Senin, 13 Mei 2019

KIPRAH DANDANG WAVANA

Naskah Drama Tradhisional
KIPRAH Dandang Wacana
(asal-usul Tuban)
 (Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
BABAK  I
Paraga:
1) Dandang Wacana, 2) Panglima Tartar Meng Khi, 3) Prajurit Tartar, 4) Prajurit Kambang Putih
Kahanan:
Dumados perang antawisipun prajurit Tartar (Mongol) kaliyan prajurit Kambang Putih. Prajurit Tartar mlajeng kepracondhang. Pungkasanipun, Panglima Tartar (Meng Khi) mlebet saking tengen panggung aben ajeng kaliyan Akuwu Dandang Wacana (mlebet saking kiwa).
Papan:  Pesisir Kambang Putih
Piranti: Pusaka lan, utawi tombak
Antawacana:
(Dandang Wacana perang tandhing kaliyan Meng Khi. Dandang Wacana nempiling Meng khi ngantos dhawah, Meng Khi jregang-jregeng jumeneng.)
Dandang W. : Saperangan gedhe prajurit Tartar ... wis padha mati ing tangane prajuritku, sisane
                        padha mlayu kocar-kacir. Saiki marang kowe Panglima Meng Khi, dak wenehi
  wektu ... mlayu bali menyang negaramu ing Mongol ... apa milih dak pothol
  sirahmu ana kene!?                           
P. Meng Khi : (cedhal/pelat) Haiyaa ... Wo zhao si ... saiki ngaku kalah. Nanging titeni! Sedela
                        maneh ... Plajulit Taltal, utawa Bangsa Mongol saka dalatan Cina bakal mbanjili
                        tanah Jawa. Kultanegala, ... lajamu sing wis wani nglawan Bangsa Mongol bakal
                        nampa akibate.
Dandang W : Aku Dandang Wacana ... Akuwu ing tlatah Kambang Putih kene, lan para kawula
  ing Singhasari sing bakal sabela mukti - sabela pati marang ingkang sinuwun Prabu
  Kertanegara ing Singhasari.
P. Meng Khi : Plajulit Taltal ola tau kalah ... Kaisal Kubilai Khan mesthi bakal ngukum Wong
                        Jawa. Wong Jawa bakal tumpes sacindhil-cindhile.
Dandang W : Sanajan Wong Jawa kalah cacah lan sanjataning perang, ... nanging kanthi tekad
  sadumuk bathuk sanyari bumi, nganti mati tanah Jawa bakal dibelani.
P. Meng Khi : Haiyaa ... kabeh negala lan bangsa wiwit India, Baghdad, Mesil, Lusia nganti
  Manculia wis manungkul malang plajulit Taltal utawa Bangsa Mongol ing dalatan
  Cina. Ngalahake Singhasali iku luwih gampang  ... kaya dene mangan bakpao ...
                        Ola suwe, Oe ... bakal bali lene maneh ...
Dandang W : Aja mung sepuluh ewu utawa rong puluh ewu prajurit , ... yen perlu kaisarmu
                        Kubilai Khan, ... ajaken mrene ... tak sempal-sempale pundhake ...!!!
P. Meng Khi : Haiyaa ... Wo zhao si ... haiyaaa  ... aja kulang ajal ! Kaisal Kubilai Khan ... iku ...
                        iku ...
Dandang W : Ora usah kakehan omong , ... minggata saka kene ... kowe Wong Mongol !!! (duka)
(P. Meng Khi mlajeng nganan, dipunbujeng Dandang Wacana)





BABAK  II
Paraga:
1) Arya Bangah, 2) Dewi Banjararum, 3) Dandang Miring 4) Sham Pho, 5) Shao To, 6) Prajurit Gumenggeng, 7) Ki Noto, 8) Nyi Rambit
Kahanan:
Arya Bangah, Banjurarum, lan Dandang Miring nembe rembagan bab bena ingkang nrajang Pakuwon Gumenggeng. Dumadakan wonten prajurit ingkang nglapuraken bab wontenipun prajurit Tartar ingkang singidan ing Guwa Ngerong.
Papan : Pakuwon Gumenggeng
Piranti : Dampar kencana (singgasana), kursi alit 2.

Antawacana:
(Arya bangah lenggah ing dampar kencana, Banjararum lenggah ing sisih keringipun. Dandang Miring lenggah ngadhep Arya Bangah)
Arya Bangah : Garwaku ... Banjararum!
Banjararum : Wonten Dhawuh Kang Mas?
Arya Bangah : Kepriye pakaryane para abdi ing pungkuran?
Banjararum : Saderengipun kula matur, kepareng kula ngaturaken sembah pangabekti mugi
  konjuk sangandhapun pepada Panjenengan.
Arya Bangah : Dak tampa sembah pangabektimu, ora liwat ... pangestuku tampanana!
Banjararum : Banget anggen kula mundhi Kang Mas. Babagan pakaryanpun para abdi dalem ing
  pungkuran, sedaya boten wonten ingkang nguciwani. Sawanci-wanci Panjenengan
  ngersakaken ganti busana ... utawi dhahar ... sedaya sampun rinantam kanthi
  sampurna.
Arya Bangah : Pakaryan kang becik kudu kalestarekake, sing prayoga anggonira lungguh!
Banjararum : Nuwun inggih, sampun sekeca kok Kang Mas Akuwu.
Arya Bangah : Dandang Miring! Kepriye kahanane banjir bengawan sing nrajang Pakuwon
                        Gumenggeng, apa wis surut?
D. Miring : Langkung rumiyin ... kula ngaturaken sembah bekti wonten ing ngarsa
  Panjenengan Gusti Akuwu Arya Bangah.
Arya Bangah : Sembah pangabektimu dak tampa, saiki genti tampanen puja lan pangestuku.
D. Miring : Kula tampi ... kula pundhi ing mustka, kakancing ing gelung kangge jejimat anggen
                        kula ngabekti ing Pakuwon Gumenggeng mriki. (kendel sekedhap) Gegayutan
                        kaliyan bena ingkang nrajang Pakuwon Gumenggeng ... kepareng matur, bilih
  sampun setengah candra dangunipun, kahananipun bena dereng surut. Mesakaken
                        para kawula, utamanipun ingkang mapan wonten ing pinggiripun benawi. Taneman
                        pantun ingkang mestinipun badhe ngancik wekdalipun panen, sami pejah ketrajang
                        lan karoban toyanipun benawi.
Banjararum : Banjur, kahanane para padunung ing kono piye?
D. Miring : Para padunung ing mriku, sampun kula ungsekaken dhateng papan ingkang inggil
                        ing kanan kerinipun Guwa Ngerong. Babagan kabetahan sabendintenipun,
                        sawatawis wekdal saged kacekapan awit saking pambiyantunipun para kadang
                        ingkang boten kabenan.
Arya Bangah : Pakuwon Gumenggeng iki saben mangsa rendheng mesthi dadi langganane
                        banjir (ambegan landhung lajeng jumeneng). Panjenengan ingsun Arya Bangah,
                        minangka akuwu ... kang mujudake wakil paprentahan Krajan Singhasari ing
                        Pakuwon Gumenggeng kene (jumangkah majeng sekedhik), kudu bisa nemokake
                        eguh pratikel kanggo ngentas panandhange para kawula lan ngundhakake
                        karaharjane para warga. 
Banjararum : Lajeng ... kados pundi pamanggihipun Dandang Wacana ... ingkang samenika
    sampun dipunpitaya dening Kanjeng Sinuwun Gusti Prabu Kertanegara minangka
                        akuwu ing Kambang Putih?
Arya Bangah : Ya bab iku ... sing ndadekake runtiking penggalih ingsun. Dandang Wacana
                         matur ... nalika nindakake tapa ngluwat ing pucuke Gunung Ngandong, dheweke
                         oleh wangsit kang isine ... Pulung ing Pakuwon Gumenggeng wis ngalih ing
                         Kambang Putih. Mangsa gemah ripah loh jinawi ing Gumenggeng ... wis paripurna.
(Ketungka mlebetipun prajurit ingkang nglarapaken bandan kalih. Prajurit Tartar kalih kanthi dipunbanda tanganipun mlebet laku dhodhok dipunirid prajurit Gumenggeng)
Prajurit G : Nyuwun pangapunten, ... kula ingkang sowan Gusti Akuwu Arya Bangah!
                        (kaliyan ndhodhok nyembah)
Arya Bangah : Kok sajak ana sing wigati, ... iki ana apa, wong iki sapa? Enggal matura!
Prajurit G : Nalika kula sakanca nembe jagi kemit ing Guwa Ngerong, kula manggihaken
                        tiyang kalih ingkang ngaken bilih piyambakipun menika prajurit Tartar ingkang
                        keplajeng ngantos dugi mriki. Mangga, purba wasesa katur panjenengan.
Arya Bangah : Hei, ... Apa bener kowe iku prajurit Tartar asal dharatan Cina?
Sham Pho : Haiya ... benel ... benel ! Aku pancen plajulit Taltal Mongol.
Arya Bangah : Sapa sing dadi aranmu lan kepriye critane  ... kok kowe nganti pisah karo kancamu?
Shao To : Haiya ... jenengku Shao To lan kancaku iki Sham Po.
D. Miring : Jenengmu kok ngguyokake, ... sing siji sampo ... sijine soto ... Hah...hah...hah...
Sham Pho : Minangka plajulit Taltal ... aku wis kulina pelang tekan ngendi-ngendi. Wis meh
                        kabeh panggonan ing ngalam ndonya iki ... tau tak jlajahi. Lajaku, sing jenenge
                        Kaisal Kubilai Khan senengane pelang lan nggelal jajahan, wiwit India, Baghdad,
                        Lusia nganti Manculia kabeh wis dadi jajahan.
Shao To : Saiki aku wis tuwa, aku wis bosen pelang. Aku pengin ulip kaya wong biasa.
                        Duwe anak bojo, nyambut gawe ... dodolan apa wae.
Sham Pho : Tanah Jawa iki ... tanah sing paling apik sing tau tak weluhi. Lemahe lemu ...
                        tandulane ijo loyo-loyo. Atiku ayem ana kene. Mula, aku kalo Shao To njalak
                        misah kalo plajulit liyane. Plajulit liyane, baleng kalah pelang ... banjul mlayu
                        ngalol munggah plau bali menyang dalatan Cina, ... aku kalo Shao To ... ola melu
                        pelang, nanging mlayu ngidul mlene.
Shao To : Yen aku mulih menyang dalatan Cina, aku mesthi dikongkon pelang maneh. Aku
                        dikongkon mateni uwong maneh. Aku ola mentala, nanging aku kepeksa. Mula
                        aku saiki paslah malang Akuwu Alya Bangah. Aku dibanda plajulit Gumenggeng,
                        ... aku nulut. Aku dadi jongos nang kene, aku ya nulut.
Arya Bangah : Wis ... wis ... wis, aku wis bisa nampa kateranganmu, saiki kowe menenga dhisik!
                        (lenggah) Dandang Miring! (nimbali Dandang Miring)
D. Miring : Wonten dhawuh?
Arya Bangah : Iki pancen wis dadi kersane Gusti Kang Akarya Jagad, kita kabeh kudu pindhah
                        ... ngalih menyang Kambang Putih.
D. Miring : Pawadanipun menapa?
Arya Bangah : Kahanan alam ing Pakuwon Gumenggeng wis sulaya, banjir bengawan tansah
                        ngrugekake para warga lan ngrusak sakabehing tatanan. Mula, supaya para kawula
                        bisa ngrasakake karaharjan, kita kudu pindhah saka tlatah kene. Apa maneh, ing
                        ngarepmu ana prajurit bandan saka Tartar sing kudu kita pasrahake marang Dandang
                        Wacana ing Kambang Putih. 
D. Miring : Nun Inggih, kula enget ... nalika parepatan agung ing Singhasari gangsal welas
                        tahun kala rumiyin ... Prabu Kertanegara paring dhawuh, bilih kangge ngawekani lan
                        ngadhepi kridhanipun Bangsa Mongol saking daratan Cina ingkang badhe ngrabasa
                        lan nyaplok tanah Jawi lan Nuswantara ... Panjenenganipun paring dhawuh,
  setunggal ... ngangkat Kebo Anengah lan Aragani minangka mahapatih, lan  kalih ...
                        ngutus Kebo Anabrang minangka senopati perang manca negara supados mapag
                        prajurti Tartar ing Melayu.
Arya Bangah : Iya pancen kaya mangkono kawicaksanaane Prabu Kertanegara.
D. Miring : Kawicaksanan salajengipun, .... panjenenganipun ngangkat Dandang Wacana
                        minangka akuwu ing Kambang Putih kanthi jejibahan; nampi, ngawat-awati, lan
  mungkasi prajurit Tartar menawi badhe minggah ing tanah Jawi.
(Ki Noto lan Nyi Rambit marak sowan, mlebet saking tengen kaliyan ndhodhok nyembah)
Ki Noto : Nuwun sewu, ... Kula ngaturaken sembah pangabekti lan nyuwun duka, awit kula
  sowan tanpa tinimbalan Kanjeng Akuwu.
Nyi Rambit : Sembah Pangabekti kula, ... mugi tinampi Kanjeng Akuwu.
Arya Bangah : Dak tampa sembah bektimu ... lan enggala matur ... ana parigawe apa ... kok kowe
                        sakloron sowan tanpa tinimbalan?
Nyi Rambit : (Badhe muwun) Kula boten kiyat Kanjeng Akuwuuuu ! (muwun) Setahun
  kepengker ... yuga kula lan simahipun ... nalika nyobi manen pantunipun ing sabin
  ingkang ketrajang bena ... nunggang prau gethek ... praunipun malik ... yuga kula
  lan mantu kula kentir kabeta ilining toya bengawan ... ngantos  samenika yuga lan
  mantu kula dereng kepanggih. (muwun)
Ki Noto : Enjing wau ... wayah kula ontang-anting tinggalanipun yuga kula ... pejah dipun
             mangsa bajul nggawan Kanjeng Akuwu ! (muwun)
Arya Bangah : (Jumeneng) Dhuh ... Sang Hyang Widhi ... kula nyuwun rumentahing welas asih
  Panjenengan.
Ki Noto : Kula boten kiyat malih, ... kula pasrahaken jiwa raga kula lan simah kula
  dhumateng Panjenengan. Ing donya menika ... kula sampun boten gadhah
  menapa-menapa malih ... griya kula sampun telas katrajang bena ... yuga kula
  sampun boten wonten sedaya Kanjeng Akuwu ...
Arya Bangah : (nyaket) Ya ... ya ... ya ... Sapa sing dadi aranmu?
Ki Noto : Kula Ki Noto lan niki simah kula ... Nyi Rambit.
Arya Bangah : Ki Noto lan Kowe Nyi Rambit, wis dadi kawicaksanane Panjenengan Ingsun
  minangka Akuwu ing Gumenggeng kene, “ Sapa wae pawongan sing nandang
                        kacingkrangan lan wis ora bisa nyambut gawe maneh, ... awit wis tuwa utawa
             nandang cacat salawase urip, ... pawongan iku mau dadi tanggung jawabe
  paprentahan ing Pakuwon kene.
Ki Noto : Matur nuwun sanget Kanjeng Akuwu ... (muwun)
D. Miring : Ketingalipun kahanan ing Pakuwon Gumenggeng tansaya ndrawasi Kanjeng
  Akuwu.
Arya Bangah : Mula, ... iki sisan gawe, ... ajaken para kawula ing Pakuwon Gumenggeng kene
supaya pindhah ing Kambang Putih! Ngiras masrahake bandan saka Mongol
iki, marang Dandang Wacana sing kagungan purba wasesa ngenani urip lan
patine prajurit Tartar loro iki.
D. Miring : Sendika dhawuh, ... sasampunipun pasewakan menika ... kula enggal badhe  nata
                        para kawula ingkang purun pindhah dhateng Kambang Putih.
Arya Bangah : Iya dak keparengake. (noleh dhateng prajurit) Prajurit, jaganen bandan loro iki
aja nganti ucul! Panjenengan ingsun saiki arep mlebu ing sanggar pamujan. Sesuk
  esuk mbarengi pletheking surya ... kita bareng-bareng tumuju ing Kambang Putih!
                        Pasewakan kabubarake!
(Arya Bangah jumeneng, sasampunipun nampi sembah lajeng medal ngiwa kadherekaken Banjararum, sasampunipun atur sembah kurmat sanesipun medal nengen)



BABAK  III

Paraga:
1) Prabu Kertanegara, 2) Abdi Ongkek 3) Abdi Dengkek
Kahanan:
Abdi Ongkek lan Abdi Dengkek lagi gegojegan, ketungka rawuhipun Prabu Kertanegara ingkang ngajak kekalihipun tumuju ing Kambang Putih.
Papan:
Taman Kraton Singhasari
Antawacana:
(Abdi Ongkek mlebet saking kiwa, Abdi Dengkek mlebet saking tengen kanthi jejogedan. Sasampunipun jejogedan lajeng gegojegan.)
Abdi Ongkek : Awak dhewe minangka abdining raja iku kudu duwe kesaktian, mula kudu sengkud
                        gladhen ilmu kanuragan!
Abdi Dengkek : Hla yen mung ilmu kanuragan, ilmu kesaktian ... wow ... Dengkek iki ... nalika isih
                        nang peguron ... wow ... klapa wae tak culoti ...
Abdi Ongkek : Klapa kok culoti?
Abdi Dengkek : Hiiiya, mula aku biyen dadi ketua OSIS ... iku ya merga bisa menculoti klapa.
Abdi Ongkek : Kamangka ... wit klapa kae dhuuuwuuur.
Abdi Dengkek : Sing ngomong wit klapa sapa?
Abdi Ongkek : Hla ... Kang Dengkek iki mau...
Abdi Dengkek : Ongkek adhiku ... Aku mau ngomong ... klapa wae tak culoti.  Sing tak maksud iku
                         ... klapa sing padha gemlundhung arep didol nang pasar kae lho ... sing tak culoti.
Abdi Ongkek : Ooo ... hla ... semprul ... sampeyan iki.
Abdi Dengkek : Saiki ayo adu kesaktian! Ing antarane Dengkek karo Ongkek, sapa sing luwih sakti?
  Aku bisa njupuk dhuwit sing ketutupan ... tanpa ndemek tutupe.
Abdi Ongkek : Wah ... tenane?
Abdi Dengkek : Ayo dibuktekna! Saiki coba gatekna!  Iki ... dhuwit iki tak tutupi. (nutupi dhuwit
  lajeng mripat merem tanganipun sendhakep kaliyan komat-kamit maos donga)
  Het ... entelehet ... iki dudu ilmune copet , uga dudu ilmune wong kepet, nang
  epek-epekku dhuwite kelet. (mripat melek tangan kaya nyaut dhuwit) Dhuwit
  saiki wis tak gegem!
Abdi Ongkek : Wah ... tenane Kang Dengkek ?
Abdi Dengkek : Ora percaya? Coba ... saiki bukaken tutupe ... deloken dhuwite ana utawa ora!
Abdi Ongkek : (mbukak tutup) Iya tak bukake.
Abdi Dengkek : (sasampunipun tutup kabukak, arto dipun pendhet) Iki buktine ... aku bisa
                         njupuk dhuwit sing ketutupan ... tanpa ndemek tutupe.
Abdi Ongkek : Aku ... ya duwe ilmu kesaktian.
Abdi Dengkek : Ilmu mu iku apa? Awakmu arep pamer ilmu apa? (ngenyek)
Abdi Ongkek : Aku bisa weruh kedadeyan ing mburiku  ... tanpa mlengak mengguri.
Abdi Dengkek : Halah ... paling kowe arep nganggo spion ... kowe weruh mburi merga ndelok
                        spion ... ngono ta...?
Abdi Ongkek : Ora...! Iki ilmu kesaktian tingkat tinggi.
Abdi Dengkek : Saiki buktekna!
Abdi Ongkek : Aku madhep ngiwa (ngadhep ngiwa). Sampeyan mlakuwa pitung jangkah ngadoh
                        saka aku ... banjur nyekel apa wae ... aku bisa ngarani.
Abdi Dengkek : (mlaku nengen kaliyan ngetung jangkahe) Siji, loro, telu, papat, lima, enem, pitu ...
                        (nyepeng talingan) Aku nyekel apa?
Abdi Ongkek : (Ndhingkluk, nginceng liwat slakangan) Nyekel ... kuping.
Abdi Dengkek : Hla ... kok sekti tenan. (Nyepeng sirah) Aku nyekel apa?
Abdi Ongkek : (Ndhingkluk, nginceng liwat slakangan) Nyekel ... Sirah.
Abdi Dengkek : Aku lagi ngapa? (Ndhingkluk, nginceng liwat slakangan)
Abdi Ongkek : (Ndhingkluk, nginceng liwat slakangan) Nginceng aku!
Abdi Dengkek : Oooalllaaah ... ilmu kok akal-akalan thok!
Abdi Ongkek : He ... hee ... hee ... sampeyan ya ngono kok.
Abdi Dengkek : Dhi, ... aku yen weruh tandange Gusti Sinuwun Prabu Kertanegara nalika ngajar
                         utusan Kaisar Kubilai Khan wingenane kae ... aku rumangsa bombong.
Abdi Ongkek : He eh, Gusti Sinuwun Prabu Kertanegara katone duka banget.
Abdi Dengkek : Hla piye ora duka, hla wong utusan saka dataran Cina iku ngina marang
                        Panjenengane. Mosok, kita wong Jawa utawa Singhasari ... dikongkon ngakoni
                        yen Kaisar Kubilai Khan ing Mongol ... minangka ratu gusti kang kudu disembah
                        lan dituruti panjaluke. Saben taun ... Singhasari kudu asok bulu bekti glondhong
                        pangareng-areng, minangka tandha setya tuhu manungkul marang Kaisar Kubilai
                        Khan ing daratan Cina.
Abdi Ongkek : Kamangka,  ing wektu iki Gusti Sinuwun Prabu Kertanegara ... lagi nedheng-
                        nedhenge  manunggalake utawa nyawijekake Nuswantara. Panjenengane
                        kagungan pamanggih, yen bangsa kita iki dudu bangsa kang ringkih, dudu bangsa
                        kang asor. Bangsa kita iki, bangsa kang luhur akal lan budine. Negara kita iki ...
                        negara sing Gemah Ripah Loh Jinawi.
Abdi Dengkek : Gusti Sinuwun Prabu Kertanegara uga kagungan kersa, yaiku ngelingake marang
            Kaisar Kubilai Khan supaya ora duwe watak adigang, adigung, lan adiguna. Awit,
  kanthi nggembelo Kubilai Khan wis ngumbar suwara, ...yen mung ana siji Gusti
  Kang Akarya Jagad, yaiku Sang Hyang Widhi sing manggon ing suwarga. ... lan
  mung ana siji panguasa jagad, yaiku Kubilai khan sing manggon ing Mongol utawa
  daratan Cina.
Abdi Ongkek : Mula, aku sarujuk banget ... nalika Prabu Kertanegara ... dhies ... dhies ... dhies
                        (maragakaken tiyang nyadhuk) nyadhuki Panglima Meng Khi.                           
Abdi Dengkek : Ongkek, awakmu aja ngawur! Panglima Meng khi kae ora disadhuki ... nanging
  mung digebuki nganggo gulungan surat sing direbut saka tangane Meng khi.
Abdi Ongkek : Hlo ... jare disadhuki ... terus diperung kupinge ...
Abdi Dengkek : Ora, ... sak temene ... kedadeyane ngene lho. Umpama ... awakmu saiki dadi
                        Meng Khi, aku dadi Prabu Kertanegara.
Abdi Ongkek : Meng khi nggawa surat (medal mendhet gulungan kertas). Iki surate siap ... aku
                        mlebu saka kene.
Abdi Dengkek : Ooo ... jenengmu Meng Khi ... utusan saka daratan Cina?
Abdi Ongkek : Omonganku tak gawe kaya Cina ya Kang. Haiyaa ... owe Meng Khi ... aku lene
                        diutus Kaisal Kubilai Khan ngetelna sulat iki.
Abdi Dengkek : (Swantenipun dipun ageng-agengaken) Hya ... ya ... ya, endi surate tak wacane. Abdi Ongkek : Haiyaa ... iki sulate ...
Abdi Dengkek : (maos surat) Isine surat iki ... aku dikongkon nyembah Kubilai Khan ... aku ora 
      sudi! (kaliyan nggebuki Ongkek) Aku Prabu Kertanegara Raja Singhasari ora sudi
                        nyembah raja Mongol (kaliyan  terus nggebuki Ongkek) !
Abdi Ongkek : (sambat kaliyan mundur nganti ndheprok-ndheprok) Stoop ... stoop ... stoop,
                        saiki ganti aku sing dadi Prabu Kertanegara, sampeyan dadi Meng Khi !
Abdi Dengkek : Gantian ... he eh ... siap ... aku mlebu saka kene ...
Abdi Ongkek : Ooo ... jenengmu Meng Khi ... utusan saka daratan Cina?
Abdi Dengkek : Haiyaa ... owe Meng Khi ... aku lene diutus Kaisal Kubilai Khan ngetelna sulat iki.
Abdi Ongkek : Hya ... ya ... ya, endi surate tak wacane.
Abdi Dengkek : Haiyaa ... sepulane ... sepulane ... iki ... sulate salah ... iki sulat gadhen
                        sepedhah montol nang kopelasi ...
Abdi Ongkek : Ha ... !!! Surate salah? Kok ya ana ... Panglima kok salah nggawa surat. Kana ...
  bali njupuk surat maneh !
Abdi Dengkek : Haiyaaa ... owe balik maneh ... bolak-balik ... bolak-balik.
Abdi Ongkek : Ha ... ha ... haa... Aku Prabu Kertanegara ... endi surate (getem-getem)?
Abdi Dengkek : Haiyaa ... sulate kecemplung peceleeen.
Abdi Ongkek : Heh ... surate kecemplung peceren? Hiiiih ... surat kok gak nyemplung kakus
                        pisan ...
Abdi Dengkek : Haiyaa ... aku tak balik njupuk sulat maneh.
(Prabu Kertanegara mlebet saking kiwa panggung, jumeneng ing wingkingipun Abdi Ongkek)
Abdi Ongkek : Ora usah ... ora usah ... lungguha ... rungokna dhawuhku!
Abdi Dengkek : (sumerap Prabu Kertanegara, lajeng lenggah lan nyembah) Kula ngaturaken
  sembah bekti sinuwun.
Abdi Ongkek : Sembah bektimu dak tampa. Aja kuwatir, abdiku Dengkek ... sesuk pangkatmu
                        dak unggahna dadi senopati.
Abdi Dengkek : He ... he ... he ... mburimu ... mburimu ... Ongkek ...!!!
Abdi Ongkek : Ooo ... adhimu sing jenenge Ongkek ... sing ngguuuaaantheng iku ... sesuk tak
                        angkat nggenteni aku dadi raja ing Singhasari.
Abdi Dengkek : Wadhuh ... mlengaka mengguri ... sapa iku?
P. Kertanegara : Ongkek, aku banjur arep kok dadekna apa?
Abdi Ongkek : Ooo ... aja kuwatir... aja kuwatir ... sesuk, awakmu tak dadekna abdi ngganteni
                        Ong...kek ! (mlengak dhateng Prabu Kertanegara, lajeng aksi semaput)
Abdi Dengkek : Wadhuh ... Sinuwun Gusti Prabu Kertanegara,  Ongkek pejah Gusti! (aksi mriksa
                        Ongkek banjur muwun)
P. Kertanegara : Yen ngono ... jumbuh karo keyakinane ... mayite Ongkek saiki ayo diobong!
Abdi Ongkek : Aku urip ... aku urip.
Abdi Dengkek : Mulane ta ... dadi uwong iku yen ngomong aja clometan!
P. Kertanegara : Wis ... wis ... wis. Aku ngerti  ... iki kabeh mau mung gegojegan. Saiki, mumpung
  isih esuk ... ayo dherekna Panjenengan Ingsun tumuju Pakuwon Kambang Putih.
Abdi Ongkek : Mangga kula dherekaken !
(P. Kertanegara kadherekaken Abdi Ongkek lan Abdi Dengkek medal nganan)



BABAK  IV

Paraga:
1) Ki Bangkotan, 2) Lowang, 3) Dandang Wacana, 4) Nyi Gesing, 5) Nyi Cendoro
Kahanan:
Kraman ing wana papringan inggih menika Ki Bangkotan lan Lowang, nolak yen alas papringan badhe dibabat dening Dandang Wacana. Lajeng dumados perang antawisipun Dandang Wacana kaliyan Ki Bangkotan. Sasampunipun Dandang Wacana mimpang, para padunung ing mriku ngaturaken panuwun lan ngaturaken bekti dhateng Dandang Wacana.

Papan:  Wana Papringan

Antawacana:
(Ki Bangkotan dipun dherekaken Lowang medal saking tengen kanthi gemujung seru)
Ki Bangkotan : Ha ... haa ... haa ... haa (mendel sekedhap, gemujeng malih) ha ... haa ... haa ...
lan Lowang 
Ki Bangkotan : Ha ... haa ... haa ... haa (pandeng-pandengan, mendel sekedhap, gemujeng malih)  lan Lowang       ha ... haa ... haa ...
Ki Bangkotan : Lowaaaaang ...!!!
Lowang    : Ana apa Kakang Bangkotan?
Ki Bangkotan : Awak dhewe dadi rampok iki wis pirang taun?
Lowang    : Yen dadi rampok ... lagi sepuluh tahun Kang, sing suwe ... aku lak dadi maling ta
  Kang. Yaa ... wiwit sampeyan ajak sepisanan kae ... ngrampok juragan iwak kae.
Ki Bangkotan : Haa ... haa ... haa, cilikanmu biyen penggaweyanmu ngutil ing warung, banjur
  nyopet ing pasar, bareng wis gedhe ... mundhak dadi maling. Saiki wis tuwa,
  mundhak maneh dadi rampok. Haa... haa ... haa...
Lowang    : Cara punggawa ngono ... iki sing diarani undhak-undhakan pangkat ya Kang?
Ki Bangkotan : Hiiiya, apa maneh ... sawise awak dhewe kasil nggarong kapale prajurit Cina
                        wingenane ... ha ... ha ... ha ...
Lowang    : Weruh awak dhewe, ... prajurit Cina iku ngira ... yen awak dhewe iki prajurit
  Singhasari ... barang-barange padha ditinggal mlayu ... padha mencolot ... mlumpat
  ing kapal sing ngarep. Ha ... ha ...
Ki Bangkotan : Stop! Aja ngguyu ... !!!
Lowang    : Ana apa ta Kang?
Ki Bangkotan : Kowe apa ora krungu, yen alas Papringan iki arep dibabat Dandang Wacana?
Lowang    : Dandang Wacana ... Akuwu ing Kambang Putih?
Ki Bangkotan : Iya, jalaran ... alas Papringan iki arep didadekake punjere Pakuwon Kambang Putih.
Lowang    : Ora bisa ... ora bisa Kang!!! Awak dhewe kudu tumindak, yen alas iki dibabat,
                        awak dhewe njur piye? Awak dhewe iki ... wis dadi dhanyange alas Papringan.
Ki Bangkotan : Yen ngono ... sing ati-ati! (nyawang sisih kiwa) Katone ana wong bagus lagi mrene.
Lowang    : Apa iki ... Dandang Wacana Kang?
Ki Bangkotan : Yen tenan, mapan kebeneran. Cegaten ... kon mandheg!
(Dandang Wacana mlebet saking kiwa, dipun candhet dening Lowang)
Lowang    : Mandheg, ... mandheg ... aja mbacut !!!
Dandang W : Iya, ... aku wis mandheg.
Lowang    : Kang, wonge wis mandheg, njur piye Kang?
Ki Bangkotan : Ya ... ditakoni, jenengmu endi ... arep nang sapa ?!!!
Lowang    : Jenengmu endi ... arep nang sapa?
Ki Bangkotan : Guuuoooblok, ... tak jarak tak walik ... kok mbok turut!!!
Lowang    : Aku ... ndredheg je ... nganti kamisosolen.
Dandang W : Aku Dandang Wacana saka Kambang Putih, sedyaku mrene ... arep mbabat alas
  Papringan. Mula, tak jaluk sampeyan minggira! Aku arep miwiti tandang gawe.
Ki Bangkotan : Alas Papringan iki wis pirang-pirang tahun dadi omahku ... hla kok saiki arep kok
  babat ... enak tenan omonganmu ...!!!
Lowang    : Kowe lak wis dadi Akuwu ing Kambang Putih ... urusana Kambang Putih wae ...
                        ora usah ndadak tekan kene!
Dandang W : Alas Papringan iki , miturut panguasa ing Singhasari ... isih kalebu tlatah
  Wewengkonku ... minangka akuwu ing Kambang Putih. Banjur, kowe iki sapa ...
                        kok wani-wani ngadhang lakuku?
Ki Bangkotan : Aku ... Ki Bangkotan ... lan Lowang adhiku sing mbaureksa alas Papringan kene.
  Yen kowe pengin slamet ... baliya ... aja mbacut !!!
Dandang W : Aku gelem bali, nanging yen wis nyangking sirahmu!
Lowang    : Ketiban tanganku sida sigar mrapat ndhasssmuu !!!
(Dumados perang tanding ing antawisipun Dandang Wacana lumawan Ki Bangkotan lan Lowang. Sasampunipun Dandang wacana mimpang, Nyi Gesing lan Nyi Cendoro mlebet saking tengen kaliyan ndhodhok nyembah)
Nyi Gesing : Ngaturaken gunging panuwun Gusti Akuwu.
Nyi Cendora : Panjenengan sampun ngluwari panandhange para warga ing mriki ...
Dandang W : Aku kok mbok arani ngluwari panandhange para warga, iki larah-larahe kepriye?
Nyi Cendora : Hla ... tiyang ingkang Panjenengan pejahi niku wau ... niku lak rampok ... begal ...
  ingkang tansah damel kisruh ing mriki.
Nyi Gesing : Simah kula ... kaliyan simahe Yu Cendoro niki ... rumiyin inggih dipun pejahi begal
                        kalih niku.
Nyi Cendora : Nalika semanten ... kula, Thole lan Pak’e Thole nembe tilem,  ... dumadakan griya
  kula dipunlebeti rampok kalih niku. Lemantun lan barang-barang kula dipun obrak-
  abrik ... Simah kula dipun pejahi (muwun). Kula bengak-bengok nyuwun tulung ...
  simahipun adhikula ... Gesing niki ... ingkang griyanipun jejer griya kula ...
Nyi Gesing : (kanthi muwun)Simah kula ... nembe mbikak lawang ... badhe medal saking griya ...
  badhe nulungi ... langsung dipun tebas pedhang, pejah sanalika.
Dandang W : Wis-wis, ... Panjenengan ingsun melu bela sungkawa. Muga-muga ruwahe bojomu
  bisa ditampa dening Sang Hyang Widhi.
Nyi Gesing : Mila, kanthi menika ... kula ngaturaken bekti kula dhumateng Panjenengan.
Dandang W : Kowe ngaturake bekti?
Nyi Gesing : Inggih Gusti.
Nyi Cendora : Para warga ing mriki nyengkuyung dhateng sedya Panjenengan ndadosaken Wana
                        Papringan minangka punjeripun Pakuwon Kambang Putih. Kanthi menika, mugi-
  mugi tlatah menika mangke badhe langkung raharja.
Dandang W : Supaya raharja? (kendel sekedhap) Sing siji ngaturake bekti, sing siji ndonga
  supaya raharja. Jalaran, ... asma iku bisa kinarya japa, mula wiwit dina iki ... papan
  iki dak arani “Bektiharjo” !
Nyi Gesing : Sak niki, mangga kula dherekaken mbabat Wana Papringan Gusti.
Nyi Cendora : Kula tak ngajak para warga ... supados mbeta piranti kangge babat wana.
(Dandang W, kadherekaken Nyi Gesing lan Nyi Cendora medal nganan)




BABAK  V

Paraga:
1) Dandang Wacana 2) Dewi Puspawangi, 3) Arya Bangah, 4) Nyi Gesing, 5) Nyi Cendoro, 5) Sham Pho, 6) Shao To, 7) Kertanegara, 8) Prajurit Kambang Putih
Kahanan:
Nalika Dandang Wacana rawuh, Dewi Puspawangi nembe jejogetan kaliyan para emban. Arya Bangah rawuh masrahaken bandan prajurit Tartar. Prajurit lapur, bilih angel pados toya. Dandang Wacana lajeng masrahaken kerisipun supados dipun tancepaken ing sela, sanalika medal toyanipun.

Papan:  Pesanggrahan ing Bektiharjo.
Piranti: Kursi taman cacah 3.


Antawacana:
(Dewi Puspawangi mlebet saking tengen dipundherekaken Nyi Gesing lan Nyi Cendora kanthi jejogedan. Sasampunipun jejogedan lajeng gegojegan.)
D. Puspawangi: Biyung Cendora ... awakmu kok pinter njoged, apa biyen ya tau melu gladhen
  beksan?   
Nyi Cendora : Hlo ... kula niki rumiyin primadona hlo Gusti ... Pak’e Thole niku rumiyin
                        kesengsem kaliyan kula ... lak inggih mergi semerap egolan kula.
Nyi Gesing : Yen kula swarawati, ... penyanyi, ... rumiyin kula kondang minangka juara LIDA.
D. Puspawangi: Wah hebat tenan, ... juara acara LIDA ... liga dangdut iku?
Nyi Gesing : Inggih ... kula juara setunggal. Yu Cendoro niki juara kalih.
D. Puspawangi: Hlo kok hebat tenan, sak dulur bisa juara kabeh.
Nyi Cendora : Hla ... pesertane nggih ... namung kalih kok.
Nyi Gesing : Kula juara setunggal angsal hadiah menthok.
D. Puspawangi: Nyi Gesing oleh menthok, njur awakmu oleh apa?
Nyi Cendora : Tigane menthok.
D. Puspawangi: Hlo ... kok njomplang tenan, juara siji oleh menthok ... juara loro kok mung oleh
  endhoge menthok.
Nyi Cendora : Sing penting ... lak tetep menthok ... senajan endhog ... tetep endhoge menthok.
D. Puspawangi: Aah ... awakmu iku kok ana-ana wae ta Yuuung. (kendel sekedhap) Nyi Gesing, ...
  iki mau awakmu masak apa Nyi?
Nyi Gesing : Ulas-ulas ulam panggang ... sambel kemangi. Remenanipun Gusti Dandang
  Wacana.
D. Puspawangi: Ulas-ulas iku pancen masakan khas Kambang Putih, rasa pedhese ndadekake awak
  seger ... gumregah nyambut gawe.
Nyi Cendora : Unjukanipun sampun kula cepaki dhawet siwalan, manis ing tutuk ... asrep ing
  madharan.
(Dandang Wacana mlebet saking kiwa)
D. Puspawangi: Mangga-mangga Kang Mas Dandang Wacana!
Dandang W : Kok padha gojegan, apa wis rampung pakaryane?
D. Puspawangi: Sedaya pakaryan ing pungkuran sampun rampung, Panjenengan ngersakaken
  dhahar sakmenika ... menapa ngunjuk rumiyin?
Dandang W : Mengko dhisik, aku durung krasa luwe, ... iki mau aku lagi wae ngobyongi para
  warga kang lagi gotong royong gawe pendhapa, akeh ibu-ibu sing padha nggawa
                        panganan kang rupa olahan pala kependhem, pala gemandhul, lan pala kesempar.
Nyi Cendora : Wah cocok niku, ... remenan kula niku sing ... pala gemandhul niku lho.
D. Puspawangi: Niku dhaharan menapa ta Kang Mas?
Dandang W : Asil bumi iku kaperang dadi telung golongan, yaiku ... siji pala kependhem,
  tuladhane uwi, tela, lan menyok. Loro, ... pala gemandhul, tuladhane klapa,
  gedhang, lan jambu. Telu, ... pala kesempar tuladhane semangka, timun, lan blewah.
Nyi Gesing : Asil bumi Kambang Putih mriki ... ingkang misuwur niku ... kacang brol lan
  blimbing Tasik Madu.
Nyi Cendora : Nuwun sewu Gusti, menika kok wonten rame-rame ing njawi?
Dandang W : Ooo ... iku wong tuwaku ... Kanjeng Rama Arya Bangah ... Akuwu ing
  Gumenggeng lan para pandhereke.
Dewi Kenanga : Nyi Gesing lan Nyi Cendora, kae para pandhereke Kanjeng Rama, ... tampanen
  kanthi kinurmat ing pesanggrahan! Suguhana dhaharan lan unjukan, aja nganti
  nguciwani!
Nyi Gesing : Sendika dhawuh Gusti!
(Nyi Gesing lan Nyi Cendoro nyembah lajeng medal nengen)
Dandang W : Kaya dene kejugrugan wukir kencana, Kanjeng Rama Arya Bangah ... kersa rawuh.
Dandang W : Mugi-mugi ... Panjenenganipun kersa netep ing mriki.
(Arya Bangah kadherekaken Sham Pho lan Shao To mlebet saking tengen. Sasampunipun ngaturaken sembah kanthi jumeneng, Dandang Wacana lenggah ing kursi tengah. Arya Bangah lenggah ing kursi tengen, dene Dewi Puspawangi lenggah ing kursi kiwa )
Dandang W : (ngaturaken sembah sungkem kanthi jumeneng) Sarawuh Panjenengan ing
  pesanggrahan Pakuwon Kambang Putih, kula ngaturaken sembah pangabekti.                     
D. Puspawangi: Semanten ugi kula Kanjeng Rama, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti.
Arya Bangah : Putraku Dandang Wacana ... lan sliramu Dewi Puspawangi, ... dak trima sembah
  bektimu ... ora kliwat puja pangestuku tampanana.
Dandang W : Sanget anggen kula mundhi Kanjeng rama. Nanging nuwun sewu, ... Panjenengan
  rawuh tanpa paring cecala ... menapa wonten bab ingkang wigati Kanjeng Rama?
D. Puspawangi: Nuwun inggih Kanjeng Rama, ... menawi Panjenengan kersa paring cecala
                        langkung rumiyin ... kula lak saget nyaosi pakurmatan ingkang langkung sae.                     
Arya Bangah : Tekaku mrene kanthi ora menehi kabar luwih dhisik, iki jalaran kadheseg dening
  kahanan. (kendel sekedhap) Pakuwon Gumenggeng wis setengah wulan luwih
  ketrajang banjir saka bengawan, para kawula padha nandhang kasangsaran. Angel
  golek sandhang, pangan, lan papan.
Dandang W : Menawi mekaten ... mangga kula aturi bedhol desa. Sedaya warga ing Pakuwon
  Gumenggeng ... mangga dipun ajak pindhah dhateng Pakuwon Kambang Putih. Bab
  menika sampun jumbuh kaliyan pralampita ingkang kula tampi,  nalika kula
  nglampahi tapa ngluwat ing pucuke Gunung Ngandong. Bilih estunipun ...
  pulunging kedhaton sampun pindhah dhateng Kambang Putih.
D. Puspawangi: Menapa malih, sasampunipun punjering pakuwon dipun pindhah dhateng mriki,
  kahananipun tansaya ketingal baero. Dados, perkawis papan kangge pomahan lan
  panggenan kangge olah tetanen ... ing mriki taksih wiyar sanget.
Arya Bangah : Banget panarimaku Dandang Wacana. Ananging, ora kabeh warga Gumenggeng
  melu pindhah mrene, saperangan ana sing isih tetep krasan manggon ing
  Gumenggeng, lan saperangan ana sing pindhahe ngenteni sawise panen jagung.
Dandang W : Kepareng sumela atur kanjeng rama, tiyang kalih menika sinten ... kok kados
  prajurit Tartar? 
Arya Bangah : Tekaku mrene iki ... siji gawe loro gawe, yaiku masrahake bandan loro prajurit
  Tartar ... sing ngakune njarak misah saka bregada prajurit liyane ... jalaran pengin
  urip ana ing tanah Jawa. Saiki, purba wasesa dak pasrahake marang sliramu
  minangka Senopati Singhasari ... ya Akuwu ing Kambang Putih. Prajurit loro iki,
  ngakune jenenge Sham Pho lan Shao To.
Dandang W : (Nyawang prajurit Tartar) Apa pancen mangkono?
Sham Pho : Haiya ... benel ... benel ...
Shao To : Haiyaaa ... aku wis bosen pelang ... aku pengin ulip ayem tentlem ...
Dandang W : Umpama dak keparengake ... apa piwalesmu ... ?
Shao To : Kamsia ... kamsia ... matul nuwuuun ...
Sham Pho : Kamsia ... aku nulut ... aku manut ...
Dandang W : Meng Khi panglimamu, ... saiki wis keplayu ... mulih menyang daratan Cina.
                        Sedela maneh Meng Khi mesthi lapur marang Kubilai Khan. Sabanjure, ... kena
  dipesthekake ... yen Kubilai Khan mesthi ngamuk ... lan ngirim bregada prajurit
  sing luwih akeh lan luwih kuwat. Yen pancen kowe temen-temen pengin urip ing
  tanah Jawa, ... saiki tuduhna ... jlentrehna kekuatan lan kekurangane prajurit Tartar!
Sham Pho : Prajurit Taltal iku pancen pintel silat kungfu lan awake kuat, sadulunge pelang
  mesthi ngombe ginseng. Senjatane macem-macem, cacahe plajulit bisa puluhan
  ewu, ... nanging tetep ana kekulangane.
Shao To : Plajulit Taltal iku dilatih kanggo pelang ing dalatan sing lata, ing papan kang
                        jembal. Ola kulina pelang ing alas utawa gunung-gunung. Yen pelang ing alun-
  alun, plajulit Taltal kanthi nunggang jalan, dheweke menangan. Nanging yen diajak
  pelang ing alas sing ketel lan julang-julang, jalane bingung angel dikendhaleni.

Sham Pho : Plajulit Taltal iku penggaweane mung pelang ... pelang ... lan pelang ... mula akeh
  sing bosen lan ola duwe tujuan ulip. Mulane senengane ngombe, main, lan
                        wedokan.
Dandang W : Kena dak percaya omonganmu?
Sham Pho : Haiyaaa ... yen aku bujuki ... kethoken guluku!
Dandang W : Saiki sira dak keparengake manggon ana ing Kambang Putih, ... pesenku ... aja
  pisan-pisan kowe gawe rusuh ana kene. Yen kowe nganti gawe rusuh ing kene, ...
  cilike kowe dak tundhung minggat saka kene ... gedhene kowe bisa dak pendhem
  urip-uripan dak dadekna tumbale Kambang Putih.
Shao To : Haiyaa ... kamsia ... kamsia ...
(Prajurit Kambang Putih mlebet saking tengen)
Prajurit KP : Nuwun sewu ... kula ingkang sowan Gusti ...
Dandang W : Ana apa ... kowe sowan tanpa tinimbalan ?
Prajurit KP : Para kawula sami kebingungan pados toya ... sampun pindhah-pindhah ngedhuk
  sumur, nanging boten medal toyanipun.
Dandang W : Aja wedi kangelan, jalaran ana bab sing wigati sing kudu dak rembug karo kanjeng
                        rama ... mula, iki dak silihi pusakaku “Kyai Tanggul Angin”. Tamakna ing
  palemahan sangisore wit-witan sing gedhe ... mengko mesthi kasil! (kendel
  sekedhap) Sisan gawe, ... iki ana sisane prajurit Tartar sing pengin dadi kawula
  kene, ... ajaken lan tuduhna apa sing kudu ditindakake.
Prajurit KP : (sasampunipun nampi pusaka) Nuwun inggih, kepareng kula nindakaken dhawuh
  panjenengan.
Dandang W : Sham Pho lan Shao To, saiki kowe melua ... prajurit iki ... ing Kambang Putih kene
  ... kowe kudu sinau adhat lan tatakramane Wong Jawa!
Sham Pho : Kamsia ... aku nulut ... aku manut ...
(Prajurit KP, dipundherekaken Sham Pho lan Shao To medal ngiwa)
Arya Bangah : Aku sarujuk marang kawicaksananmu, nanging prajurit Tartar loro iku uga kudu
  tansah diawat-awati. Sapa ngerti, yen sejatine dheweke iku prajurit telik sandhi sing
  lagi nyusup ing tanah Jawa.
Dandang W : Matur nuwun dhawuhipun Kanjeng Rama.
(Prabu Kertanegara mlebet sangking kiwa, sedaya jumeneng atur sembah)
Dandang W : Sugeng rawuh Gusti Prabu Kertanegara ... Raja Gung Binathara saking Singhasari,
                        kula minangka sesulihipun brayat gung Kambang Putih ... ngaturaken
                        sembah pangabekti.
D. Puspawangi: Mangga lenggah ingkang sekeca Gusti Prabu, kula nyuwun pamit ... badhe dhateng
                        pungkuran (medal ngiwa).
(Prabu Kertanegara lenggah ing tengah, Dandang Wacana ing sisih kiwa, lan Arya Bangah ing sisih tengen)
Arya Bangah : Kula pun Arya Bangah, ngaturaken sembah pangabekti sahandhapipun pepada
  Panjaenengan Sinuwun.
P. Kertanegara : Gedhe panarimaku marang sembah bektimu, muga-muga bisa ngaribawani
  kuncarane Singhasari ing Nuswantara lan lumahing jagad raya.
Dandang W : Rawuh Panjenengan ing Kambang Putih kok boten kadherekaken bregada prajurit
  banaspati ingkang biasanipun tansah njagi kasugengan Panjenengan.
P. Kertanegara : Aku njarak namur laku, ... njlajah desa milang kori, ... awit aku kepengin
  mangerteni kahanane praja Singhasari kang saktemene. (kendel sekedhap) Lan
  maneh ... ing kalenggahan iki para nayaka praja ing Shingasari lagi akeh gaweyan.
  Aku arep ngumpulake balung kang pisah, lumantar ndhaupake putriku
  Narendradewi karo Ardharaja putrane sedulur misanku ya Adhipati Jaya Katwang
  ing Gelang-gelang.
Arya Bangah : Kanthi lumantar menika istingarah kekiyatanipun Singhasari tansaya tambah.
                        Singhasari badhe dados ‘singa’ ing inggiling bawana.

P. Kertanegara : Aku yakin,  gegayuhanku manunggalake Nuswantara ing panguasane Singhasari
  bakal kelakon. Awit, ing sisih wetan Singhasari duwe Arya Wiraraja, ... ing sisih
  kulon duwe Ardaraja, ing tanah Melayu duwe Keboanabrang. ... Lan ing kutharaja
  aku disengkuyung dening Wijaya, Lembu Sora, Nambi, lan senopati agul-agule
  Singhasari yaiku Ronggolawe.
Arya Bangah : Nuwun sewu kanjeng sinuwun, gegayuhan panjenengan ingkang luhur menika
  tamtunipun mbetahaken tenaga, prabeya, lan pikiran ingkang laras kaliyan
  kabetahan. Mila, saksampunipun mulat sarira hangrasa wani, kula rumaos bilih kula
             menika sampun sepuh. Daya kekiyatan lan nalar kula sampun kirang, mboh bilih
  wonten kersa Panjenengan ... jejibahan minangka akuwu ing Gumenggeng kula
  aturaken Panjenengan. Ing salajengipun kula badhe madeg pandhita, nindakaken
  tapa brata.
P. Kertanegara : Matur nuwun ... Paman Arya Bangah, ... sakwise Panjenengan ingsun mirsani
  dhewe ... asil pakaryane Dandang Wacana minangka Akuwu ing Kambang Putih,
  lan nimbang apa kang dadi Kersane Paman Arya Bangah. Mula Panjenengan ingsun
  netepake ... yen Pakuwon Gumenggeng lan Pakuwon Kambang Putih dak dadekake
  siji lan dak unggahake drajate dadi kadipaten.
(Prajurit Kambang Putih mlebet saking tengen)
Prajurit KP : Nuwun sewu ... kula ingkang sowan Gusti ...
Dandang W : Kepriye asile pakaryanmu ?
Prajurit KP : Awit berkah pangestu panjenengan, sasampunipun Pusaka Panjenengan kula
  tamakaken ing sela ingkang ageng ... sela menika bengkah !!! ... Pusaka ‘Kyai
             Tanggul Angin’ uwal saking tangan kula ... mlesat ... mlebet lan mbedhah tengah-
  tengahing sela ... Pusaka Panjenengan musna Gusti.
Dandang W : Kyai Tanggul Angin mlesat mlebu ing njerone watu, ... njur kepriye sateruse?
Prajurit KP : Saking sela ingkang kabedhah dening Kyai Tanggul Angin menika, ... medal
                        gemrojog toyanipun. Nyemerapi kahanan menika, para warga sami sorak “ metu
                        banyu ... metu banyu ... metu banyu !!!
Arya Bangah : Metu banyu ... metu banyu ... wah ... iki apik yen didadekake minangka jenenge
  kadipaten ing kene.
Dandang W : Supados kepireng langkung sekeca, kados pundi menawi tembung metu banyu
  menika kacambor utawi kacekak dados Tuban.
P. Kertanegara : Aku sarujuk, mula wiwit dina iki dak tetepake yen Dandang Wacana dak angkat
  dadi bupati Tuban kanthi jejuluk Adipati Harya Dandang Wacana Menteri
  Mamancanegara Ring Tuban.


TUTUP KELIR

Tidak ada komentar:

Posting Komentar