Naskah Drama Tradhisional
TUBAN BUMI WALI
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
BABAK I
Paraga:
1) Brawijaya, 2) Bre Girindra Wardana, 3) Patih Hermada, 4) Prajurit Majapahit, 5) Prajurit Daha
Kahanan:
Perang antawisipun Majapahit kaliyan Daha taksih lumampah. Prajurit Daha mimpang, Prajurit Majapahit mlajeng kepracondhang. Pungkasanipun, Prabu Brawijaya (mlebet saking tengen) aben ajeng kaliyan Girindra Wardana (mlebet saking kiwa).
Papan:
Alun-alun Majapahit
Antawacana:
Bre Girindra : Para prajurit Majapahit wis padha mlayu kocar-kacir, saiki kari kowe, ...
tinimbang dadi bangke, manuta, ... dak rangket ... dak cemplungke
pakunjaran.
Brawijaya : Nista temen tumindakmu Girindra Wardana! Aku ora ngira yen kaya ngene
piwalesmu! Sawise kowe dak wenehi palungguhan ana ing Daha Kadhiri, kowe
malah melik nggendhong lali.
Bre Girindra : Kowe Raja sing ringkih,... aji godhong garing. Ampel kok wenehake marang
Raden Rahmad, Giri Kedhaton muncul kok jarke wae, ... Demak ngadeg ...kowe
ora tumindak apa-apa.
Brawijaya : Minangka wong tuwa, Panjenengan ingsun kudu tumindak adil lan wicaksana.
Ampel, Giri Kedhaton, lan Demak dak dadekake tlatah perdikan, awit aku
percaya yen kabeh tlatah iku mau ora bakal mbalela marang Majapahit.
Bre Girindra : Wiwitane pancen kaya mangkono, ... nanging yen wis mekar dadi gedhe, ...
kabeh mesthi bakal mbondhan tanpa ratu ... mbalela marang Majapahit. Apa
maneh wong-wong sing kok percaya iku mau ... dudu wong Jawa sing duwe
kayakinan kaya awak dhewe.
Brawijaya : Kanyatane, ... nganti saiki Ampel, Giri Kedhaton, lan Demak isih tetep setya
bekti marang Majapahit. Apa maneh,... Raden Patah ing Demak iku isih putraku
dhewe, dadi mokal yen nganti wani marang aku. (muntab)Saiki, malah kowe
sing kabukten wis tumindak culika!
Bre Girindra : Macan kempong ora duwe untu ... ora usah kakehan omong, iki dina patimu
Brawijaya!
Brawijaya : Najan tuwa, ... aku isih bisa nandhingi kridhamu!
Bre Girindra : Mati dening aku, Brawijaya!
(Dumados perang malih. Brawijaya kasil mikut Bre Girindra. Nalika Brawijaya badhe namani pusaka dhateng Bre Girindra, Patih Hermada (Patih Daha) ngedalaken ilmu Barat Ketiga. Brawijaya kontal kabekta lesus medal ngiwa)
Bre Girindra : Brawijaya wis mati, Hermada!
P. Hermada : Dereng Gusti Girindra Wardana! Awit Panjenenganipun kagungan ilmu kulit
waja! Ketingalipun mlajeng ngaler.
Bre Girindra : Najan tuwa, nanging tandange Brawijaya isih ngedhap-edhapi (unjal ambegan).
Saiki, ... perkara pati-uripe Kertabumi utawa Brawijaya ... dak pasrahake
kowe. Nggawaa sabregada prajurit gajah! Pilihen gajah sing gedhe-gedhe! Yen
pancen Brawijaya nduwe aji kulit waja, ... diidak-idak gajah sabregada mesthi
ajur kuwandhane.
P. Hermada : Sendika dhawuh, Gusti!
Girindra : Panjenengan ingsun, arep suka-parisuka nglenggahi dhamparing kraton
Majapahit.
(Patih Hermada nyembah. Bre Girindra Wardana medal nengen, lajeng Patih Hermada medal ngiwa)
BABAK lI
Paraga:
1) R. Patah, 2) Dewi Murthosimah, 3) Sunan Kudus, 4) Sunan Kalijaga
Kahanan:
Raden Patah ngrembag kahananing kasultanan kaliyan garwanipun (Dewi Murthosimah), lan Sunan Kudus.
Papan:
Pendhapa Kasultanan Demak Bintara
Antawacana:
Raden Patah : Sawatawis, sasampunipun para wali misudha Panjenengan Ingsun minangka
Sultan ing Demak Bintara, kahananipun Demak Bintara samenika kados pundi
Bapa Ja’far Shodiq?
Sunan Kudus : Sasampunipun Raden Fatah jumeneng sultan ing Demak Bintara, para kawula
wiwit saking padhusunan ngantos kutha raja sami sengkud anggenipun
makarya, awit rumaos angsal pangayoman ingkang adil lan wicaksana. Kepara
malah tansaya kathah tiyang saking manca, ingkang samenika sami netep ing
Demak Bintara.
Raden Patah : Banjur kepriye kahananne para ibu lan anak-anake, apa ya padha kecukupan
papan lan sandhang pangane?
Dewi Mur. : Syukur Alhamdulillah, sedaya sami manggihi kabagaswarasan lan karaharjan.
Para ibu ingkang anggarbini, sedaya angsal kawigatosan ingkang mirunggan
saking panti usada.
Raden Patah : Banjur anak-anake kepriye?
Dewi Mur. : lare-lare ingkang dereng mangsanipun nyambut damel, sedaya kawulang ilmu
agama lan pranatan ing pesantren. Sedaya prabeyanipun kapendhet saking
bandha kaskayaning negari.
Sunan Kudus : Minangka Senopatining Kasultanan Demak Bintara, Kula inggih sampun milih
lan milah para mudha taruna ingkang bagas lan bregas ... kagladhi olah
kaprajuritan. Menawi sawanci-wanci panjenengan ngersakaken kangge bela
negari, sedaya sampun siyaga ing gati.
Raden Patah : Matur nuwun Bapa Ja’far Shodiq, kangge sawatawis wekdal Panjenengan
kapeksa kedah ngangkat badal minangka wakil panjenengan mangku pesantren
ing Kudus. Awit sasanesipun minangka senopatining negara, Panjenengan
inggih kula suwun dados mufti ing Demak Bintara menika.
Dewi Mur. : Ampun was sumelang Kang Mas Sultan, najan Bapa Sunan Kudus menika
sampun sepuh, ... ananging greget saut lan daya kekiyatanipun boten kawon
kaliyan para mudha taruna.
Sunan Kudus : Sedaya kala wau awit paringanipun Gusti Allah SWT, awit pranyata ... sedaya
tumindak lan pakerti, yen nurut dhateng syariate agama bakal njalari manungsa
menika saged bregas waras lahir tumusing batin.
Sunan Kalijaga : Assalamu’alaikum (mlebet)!
Sedaya (koor) : Wa’alaikum salam.
Raden Patah : Sugeng rawuhipun Kang Mas Raden Said (jumeneng)?
Sunan Kalijaga : Berkah donga pangestunipun Kanjeng Sultan, kula tansah pinaringan
Karaharjan (nyaket lajeng rangkulan).
Dewi Mur. : Mangga kula aturi lenggah ingkang sekeca Kanjeng Sunan Kalijaga!
Sunan Kalijaga : Matur nuwun Gusti Prameswari Dewi Murthosimah (lenggah).
Sunan Kudus : Menapa wonten bab ingkang wigati ingkang badhe Panjenengan aturaken
dhateng Kanjeng Sultan?
Sunan Kalijaga : Panjenengan saestu waskitha, pancen wonten bab ingkang wigatos sanget.
Raden Patah : Menapa wonten sambung rapetipun kaliyan kahananipun Kanjeng Rama Prabu
Brawijaya ing Majapahit?
Sunan Kalijaga : Inggih, leres.
Dewi Mur. : Kados pundi kahananipun Kanjeng Rama? (noleh dhateng Raden Patah) Kang
Mas Sultan, Panjenengan kedah tumindak, kasugenganipun Kanjeng Rama
menika dados tanggel jawab Panjenengan Kang Mas! (gupuh)
Sunan Kudus : Kanjeng Sultan, mangga Panjenengan paring dhawuh dhateng kula! Minangka
senopati Demak Bintara, kula tansah samekta nindakaken dhawuh timbalan
Panjenengan Dalem.
Raden Patah : (unjal ambegan) Kang Mas Sunan Kalijaga, kados pundi kahananipun Kanjeng
Rama Prabu Brawijaya lan Majapahit? Kula suwun Panjenengan ngendikan
ingkang gamblang lan jangkep!
Sunan Kalijaga : Syukur Alhamdulillah, Kanjeng Sinuwun Prabu Brawijaya samenika kahananipun
bregas-waras ... boten kirang sawiji-wiji.
Sedaya (koor) : Alhamdulillah (ekspresi lega).
Sunan Kalijaga : Kados ingkang sampun dipunjangka dening para wali, nalika kita badhe
ngedegaken Kasultanan Demak Bintara, ... bilih umuripun Majapahit kantun
saumuran jagung.
Raden Patah : Mila para wali njurung dhateng kula, minangka ahli waris Rama Prabu Brawijaya
Supados ngedegaken Kasultanan Demak Bintara, kangge njagani menawi
sawanci-waci Majapahit runtuh, sampun wonten ingkang nglajengaken
paprentahan kraton Majapahit.
Sunan Kudus : Dados, cethanipun samenika Majapahit sampun runtuh?
Sunan Kalijaga : Dereng runtuh, nanging sampun dhoyong. Majapahit runtuh boten saking
njawi, ananging badhe runtuh saking nglebet.
Sunan Kudus : Boten mbleset saking petung kula, rebut balung tanpa isi ing antawisipun para
putra lan punggawa Majapahit wiwit perang paregreg ngantos samenika tamtu
badhe ngrubuhaken saka gurunipun Majapahit.
Sunan Kalijaga : Bre Girindra Wardana saking Daha Kedhiri ngrabasa kutha raja Majapahit,
nanging syukuripun Prabu Brawijaya saged lolos.
Raden Patah : Lajeng ... samenika Kanjeng Rama Prabu Brawijaya lenggah wonten pundi?
Sunan Kalijaga : Nyuwun ngapunten Kanjeng Sultan, ngantos samenika kula dereng mangertosi
papan dunungipun Prabu Brawijaya. Nanging Panjenengan boten perlu
kuwatos, awit Prabu Brawijaya menika ratu engkang dipuntresnani dening para
kawula. Mila, tamtu kathah para kawula engkang badhe caos pambiyantu
dhateng panjenenganipun.
Raden Patah : Perkawis kahanane Majapahit, Panjenenganingsun boten badhe ndherek cawe-
cawe, awit menika kalebet urusan salebeting negari Majapahit. Ananging
perkawis kasugengan Panjenenganipun Prabu Brawijaya, menika dados tanggel
jawab kula. Mila, Dhumateng Panjenengan Bapa Sunan Kudus!
Sunan Kudus : Wonten dhawuh Kanjeng Sultan?
Raden Patah : Kula titip Demak Bintara dhumateng Panjenengan, kula badhe nindakaken
darmaning putra dhumateng tiyang sepuh.
Sunan Kalijaga : Kepareng sumela atur Kanjeng Sultan?
Raden Patah : Inggih, kula keparengaken.
Sunan Kalijaga : Panjengan badhe nindakaken darmaning putra menika leres, ananging
panjenengan boten saged nilaraken darmaning praja. Kekalihipun menika
sampun nyawiji dhumateng diri pribadi panjenengan.
Raden Patah : Inggih, menika sumpah prasetya kula ... nalika dipun wisudha dening para wali
minangka Sultan Demak Bintara. (unjal ambegan, nyawang tebih) Mila,
sapunika kula nyuwun dhumateng Kang Mas Sunan Kalijaga dados sesulih kula.
Panggihaken Kanjeng Rama Prabu lan ajak Panjenenganipun netep ing Demak
Bintara mriki!
Sunan Kudus : Inggih, menika leres sanget. Sunan Kalijaga menika asli priyayi Jawi, mila pantes
menawi namur laku ... dom sumurup ing banyu ... manggihaken Prabu
Brawijaya. Kula ingkang badhe nggebug Bre Girindra Wardana lan prajuritipun.
Raden Patah : Kula kinten boten perlu, awit kula boten pengin menawi mangke cinathet ing
sejarah, bilih kula,”Raden Patah, Sultan Demak Bintara minangka bibit kawit
ingkang njalari runtuhipun Majapahit”. Bapa Sunan Kudus cekap siyaga ing gati,
mbok bilih Bre Girindra Wardana kanthi pawadan ngoyak Kanjeng Rama Prabu
Brawijaya, ... ngantos kumawantun ngrabasa Demak Bintara.
Sunan Kalijaga : Sampun terang trawaca dhawuh timbalan Kanjeng Sultan, mila keparenga kula
enggal ngayahi jejibahan.
Sunan Kudus : Semanten ugi ... kula inggih enggal badhe tumuju tapel watesipun Demak
Bintara ... kula tadhahane kridhanipun Bre Girindra Wardana menawi
kumawantun mancik Demak Bintara.
Raden Patah : Mangga ... mangga, ... kula namung saged ndherekaken kanthi puja lan
pangestu.
(Sunan Kalijaga lan Sunan Kudus jumeneng ngucapaken salam, sasampunipun dipun wangsuli salamipun dening Raden Patah lan Dewi Murtosimah, kekalihipun medal ngiwa. Raden Patah lan Dewi Murthosimah kanthi jumeneng mangsuli salam. Sasampunipun Sunan Kalijaga lan Sunan Kudus medal ngiwa, kekalihipun lajeng medal nengen.)
BABAK lII
Paraga:
1) Pangeran Kusuma Wardana, 2) Klobot, 3) Klebet.
Kahanan:
Pangeran Kusuma Wardana manggihi abdi Klobot lan Klebet, dipunajak resik-resik Ndalem (Pondok) Kidul.
Papan:
Plataran Ndalem (Pondok) Kidul.
Antawacana:
(Klobot lan Klebet jejogedan miturut irama gendhing. Sasampunipun gendhing sigeg, Klobot lan Klebet gegojegan)
Klobot : Yen bab njoged, awakmu pancen pinter. Nanging yen bab nembang, ... tak kira
... awakmu ora ngalahna aku.
Klebet : Lho ... lo ... lo ... lo ... lo, Awakmu aja ngremehna aku! Awakmu tak critani, “Bayi
lair iku biasane lak nangis, nanging aku nyanyi, ... aku lair langsung nembang,
Jaranan ... jaranan ... jarane ... jaran teji (nembangaken lagu dolanan Jaranan)”.
Klobot : Aja umuk dhisik, awakmu bisa nembang “Dhayohe Teka”?
Klebet : Aja maneh mung tembang Dhayohe Teka, ... Dhayohe Nginep, aku ya bisa
(umuk/sombong).
Klobot : Yen ngono, ... ayo dijajal! Aku nembang sak baris, awakmu baris terusane.
Klebet : Ayo, ... tarik maaas!!!
Klobot : E ... dhayohe teka.
Klebet : E ... ajaken ngopi.
Klobot : Ngawur wae! ... Aku muni, “E ... dhayohe teka” . Sampeyan nyaut , “ E ...
gelarna klasa”.
Klebet : Biasane, ... angger ana tamu terus tak jak ngopi nang pertelon.
Klobot : Awakmu bisa nembang utawa ora?
Klebet : Bisa,...bisa,...ngono wae muring-muring.
Klobot : E ... dhayohe teka.
Klebet : E ... gelarna klasa.
Klobot : E ... klasane bedhah.
Klebet : E ... ya ben.
Klobot : Kok ya ben, ... klasane bedhah, ... tambalen jadah...
Klebet : Klasa bedhah ditambal jadah, ... apa ora malah kelet nang bokong? Awakmu
ki, yen gawe karangan mbok aja sing aneh-aneh. (nggremeng) Jadah enak kok
nggo nambal klasa.
Klobot : Nggremeng wae, sida nyanyi utawa ora?
Klebet : Sida,...sida,...ngono wae muring-muring.
Klobot : E ... dhayohe teka.
Klebet : E ... gelarna klasa.
Klobot : E ... klasane bedhah.
Klebet : E ... tambalen jadah.
Klobot : E ... jadahe mambu.
Klebet : E ... gorengen maneh.
Klobot : Buyar, ... buyar!!! Jadahe mambuuuu ... pakakna asu! (nesu)
Klebet : Hla wong jadah goreng dipangan karo ngopi ... uuueeeenak, kok dipakakna asu.
Klobot : Iki mono tembang blooook, ... syaire pancen ngonooo. (pegel) Eling terusane,
... pakakna asu!
Klebet : Eling, eling ,...ngono wae muring-muring. Pokoke ... pakakna asu.
Klobot : E ... dhayohe teka.
Klebet : E ... pakakna asu.
Klobot : Bet, ... klebeeet, ... cah nggantheng, ... ayo melu aku nang stasiun! (ngajak alus)
Klebet : Wah ... aku arep mbok ajak rekreasi numpak sepur?
Klobot : Gaaaak!!! ... awakmu arep tak cepitna gandhengan sepur! (gregeten)
E ... dhayohe teka.
Klebet : E ... gelarna klasa.
Klobot : E ... klasane bedhah.
Klebet : E ... tambalen jadah.
Klobot : E ... jadahe mambu.
klebet : E ... pakakna asu.
Klobot : E ... asune mati.
Klebet : E ... kerutna kali.
Klobot : Hla ya ngono, iki lagi pas.
Klebet : Aku kiiii jane ya apal, wong perkara tembang ngono wae. Anane ... anggonku
nembang nganti klera-kleru ... iku sak tenanne ana jalarane.
Klobot : Aku ngerti, awakmu saiki lak lagi lara wuyung alias jatuh cinta ta?
Klebet : He he he ... iya, ... hla awakmu kok ngerti Kang?
Klobot : Woo ya ngerti wae ... wong lanang angger tingkahe kok rena-rena, ora kaya
biasane ... iku tandhane lagi wuyung.
Klebet : Contone?
Klobot : Yen mlaku digagah-gagahna, dhadhane diangkat (maragakake), suarane
digedhek-gedhekna, seneng nglamun, yen tangi turu sering kerinan. Iya ta?
Klebet : Hla piye, awak dhewe wong telu ... Aku, awakmu, lan Ndara Pangeran Kusuma
Wardana, ... setengah tahun kepungkur oncat saka Daha Kediri tumuju Tuban
kene. Wong telu, nalika semana statuse isih bujang kabeh. Saiki Ndara
Pangeran Kusuma Wardana wis kapundhut mantu dening Kanjeng Syech
Abdullah Asy’ari, awakmu ... senajan elek-elek ya wis oleh bojo ... bakul sega
pecel ngisor ringin. Hla aku ... rupa nggantheng ... awak gagah, hla kok terlantar
bagaikan angka satu ... (nyanyi) masak-masak sendiri ... nyuci baju sendiri.
Klobot : Njur ... sing kok karepna iku sapa?
Klebet : Aku iki ... uwonge nriman. Oleh bojo ayu, tak trima. Dipek mantu wong sugih,
ya gelem.
Klobot : Halah ... alah ... alah ... dhapurmu ... mbok ngaca!
Klebet : Hlo tenan, umpama aku ... kok disenengi Putrane Bupati Tuban, aku ora nolak.
(P. Kusuma mlebet saking tengen jumeneng ing wingkingipun Klebet , Klobot ngertos rawuhipun P. Kusuma ngaturi sembah kolbu kanthi nembang)
Klobot : E ... dayohe teka.
Klebet : E ... pakakna asu (cengengesan).
P. Kusuma : Kepriye Beeet, aku arep kok pakakna asu?
Klebet : (mlengak kaliyan ndhepe-ndhepe) Mboten, ... mboten, ... niki wau kula
tetembangan kaliyan Kang Klobot.
P. Kusuma : Klobot, bener kaya mengkono?
Klobot : Walah ... mboteeen ... nggih ngoten niku, ... kamangka, kalawau sampun kula
engetaken, “ Beeet, ... omong sak omong ... iku sing ati-ati, sanajan ilat iku
mung sawelat, nanging bisa gawe kiamat!”.
Klebet : Awakmu aja mitnah wong! Seneng atimu, ... yen kancamu cilaka?
P. Kusuma : Tembang “Dhayohe Teka”, iku dudu tembang dolanan biasa. Iku mono tembang
karangane para wali. Tembang iku nduweni teges sing jero, katone mung
guyon, ... nanging isine piwulang.
Klobot : Tembang niki wau isine piwulang?
Klebet : Yen ora ngerti ... takona aku, ... mengko tak jelasna (kemlinthi).
P. Kusuma : Kowe ngerti Beeet?
Klebet : Mboooten!
P. Kusuma : E ... dhayohe teka, tegese agama Islam ... wis mlebu ing tanah Jawa. E ...
gelarna klasa, tegese ayo ditampa kanthi ati sing bungah. E ... klasane bedhah,
... keyakinan lan batin kita ... saiki lagi rusak. Banjur piye Boot?
Klobot : E ... tambalen jadah.
P. Kusuma : Ayo didandani kabeh adhat lan keyakinan ing tlatah Tuban kene.
Klebet : E ... jadahe mambu.
Klobot : Kula ngertos maknane, “Adhat lan keyakinan sing dianut tiyang mriki sampun
boten cocok kaliyan tuntunan Agama Islam. Wis mambu, ... ora up to date.
P. Kusuma : Pinter ... kowe!
Klebet : Aku ya bisa! E ... pakakna asu, tegese ... Wong-wong kuwi ben dicokot asu.
P. Kusuma : (gemujeng) Asu iku lambange hawa nepsu, ... ati sing nuruti godhane syetan.
Mula ...?
Klobot : E ... asune mati, sasampunipun angsal tuntunan agama Islam, ... sedaya
tumindak ingkang lepat kedah dilereni, ... kendel ... prei.
Klebet : E ... kerutna kali, ... kudu dilalekna ... aja dibaleni, tobat ing ngarsane Gusti.
Kaya miline banyu kali sing anjlog, ilang mlebu segara, kabeh dosa angger
gelem tobat bakal disepura deneng sing Maha Kawasa.
Klobot : Dungaren, ... awakmu kok bener!
Klebet : (kemlinthi) Aaaaku kok!
Klobot : Nuwun sewu Pangeran, gantos ingkang karembag. Kados pundi raosing batin
Panjenengan sasampunipun netep wonten ing pesantrenipun Kanjeng Syech
Abdullah Asy’ari mriki?
Klebet : Ya mesthi seneng, wong oleh bojo ayu. Sing mesthine ditakoni ngono iku aku,
“Piye Beet, perasaanmu? Meranaaaa ... sebatang kara.” (nggremeng piyambak)
P. Kusuma : Sawise aku netep ing kene dadi santrine Rama Syech Abdullah Asy’ari, atiku
krasa tentrem. Ing kene ... awak dhewe sinau migunakake wektu kanthi adhil,
imbang ing antarane kabutuhan lair lan batin. Sengkut makarya kanggo cagake
urip, khusuk ibadah kanggo sangu mati.
Klebet : Apa maneh, sawise dipundhut mantu Kanjeng Syech ... tambah ayem tentrem.
Klobot : Awakmu iku aja meri! Ndara Pangeran Kusuma dipundhut mantu dening
Kanjeng Syech Abdullah Asy’ari, iku minangka bebungah tumrap Ndara
pangeran. Awit, Ndara Pangeran lagi ngaji sedela wis bisa apal Al-Qur’an.
Hla awakmu, ... ngaji seprana-seprene apalmu mung Qulhu thok!
P. Kusuma : Wis-wis, ... iki mumpung isih esuk, ayo padha resik-resik pekarangan! Ndalem
utawa Pondok Kidul iki, saiki kapasrahake marang aku. Kanjeng Rama Syech
Abdullah Asy’ari milih netep ana ing Ndalem utawa Pondok sisih Lor.
Klebet&Klobot : Mangga-mangga !
(Pangeran Kusuma Wardana, Klobot, lan Klebet medal ngiwa)
BABAK lV
Paraga:
1) Syech Abdullah Asy’ari, 2) Brawijaya, 3) Sunan Kalijaga, 4) Santri Muji, 5) Santri Triman, 6) Santri Dasih.
Kahanan:
Syech Abdullah Asy’ari kanthi lenggah ing kursi ngulang ngaji para santri ingkang lenggah sila ing ngajengipun, ketungka rawuhipun Sunan Kalijaga lan Prabu Brawijaya.
Papan:
Ndalem (Pondok) Ler.
Antawacana:
S.A. Asy’ari : Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sedaya (koor) : Wa’alaikum salam warahmatullahi wabarakatuh.
S.A. Asy’ari : Nerusake ngaji ing dina wingi, Panjenengan ingsun saiki bakal njlentrehake yen
Al-Qur’an iku bisa diarani minangka “Sastrajendra Hayuningrat Pangruwating
Diyu”. Jalaran, Al-Qur’an iku mujudake Sastrajendra. Sastra tegese kitab, jendra
tegese gusti. Dadi, Al-Quran iku minangka kitab kagungane Gusti Allah.
Hayuningrat saka tembung hayu tegese slamet, lan tembung rat sing tegese
jagad. Pangruwatingdiyu saka tembung pangruwat sing tegese ngrumat utawa
ndandani, lan diyu tegese raseksa minangka lambange hawa nepsu.
Intine, Al-Qu’ran iku minangka kitab suci sing diparingake dening Gusti Allah
kanggo njaga keslametane ndonya saisine, lan kanggo nata hawa nepsune
manungsa.
Santri Muji : Nuwun sewu Kanjeng Syech Abdullah Asy’ari, lajeng ginanipun Hadist niku
menapa?
S.A. Asy’ari : Al-Qur’an iku minangka dhawuhe Gusti Allah kang ngatur tindak-tanduke
manungsa nalika sesambungan antarane manungsa karo Gusti Allah, antarane
menungsa karo menungsa liyane, lan antarane menungsa karo makhluke Gusti
Allah liyane. Hla ... tatacarane nindakake dhawuh mau dijlentrehake lan
diwenehi tuladha ing Hadist.
Santri Triman : Supados langkung gamblang, kula nyuwun dipun paringi tuladha kanjeng
Syech?
S.A. Asy’ari : Tuladhane ... dhawuh nindakake sholat. Lumantar Al-Quran Allah mung paring
dhawuh supaya wong Islam nindakake sholat, nah ... tatacara nindakake sholat
iku kajlentrehake ing kitab Hadist.
Santri Dasih : Nuwun sewu kanjeng Syech, menika kok wonten priyayi ingkang mlajeng
mlebet ing pondok.
S.A. Asy’ari : Ooo iya, bener.
Brawijaya : (mlebet saking kiwa kanthi rangu-rangu) Kula nuwun ...
S.A. Asy’ari : (kaget jumeneng) Mangga ... mangga ... , nuwun sewu ... menapa
Panjenengan menika Bre Kertabumi?
Brawijaya : (rangu-rangu) Iya, ... aku Kertabumi.
S.A. Asy’ari : Trimaaaan ... jupuke palenggahan! Sing rawuh iki Panjenengane ingkang
Sinuwun Prabu Brawijaya Raja Majapahit.
Santri Triman : Inggih kanjeng Syech! (mendhet kursi)
S.A. Asy’ari : Kados dene kajugrukan wukir kencana, sugeng rawuh ing pondok kula gusti!
Santri Triman : (mlebet nata kursi ing sisih tengenipun S.A. Asy’ari ) Mangga lenggah Sinuwun!
Brawijaya : Tekaku mrene, aja dadi repote pondhok! (lenggah)
S.A. Asy’ari : Boten ngrepotaken kok Sinuwun. Malah kula rumaos beja (teges), awit wonten
tamu agung (teges). Mila kangge pangeling-eling, benjing menawi wonten
rejane zaman ... tlatah mriki menika kula arani Bejagung (teges)!!!
Sedaya (koor) : Barokallah
Sunan Kalijaga : (mlebet saking kiwa) Assalamu’alaikum.
S.A. Asy’ari : (kaget jumeneng) Wa’alaikum salam, mangga ... mangga ... , Raden Said Putra
Bupati Tuban.
Sunan Kalijaga : Inggih, ... kula ingkang sowan Kanjeng Syech.
S.A. Asy’ari : Trimaaaan ... jupuke palenggahan! Sing rawuh iki Panjenengane Kanjeng Sunan
Kalijaga.
Santri Triman : Inggih Kanjeng Syech! (mendhet kursi)
S.A. Asy’ari : Sugeng rawuh ing pondok kula Raden Mas Said. Kok kados semadosan mawon,
Panjenengan rawuh sesarengan kaliyan Kanjeng Sinuwun Prabu Brawijaya.
Santri Triman : (mlebet nata kursi ing sisih tengenipun P. Brawijaya) Mangga lenggah Kanjeng
Sunan!
Santri Muji : Nuwun sewu, nyuwun keparengipun ... kula lan para santri badhe medal
rumiyin.
S.A. Asy’ari : Iya, tindakna pakaryanmu dhewe-dhewe!
(sedaya santri medal ngiwa)
Sunan Kalijaga : (lenggah, noleh dhateng Prabu Brawijaya) Sugeng rawuhipun Kanjeng
Sinuwun?
Brawijaya : Pangestune Sunan Kalijaga, Panjenengan Ingsun Pinaringan Kasugengan.(unjal
ambegan) Mesthine Panjenengan sakloron wis mangerteni kedadeyan
mbalelane Bre Girindra Wardana ing kutha raja Majapahit.
S.A. Asy’ari : Kabar menika sampun kula pireng tigang dinten kapengker. Mila, menawi
Panjenengan ngersakaken ... , kula lan sedaya para santri ing pondhok mriki
badhe bela sabaya pati dhumateng Panjenengan. Mangga kita rebat malih
Majapahit saking regemanipun Girindra Wardana!
Brawijaya : Gedhe panarimaku Kanjeng Syech.(jumeneng) Nanging, Panjenengan ingsun iki
wis tuwa (nyawang tebih). Wis wayahe Panjenengan Ingsun iki kudu lengser
keprabon. (ngendikan manteb)Mula marang Panjenengan Sunan Kalijaga,
“Aturna marang Raden Patah, yen Panjenengan Ingsun mangestoni madege
Raden Patah minangka Sultan Demak Bintara sing marisi Kraton Majapahit”.
Sunan Kalijaga : Ngestokaken dhawuh Gusti, sejatosipun kula inggih angsal dhawuh saking
Kanjeng Sultan.
Brawijaya : Oleh dhawuh apa?
Sunan Kalijaga : Kula dipun utus ngaturi, bilih Panjenengan kasuwun netep ing Demak Bintara.
Brawijaya : Ora Sunan Kalijaga !!!(jumangkah majeng). Jalaran yen nganti aku ana ing
Demak Bintara ..., kanthi pawadan arep ngrangket aku, iku mengko bisa digawe
alasan tumrap Girindra Wardana kanggo ngrabasa Demak. (noleh dhateng
Kalijaga) Majapahit aja nganti perang lumawan Demak, awit korbane mesthi
akeh ... mesakna para kawula sing ora kadosan apa-apa.
S.A. Asy’ari : Masya Allah, luhur sanget budi Panjenengan. Menawi Panjenengan kersa,
Panjenengan kula aturi netep ing mriki mawon.
Sunan Kalijaga : Kula kinten leres pangendikanipun Syech Asy’ari. In sya Allah, ing Tuban menika
kasugengan Panjenengan badhe kajaga dening Kanjeng Syech Asy’ari lan
Bupati Tuban Kanjeng Rama Wilatikta. (kendel sekedhap) Sanajan sitinipun
cengkar, nanging Tuban tansah tatatentrem kertarajarja. Awit, Tuban menika
buminipun para wali. Menawi Panjenengan ngersakaken imbal wacana, ing
sisih kilen wonten Kanjeng Sunan Bonang, ing sisih wetan wonten Syech
Ibrahim Asmarakondi, ing mriki wonten Kanjeng Syech Asy’ari, lan para
waliyullah sanesipun ingkang sumebar ing tlatah Tuban.
S.A. Asy’ari : Kangge sawatawis wekdal, Panjenengan kula aturi mapan ing Pondok rumiyin.
Mangke menawi kahanan sampun lerem, ing sisih ler wetanipun pondok
menika wonten papan ingkang asri, kula kinten cocok menawi ing mriku
kawangun griya joglo kangge ndalem Panjenengan.
Brawijaya : Banget panarimaku Kanjeng Syech. Keslametan lair batinku dak pasrahake
Panjenengan Kanjeng Syech.
Santri Dasih : (mlebet saking kiwa) Nuwun sewu, ing sisih kidul wonten sabregada prajurit
gajah saking Majapahit ingkang tinindhihan dening Patih Hermada.
Brawijaya : Iki mesthi arep ngrangket Panjenengan ingsun. Ya wis, tak adhepane!
S.A. Asy’ari : Nuwun sewu, Panjenengan ing mriki menika tamu kula. Kasugengan
Panjenengan dados tanggel jawab kula. Panjenengan kula aturi mlebet Masjid
kanthi sinartan Kanjeng Sunan Kalijaga. Krodhane Patih Hermada, ing mriki
wonten tandhingipun.
Santri Dasih : Patih Hermada nyuwun supados Prabu Brawijaya dipunpasrahaken. Menawi
boten dipunpasrahaken, pondok mriki badhe dipuntrajang prajurit gajah!
S.A. Asy’ari : Nggembelo tenan Patih Hermada! (ngeningaken cipta) Seksenana, sing
ditunggangi prajurit Majapahit kae ... saktemene dudu wujud gajah, ... nanging
wujud watu!!!
Sedaya (koor) : Watu gajah!!!
Sunan Kalijaga : Mangga Sinuwun, kula dherekaken mlebet masjid!
S.A. Asy’ari : Mangga! Kula dak manggihi yuga mantu kula, Pangeran Kusuma Wardana ing
pondok kidul.
(Brawijaya, Sunan Kalijaga, lan Santri Dasih medal ngiwa. S.A. Asy’ari medal nengen)
BABAK V
1) Pangeran Kusuma Wardana, 2) Siti Faiqoh, 3) Nyi Prenjak, 4) Nyi Ceplis, 5) S.A. Asy’ari
Kahanan:
Pangeran Kusuma Wardana manggihi Siti Faiqoh (garwanipun) ingkang nembe tetembangan kaliyan emban Nyi Prenjak lan Nyi Ceplis.
Papan:
Plataran Ndalem (Pondok) Kidul.
Antawacana:
(Siti Faiqoh, Nyi Prenjak lan Nyi Ceplis tetembangan lan jejogedan miturut irama gendhing. Sasampunipun gendhing sigeg, Siti Faiqoh cecaturan kaliyan Nyi Prenjak lan Nyi Ceplis)
Siti Faiqoh : Biyung, aku kok kepingin mangan bajangan ta Yung?
Nyi Prenjak : (kemlinthi) Pengin dhahar bajangan? Wah, ... iki iki tandhane ... tandhane ...!!!
Nyi Ceplis : Tandhane apa?
Nyi Prenjak : Kowe biyen apa ora tau nyidam? Gusti Putri iki lagi nggarbini,... ngandhut!
Nyi Ceplis : Napa Inggih ta Gusti?
Siti Faiqoh : Hla ... ya iki sing arep tak takokna sampeyan. Saben esuk, wetengku kok krasa
mudheg-mudheg arep muntah.
Nyi Prenjak : Madharan kraos mudheg-mudheg, niku jalaran wontenipun undhak-undhakan
produksi hormon tiroid kangge bakalipun jabang bayi.
Siti Faiqoh : Dadi ... cethane saiki aku wis mbobot ?
Nyi Prenjak : Positif ... sampeyan positif niku!
Nyi Ceplis : Gayamu lho kok kaya dhukun bayi wae!
Nyi Prenjak : Hlo!!! ... Aku biyen iku tau kuliah ing AKPER, yaiku akademi perdukunan.
Nyi Ceplis : Menawi mekaten, wiwit samenika Panjenengan kula aturi ingkang atos-atos.
Siti Faiqoh : Kudu ati-ati sing kepriye Biyung?
Nyi Prenjak : Dhahar lan obahing sarira kedah sarwa dipun tata.
Nyi Ceplis : Hla ... menika Gusti Kusuma rawuh!
P. Kusuma : (mlebet saking kiwa) Assalamu’alaikum
Sedaya (koor) : Wa’alaikum salam.
Siti Faiqoh : (sumringah) Mangga Kang Mas!
Nyi Prenjak : Plis, ... awakmu kudu ngerti, ... ayo nang mburi!
P. Kusuma : Hlo, ... kok padha buyar, ... arep nang endi?
Nyi Ceplis : Kula badhe ngumbah terpal.
Nyi Prenjak : Kula badhe mepe gabah.
(Nyi Ceplis lan Nyi Prenjak mlebet nengen)
Siti Faiqoh : (mesam-mesem ngalem)
P. Kusuma : Kawit mau, ... tak gatekna kok sajak sumringah, ... ana apa Dhiajeng?
Siti Faiqoh : Kang Mas, ... Panjenengan badhe dados bapak.
P. Kusuma : Piye, ... aku arep dadi bapak?
Siti Faiqoh : Inggih, ... (ngelus madharan) kula sampun ngandhut putra Panjenengan.
P. Kusuma : Alhamdulillah, ... pinter tenan kowe (nyiwel janggutipun Siti Faiqoh)! Yen ngono
... aku dak matur Kanjeng Rama Syech!
S.A. Asy’ari : (mlebet saking kiwa) Pangeran Kusuma, ... Iki ana kedadeyan sing wigati!
P. Kusuma : Wonten kedadosan menapa Kanjeng Rama Syech?
S.A. Asy’ari : Pondhok ketekan prajurit Majapahit kang dipandhegani dening Patih Hermada.
P. Kusuma : Patih Hermada? Patih Hermada menika lak patihipun Kanjeng Rama Bre
Girindra Wardana. Lajeng, ... kersanipun menapa?
S.A. Asy’ari : Patih Hermada njaluk, ... supaya aku masrahake Sinuwun Prabu Brawijaya kang
saiki lagi dadi tamu kang kinurmat ing pondhok kene.
P. Kusuma : Nyuwun tambahipun pangestu Kanjeng Rama Syech! Dhiajeng Siti Faiqoh, ...
dongakna Kang Masmu maju perang!
Siti Faiqoh : Kula yakin, ... Panjenengan tamtu mimpang ing palagan!
P. Kusuma : Assalamu’alaikum (medal ngiwa).
Sedaya (koor) : Wa’alaikum salam.
S.A. Asy’ari : Saiki ayo ndhuk, ... melu kanjeng rama ing pondhok lor!
Siti Faiqoh : Mangga-mangga kanjeng rama, kula dherekaken!
BABAK VI
1) Pangeran Kusuma Wardana, 2) Patih Hermada, 3) Prajurit Majapahit, 4) Para Santri
Kahanan:
Dumados perang antawisipun para santri pondhok lumawan prajuritipun patih Hermada. Prajuritipun Patih Hermada kawon. Pungkasanipun, Pangeran Kusuma Wardana (mlebet saking tengen) aben ajeng kaliyan Patih Hermada (mlebet saking kiwa).
Papan:
Pategalan pinggir desa.
Antawacana:
P. Hermada : (kaget) Hlo, ... kok Panjenengan Pangeran Kusuma Wardana!
P. Kusuma : Kaget, ... Panjenengan?
P. Hermada : Sampun sawatawis dangu Panjenengan nilaraken Daha Kadhiri. Samenika
mangga kula dherekaken kondur Pangeran.
P. Kusuma : Boten, ... Paman Hermada. Nalika semanten kula nilaraken Daha Kedhiri awit
dipun tundhung dening Kanjeng Rama Bre Girindra Wardana. Jalaran, kula
boten sarujuk dhumateng reka dayanipun Kanjeng Rama ingkang badhe
mbalela dhateng Majapahit.
P. Hermada : Menika sampun kelampah, Majapahit sampun kabedhah. Samenika ingkang
jumeneng nata ing Majapahit inggih Kanjeng Rama Panjenengan, Prabu
Girindra Wardana. Daha Kadhiri samenika komplang, menawi Panjenengan
kersa kondur, ... mangke kula ingkang badhe matur ing ngarsanipun Kanjeng
Rama, ... supados Daha Kadhiri dipun paringaken Panjenengan.
P. Kusuma : Gesang kanthi tansah nurutaken hawa nepsu ingkang kados mekaten menika
ingkang boten kula remeni. Sanajan tanpa ngregem kuasa, ing mriki kula
sampun rumaos ayem tentrem.
P. Hermada : Menawi mekaten, niku sakersa Panjenengan. Samenika kula suwun
Panjenengan minggir, kula badhe ngrangket Bre Kertabumi utawi Brawijaya.
P. Kusuma : Prabu Brawijaya samenika dados tamu ing pondhok, kasugenganipun dados
tanggel jawab kula. Menawi Panjenengan badhe ngrangket Sinuwun Brawijaya,
langkahi rumiyin bangke kula.
P. Hermada : Menawi mekaten, ... ingkang prayitna!
P. Kusuma : Mangga, ... kula sembadani!
(P. Hermada lan P. Kusuma perang tandhing, P. Kusuma unggul ing yuda)
P. Hermada : Pangeran Kusuma, ampun rumaos bungah rumiyin! Perang tandhing adu atose
balung, merga kalah nom ... mula aku kalah. Saiki, ayo adu ilmu jaya kawijayan!
Kula sumpah. Menawi Panjenengan saged nadhahi Aji Barat Ketiga, jiwa raga ...
kula pasrahaken Panjenengan!!!
P. Kusuma : Mangga, kula cobinipun!
(P. Hermada nangkepaken epek-epekipun, lajeng munyer ing papanipun kanthi mbengok seru).
P. Hermada : Aji Barat Ketigaaa!!! (mencolot ngrabasa P. Kusuma)
P. Kusuma : Allaaaahu Akbar !!! (epek-epekipun panggih epek-epekipun Patih Hermada)
P. Hermada : (ndheprok memelas) Mati aku! Pangeran kula nyuwun gesang! Panjenengan
ngagem aji menapa?
P. Kusuma : Sedaya kala wau kersane Gusti Allah dzat ingkang akarya jagad.
P. Hermada : Kados dene sumpah kula ing ngajeng, ... samenika jiwa raga ... kula pasrahaken
Panjenengan.
P. Kusuma : Bismilahirohmanirrohim, ... mari ... saka kersane Gusti Allah!!!
P. Hermada : (jumeneng ngobah-ngobahaken saliranipun) Waahhh! Kraos entheng !
P. Kusuma : Kula boten badhe meksa Panjenengan mlebet Islam, awit namung tiyang
ingkang pikantuk hidayah ingkang badhe kanthi sukarena ngrasuk agama Islam.
P. Hermada : Kados pundi caranipun, supados pikantuk Hidayah menika?
P. Kusuma : Hidayah menika kagungane Allah, manungsa menika namung sederma ikhtiar.
Supados pikantuk hidayah, Panjenengan saged sinau lan ngaji dhumateng para
ulama.
P. Hermada : Dhateng sinten kula kedah sinau lan ngaji?
P. Kusuma : Ampun kuwatos , Tuban menika gudhangipun ulama. Awit, Tuban bumi wali !!!
TANCEP KAYON
Para Paraga:
Prabu Brawijaya :
Bre Girindra Wardana :
Patih Hermada :
Prajurit Majapahit :
Prajurit Daha :
R. Patah :
Dewi Murthosimah :
Sunan Kudus :
Sunan Kalijaga :
Pangeran Kusuma Wardana :
Klobot :
Klebet :
Syech Abdullah Asy’ari :
Sunan Kalijaga :
Santri Muji :
Santri Triman :
Santri Dasih :
Siti Faiqoh :
Nyi Prenjak :
Nyi Ceplis :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar