ana 8 kapal perang Landa sing gedhene sak gunung ... labuh ing Pelabuhan
Glondhong wetane Tambakboyo. Kapal iku ngangkut 1000 tentara, 200 truk, lan
200 montor tank. Aku nyawang saka kadohan wae ... wis njemborok wuluku.
Jiman : Dados, ... niki menapa panampik kanthi alus?
P. Baskoro : Jelas, ... lamaranku jelas ditampik kanthi alus!
P. Sumitro : Boten mekaten Ndara.
P. Baskoro : (kaliyan nempiling) Ora ngono piye?!!!
( P. Sumitro dhawah saking kursi, Bu Sumitro badhe nulung dipun cepengi Jimin)
Bu Sumitro : (muwun kaliyan njerit) Nyuwun ngapunten Ndara!!!
Jiman : (kaliyan nyepengi Pak Sumitro) Wong mlarat wae, arep neka-neka!
P. Baskoro : (kaliyan nempiling malih) Kowe apa ora ngerti, ... Baskoro iki juragan sapi paling
sugih sak tlatah Tuban. Apa sing tak karepna kudu klakon!
P. Sumitro : (dhawah) Nyuwun ngapunten Ndaraaa ...
P. Baskoro : Mbuh piye carane, anakmu Suciati kudu gelem dadi bojone Gathot anakku! (noleh
dhateng Jiman lan Jimin) Jiman ... Jimin, selak awan ... ayo tinggalna omah iki!
(Pak Baskoro dipundherekaken Jiman lan Jimin medal ngiwa. Bu Sumitro lenggah ndheprok ing ngajengipun Pak Sumitro)
Bu Sumitro : (kaliyan muwun) Kados pundi Pak?
P. Sumitro : Ora apa-apa. Larane awakku isih, isih lara rasane atiku! (lajeng jumeneng) Awak
dhewe duwe senjata sing ora diduweni dening wong kafir. Allah wis janji ... yen
arep ngabulake dongane wong sing dipilara.
Bu Sumitro : (ndherek jumeneng) Menawi mekaten mangga enggal wudlu, kala wau padasanipun
inggih sampun kula kebaki. Kaliyan nengga wekdalipun bedhug dzuhur, mangga
ndonga lan nangis ing ngarsane Gusti Allah.
P. Sumitro : Ayo Bune! (Pak Mitro lan Bu Mitro medal nganan)
BABAK II
Paraga : 1) Sersan Kartono, 2) Suciati, 3) Laras, 4) Gathot 5) Budi, 6) Bejo, 6) Letda
Sucipto, 7) Sersan Basuni
Kahanan : Suciati dipun godha dening Gathot.
Setting : Wanci bakda Maghrib, ing Protigan Dusun Saringembat – Singgahan - Tuban
nalika zaman agresi Walandi kaping II.
Watak : Sersan Kartono teges lan wibawa, Suciati kenes, Gathot ediot (ngileran, mula ing
dhadhane digandhuli saputangan), Budi lan Bejo brangasan, Letda Sucipto
watake teges lan wibawa, dene Sersan Basuni remen gojegan.
Antawacana:
(Suciati kaliyan Laras mlebet saking kanan panggung, kepanggih kaliyan Gathot, Budi, lan Bejo ingkang mlebet saking kiwa panggung)
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk (mandheg angsale mlampah lajeng noleh dhateng Budi lan
Bejo ingkang mlampah ing wingkingipun) Aku ora pangling, iki dhik Suciku. Ithuk
... ithuk ... ithuk, ... iki dhik Suciku.
Budi : Bener Mas Gathot, iki Dhik Suciati calon garwane Panjenengan.
Bejo : Sing jenenge jodho, ... iku nang endi wae mesthi ketemu. Bali saka nagih utang ing
Desa Sembung ... arep mulih ing Kedung Jambe ... hla kok ketemu nang pertelon
Saringembat kene. Iki jodho tenan (njempol).
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk, ... Dhik Suciatiku arep nang endi?
Suciati : Aku arep nang Pos Perjuangan, sampeyan tak jaluk minggir, ... aku kesusu.
Laras : Mbak Suciati lan aku arep ngobati pejuang sing ketaton kena plurune Landa.
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk, ... (kaliyan ngelapi iler) Aku ya njaluk diobati. Aaaahhhh ...
(nyepengi dhadhanipun) Atiku kena tembak pluru cintamu.
Suciati : Aja guyonan, aku iki temenan. Cepet minggir!
Laras : Temenan iki, ... minggiiiir ... selak mesakna Tentara Pelajar sing kena tembak!
Gathot : Aku iki ya temenan, aku temen-temen cinta ... Suciku!
Budi : (marang Suciati) Mas Gathot iki lak calon bojomu, mula manuta marang Mas
Gathot!
Laras : Calon bojo, iku lak yen Mbak Suci gelem.
Budi : Kowe aja melu-melu. Bapake Mas Gathot Hadi Purnomo iki, ... wis nglamar Mbak
Suci. Dadi gelem ... ora gelem ... Mbak Suci, kudu gelem.
Bejo : Karo calon bojo ... iku mbok sing mesra ... romantislah!
Gathot : Heeee eh, aku iki calon ojobmu sing nggantheeeeng, sing gagaaaah, sing sugiiiiiih,
lan sing ithuk ... ithuk ... ithuk (nyelak badhe nyepeng tanganipun Suciati),
Suciati : (mundur) Heee ... Aja kurang ajar!!!
Laras : Woo, ... dhasar bocah ora tau sekolah!!!
Budi : (marang Bejo) Nek ditamat-tamatna, ... sing sijine iki kok ya lumayan.
Bejo : Ha ... ha ... ha, ... kuwi bagiyanku!!!
Budi : Hla bagiyanku sing endi?
Bejo : Bagiyanmu, ... Yu Sarti bakul towak kae ...
Budi : Muuoooh, ... ambune kueeeecut ... kok wenehna aku!
Gathot : (marang Budi lan Bejo) Lho ... lho ... lho ... kok malah ithuk - ithuk dhewe! Gage
iwangi aku menaklukan Suciku ... cintaku ... sayangku ! (Gathot majeng badhe
nyepeng Suci)
Suciati : (mundur kaliyan njerit) Tuluung ... tulung ... tulung !!!
Kartono : (mencolot mlebet langsung njotos Gathot) Kurang ajaarrr !!!
(Suciati lan Laras lajeng manggen ing wingkingipun Kartono)
Gathot : (nangis) Heeeee ... aku dijotos. Kang Bejo ... Kang Budi, ... iki tugasmu! (Gathot
mundur ing wingkingipun Bejo lan Budi)
Bejo : Sapa kowe?!!!
Budi : Wani-wani njotos Mas Gathot putrane Ndara Baskoro, ... Ooo sida lembut nang
kene!!!
Kartono : Aku Sersan Kartono, anggota TRIP!
Gathot : Ooo ... iki tentara sing ora duwe bedhil kuwi ta ...
Kartono : Tak jaluk, ... sampeyan-sampeyan aja ngganggu tugase PMI !!!
Bejo : Sersan Kartono, sing kondhang minangka Pendekar Banyu Urip. Kenalna, iki ...
Bejopedhet ... jagoane Kedhung Jambe!
(Bejo majeng nyerang Kartono, Suciati lan Laras medal nganan. Bejo kawon, gantos Budi. Wusananipun Gathot, Bejo, lan Budi mlajeng ngiwa. Suciati lan Laras mlebet malih)
Kartono : (nyawang mengsahipun mlajeng) Bocah-bocah brandhalan ... ora kenal agama.
Suciati : Panjenengan ora apa-apa Mas Kartono?
Kartono : (madhep nganan) Eh, ... Dhik Suci ora apa-apa. Iki mau tak anggep olah raga.
Suciati : Tujune iki mau Panjenengan kok pas mrene.
Kartono : Sampeyan mau lak pamit arep njupuk obat kanggo Kopral Sapi’i, tak enteni kok
gak bali-bali. Ora kepenak atiku, njur tak susul.
Laras : Kahahane Kopral Sapi’i piye Mas?
Kartono : Kopral Sapi’i iku wonge tanggon, yen mung kena pluru kaya ngono wae ora apa-
apa. Plurune wis dicukil dhewe ... paling mung butuh obat merah karo perban.
Laras : Ya wis, yen ngono ... cukup aku wae sing ngobati Kopral Sapi’i.
Suciati : Lho ... aku terus kok tinggal?
Laras : Halaah ... aku ngerti karepmu! (medal nganan)
Kartono : Suk meneh ... sing ati-ati!
Suciati : Hla wong biasane ya ora ana apa-apa kok, mungkin aku lagi apes.
Kartono : Nanging bejaku, ... beja bisa ketemu sampeyan!
Suciati : (kaliyan madhep nganan) Aaahh ... Panjenengan iki ...
Kartono : (kaliyan mlampah ngiwa) Muga-muga perang iki enggal rampung.
Suciati : Katresnan iki katone akeh pepalange (madhep Kartono), mula sing tak suwun
Panjenengan kudu sabar Mas.
Kartono : Segara bakal tak sabrangi, gunung bakal tak langkahi, ... angger sampeyan tetep
ngugemi janji.
Suciati : Aku nolak panglamare Gathot, ... jalaran ing atiku wis ana Panjenengan Mas.
Kartono : Adhem rasane atiku ... (madhep Suciati)
Suciati : Aku milih Panjenengan, jalaran sak liyane nggantheeeng ... Panjenengan uga
kagungan watak satriya.
Kartono : (nyedhak Suciati) Wis dadi sumpahku, “Aku ora bakal urip enak-enakan, yen
Landa durung minggat saka Indonesia”.
Suciati : Aku bakal nyengkuyung sumpah Panjenengan Mas. Jalaran aku uga ngerti ... yen
sadurunge tresna marang aku, ... Panjenengan wis nduweni katresnan liya, ... yaiku
tresna marang nusa lan bangsa Indonesia.
Kartono : Iki wis rada wengi, sampeyan ndang ngaso ana ing Pos, aku arep ndherekna Letda
Sucipto nyusup ana markase Landa ing Banyuurip.
(Letda Sucipto didherekake Sersan Basuni, mlebet saking kanan)
Basuni : Tiaraaaaaap ada musuuuh!!!
Kartono : (Tiarap)
Basuni : Haa ... haa ... haa ...
Suciati : Oooo ... njenengan iki ngaget-ngageti wae!
Kartono : (Jumeneng) Kurang ajar kowe Baaasss ... !!!
Basuni : Haa ... haa ... haa ... kaget! Kecidhuk yaaa ...
Letda Sucipto : Sampeyan yen guyon aja ketemenen, mengko yen ana musuh temenan, ... njur
padha ora ngandel ... lak sida kojur!
Basuni lan Kartono: Siap Letda Sucipto (sikap hormat).
Kartono : Saya siap berangkat Letnan!
Basuni : Ya mesthi siap ... wong wis bar oleh sangu!
Letda Sucipto : Bengi iki, ... awak dhewe nyusup ing Banyuurip. Sasaran utamane gudhang
senjatane Landa. Yen prajurit Landa ana sing lena, pateni. Nanging, aja nganti
ngetokna suwara.
Basuni : Beres Letnan, ya tugas ngene iki sing tak enteni.
Letda Sucipto : Aja mung beras-beres. Wengenane diajak nyegat Landa ing Senori, ... Landane
teka ... sampeyan sing keturon.
Kartono : Sersan Basuni iki, ... saben meneng mesthi ngantuk. Mula, cocoke diparingi tugas
sing oooobah terus!
Letda Sucipto : Sing paling penting ... awak dhewe bengi iki kudu oleh keterangan, “Sapa mata-
matane Landa sing tansah ngrugekna bangsane dhewe”.
Suciati : Nggih Letnan, aku jiiiaaaan gemes tenan. Saben awak dhewe pindah Pos Gerilya,
Landa kok mesthi ngerti.
Kartono : Pos Wirun saiki ya wis ora aman maneh.
Letda Sucipto : Mula, aku wis koordinasi karo Komandan Brigade Ronggolawe, yaiku Kolonel
Sudirman ... bab rencana mindhah Pos Tentara Pelajar iki. Pilihane ing Ponco,
utawa ing Jojogan.
Kartono : Yen manggon ing Ponco, tugas utamane awak dhewe nyerang markas Landa sing
ana ing Bojonegoro ... utawa ngadhang pasukan Landa supaya ora nyabrang ngalor.
Letda Sucipto : Yen manggon ing Jojogan, tugas utamane awak dhewe njaga ... supaya serdadu
Landa ora bisa njamah Pemerintahan Kabupaten Tuban sing sementara iki dipindah
ing Montong.
Basuni : Yen manggon ing kene wae, .... aku ngantuk (angop).. Mula, saiki ... mangga
brangkat Letnan !
Suciati : Tak dongakna muga-muga budhal slamet ... kondur slamet, ... Merdeka!!!
(Sedaya mangsuli “Merdeka” kanthi astanipun ngepel, Letda Sucipto, Kartono, lan Basuni medal ngiwa. Suciati medal nganan)
BABAK III
Paraga : 1) Kapten Giesberts, 2) Nonik Monica 3) Opas Samijan, 4) Opas Sukidi,
5) Baskoro, 6) Jiman, lan 7) Jimin
Kahanan : Baskoro lapor dhateng Walandi, bilih markasipun Tentara Pelajar wonten ing
Wirun.
Setting : Wanci enjing ing markas Walandi Banyu Urip.
Watak : Kapten Giesberts tegas logat Walandi, Nonik Monika kenes lan ngalem, Opas
Samijan lan Opas Sukidi remen gojegan.
Antawacana:
(Opas Sukidi lan Opas Samijan mlebet saking kiwa panggung kanthi jejogedan )
Opas Sukidi : Joged ngene iki bisa nggarai sehat, awak seger waras.
Opas Samijan : Sehat ... yen ora tawuran, ... nanging yen dicampur mendem ... terus tawuran ... bisa
benjut kabeh.
Opas Sukidi : Hla yen benjut ... sida nggawa nang dokter tenan. Kamangka, ... ongkose dokter iku
larang, mula rata-rata dokter iku sugih.
Opas Samijan : Ponakanku, ... anake mbak yu ku sing nang Tuban, ... ana sing dadi dokter.
Opas Sukidi : Ponakanmu ... dadi dokter.
Opas Samijan : Iya, ... nganti saiki umur 30 tahun isih bujang, ... durung nikah.
Opas Sukidi : Dokter ... umur 30 tahun isih bujang, apa ora ana pasien sing nyocoki?
Opas Samijan : Hla ... ya kuwi, ... ponakanku kuwi tak peseni, “Demi menjaga martabat lan kode
etik profesi, awakmu aja nganti kawin karo pasienmu!”
Opas Sukidi : Kawin oleh pasien ya ora apa-apa ta Jaaaan ... !!! Wong guru oleh muride ya
akeeeh, juragan oleh babune ya akeeeeh, atasan oleh bawahan ya akeeeh.
Opas Samijan : Hla yen nganti ponakanku oleh pasiene, ...ooo sida kiamat! Hla wong ponakanku
dokter hewan.
Opas Sukidi : He !!! ... ponakanmu dokter hewan, ... dadi pasiene...?
Opas Samijan : Kuciiiing ... asuuuu ... pitik ... ketheeek (nuding Sukidi).
Opas Sukidi : Ya wis, ... yen pancen kowe nduwe ponakan dokter hewan. Saiki ... kucing sikile
pira?
Opas Samijan : Papat.
Opas Sukidi : Pitik sikila pira?
Opas Samijan : Loro.
Opas Sukidi : Kenek apa, ula kok gak diwenehi sikil?
Opas Samijan : Merga, ula ora duwe bokong.
Opas Sukidi : Salah.
Opas Samijan : Hlo ... lak bener ta, sikil iku mancepe lak nang bokong, ... sing duwe sikil mesthi
duwe bokong.
Opas Sukidi : Ora mesthi, ... meja kae duwe sikil, ... nanging ora duwe bokong. Kowe tumon ...
ana uwong muni ngene, “Ayoo, angkaten bokonge meja!”(kendel sekedap) Ora ana.
Opas Samijan : Njuurr ... jawabe piye?
Opas Sukidi : Anane ula gak diwenehi sikil, ... merga yen diwenehi sikil mesthi dicokot.
Opas Samijan : Kok bisa?
Opas Sukidi : Jajal, ... yen ana ula tleser ... tleser (tanganipun nirokaken mlampahipun sawer) ...
terus sikilmu wenehna, ... mengko lak dicokot (maragani sawer nggigit suku).
Opas Samijan : He eh ... (kukur-kukur), terus kowe ngerti tambane wong dicokot ula?
Opas Sukidi : Digawa nang nggone dhukun.
Opas Samijan : Kuna kuwi.
Opas Sukidi : Diperban.
Opas Samijan : Tambah nemen, ... upase tambah munggah nang endi-endi.
Opas Sukidi : Njuurr ... dikapakna?
Opas Samijan : Ora mung kanggo wong dicokot ula thok, ... kabeh penyakit iku bisa diobati
nganggo obat herbal, ... kudu.
Opas Sukidi : Woh kudu ... pace kuwi ... kasiate akeh?
Opas Samijan : Wong kecelakakan, sikil coklek ... tangan pedhot, ... obate cukup kudu.
Opas Sukidi : Hla kok sepele tenan ... cukup kudu.
Opas Samijan : Kudu digawa nang rumah sakit, kudu dioperasi, kudu diobati.
Opas Sukidi : Iya, ... bar kuwi ... kudu mbayar, ... yen ora duwe dhuwit ... kudu nangis. Ooo ...
wong yen lahire Minggu malem Rebo ... ya ngene iki.
Opas Samijan : Endi ana Minggu malem Rebo, ... aku iku lahir Selasa malem Rebo.
Opas Sukidi : Iya, ... pancen awakmu lahir Selasa malem Rebo. Nanging, ... ibumu krasane mules
kawit Minggu.
Opas Samijan : Tapi lahirku pancen apes kok.
Opas Sukidi : Apes piye?
Opas Samijan : Umume wong lahir iku lak nang rumah sakit, ... utawa nang nggone dhukun bayi.
Opas Sukidi : Hla awakmu?
Opas Samijan : Aku lahir nang bengkel. Bengkel tambal ban.
Opas Sukidi : Mulane ...
Opas Samijan : Biasane, ... bidan ... kuwi yen nulung bayi ... tangane mesthi nganggo kaos tangan
steril.
Opas Sukidi : Sing nulung awakmu apa ora ngono?
Opas Samijan : Ora, ... ing bengkel iku anane ... obeng karo tang. Dadi lahirku, ... dicukil nganggo
obeng.
Opas Sukidi : Halaah ... lebay ngono kuwi. Hoak ... iki ...
Opas Samijan : Lahirku, iku ya normal. Kaya bayi lumrahe kae.
Opas Sukidi : Wis-wis ... saiki ayo posisi siap, ... Ndara Menier Kapten Giesberts karo Nonik
Monica arep mrene.
(Opas Samijan lan Opas Sukidi posisi siap hormat, Kapten Giesberts kaliyan Nonik Monica mlebet saking tengen)
K. Giesberts : Endnnn ... kamu Opas Samijan and Opas Sukidi, ... endnnn ... saya minta laporan ...
endnnn ... masalah pencurian senjata digudang tadi malam.
Opas Samijan : Benar menieeer ... tadi malam ekstrimis-ekstrimis mencuri senjata dan membunuh
Opas Badrun dan Opas Juki.
Opas Sukidi : Kemarun itu ...
Opas Samijan : (marang Opas Sukidi) Hei ... kemarin, ... kok kemarun.
Opas Sukidi : Wong yen ora tau diwulang basa ... ya ngene iki. Lemari basane apa?
Opas Samijan : Lemantun
Opas Sukidi : Pari basane apa?
Opas Samijan : Pantun.
Opas Sukidi : Hla yen kemarin?
Opas Samijan : Kemarun.
Opas Sukidi : Hla ... ngerti ngono lho!
Opas Samijan : Wis ... karepmu!
Opas Sukidi : Kemarun ... pas wayahnya Opas Badrun dan Opas Juki menjagi gudhangnya
senjata. Ada sedasa senjata yang hical.
Opas Samijan : Hilang ... kok hical.
Opas Sukidi : Hilang iku ora basa, yen basa dadi hiiiiical.
Nn. Monica : Bagaimanaaa ityuuu bisa turrrrjadi?
Opas Samijan : Tadi pagi uthuk-uthuk ...
Opas Sukidi : Tadi pagi buta ... kok uthuk-uthuk.
Opas Samijan : Sing wuta sapa?
Opas Sukidi : Ya wis ... karepmu!
Opas Samijan : Tadi pagi uthuk-uthuk, pas saya dan kanca saya ini ... mau aplosan jaga. Ujug-ujug
saya melihat ijazah ...
Nn. Monica : apa ityuuu ijazaaah?
Opas Sukidi : Maksudnya jenazah Nonik, ... ma’af teman saya ini agak gini !! (tanganipun
ngisyarataken tanda miring ing bathuk)
K. Giesberts : Endnnn ... Ada jenazah, ... endnn apa kamu jarkan saja?
Opas Samijan : Oh, ... ne ... ne ... ne ... jenazah itu tidak saya jarkan, tetapi saya serahkan ke
penduduk untuk dipendham.
Nn. Monica : Ekstrimis-ekstrimis ityuuu harus ditangkap papiii. Kalau ekstrimis-ekstrimis ityuuu
masih berkeliaran Monica takyuuut.
Opas Sukidi : Oh, ... ne ... ne ... ne ... mulai nanti malam penjagaan kita tingkatkan. Nonik
Monica tidak perlu takyuuuut.
K. Giesberts : Endnnn ... pokoknya kejadian tadi malam tidak boleh terulang lagi. Endnnn ...
kalian waktu jaga tidak boleh tidur!
Nn. Monica : Papi ... mengapa papi tidak usul, supaya markas Belanda di Banyu Urip ini ...
dipindah ke kota yang ramai ... tidak sunyi ... syuuupii bhugini.
K. Giesberts : Ooo ... ne... ne ... ne, markas kita di Banyu Urip ini punya tugas khusus. Endnnn ...
kita di sini harus mengamankan pabrik minyak Banyu Urip. Sebab ... seluruh
kebutuhan minyak di Jawa ... mulai dari bahan bakar kendaraan tempur ... tank ,
panser, truk pengangkut pasukan, ... sampai untuk keperluan pabrik-pabrik besar
dipenuhi dari sini.
Nn. Monica : Kalau begitu, papi minta pindah tugas saja.
K. Giesberts : Endnnn ... soal tempat tugas, ... sebenarnya, Papi ditugaskan ditempat tugas papi
yang lama, ... yaitu di Kota Madiun. Endnnn, ... tetapi papi sendiri yang minta tugas
disini. Sebab, kalau di Madiun ... Papi terus ingat mamimu yang meninggal di sana.
Opas Sukidi : Kalau ingin nonton hiburan, ... nanti Opas Samijan yang jadi hiburan.
Nn. Monica : Ooo ... Opas Samijan bisa jadi hiburan?
Opas Samijan : Iya ... saya bisa main sulap. Percil tak tutupi ... seminggu dadi kodhok. Menyok, tak
kempit dadi tape.
(Sedaya gumujeng. Baskoro, Jiman, lan Jimin mlebet saking kiwa)
P. Baskoro : Goodemiddag (kawaos: khudde midakh) Menier!
K. Giesberts : Goodemiddag geweldig (kawaos: khudde midakh kheweldikh), selamat siang tuan
hebat (njempol).Nonik, kenalkan ini tuan Baskoro, sekutu kita di Tuban Selatan ini.
Nn. Monica : Ooo ... ini pribumi yang cerdas ityuuu ...
K. Giesberts : Endnnn ... ada keperluan apa Je (kawaos: Yee) datang kemari?
P. Baskoro : Terima kasih, karena selama ini Belanda telah membantu kelancaran usaha saya.
Usaha dagang sapi dan renten saya lancar. Sebagai balas budi, saya akan memberi
informasi penting kepada Menier Kapten Giesberts.
K. Giesberts : Ha ... ha ... ha ... Ik believen (kawaos: ike believen). Je ... memang informan yang
handal. Informasi apa yang akan Je ... berikan?
P. Baskoro : Saya tahu tempat persembunyian ekstrimis-ekstrimis yang Menier cari.
Nn. Monica : Waah ... ini burita bagyuuus. Ekstrimis-ekstrimis itu harus shugura ditumpas papi!
P. Baskoro : Jiman lan Jimin ... jlentrehna kahanan panggonane ndhelik tentara- tentara pelajar
sing ana ing Wirun.
Jiman : Jadi begini, ... Wirun merupakan dukuh kecil yang termasuk wilayah Desa
Sembung. Letaknya memang agak jauh dari jalan raya.
Jimin : Karena letaknya yang tersembunyi, maka patroli serdadu Belanda tidak pernah
menjangkau sampai kesana.
Nn. Monica : Langsung kirim kundaraan tumpur aja Papiii ! Kirim tank dan panser, tumpas habis
mereka.
Jiman : Maaf, kendaraan tempur hanya bisa sampai di pasar Sembung. Selebihnya harus
jalan kaki.
P. Baskoro : Sebaiknya jangan membawa kendaraan tempur, kalau mereka mendengar suara
kendaraan, mereka bisa lari masuk hutan ... atau menyeberang lewat Kali Kening.
Sia-sia usaha kita nanti.
Jimin : Nanti ... serdadu Belanda datang diam-diam, setelah sampai di Wirun ... ada gubug
di tengah sawah ... itu pos Tentara Pelajar. Langsung berondong mereka.
K. Giesberts : Dank je wel ... Dank je wel ... sekarang mari kita minum-minum dulu di dalam.
Nanti malam Tentara Republik Indonesia Pelajar atau TRIP kita tamatkan
riwayatnya.
(Kapten Giesberts, Nonik Monica, Baskoro, Jiman, Jimin dipun dherekaken Opas Samijan lan Opas Sukidi medal nengen)
BABAK IV
Paraga : 1) Letda Sucipto, 2) Sersan Kartono, 3) Sersan Basuni
Kahanan : Tentara Republik Indonesia Pelajar ngatur siasat.
Setting : Wanci enjing, ing Pos Tentara Pelajar Wirun.
Antawacana:
(Letda Sucipto mlebet saking tengen. Sersan Basuni mlebet saking kiwa ngaturi hormat)
Letda Sucipto : Kepriye, isih ngantuk?
Basuni : Nanging ... yen diutus nyambut gawe maneh, aku wis siap.
Letda Sucipto : Senjata asile dhek mau bengi, cukup lumayan. Anggota TRIP sing arep nganggo
senjata iku, ... kudu dilatih dhisik. Merga katone ... iku senjata modern.
Basuni : Siap Letnan. Saiki, ... Landa mesthi rumangsa kobong jenggote. Granat sak karung
... mau bengi wis tak simpen rapi. Tak kira cukup yen kanggo mbledhosna tank
utawa panser sepuluh.
Letda Sucipto : Sersan Kartono kok ora katon, apa isih turu?
Basuni : Sersan Kartono kok turu, ... bocah iku ora duwe kesel utawa ngantuk. Mau bengi
mulih saka Banyu Urip turu sedela, ... bar sholat subuh terus nang pasar ... merga
oleh lapuran yen ing pasar Sembung ana gegeran.
Letda Sucipto : Apa Gathot lan kanca-kancane gawe rusuh maneh?
Basuni : Biasane kaya ngono, saben bar ngombe towak ... terus nagih piutange bapake ...
yen ana sing ora bisa mbayar terus diajar.
Letda Sucipto : Anak karo bapak kok padha wae.
Kartono : (mlebet saking kiwa) Merdeka !!! (kanthi ngepelaken tangan)
Letda Sucipto lan Basuni: Merdeka !!! (kanthi ngepelaken tangan)
Kartono : Lapor letnan! Kahanan saiki gawat! Awak dhewe kudu cepet-cepet mindah Pos
Gerilya ing Wirun iki!
Letda Sucipto : Gawat kepriye?
Kartono : Iki mau, aku lak nulungi Mbah Wito ... bakul mbako ing pasar Sembung ... sing
lagi diajar Gathot. Hla, sadurunge Gathot lan kanca-kancane lunga, ... dhasar wong
mendem omongane nglantur, ... Gathot muni-muni, ... yen awak dhewe ... Tentara
Pelajar bakal ditumpes Landa. Merga saiki Bapake Gathot, ... Pak Baskoro lagi
lapur marang Landa ing Banyu Urip.
Basuni : Pak Baskoro lapur marang Landa ing Banyu Urip. Wah ... yen ngono, ... aku dak
ngajak kanca-kanca anggota TRIP lan PMI ... tata-tata. Pos Gerilya sida pindah ing
Ponco.
Letda Sucipto : He eh. Sauntara sampeyan lan kanca liyane tata-tata, aku karo Sersan Kartono dak
ngatur siasat.
Kartono lan Basuni : Siap Letnan !!!
(Letda Sucipto, lan Sersan Kartono medal nengen, Sersan Basuni medal ngiwa)
BABAK V
Paraga : 1) Sersan Kartono, 2) Sersan Basuni, 3) Kapten Giesberts, 4) Opas Samijan, 5)
Opas Sukidi, 6) Gathot, 7) Budi, 8) Bejo, 9) Baskoro, 10) Jiman, lan 11) Jimin
Kahanan : Gathot kepancing dening siasatipun Tentara Pelajar.
Setting : Wanci dalu, ing Pos Tentara Pelajar Wirun.
Antawacana:
(Gathot kanthi mbeta salembar serat dipun dherekaken Budi lan Bejo, mlebet saking kiwa panggung. Mlampahipun radi sempoyongan jalaran mendem toak)
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk (mandheg angsale mlampah lajeng noleh dhateng Budi lan
Bejo ingkang mlampah ing wingkingipun) Pak eeee ... ana ketan aku tukokna, ...
Pakeee ... ana prawan aku rabekna! Ohhh ... Dhik Suciku. Ithuk ... ithuk ... ithuk, ...
Dhik Suciku... tak uuk.
Budi : Bener ta Mas ... surat iku asli?
Bejo : Iya ... iki mengko ... hla mung apus-apus.
Gathot : Dadi kowe wong loro ... ora percaya, ... yen Dhik Suci gelem karo aku? Apa rupaku
elek ? Yen kowe ora percaya, iku padha wae karo ngenyek marang aku.
Bejo : Ora kok ngono, ... wingenane Pak Baskoro lak wis dhawuh, ... yen panglamare
ditolak.
Budi : Apa maneh, wingi pas ketemu ing pertelon, ... cetha yen Suci ora gelem nampa
katresnan sampeyan.
Gathot : Iki lho, ... iki lho, ... surrrrrrate (nedahaken serat). Deellllloken, wacanen !
Bejo : (maos serat) Kanggo sayangku Mas Gathot.
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk , ... baleni Kang! (mesem ngguyu)
Bejo : (maos serat) Kanggo sayangku Mas Gathot. Sadurunge aku njaluk sepura, awit
wingi wis gawe larane penggalih Mas Gathot.
Gathot : Tak sepura, ... tak sepura ... !!!
Bejo : Saiki ... Suci sadhar, ... yen sejatine masa depane Suci iku pancen wis ginaris kudu
nyawiji karo Mas Gathot.
Budi : Sadhar kok ujug-ujug. Iki mesthi ana apa-apane.
Gathot : He eh, ana Gathot lan Suci sing bakal rabi. Ithuk ... ithuk ... ithuk , ... terusna!
Bejo : Mumpung Pos Tentara Pelajar lagi kosong, tak suwun Mas Gathot rawuh ing Pos
kanggo ngrembug rencana jejodhoane awak dhewe. (kendel sekedahap) Saka aku
kang lagi kasmaran, Suciati.
Gathot : Adhuh Dhiiiiiiik, ... ithuk ... ithuk ... ithuk, ... . Padha, ... aku ya lagi kasmaran.
Budi : Perasaanku kok krasa ora penak. Saiki Suciati ... wonge kok ora ana?
Gathot : Guuooooblok !!! Dhik Suciati ... mungkin saiki lagi macak. Lagi dandan, merga
arep ketemu karo aku ... calon bojone sing sugih, sing gagah, sing ngguuuantheng!
Bejo : Lan sing, ithuk ... ithuk ... ithuuuuuuk.
Budi : Kowe apa ora curiga? Kene iki markase Kartono, ... sing wingi wis njotosi awak
dhewe. Mungsuh Kartono ijen wae, awak dhewe wis bengep kabeh. Hla iki
mengko yen nganti dikrumpyung karo kancane, apa ora modiiiyarrr awak dhewe!
K. Giesberts : (saking njawi) Kalian sudah dikepung, menyerahlah! Saya ulangi, “Kalian sudah
dikepung, menyerahlah!
Bejo : Blaeeen iki. Iki piye?
Gathot : Ooo Dhik Suci ... iki piye ... awakmu nang endi?
Budi : Ayo mlayu! (badhe mlajeng nengen, )
Bejo : Ayooo! (badhe mlajeng nengen kaliyen ngglandhang Gathot)
K. Giesberts : (saking njawi)Tembaaak !
(Gathot, Budi lan Bejo pejah ing sisih tengen panggung. Kapten Giesberts, Opas Samijan, Opas
Sukidi mlebet saking kiwa. Kadherekaken Baskoro, Jiman, lan Jimin ing wingkingipun)
K. Giesberts : Tembakanmu tepat sasaran. Tetapi kok Cuma tiga?
Opas Samijan : Mungkin yang lain lari Menieerr!
Opas Sukidi : Mari kita uber kesana!
K. Giesberts : Tuan Baskoro sampai sini saja, ... urus mayat ekstrimis-ekstrimis itu! Hadiah untuk
Tuan Baskoro ... besok diantarkan opas.
P. Baskoro : Dank je wel ... dank je wel. (atur sembah kalbu)
(Kapten Giesberts, Opas Samijan, lan Opas Sukidi medal nengen)
P. Baskoro : Haa ... haa ... haa ... iki jenenge oleh rejeki nomplok! Oleh hadiah, ... musuh modar
... haa ... haa ... haa. Jiman ... Jimin, openi bathang iku!
Jiman : (nyaket mayit) Hlo ... Ndara !!! (njeriit)
P. Baskoro : Kaya bocah cilik wae! Weruh mayit njeriit!
Jimin : Niki ... niki ... niki ...
P. Baskoro : Niki apa?
Jiman : Niki Ndara Gathooot ...
P. Baskoro : Piyeee ...???
Jimin : Mas Gathoot Ndara ...
P. Baskoro : (nyaket) Gathot ... anakku nggeeeerrr! (ngrangkul Gathot) iki piye ...? (muwun)
Kok kowe nganti tekan kene? Gathooot ... anakku ... iki piyeeeee ....
Jiman : Hla inggiiih ... kok ngantos teng mriki ... sinten ingkang ngajak?
(Sersan Kartono lan Sersan Basuni mlebet saking tengen)
Kartono : Aku sing ngajak!
Jimin : Ooo ... iki pokal gawemu?
Kartono : Pengkhianat bangsa kaya kowe-kowe iki ... ora pantes urip ing kene.
Basuni : Iki merga saking guuoobloke Guuuathot anakmu! Hla wong surat tulisanku, .... kok
ngandel.
Kartono : Sing ngatur siasat iki ... atasanku, yaiku Letda Sucipto. Saiki panjenengane mimpin
gerilya ing panggonan liya.
Basuni : Kanggo ngurus barang rongsokan kaya kowe-kowe iki, cukup aku karo Mas
Kartono.
P. Baskoro : (jumeneng) Kere tenan kowe, ... rungokna! Nom-nomanku biyeen ... aku iki begal
kondhang ing tlatah Tuban. Mateni uwong iku gaweyanku.
Jimin : Yen ana rampok kembar, iku aku ... Jiman ... Jimin.
Basuni : Saiki giliranku ... aku sing arep mateni kowe.
(Jiman lan Jimin perang kaliyan Sersan Basuni, Jiman-Jimin pejah. Baskoro pejah ing astanipun Sersan Kartono)
Kartono : (Jumeneng jejeg ing tengah panggung, astanipun ngepel) Sadumuk bathuk sanyari
bumi! Indonesia saiki wis merdeka, ayo padha berjuang ngisi kamardikan kaya
lelabuhane “Pendekar Banyu Urip”!!!
KELIR KATUTUP
Para Pemain:
Pak Sumitro :
Bu Sumitro :
Baskoro :
Jiman :
Jimin :
S. Kartono :
Suciati :
Laras :
Gathot :
Budi :
Bejo :
L. Ngadenan :
S. Basuni :
K. Giesberts :
N. Monica :
O. Samijan :
O. Sukidi :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar