Naskah Drama Tradhisional
ARYA TEJA LELANA
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
BABAK I
ADEGAN 1
1) Gagak Wulung,
2) Lawa Ijo,
3) Prajurit Tuban 1,
4) Prajurit Tuban 2.
Kahanan:
Dumados perang antawisipun kraman kaliyan prajurit Tuban. Kraman mimpang, para prajurit mlajeng kapracondhang.
Antawacana:
Gagak Wulung : Para prajurit Tuban wis padha mlayu kocar-kacir.
Lawa Ijo : Ayo diuber, tumpes sisan!
Gagak Wulung : Ora perlu, sapa ngerti iki mung mujudake pancingan. Para prajurit padha mlayu, supaya diuber awak dhewe ... kamangka ing kana wis siyaga para prajurit sagelar sepapan.
Lawa Ijo : Yen ngono, ayo bali wae. Aja liwat dalan gedhe, supaya cepet ayo nasak alas wae!Gagak Wulung: Ayo !
(Gagak Wulung lan Lawa Ijo medal ngiwa)
ADEGAN 2
1) Kebo Kicak,
2) Sri Kanthil,
3) Gagak Wulung,
4) Lawa Ijo.
Kahanan:
- Kanthi lenggah sela ageng salebetipun Guwa Terus, ing wanci dalu para kraman kang dipandhegani dening Kebo Kicak ngrembag kahananipun tlatah Tuban.
- Antawacana:
- (Kebo Kicak kadherekaken Sri Kanthil mlebet saking kiwa, Gagak Wulung lan Lawa Ijo mlebet saking kanan. Kebo Kicak lenggah ing papan rada inggil, Sri Kanthil, Gagak Wulung lan Lawa Ijo lenggah ing ngandhap.)
- Kebo Kicak :
- (suwantenipun ageng/manteb) Kepriye Dhi, asil pakaryanmu ... anggonmu
- gawe ontran-ontran ing tlatah Tuban?
- Gagak Wulung : Aja kuwatir Kang, warga Tuban saiki kaya dene tikus dianggo dolanan kucing.
- Para warga yen bengi ora bisa turu, yen awan ora bisa nyambut gawe.
- Kebo Kicak : Kok nganti kaya ngono?
- Lawa Ijo : Kepriye arep bisa turu? Yen saben wengi para warga padha melekan ... wedi
- kemalingan. Kepriye bisa nyambut gawe? Yen saben awan para warga
- padha wedi ninggal omah... kuwatir bojone, apa prawane dak cidra ha...ha...ha.
- Koor/Sedaya : ( ndherekgemujeng ) Ha...ha...ha...
- Kebo Kicak : Ora rugi ... ora rugi aku nduwe adhi ... edan kaya kowe!!!
- Koor/Sedaya : ( ngemujeng ) Ha...ha...ha...
- Sri Kanthil : Selapan dina kepungkur, Kali Krapyak dak jeguri tuba, ... wedhus, sapi, kebo
- ingon-ingonane wong sakiwa tengene ... sing ngombe banyune padha mati ...
- mendem kabeh.
- Kebo Kicak : Ora rugi ... ora rugi aku duwe wong wedok kaya kowe!!!
- Koor/Sedaya : ( ngemujeng ) Ha...ha...ha...
- Sri Kanthil : Halah gombal, wis ana aku ... nanging saben nglindur ... kakang mesthi tansah
- nyebut jenenge Dyah Ayu Dikara.
- Kebo Kicak : Cethane kowe kuwi cemburu ... ngono?
- Sri Kanthil : Sapa wonge sing ora cemburu, hla wong saben ndina dak ladeni ... nanging sing
- dieling-eling pancet Dyah Ayu Dikara wae.
- Kebo Kicak : (jumeneng nesu) Kowe ora usah ngucap sing neka-neka, sing penting ... kabeh
- kebutuhanmu wis dak cukupi!!! Ing atase ... kowe kuwi maune mung sindir
- tayuban kang urip sarwa kecingkrangan, saiki dak pek bojo ... mula saiki uripmu
- sarwa kecukupan, kepara malah mubra-mubru.
- Sri Kanthil : (mbesengut) Iya ... iya kang, aku dak meneng wae.
- Kebo Kicak : Yen kowe ora trima, apa kowe milih dak buwang ing Talang Kembar ben dadi
- panganane kewan alasan?
- Sri Kanthil : (kenes) Ora ... ora kang, aku mau mung guyon kok!
- Kebo Kicak : Kowe kabeh dak critani, mesthine sing dadi Bupati Tuban saiki, ... iku aku.
- (nyawang tebih) Selawe tahun kepungkur, Bapak ku ... Bajul Segara ...
- jalaran nuruti panjaluk ku, ... nglamar Dyah Ayu Dikara putrane Bupati Tuban
- kang asmane Adipati Arya Dikara.
- Lawa Ijo : Panglamaripun dipun tampi?
- Kebo Kicak : (duka) Guooblok !!! Yen panglamare ditampa ... saiki aku ora ana ing kene!!!
- Gagak Wulung : Alasanipun menapa, kok dipun tampik?
- Kebo Kicak : Kamangka, dhek isih enom ... aku iki nggantheng. Nanging, merga bapakku kang
- kondhang kanthi jejuluk Bajul Segara, penggaweane dadi rampok, kampak, lan
- kecu, ... mula Bupati Tuban ora gelem besanan karo bapak.
- Lawa Ijo : Menapa bapak njenengan boten ngamuk?
- Kebo Kicak : Ora mung ngamuk! Bapak malah madeg kraman ing segara ... nantang perang
- marang Bupati Arya Dikara. Kapal-kapal gedhe sing arep labuh ing Tuban,
- dirampok lan dijarah. Prajurit Tuban, kocar-kacir mungsuh anak buahe bapak.
- Gagak Wulung : Bupati Tuban lajeng nekuk dhengkul?
- Kebo Kicak : Amarga rumangsa bakal kalah, ... Bupati Arya Dikara nganakake sayembara ...
- sing isine, “Sapa wae wong sing bisa ngalahake kraman Bajul Segara, yen
- lanang dipek mantu yen wadon didadekake dulur sinarawedi.”
- Lawa Ijo : Mesthi boten wonten tiyang ingkang wantun nglebeti sayembara.
- Kebo Kicak : Ana, ... yaiku wong Arab sing jenenge Abdurrohman, ... sing saiki dadi Bupati
- Tuban kanthi jejuluk Bupati Arya Teja.
- Sri Kanthil : Dados, ingkang mimpang ing sayembara ... tiyang Arab ingkang njenengan
- sebat niku wau?
- Kebo Kicak : Iya, ... aku ora trima!!! Bapakku dipateni, lan calon bojoku dipek Arya Teja!!!
- Mula ... wis dadi tekadku, ... aku madeg kraman ing Guwa Terus kene!!! Awak
- dhewe kudu tansah gawe rerusuh, nganti panguasane Arya Teja ing Tuban
- runtuh. Pungkasane,... mengko panguasane kabupaten Tuban lan Dyah Ayu
- Dikara kudu dadi duwekku!!!
- Sri Kanthil : Niki sampun meh wengi, yen mung omong-omongan terus ... madharan kula kraos
- luwe. Mangga enggal bidhal pados mangsa!
- Kebo Kicak : Ayo, ... obrak-abrik omahe, pateni wonge!!!
- (Kebo Kicak medal liwat kanan kadherekaken Sri Kanthil, Gagak Wulung, lan Lawa Ijo)
- BABAK II
- Paraga:
- 1) Adhipati Arya Teja, 2) Dyah Ayu Dikara, 3) Dyah Ayu Sekar, 4) Raden Wilatikta, 5) Dewi Candrawati, 6) Patih Songsong Nagara, 7) Pariyem.
- Kahanan:
- Raden Arya Teja ing pasewakan agung Kadhipaten Tuban, ngrembag kahananing kadhipaten kaliyan Patih Songsong Negara, Prameswari Dyah Ayu Dikara, Prameswari Dyah Ayu Sekar, Raden Wilatikta, Dewi Candrawati, lan para sentana.
- Antawacana:
- Patih SN : (sepuh merbawani) Kula, ... Patih Songsong Nagara ngaturaken sembah pangabekti
- Kanjeng Adhipati (astanipun nyembah).
- Arya Teja : Iya paman Patih Songsong Nagara, ... tak tampa sembah bekti sira, ora liwat
- pangestuku tampanana!
- Dyah Ayu D. lan Dyah Ayu S. : (sesarengan) Semanten ugi kula Kang mas, ... kula ngaturaken
- sembah pangabekti.
- Arya Teja : Dak tampa sembah pangabektimu , ... muga garwaku wong loro ... Ayu Sekar lan
- Ayu Dikara bisa dadi tepa tuladha para wanita ing tlatah Tuban.
- D. Candrawati : Kanjeng Rama Adipati, kula inggih ngaturaken sembah pangabekti.
- Arya Teja : Tambah gedhe tambah katon ayu, sing becik anggonmu ngaji ... muga besuk bisa
- dadi garwane wong alim.
- R. Wilatikta : Nuwun, sembah pangabekti kula mugi konjuk ing ngarsanipun kanjeng rama
- Adipati Arya Teja.
- Arya Teja : Iya, putraningsun sing dak tresnani,... sawise dak waspadhakake kanthi titi lan dak
- semak tembang rawat-rawat ujare mbok bakul sinambi wara, ... nuduhake yen sira
- Raden Wilatikta wis pantes nyekel tanggung jawab sing luwih gedhe lan abot.
- Patih SN : Menika boten namung kabar, ... ananging dhasar kepara nyata. Sedaya ngelmu,
- wiwit saking tata kaprajan, kanuragan, ngantos ngelmu agama Islam sampun
- puput. Kula, menawi kautus tandhing mungsuh Raden Wilatikta ... pilih mundur
- mawon. Awit, kula mesthi kawon.
- R. Wilatikta : Nuwun sewu Paman Patih Songsong Negara, ... Panjenengan menika ngina
- dhumateng kula, ... menapa paring pangalembana?
- Patih SN : Pangendikanipun anak mas Adipati Anom Wilatikta menika ... nedahaken
- patrapipun priyayi alim, menawi dipun gunggung malah mentiyung. Wonten ing
- gladhen paperangan ... Raden Mas Wilatikta saged unggul najan dipun apit gangsal
- prajurit manggalayuda.
- D. Candrawati : Eyang Asmarakandi ingkang mulang elmu agama inggih rumaos nggumun, awit
- Kang Mas Wilatikta sakmenika sampun hafids Al-Quran lan katam elmu tafsiripun.
- Dyah Ayu D. : Kula, ingkang dening Gusti Allah dipun pitaya ngandhut lan nglairaken Nak Mas
- Wilatikta rumaos bombong lan syukur, ... awit sampun kaparingan kanugrahan
- ingkang ageng sanget.
- Arya Teja : (mesem manggut-manggut) Pasewakan ing dina iki kaanakake ... jalaran ana bab
- wigati kang kudu karembug. Bab iki ana sambung rapete karo Anakku Wilatikta.
- R. Wilatikta : Menapa dosa lan kalepatan kula kanjeng rama?
- Arya Teja : Sira ora luput, ... nanging bakal dak paringi tanggung jawab sing luwih gedhe.
- D. Candrawati : Menapa Kang Mas Wilatikta badhe panjenengan nikahaken?
- Dyah Ayu S. : Menawi dipun nikahaken, kula kinten inggih sampun titi wancinipun ... Kang Mas.
- Arya Teja : (ambegan landhung) Wis luwih saka selawe tahun ... aku madeg dadi bupati ing
- Tuban kene. Kamangka, sejatine nalika aku budhal saka tanah Arab ngumbara
- tekan tanah Jawa iki, niyatku ora golek donya lan kuwasa, ... nanging niyat
- nyebarake agama suci , ... yaiku agama Islam.
- Dyah Ayu D. : Najan dados bupati, nanging miturut kula Panjenengan lak boten nate
- nglirwakaken syariatipun agama.
- Dyah Ayu S. : Inggih, ... miturut kula Panjenengan sampun saget nyawijekaken pakertinipun
- ulama’ lan umaro’ kanthi sae. Ing masjid Panjenengan minangka imam sholat, ing
- pendhapa Panjenengan nata praja.
- Arya Teja : Nanging kanggoku isih ana sing kurang.
- Patih SN : Kula kinten, ingkang dipuntindakaken Gusti Adipati Arya Teja sampun sampurna.
- Para kawula ing Tuban inggih sampun marem, awit Panjenengan sampun
- tumindak adil lan wicaksana.
- Arya Teja : (Jumeneng, jumangkah majeng sekedhik) Sasi kepungkur, aku namur laku dadi
- kawula ... aku blusukan nganti tekan tapel wates Tuban sisih kulon. Ing kana, ...
- aku nemoni kahanan sing beda karo ing Tuban sisih wetan.
- R. Wilatikta : Kahananipun kados pundi kanjeng rama?
- Arya Teja : Yen ing tlatah wetan sarwa kecukupan, ing tlatah kulon sarwa kakurangan.
- Yen ing tlatah wetan kebak wong ngaji, ing tlatah kulon kebak wong ceki.
- R. Wilatikta : Lajeng, ... menapa Kanjeng Rama badhe prentah dhateng kula ...
- Arya Teja : Ora ... iki tanggung jawab pribadiku dhewe! Wong liya ora bakal bisa nanggung
- dosaku, awit pranyata ... salawase iki ... aku dadi bupati durung bisa makmurake
- rakyatku kanthi warata.(lenggah)
- Patih SN : Ingkang lepat niku kula gusti. Mangga panjenengan paring pidana dhateng kula, ...
- awit minangka pepatih dalem ... kula boten saged nindakaken kewajiban kanthi
- sae. Sampun wongsal-wangsul ... kula nyobi mbrasta kraman ing pareden kilen ...
- nanging dereng kasil.
- Arya Teja : Miturut warta sing tak tampa, ... rusaking kahanan ing Tuban tlatah kulon pancen
- saka pokal gawene kraman sing dipandhegani dening Kebo Kicak. Nanging,
- midana Paman Patih amarga ora bisa ngrampungi Kebo Kicak, uga dudu tumindak
- kang wicaksana.
- Pariyem : (mlebet ndhepe-ndhepe) Nuwun sewu ... kepareng kula sowan tanpa tinimbalan.
- Arya Teja : Ora dadi apa ... sapa sing dadi aranmu, lan apa sing dadi karepmu?
- Pariyem : Kula Pariyem Gusti, ... tebih saking redi Maindu ... kula nyuwun ... (muwun)
- Patih SN : Matura sing cetha ... unjal ambegan dhisik!
- Pariyem : (mingsig-mingseg) Kepareng matur, bilih kalawingi griya kula kedugen rampok ...
- sedaya gadhahan kula dipunrayah, bojo kula dipun pejahi, ... kula badhe dipun
- prawasa ... mila kula banjur mlajeng mriki, nyuwun pangayoman.
- R. Wilatikta : Rama Adipati, mangga Panjenengan paring dhawuh dhateng kula ... kula
- tumpesipun para kraman menika!
- Arya Teja : Aja grusa-grusu, kabeh kudu ditata lan dipetung. (noleh dhateng Pariyem) Marang
- kowe Pariyem. Wiwit dina iki, kowe dak keparengake mapan ana ing pendha.
- Patih SN : Nuwun sewu ... kepareng sumela atur Gusti.
- Arya Teja : Ya ... dak keparengake.
- Patih SN : Menawi wonten palilah Panjenengan, ... eee ... kados pundi menawi ... Pariyem
- ndherek kula ing Kepatihan Gusti...
- Arya Teja : Tegese ...???
- Patih SN : Pariyem kula dadosaken gantosipun Nyai Patih ingkang sampun dangu nilaraken
- kula Gusti.
- Arya Teja : Pariyem, ... ora perlu dak ambali tembunge Paman Patih. Saiki kepriye miturut
- awakmu? Kowe saguh dadi garwane Paman Patih Songsong Nagara?
- Pariyem : (nyembah) Kula namung ndherek dhawuh Panjenengan Gusti.
- Arya Teja : Perkara panandhange Pariyem wis bisa karampungan, saiki bali ngrembug bab tata
- praja ... kepriye yen miturut sira garwaku wong ayu?
- Dyah Ayu D. : Garwa menika tegesipun sigaraning nyawa, mila kanthi menika kula teguhaken
- malih prasetya kula. Kula tansah samekta, sabaya pati sabaya mukti kalihan
- panjenengan.
- Dyah Ayu S. : Semanten ugi kula Kang Mas Adipati, kula sampun ndherek Panjenengan wiwit
- saking Ujung Galuh ngantos ing Tuban. Mila kula ugi badhe ndherek ... menapa
- ingkang dados dhawuh Panjenengan.
- Arya Teja : Mula kanthi iki, ... Panjenengan ingsun netepake kekancingan; sepisan:
- Panjenengan Ingsun bakal lengser minangka Adipati Tuban, kapindho: Panjenegan
- Ingsun netepake Wilatikta minangka Adipati kaping pitu ing Tuban, lan sing kaping
- telu Panjenengan ingsun bakal nindakake lelana brata ing Tuban tlatah kulon.
- R. Wilatikta : Dhuh... Kanjeng rama sesembahan kula! Awrat kanggening kula ... badhe
- nindakaken kewajiban menika, nanging saestu langkung awrat malih ... menawi
- kula kedah pisah kalihan Panjenengan.
- Arya Teja : (jumeneng nyawang tebih) Mbok menawa iki pancen wis dadi garising nasib, ...
- Panjenengan ingsun dhewe sing pancen kudu ngrampungi pakaryan iki. (nyawang
- Wilatikta) Kebo Kicak madeg kraman iku sejatine merga serik marang Panjenengan
- Ingsun. Jalaran, sing sepisan ... Kebo Kicak ora kasil dhaup karo ibumu Dyah Ayu
- Dikara, sing kaping pindho ... bapake Kebo Kicak ... yaiku Bajul Segara mati ana
- astane Panjenengan ingsun.
- Dyah Ayu D. : Dados, ... Panjenengan ingkang badhe ngrampungi Kebo Kicak?
- Arya Teja : Aja sumelang! Kebo Kicak iku uga makhluke Gusti Allah. Yen Kebo Kicak iku
- kondhang minangka wong sing sekti mandraguna, ... sejatine iku mung apus-apus.
- Iku apus-apuse jin setan sing makarya bebarengan karo Kebo Kicak.
- Patih SN : Kula aturi ingkang atos-atos, awit pendherekipun Kebo Kicak menika kathah.
- Arya Teja : Budhalku lelana brata ing Tuban tlatah kulon, ... sing baku yaiku ndandani imane
- warga ing kana ... sing wis dirusak dening Kebo Kicak.
- Patih SN : Kabaripun ... Kebo Kicak ndamel agama piyambak ingkang kasebat agama Jawi.
- Arya Teja : Yaiku, ... salah sawijining apus-apuse Kebo Kicak. Merga aku iki asline wong Arab,
- mula Kebo Kicak tansah ngandhakake yen Islam iku agamane wong Arab.
- Kamangka, sejatine Gusti Allah iku ndadekake Islam minangka rahmatan lil alamin.
- Patih SN : Lajeng ... menapa ayahan ingkang kedah kita tindakaken Kanjeng Gusti?
- Arya Teja : Sesuk sawise sholat Jumat ... ing Pendhapa Agung iki ... samektakna adicara
- jumenengan putraningsun Wilatikta minangka Bupati Tuban. Sabubare iku ...
- Panjenengan Ingsun banjur budhal lelana brata. (kendel sekedhap) Saiki,
- Pasewakan kabubarake!
- (Adhipati Arya Teja kadherekaken Dyah Ayu Dikara lan Dyah Ayu Sekar medal nganan. Raden Wilatikta lan Patih Songsong Nagara lan Pariyem ngaturaken sembah lajeng medal ngiwa)
- BABAK III
- Paraga:
- 1) Adhipati Arya Teja, 2) Kunthing, 3) Trubus, 4) Kebo Kicak, 5) Gagak Wulung, 6) Lawa Ijo.
- Kahanan:
- Sasampunipun ngaso Ing tapel watesing kutha Tuban, Raden Arya Teja ngajak para abdi nglajengaken lampah.
- Antawacana:
- (Trubus mlebet saking kiwa, Kunthing mlebet saking tengen kanthi jejogedan nurut irama)
- Trubus : Yen mlaku liwat tengah alas ngene iki hawane krasa adhem, ati ya melu krasa
- tentrem. Wit-witan iki minangka sumber energi terbarukan. Mula kudu tansah
- dijaga lan dilestarekake.
- Kunthing : Nanging wit-witan iku uga kudu ditata, ora umbar ngono wae. Wit klapa yen
- manggon ana ngarep omah ya kudu ditegor.
- Trubus : Hlo kok kudu ditegor!!! Apa nglanggar adhat?
- Kunthing : Ora!
- Trubus : Wit klapa yen manggon ing ngarep omah, ... dikuwatirna wohe bakal nibani bocah.
- Kunthing : Ora! Anane wit klapa iku kudu ditegor, ... jalaran yen dijabut ... abot. Mula kudu
- ditegor, ... kowe kuwat njabut wit klapa?
- Trubus : (godheg) Gak, aku gak kuwat! Tak rasak-rasakna ... sampeyan kok kaya arep ngetes
- IQ ku! Aku iki wong sugih pengalaman lho!
- Kunthing : Yen sampeyan wong sugih pengalaman, sampeyan mesthi tahu krungu ... wong
- dodolan wingka nawakake dagangane, “ yang asli ... yang asli ... wingka asli ...
- wingka asli”. Nah, ... saiki wong dodolan apa ... sing dagangane palsu kabeh?
- Trubus : Dodolan kecap!
- Kunthing : Salah, ... kecap kae nomer siji kabeh.
- Trubus : Wong kampanye, ... wong kampanye kae janjine palsu kabeh. Jare biyen arep bela
- wong cilik , ... bareng wis dadi ... hla kok bela sing kuwasa.
- Kunthing : Luput, ... wong kampanye kae ora dodolan. Wong dodolan sing dagangane palsu
- kabeh, ... iku wong dodol untu. (kendel sekedhap) Kae lho ... ing pinggir prapatan
- ana tulisan, “Disini melayani gigi palsu”.
- Trubus : Umpama, ... iki umpama lho ya. Aku nekat dodol untu asli, ... ngono apa ora payu?
- Kunthing : Sing gelem tuku untumu ... iku njur sapa?
- Trubus : Ngrembug bab untu, ... nah salah sijine kewan sing kalebu golongane kewan sing
- ora duwe untu, yaiku bebek.
- Kunthing : Iya, ... mulane ora ana bebek sing lara untu. Bebek duwene cocor!
- Mula ana kembang sing diarani cocor bebek, merga ... godhonge kaya cocor bebek.
- Trubus : Saiki, bebek apa ... sing yen mlaku muter terus?
- Kunthing : Gampang, bebek di beleh...!
- Trubus : Bebek dibeleh kae ora muter-muter, nanging klepeg-klepeg.
- Kunthing : Bebek lara ndadak!
- Trubus : Kok tambah ngawur, endi ana bebek lara ndadak ... mbok padhakna koruptor wae
- ... angger arep di periksa KPK ... terus hawad-hawad lara. Mula yen milih
- pemimpin,... iku miliha sing pinter ngaji(kendel sekedhap).
- Bebek sing yen mlaku muter terus, ... iku bebek dikunci stang.
- (nirokaken nunggang sepeda motor bebek muter)
- Kunthing : Wah nakalan iki, ... saiki tak bales. Kena apa sepedha motore Rossi diwenehi merek
- Yamaha?
- Trubus : Merga regane larang, mula sing tuku njur muni, “Yaa mahal!”
- Kunthing : Ora perkara regane, saiki regane sepeda motor iku murah,... mula saiki cah cilik-
- cilik padha sepedha montoran, kamangka ora duwe SIM.
- Trubus : Bahaya iku, najan awak dhewe iki kalebu kids zaman now ‘anak zaman sekarang’,
- nanging kudu taat aturan. Wis ... apa jawabane?
- Kunthing : Sepedha motore Rossi diwenehi merek Yamaha, merga sing nggawe wong Jepang.
- Umpama sing nggawe wong Arab, ... mesthi diwenehi merk “Yaa...Mahmuuuudd”.
- Arya Teja : (mlebet saking tengen) Assalamu’alaikum.
- Trubus + Kunthing : (sareng) Wa’alaikumsalam.
- Arya Teja : Kepriye, wis cukup anggone padha ngaso?
- Trubus : Sampun ndara, sasampunipun sholat ... kalihan ngrantos panjenengan dzikir, niki
- wau kula gojegan kalihan Kunthing ... samenika, pegel linu kula sampun ical.
- Arya Teja : Anggone awak dhewe mlaku iki wis adoh, iki wis tekan tengah-tengahe tlatah
- kabupaten Tuban.
- Kunthing : Menika ... kok wonten pisang taksih alit nanging sampun medal ontongipun.
- Arya Teja : Gedhang ing kene pancen kaya ngono. Merga lemahe cengkar, mula wit gedhang
- ora bisa lemu.
- Kunthing : Najan witipun taksih alit, nanging umuripun sampun sepuh, mila sampun medal
- ontongipun.
- Arya Teja : Ya wis, ... kanggo pangeling-eling, ... besuk yen ana rejane jaman ... tlatah iki dak
- wenehi jeneng “ Montong”!!!
- Trubus : Montong?!!! Kasinggihan, ... kula ingkang dados seksinipun.
- Arya Teja : Sabanjure, ayo mbacutake laku! Nanging sing ati-ati, ... aja ninggal kaprayitnan.
- Awit , ... Kebo Kicak anggone ngrampok biasane nganti tekan tlatah kene.
- Trubus : Hla niku (nuding ngiwa) wonten grudugan tiyang. Ningali sandhang
- panganggenipun ketingalipun sanes tiyang sae.
- (Kebo Kicak, Gagak Wulung, lan Lawa Ijo mlebet saking kiwa)
- Kebo Kicak : Kuthuk marani sunduk! Ora usah kangelan tekan Tuban ... wong Arab iki wis mara
- setor nyawa dhewe.
- Arya Teja : Ula marani gepuk! Ora usah kangelan tekan Guwo Terus ... maling iki wis mara
- golek patine dhewe.
- Lawa Ijo : Kang, omongane sampeyan kok dikembari!
- Arya Teja : Biyen, ... sawise wong tuwamu dak kalahake ... kowe ngrepa-ngrepa njaluk urip.
- Kowe janji bakal mareni dadi rampok. Kowe trima ... bakal dadi kawula ing ndesa.
- Saiki ... kowe wis nerak janjimu dhewe. Malah ngedegna agama dhewe.
- Kebo Kicak : Islam iku agamane wong Arab, ... wong Jawa iku kawit biyen wis duwe agama
- dhewe. Wong Jawa kawit biyen wis duwe sembahan, yaiku dhanyang kaki
- dhanyang sing mbaureksa tlatah kene.
- Arya Teja : Iku lak mung akal-akalanmu dhewe ... wong-wong mbok jaluki sajen ... kamangka
- mbok pangan dhewe. Supaya aman anggonmu nyolong, ... warga kok weden-
- wedeni ... jare ana gendruwo, banaspati, kemamang, ... kamangka sing dadi
- memedi iku, ora liya ... ya kowe lan andhahanmu dhewe.
- Gagak Wulung : Wah ... iki kok mbukak wadine awak dhewe Kang?
- Kebo Kicak : Ora usah kakehan omong, ... kena kepelanku ajur ndhasmu!!!
- Kunthing : Kebo niku bageyan panjenengan gusti! Ingkang krucuk-krucuk niki cekap kula
- kaliyan Trubus mawon!
- (Dumados perang, Gagak Wulung lan Lawa Ijo pejah. Kebo Kicak dipun kawonaken dening Arya Teja, Kebo Kicak mlajeng ngiwa)
- Arya Teja : Kunthing lan Trubus, Kebo Kicak mlayu!
- Trubus : Mlajeng ngidul Gusti!
- Kunthing : Ngidul minggah redi kapur!
- Arya Teja : Ora dadi apa, ... ayo dioyak!
- (Adhipati Arya Teja, Kunthing, lan Trubus nututi medal mlajeng ngiwa)
- BABAK IV
- Paraga:
- 1) Adhipati Arya Teja, 2) Kunthing, 3) Trubus, 4) Kebo Kicak, 5) Srinah, 6) Marmi, 7) Triman, 8)Dyah Ayu Dikara, 9) Dyah Ayu Sekar.
- Kahanan:
- Triman rembugan kalihan Srinah lan Marmi babagan sesaji kangge Kebo Kicak, dumadakan ketungka duginipun Kebo Kicak.
- Antawacana:
- (Srinah mlebet saking kiwa, Marmi mlebet saking tengen kanthi tetembangan lan jejogedan nurut irama gendhing)
- Srinah : (kendel jejogedan) Pokok angger wis krungu gendhing Jawa, awak lungkrah dadi
- sumringah.
- Marmi : Inggih mbok, ... gendhing Jawa, niku boten namung sarana suka-suka, nanging
- kebak piwulang kang migunani.
- Srinah : Beda karo lagu-lagu sing ora genah iku, isine mung jingkrak-jingkrak karo mendem.
- Triman : (mlebet saking kiwa) Kowe iki mbok ya sing prihatin ... sedhela maneh, ...
- purnamasidi wulan ngarep iki, ... iki wis tiba gilirane awak dhewe kudu setor sajen
- kebo ing Guwa Terus kana.
- Marmi : Hla, ... bapak lak kagungan kebo tiga, ... sing setunggal diaturna kangge sajen, lak
- mpun beres.
- Srinah : Woo... bocah nek ra weruh butuhan, ... kebo telu iku mengko ... sing loro kanggo
- cagake urip ... hla sing siji iku mengko kanggo njagani ngewuhna awakmu!
- Triman : (ambegan landhung) Yen perkara iku ... aku ora pati susah. Sing dadi pikiranku ...
- iku lak ujare Ki Dhukuh, ...
- Srinah : Ki Dhukuh ngendika napa kang?
- Triman : Kebo sing bisa ditampa minangka sesajen ing Guwa Terus, iku kudu kebo lanang
- sing lemu lan ora cacat.
- Marmi : Dados kebonipun bapak ... menika boten wonten ingkang nyekapi syarat?
- Triman : Hla piye, ... kebo telu ... lanange siji ... kuru. Hla piye ... yen ora kuru? Saiki iki ...
- golek suket angel. Sawise alas kobongan, ... suket padha mati. Golek jomblangan
- kanggo gupak kebo uga angel.
- Marmi : Ingkang damel syarat ngoten niku ... jan-jane sinten ta?
- Srinah : Hla ... ya sing baureksa ta ndhuk.
- Marmi : Sing baureksa niku sinten?
- Srinah : Dhanyang-kaki dhanyang.
- Marmi : Danyang-kaki dhanyang niku sinten?
- Triman : Sing baureksa ndhuk, ... kowe yen takon aja angel-angel. Awak dhewe iku oleh
- prentah saka Ki Dhukuh. Hla Ki Dhukuh iku oleh dhawuh saka Panjenenganipun
- ingkang rumeksa Guwa Terus, yaiku Ki Kebo Kicak.
- Marmi : Ki Kebo Kicak maneh ... Ki Kebo Kicak maneh ... Ki Kebo Kicak maneh (endhel),
- bola-bali kok Ki Kebo Kicak.
- Srinah : Hus, ... sing ati-ati anggonmu ngomong !!! Ki Kebo Kicak iku priyayi pinunjul,
- yen mbok rasani ... Panjenengane mesthi krungu. Ayo saiki njaluk sepura!!! Yen
- ora ... sida cilaka kowe!
- Marmi : Si mBok niki kok wonten-wonten mawon, ... tiyange mawon boten wonten, kok
- kula diutus nyuwun sepura!
- Triman : Hlo ... kowe apa lali karo sing diwulangake dening Ki Dhukuh, yen duwe keluputan
- marang Ki Kebo Kicak ... kudu njaluk sepura. Carane ... kudu gawe sesajen rupa
- kembang telon, ngobong menyan ing plataran omah, lan nitipake pitik jago
- marang Ki Dhukuh. Mengko Ki Dhukuh sing ngaturna ing Guwa Terus.
- Marmi : Peeenak tenan Ki Kebo Kicak! Saben wonten tiyang lepat ... angsal ayam, saben
- wonten tiyang lepat ... angsal ayam.
- Srinah : Wis ta ndhuk, kowe aja ngeyel! Iki wis dadi syarate, ... awak dhewe kari nglakoni.
- Butuhe awak dhewe iku mung slamet.
- Kebo Kicak : (mlebet saking kiwa) Kula nuwun !!!
- Triman : (kaget, ajrih nyembah-nyembah) Lho ... Gusti Kebo Kicak! ... kula nyuwun
- pangapunten gusti!
- Srinah : Inggih kula nyuwun pangapunten! ... Ndhuk cepet ndang ngaturna luput ...
- nyuwun pangapunten! Iki kabeh salahmu!
- Marmi : Gusti Kebo Kicak ... !!! Kula nyuwun pangapunten, ... mangke sedaya syaratipun
- kula aturaken.
- Kebo Kicak : (manthuk-manthuk) Dadi ... kowe kabeh wis ngakoni kaluputanmu? !!!
- Sedaya : (sesarengan kanthi gurawalan) Inggih Gustiii ...
- Kebo Kicak : Dina iki kabeh kaluputanmu dak sepura. Minangka syarate ... aku dak semedi ing
- jero omahmu. Yen ana pawongan sing nggoleki ... kandhaa yen Gusti Kebo Kicak
- ora ana!
- Sedaya : Inggih ... mangga Gusti!
- Kebo Kicak : Tenan ... eling !!! Yen ana sing nggoleki, ... kandha apa?
- Sedaya : Gusti Kebo Kicak boten wonten!
- Kebo Kicak : Bagus !!! Aku mlebu (medal nganan).
- Srinah : Eh ... ndhuk ... untunge ... ndhuuuk, Gusti Kebo Kicak kok kersa paring pangapura.
- Triman : Umpama ora, ... woo sida cilaka! Saiki Gusti Kebo Kicak lagi semedi ... kewajibane
- awak dhewe ... njaga supaya ora ana sing ngganggu. Eling ndhuk ... yen ana
- pitakonan kudu njawab piye?
- Marmi : Inggih ... nggih, kula tak mangsuli, “Gusti Kebo Kicak boten wonten!”
- Srinah : Pak e! ... menika wonten tamu malih!
- (Arya Teja, Kunthing, lan Trubus mlebet saking kiwa. Triman sakeluarga mbagekaken)
- Triman : Mangga ... mangga! Wonten kersa menapa?
- Arya Teja : Nuwun sewu, menapa panjenengan ngertos ... wonten pawongan mlebet mriki?
- Marmi : Gusti Kebo Kicak boten wonten!
- Arya Teja : (kaget) Hlo ... aku ora ngarani jeneng, naning sampeyan kok bisa ngarani jenenge
- uwong sing dak goleki?
- Triman : Mateng aku!!! ... Sida cilaka iki mengko!!! ... Ndhuk, yen omong ... aja angger
- mangaaaap!!!
- Marmi : Dos pundi ta pak? Kula kok lepaat ... mawon. Kala wau ngendikane , “ Yen ana
- pitakonan kudu njawab ... Gusti Kebo Kicak boten wonten!”
- Arya Teja : Wis ... wis ... iki tegese Kebo Kicak ana kene?!!!
- Srinah : Nuwun sewu, Panjenengan sinten nggih?
- Kunthing : Hlo ... karo gustine kok ora tepung!
- Arya Teja : Sing kleru iku Panjenengan Ingsun, ... awit Panjenengan Ingsun ora nate njlajah
- desa milang kori, mirsani kahanane para kawula Tuban tlatah kulon lan kidul kene.
- Trubus : Wiwit saiki dieling-eling! Panjenengane iki ... Syeh Abdurohman kang ajejuluk
- Gusti Arya Teja Bupati Tuban kaping nenem.
- (Triman, Srinah, lan Marmi kaget, ajrih nyembah-nyembah)
- Triman : Sarawuh Panjenengan, kula sakaluwarga ngaturaken sembah pangabekti ... Gusti!
- Arya Teja : Dak tampa pangabetimu, ora liwat pangestuku tampanana.
- Triman : Banget anggen kula mundhi Gusti. Lajeng, nuwun sewu ... menapa wonten
- dhawuh ingkang kedah kula leksanani Gusti?
- Arya Teja : Sadurunge, ... sapa sing dadi aran mu?
- Triman : Kula Triman, ... menika simah kula ... Srinah, ingkang niku yuga kula ... Marmi.
- Arya Teja : (kendel sekedhap) Triman, ... ing ngarep anak mu matur yen Kebo Kicak ora ana.
- Ukara iki nduweni teges, yen sejatine Kebo Kicak ... ana ing kene. Lan, ... Kebo
- Kicak wis wanti-wanti supaya kowe ora ngandharake papan panggonane.
- Srinah : Pak , ... saenipun matur menapa wontenipun mawon! Toh, Panjenengane inggih
- sampun pirsa.
- Arya Teja : Ara usah wedi, ... yen ana apa-apane aku sing tanggung Jawab.
- Triman : Inggih leres, ... Gusti Kebo Kicak wonten mriki.
- Arya Teja : Hla ... lak ya kaya ngono. Ngertia! Yen saiki iki ... Kebo Kicak dadi buron larone
- panguwasa ing Tuban.
- Triman : Gusti Kebo Kicak dadi buron larone panguwasa ing Tuban?
- Arya Teja : Jenenge ora usah kok tambahi ...”gusti”! Awit, Kebo Kicak iku satemene kraman
- sing dadi mungsuhe brayat gung Tuban. Kanthi akal buluse, dhewekne wis ngaku-
- aku dadi pengarepe agama Jawa.
- Marmi : Mangkakna jalukane aneh-aneh, angel-angel, lan abot-abot. ... Ooo Jebule kancil
- kudhungan lulang macan!
- Arya Teja : Wis, saiki ... sampeyan sabrayat minggira sedhela! Dak rampungane Kebo Kicak!
- Triman : Sendika dhawuh Gusti!
- (Triman, Srinah, lan Marmi minggir medal ngiwa)
- Arya Teja : Kunthing, ampingana saka mburi omah! Trubus, opyaken njero omah ... yen metu
- dak tampanane! (siyaga madhep nengen)
- Kunthing : Ampun kuwatos Gusti! (medal ngiwa)
- Trubus : Kasinggihan Gusti! (medal nengen)
- (Kebo Kicak mlajeng mlebet kanthi mencolot saking tengen, langsung dipun tendhang dening Arya Teja. Kebo Kicak dhawah, jregeng-jregeng jumeneng ngunus pusaka nyedhaki Arya Teja)
- Kebo Kicak : Mati ... kowe wong Arab!!! (nyuduk Arya Teja)
- Arya Teja : (nangkis lan ngrebut pusaka Kebo Kicak, lajeng dipun sudukaken Kebo Kicak
- Piyambak) Allahu Akbar !!!
- Kebo Kicak : Wadhuuuuh, mati aku! (kanthi nyekeli pusaka ingkang nanceb ing badanipun,
- Kebo Kicak munyer-munyer medal ngiwa)
- Trubus : (mlebet saking tengen) Kados pundi Gusti? Niki wau Kebo Kicak singidan wonten
- ngandhapipun dhipan.
- (Kunthing, Triman, Srinah, Marmi mlebet saking kiwa)
- Marmi : Ngakune semedi, ... jebule ndhelik!
- Arya Teja : Kebo Kicak saiki wis mati, kae (nuding tebih arah ngiwa) ... layone ngglundhung ing
- perengane gunung kapur.
- Kunthing : Ooo ... inggih ndlosor ing perengane redi.
- Arya Teja : Mula, mbesuk yen ana rejane jaman, ... perengane gunung iku dak wenehi jeneng
- “Parengan” !!!
- Triman : Kula sabrayat ingkang dados seksinipun gusti.
- Arya Teja : Saiki ... marang kowe Kunthing lan Trubus, upakaranen ... layone Kebo Kicak
- manut tata adhat ing kene.
- Srinah : Nuwun sewu Gusti, ... miturut tata adhat teng mriki ... tiyang menawi pejah
- menika dipun besmi.
- Trubus : Dibesmi, iku dikapakna Yu?
- Kunthing : Dibesmi kok ora ngerti, ... dibesmi iku diobong. Dadi ora dikubur, kaya wong Islam.
- Triman : Nanging, menawi badhe panjenengan kubur kados dene tiyang Islam inggih
- mangga kersa. Kula nggih sampun nate mireng, ... bilih tiyang Islam, menawi seda
- dipun kubur.
- Arya Teja : Ora, ... layone Kebo Kicak tetep dibesmi miturut agama lan keyakinan sing dinut
- nalika dheweke isih urip. Agama iku ora kena meksa. Yen nalika urip ora gelem
- kanthi rila legawa mlebu Islam, yen mati iya ora oleh dipeksa mlebu Islam.
- Aggonku merangi Kebo Kicak, ... iki ora kok merga dheweke beda agama karo aku,
- nanging merga dheweke wis madeg kraman lan gawe rusuh ing Tuban.
- Marmi : Pak ! (madhep Triman) Ketoke dadi wong Islam iku penak, ... ora ruwet. Ayo melu
- Islam wae Pak!
- Arya Teja : Melu agama iku ora bisa kanthi dhasar “penak lan enak”. Nanging kudu didhasari
- “apik lan bener”. Jalaran, penak lan enak iku kadhang-kadhang bisa gawe cilaka.
- Tuladhane, ... arak lan toh-tohan ... iku bisa ngrusak awak lan seduluran.
- Triman : Mireng dhawuh panjenengan ... batin kula kok kraos adhem ayem. Mila, kanthi
- lahir tumus ing batin kula ndherek Panjenengan.
- Srinah : Semanten ugi kula inggih mekaten, jiwa raga kula ndherek mlebet Islam.
- Arya Teja : Kunthing lan Trubus, ... katone warga ing sakiwa tengene tlatah iki bakal akeh sing
- padha mlebu Islam. Yen akeh sing padha mlebu Islam, ateges bakal akeh
- pawongan sing kudu diwulang tata cara agama Islam. Mula, wiwit dina iki dak
- tetepake yen Panjenengan ingsun bakal netep ing kene.
- Triman : (jumeneng nuding tebih arah tengen)Nuwun sewu Gusti, menika ketingalipun
- wonten tiyang sadeyan sinjang lan prabotan.
- Kunthing : Sampeyan iki lho kok awas tenan, endi wonge?
- Triman : (nuding malih) Hla nika ... iring-iringan tiyang sekawan, ingkang estri mlampah ing
- ngajeng ... ingkang kakung mikul kranjang ing wingking!
- Srinah : Kranjang menika ... biasanipun isi barang dagangan gusti.
- Arya Teja : Dagangan??? Mula, ... kanggo tetenger ... besok yen ana rejane jaman ... desa
- kene iki dak wenehi jeneng desa “Dagangan”.
- Marmi : Inggih ... sae Gusti! Najan panggenane mencil, nanging naminipun sae!
- Trubus : Nuwun sewu Gusti, ... menika sanes tiyang sadeyan, ... nanging Gusti Putri Dyah
- Ayu Dikara Lan Gusti Putri Dyah Ayu Sekar kadherekaken prajurit pangapit! Kula
- susulipun Gusti! (medal nengen)
- Arya Teja : Ooo ... iya bener, Iku dudu wong dodolan ... nanging garwaningsun.
- Triman : Nyuwun duka ingkang kathah ... kula boten ngertos Gusti?
- Arya Teja : Kok ndadak nyuwun duka barang, ... wong ora weruh iku ora kleru, mula ora perlu
- didukani. Wong ora weruh, iku perlu dikandhani.
- (Dyah Ayu Dikara, Dyah Ayu Sekar mlebet saking tengen, kadherekaken Trubus)
- Dyah Ayu D. : Kula ingkang nyusul Kang Mas Adipati!
- Dyah Ayu S. : Kula inggih kepingin ndherek Panjenengan.
- Arya Teja : Yen kabeh padha melu, banjur sapa sing ngembani Wilatikta anggone nindakake
- kewajibane minangka bupati?
- Dyah Ayu D. : Wilatikta menika sampun dewasa, dewasa raganipun ... dewasa nalaripun. Mila
- boten mbetahaken pangemban malih, ... lan ing mrika inggih taksih wonten Patih
- Songsong Negara ingkang wicaksana.
- Dyah Ayu S. : Menawi kula lan Rayi Mas Dikara boten dherek, lajeng sinten ingkang
- nyamektakaken sedaya kabetahan Panjenengan?
- Arya Teja : Kaya kajugrugan wukir kencana ... rasane atiku, bareng krungu aturmu. Nanging,
- kok akeh tenan barang sing mbok gawa?
- Dyah Ayu D. : Panjenengan menika kok kados boten pirsa kabetahanipun tiyang estri, ... menika
- ingkang kabeta namung sekedhik.
- Dyah Ayu S. : Saperangan, mangke saged dipun dum-dumaken dhateng para warga.
- Arya Teja : Trubus, ... endi prajurit pengapit sing dherekake garwaningsun? Kok ora mbok ajak
- mrene?
- Trubus : Taksih ngaso ing ngandhapipun wit-witan, kalihan nengga barang-barangipun
- ndara putri, ... ketingalipun sayah sanget.
- Arya Teja : Triman, ... undangen para warga ... ajaken ngupakara layone Kebo Kicak!
- Triman : Para warga sampun ngempal, ... nanging boten wantun nyaket mriki! Menika sami
- ningali saking katebihan.
- Arya Teja : Sabubare iku ... kandhaa marang para warga, “Sapa wae ... kalebu kowe lan anak
- bojomu, ... sing kepingin ngrasuk Agama Islam kanthi rila legawa ... mangko bakal
- dak tuntun ngucapake syahadat bebarengan.
- Triman : Sendika dhawuh Gusti!
- Arya Teja : Sing pungkasan,... aku wis milih Desa Dagangan minangka omahku, ... mula besuk
- yen aku mati ... aku uga milih dikubur ana ing “Desa Dagangan” !!!
= CUTHEL =
Tidak ada komentar:
Posting Komentar