Selasa, 14 Mei 2019

NASKAH LUDRUK SOGOL PENDEKAR SUMUR GEMULING

SANDHIWARA BASA JAWI
“SOGOL PENDHEKAR SUMUR GEMULING”
(KANGGIT DENING: AKHMAD WINARTO)

BABAK  I
Adegan 1
Paraga: 1) Sogol
Kahanan:
Sawijing dalu ing Ambulu Jember nalika zaman penjajahan Landa, kanthi mbeta glangsing isi barang colongan, Sogol mlajeng dipun oyak dening Polisi Landa. Sasampunipun rumaos aman, Sogol kendel sekedap nata ambegan.
Setting : Margi pinggir wana wanci dalu.
Antawacana:
Sogol : (mlebet kanthi saking kiwa panggung kanthi mlajeng,  kendel ing tengah panggung
              lajeng balik kanan) He ... Landa! ... Entekna mimis mu! ... Koen gak bakalan bisa nyekel
              Sogol! ... Uberen Sogol! (ambegan landhung, clingukan)... Katone Landa wis adoh
              (ngadhep penonton) ... Dak leren dhisik (nyeleh glangsing) Sing tak nggumuni ... iku
              kelakoane bangsa ku dhewe. (ngadhep ngiwa)Yen Landa ngono wis karuwan  mungsuh
              kanggone wong Jawa. Nanging ndara mantri lan opas-opas iku, dhekne lak wong Jawa,
              nanging kelakoane nungkuli Landa. Dadi gedibale Landa wae senenge ora jamak.
              (ngadhep nengen) Saben ndina tansah ngrugekna pendhudhuk, narik pajek gak nganggo
              ukuran. Wong tani durung panen ... wis ditarik pajek. Ngingu sapi lagi manak ... babone
              dijaluk. Yok apa karepe landa iku. Ya ngene iki sing nggarai sing sugih tambah sugih,
              sing mlarat tambah mlarat. Rentenir tukang nganakna dhuwit merajalela ndhuk endi-
              endi.  (ngadhep ngiwa) Merga saka iku ... iki mau (nyandhak glangsing disangkluk
              ing pundhak) donyane sinyo-sinyo iku dak jupuk arep dak dum-dumna pendhudhuk
              sakiwa-tengene Sumur Gemuling sing mlarat-mlarat. (mundur) He... ndara mantri
              lan para opas! Uberen iki Sogol Pendekar Sumur Gemuling! (mlajeng medal)

Adegan 2
Paraga: 1) Mantri Polisi Jatmika, 2) Opas Kacung, 3) Opas Keceng
Kahanan:
Mantri Polisi Jatmiko ngasta pistol didherekake para opas ngasta bedhil nguber Sogol. Suwantenipun bedhil pathing jumedhor.
Setting : Margi pinggir wana wanci dalu.
Antawacana:

O. Kacung: Mangga ndara dipunlajengaken, Sogol selak mlajeng tebih!
Mantri PJ : Mengko dhisik aku dak  ambegan.
O. Keceng: Inggih ndara kula inggih kesel ... ambegan kula badhe pedhot!
O. Kacung: Mulane dadi arek iku aja kakehan ngrokok ... cik ambeganmu landhung.
Mantri PJ : Hlo! Koen ojok nyalahna wong rokok, rokok mono akeh gunane.
O. Kacung: Ndara Mantri niki kok wonten-wonten mawon. Rokok kok wonten gunane.
O. Keceng: Mulane Cung! Koen ojok keminter, rungokna dhawuhe ndara Mantri.
Mantri PJ : Rokok iku gunane ana telu. Siji, wong sing rokok yen tuwa ora bakal lara-laranen. 
                    Loro, ... omahe wong sing rokok ora bakal dileboni maling. Nomer telu, ...wong sing
                    rokok ora bakal diuber asu.
O. Kacung: Hla iki ... ilmu anyar iki. Aku biyen sekolah kok gak tau diwulang ngene.
O. Keceng: Jelasaken ndara! Jelasaken! Kacung, arek sitok iki cik gak ngethipris wae. Mosok
                   bolak-balik mesthi nyemoni aku. Jarene, “Rokok membunuhmu ... rokok
                   memperbanyak jandha!”
Mantri PJ : Siji, wong sing rokok yen tuwa ora bakal lara-laranen.  Sebab durung tuwa ... wonge
                    wis mati.
O. Kacung: Dados, isih nom kados Keceng menika sampun lara-laranen, banjur mati. Modar
                    kowe Ceng!
O. Keceng: Hla kok senjata makan tuan, sing nomer kalih ndara!
Mantri PJ : Omahe wong sing rokok ora bakal dileboni maling, sebab wonge kena watuk TBC ...
                    sewengi wonge melek ... ora bisa turu merga watuk terus, mulane malinge ora wani
                    mlebu omah.
O. Kacung: Masuk akal! Apa maneh omahe Keceng mesthi ora bakal kemalingan, sebab ora
                    nduwe apa-apa. Malinge bingung ... sing arep dicolong apa? Anane mung kucing
                    rembes.
O. Keceng: Kowe aja ngenyek, masiya kuru ngenelah, biyen mbahku wong sugih lho!
Mantri PJ : Sing sugih lak mbahmu! Nomer telu, wong sing rokok ora bakal diuber asu. Sebab
                    yen diuber asu wonge ora kuwat mlayu ... terus ndheprok . Weruh wong ndheprok
                    asune balik, sebab dikira wonge njupuk watu kanggu mbalang asu.
O. Keceng: Sik...sik...sik... niki wau jane Ndara Mantri nyritakna gunane rokok, menapa
                    nyritakna bahayane rokok?
O. Kacung: Ooo.. alah Ceng...Keceng! Wong bodho kok kebangeten, iki mau Ndara Mantri
                    nuturi awakmu kanthi cara pasemon. Sebab wong kaya kowe iku, diumbah ora teles,
                    dipepe ora garing.
Mantri PJ : Wis, ... mumpung Sogol durung adoh, ayo terus nguber Sogol! Yen bisa bedhilen pas
                    sirahe ben mati!
O. Keceng: Nanging pluru kula kantun kalih!
O. Kacung: Mula yen mbedhil aja ngawur wae!
O. Keceng: Wingi...ana ireng-ireng ing sebelah omah...bareng tak bedhil lha kok mertuwaku
                   dhewe. Kepeksa... aku malah nambakna.
Mantri PJ : Wis ! Aja omong wae, ayo! (sedaya medal nututi Sogol)


BABAK  II
Paraga: 1) Sogol, 2) Tumpi, 3) Mbok Tomblok, 4) Mbok Kastini, lan Mbok Kastonah
Kahanan:
Kanthi kabiyantu dening adhik sapeguron ingkang nama Tumpi, Sogol andum barang asilipun nyolong dhumateng pendhudhuk Sumur Gemuling ingkang kathahipun para warandha.
Setting: Pinggir lepen Sumur Gemuling
Antawacana:
Tumpi : (mlebet saking kiwa panggung lajeng ngunandika) Wis bola-bali aku ngrewangi
                     Kang Sogol andum barang colongan. Nanging dina iki kok rasane katon beda
                     (ngadep ngiwa). Biasane, yah mene Kang Sogol wis teka (ambegan landhung,
                     nyawang tebih). Muga-muga Gusti Allah tansah njangkung Kang Sogol. Pancen
                     wong landa lan antek-anteke gething marang Kang Sogol, nanging pendhudhuk sing
                     rata-rata wong cilik padha seneng marang Kang Sogol. Marga Kang Sogol
                     penggaweyane nyolong donyane para nonik, sinyo, dauke, lan para rentenir lintah
                     dharat ... banjur dibagi marang wong cilik, kalebu para randha-randha tuwa.   
                     (ngadhep nengen) Ing sakawit aku uga ora sarujuk karo tumindake Kang Sogol,
                     nanging bareng aku weruh dhewe ... yen Kang Sogol dadi maling iku ora kanggo
                     kaperluane pribadi, saiki aku malih ndhukung Kang Sogol.
( Para randha sepuh: Mbok Tomblok, Mbok Kastini, lan Mbok Kastonah mlebet saking tengen panggung )
Tomblok : Nuwun sewu ... napa leres niki panggenanipun dum-duman rejeki?
Tumpi : Inggih Mbok, tengga sekedhap barangipun dereng dugi.
Kastini : Sing dugi nggen kula wingi napa sampeyan?
Tumpi : Leres, ingkang ngaturi njenengan sedaya, rawuh ing mriki ... wingi niku ... kula.
Kastonah : (madhep marang Kastini, astanipun nuding dhateng Tumpi) Bocah kok ayu tenan,
                   aku biyen nalika isih enom ... ya ayu kaya bocah iki. (madhep marang Tumpi)
                   Lajeng asma panjenengan sinten? 
Tumpi : Kula Tumpi mbok, asli kula arek Rambipuji.
Kastini : Nuwun sewu nggih, saderengipun ... rejeki ingkang badhe kita tampi mangke ...
                   menika asalipun saking pundi?
Kastonah : Halah mbok ora usah takon kaya ngono! Awak dhewe iki randha tuwa ora ana sing
                   nggolekna kaya. Iki arep oleh rejeki kok ndadak takon asal-usule barang.
Tomblok : Bener Kastonah, jare kendhilmu wingi wis arep nggoling? Gusti Allah iku yen paring
                   rejeki ora bakal kurang merga.
Kastini : Ora kok ngono...aku biyen tau diweling karo jenate bojoku... ujare mengkene,
                   “Kastini, senajan awak dhewe iki wong mlarat nanging aja nganti klebon barang
                   haram”.
Sogol : (Sogol mlebet kanthi dhehem) Ehem ... ehem ... Niki dum-duman zakat kok mbok!
Tomblok : Hlo ... rejekine teka! Menapa panjenengan ingkang badhe andum rejeki?
Sogol : Leres mbok ... niki barange sampun kula beta. Nami kula Sogol, kula menika panitia
                   andum zakat. Wiwit Lumajang nganti Jember ... kathah tiyang sugih ingkang sami
                   titip andum zakat malipun dhateng kula.
Kastini : Yen ngeten kula lak ayem. Ya ngene iki sing diarani rejeki barokah (noleh
                   marang Kastonah).
Sogol : Dhik Tumpi, iki barange ndang baginen!
Tumpi : (nampi barang saking Sogol) awit ingkang rawuh tiyang tiga, mila barang menika
                   kula bagi dados tiga. Mangga mbok!
(sedaya mbok randha nampi bagian)
Kastonah : Matur nuwun, mugi panjenengan kekalih pinaringan panjang umur!
Kastini : Cethek rejekine , lestari jejodhoane, sholeh lan sholehah putrane!
Sogol : Ngapunten mbok, kula kekalih menika taksih legan. Kula taksih bujang lan Adhi
                   Tumpi taksih kenya.
Tomblok : Hla nengga napa ... menawi kula tingali ... panjenengan kekalih menika jiian serasi
                   sanget! Ingkang kakung gagah lan gantheng, ingkang estri ayu lan manis. Coooocok!
Tumpi : Rencana menika sampun wonten, nanging Kang Sogol taksih repot nyambut damel.
Sogol : Inggih pangestunipun mawon, mugi kasembadan... kinabulan dening Gusti Allah.
Kastonah : Sarehne sampun cekap, kepareng kula nyuwun pamit.
Kastini : Inggih...ngapunten ... niki wau ninggal dandang.
Tomblok : Semanten ugi kula ... wayah kula boten wonten rencangipun.
(sedaya mbok randha medal, Sogol lan Tumpi nglajengaken rembagan)
Sogol : Dhik Tumpi! Seneng lan marem rasane atiku, bareng bisa nyawang para kawula cilik
                   ing Sumur Gemuling, kang padha bungah sawise nampa barang lan dhuwit iku mau.
Tumpi : Iya Kang Sogol! Wong cilik iku jalukane ora ngayawara, nampa rejeki sithik wae wis
                   rumangsa syukur. Beda karo para juragan ... tuan tanah kae.
Sogol : Nanging sajerone atiku ... kadhang-kadhang uga tukul pitakonan, “Apa sing kita
                   lakoni iki, wis bener apa durung?”  (madhep ngiwa banjur sendhakep)
Tumpi : Padha... aku uga mangkono Kakang! (madhep nengen banjur sendhakep)
Sogol : Mula aku nduwe gagasan ... besok sawise awak dhewe jejodhoan ... mbangun rumah
                   tangga ... awek dhewe kudu bisa gawe pabrik utawa usaha liyane ... supaya bisa
                   menehi penggaweyan lan nulung para kawula cilik ing Sumur Gemuling kene. Yok
                   apa nurut rika? (madhep marang Tumpi)
Tumpi : Aku setuju Kakang!(madhep marang Sogol) Nanging saiki sing dak Jaluk ... rika
                   kudu ati-ati lan aja pisan-pisan ninggal ibadah. Awit mungsuhe awak dhewe iku akeh.
Sogol : Bener Dhik Tumpi, sinyo-sinyo iku ora bakal trima ... dhewekne bisa nabok nyilih
                   tangan. Wis dak kira cukup semene dhisik, andum gawe ... aku dak ngalor ... koen
                   mlakua ngidul.
Tumpi : Iya kakang!
 (Tumpi medal ngiwa, Sogol medal nengen)



BABAK  III
Paraga: 1) Bayan Sarmidin 3) Mbah Mukti
Kahanan:
Ing Pasirian, Bayan Sarmidin nyuwun tulung Mbah Mukti supados nyanthet Sogol.
Setting: Bale dalemipun Mbah Mukti (wonten meja kursi setunggal setel)
Antawacana:
M. Mukti : (mlebet saking kiwa panggung, jumeneng ing wingkingipun meja, lajeng ngunandika) Wis umum ndhuk Pasirian kene, ... ora ana dhukun kang kondhang- kaonang kejaba ... Dul Mukti. Dhukun santhet ya dhukun jengges ... aja maneh wujud menungsa biasa ... wong sekti sing jare kebal senjata ... kenek santhete Dul Mukti ... matek  ngglundhung. Kemis legi wingenane, ana wong njaluk tulung nyanthet saingane njago lurah ... ora kesuwen ... saingane dak kirime gir sepedha ... pedhot ususe ... mlembung wetenge.  (lenggah) Nanging, gak ngonone ... wis pirang-pirang wulan iki anak ku ya Sarmidin ... kok gak ketok irunge. Pancen Sarmidin duduk anak kandhung, nanging wis tak anggep kaya anak ku dhewe.
Sarmidin : (mlebet saking tengen panggung katon gupuh kanthi logat Medura) Amit! Amit!
                   Amit! ... Kula ingkang sowan Mbah! (langsung nggapyuk Mbah Mukti, ngantos
                   Mbah Mukti kangelan ambegan).
M. Mukti : (watuk-watuk) Uhuk ... uhuk ... uhuk ... Koen iku arep ngrangkul apa arep mateni
                   Mbah.
Sarmidin : Syorrr ... meja onok ulane, aja gela wis carane. Iki Syarrrmidiiin Mbah ...
                   Syarrrmidiiin (nebah dhadha).
M. Mukti : Kok njanur gunung, kadingaren koen dolan mrene ...
Sarmidin : Syampiyuuun iki pancen aneh, yen Syarrmidiin boten mriki direp-arep. Yen mriki
                   jare dungaren.
M. Mukti : Koen iku pancen kebacut ... pira adohe Ambulu – Pasirian. Dolan ana omahe wong
                   tuwa ... mung yen ana butuhe thok.
Sarmidin : Sepuranee Mbah ... sepurane ... syampiyun lak ngreti. Syarrrmidiin sakniki dados
                   bayan ndhuk Ambulu. Syarrmidiin sakniki pot-repot takiye. Pa maneh sakniki ...
                   dening gupermen ... Syarrmidiin ditambahi tugas narik jek-pajek ... wiwit Puger ing
                   sisih kilen, ngantos Tempurejo ing sisih wetan,... wiwit Rambipuji ing sisih ler,
                   nganti Watu ulo ing sisih kidul (yen ngendikan kados tiyang deklamasi).
M. Mukti : Iku arane ... awakmu oleh penggaweyan teles. Tegese, penggaweyan penak bayarane
                   gedhe. Ngono mbok ya kirim hadhiah ... apa dhuwit. Wis suwe aku pengin mangan
                   roti semir mertega, ngombe kopi susu koyok Landa kae.
Sarmidin : Waune pendamelan kula pancen pil-gampil ... asilipun kathah. Niku sak derenge
                   wonten arek nom-noman sing jenenge Sogol arek saking dusun Gemuling.
M. Mukti : Ngapa Sogol?
Sarmidin : Lho ... lho ... lho ... lho ... sampiyun dereng reng-mireng ... Sogol niku arek tang-
                   ontange ndhuk Lumajang nganti Jember. Julukane Sogol pendekar Sumur Gemuling.
M. Mukti : Hla terus?
Sarmidin : Syarrrmidin narik jek-pajek dilang-alangi.
M. Mukti : Dialang-alangi kok gak mbok jotos ndhase!
Sarmidin : Syampun Mbah ... syampun. Kula jotos ndhase mboteng nging-kenging ...  malah
                   kula sing dibanting ... kula syi’in Mbah ... kula syi’in.
M. Mukti : Cethane ... koen mrene iki arep njaluk tulung Mbah ... apa ngono?
Sarmidin : Leser Mbah ... leser, ... syampiyun leser! Kula nyuwun tulung ... santhetaken Sogol ...
                   mangke yen Sogol sampun pejah ... syampiyun badhe nyuwun menapa mawon kula
                   turuti. Boten namung roti lan susu ... nek perlu sing dodol sak tokone kula beta mriki.
M. Mukti : Biasa, apa- apa iku yen durung kelakon ... janjine muluk-muluk. Kaya janjine wong
                   kampanye ika. Nanging yen wis kelakon ... aja maneh nepati janjine ... ngetok irunge
                   wae ora.
Sarmidin : Niku lak tiyang nes-sanes, yen Syarrrmidiiin beda Mbah! Menapa sampeyun pingin
                   jaran sakdhokare? Pokok e... sonten Sogol pejah ... enjing jaran sak dhokare sampun
                   teng ngajenge griya sampiyun.
M. Mukti : Ya wis. Iki sing diarani, “Anak polah bapa kepradah.”  Menenga! Sogol dak garape. (ngedalaken pusaka, ngobong dupa lajeng ngucapaken mantra)  Somelah ... Hei syetan kober ... syetan lanang ... iki dak pakani menyan kuning ... dak jaluk srayamu, mlebuwa wetenge Sogol arek Gemuling, ... jebolen wetenge, ... aja bali yen durung kasil maksud, ... budhal !
Sarmidin : Hlo kerise syampiyun ical!(nggumun)
M. Mukti : Iki ora ilang ... saiki keris ku wis budhal. Tontonen saka kadohan,mengko koen lak
                   weruh Sogol mbledhos wetenge.
Sarmidin : Inggih, seneng ati kula ... sak niki kula nyuwun pamit.(salaman lajeng medal)
M. Mukti : Keris wis dak budhalna, iki wayahe wis surub ... tak tunggune ing mburi karo mangan
                   ... wetengku kok krasa luwe. (medal)

BABAK  IV

Paraga: 1) Mbok Sumi, 2) Sogol, 3) Mantri Polisi Jatmika, 4) Opas Kacung, 5) Opas Keceng
Kahanan:
Ibunipun Sogol (Mbok Sumi), kapang kaliyan Sogol. Ndara Mantri rawuh madosi Sogol. Awit boten saged nedahaken papanipun Sogol, Mbok Sarinten dipun pilara Ndara Mantri.
Setting: Latar ngajeng dalemipun Mbok Sumi (wonten lincak setunggal).
Antawacana:
M. Sumi : (mlebet saking kiwa panggung, ngungak ngiwa- nengen jumeneng ing ngajengipun lincak lajeng ngudarasa) Ya Allah Gusti, ... paringana welas dhateng kula! ... (lenggah miring nengen) Anak mung siji nganti yah mene kok durung mulih. Kamangka iki wis ngarepna isyak  ... budhal bar subuh ... durung kober sarapan ... jare arep golek gaweyan. (minger ngiwa) Biasane yen lunga ... sadurunge manjing maghrib wis mulih ... adus ... terus sholat ndhuk langgare Wak Kaji Dullah. Atiku kok ora kepenak . Dak cepaki mangan kawit awan ... sambele nganti garing ... ooalah Sogol ... Sogol ... anakku lanang. Cilik wis ditinggal mati bapake ... saking pingine dadi uwong ... terus meguru ... metu saka peguron oleh ngelmu ... jare pingin ngamalna ngelmune. (jumeneng, madhep nengen) Kok ana rame-rame ... katone nuju mrene (bingung, ajrih lan gugup)
(Mantri Polisi Jatmika, Opas Kacung, lan Opas Keceng mlebet)
Mantri PJ : Mbok Sumi! ... Jenengmu Sumi, ... iya?
M. Sumi    : Inggih, ... kula Sumi mboke Sogol.
O. Keceng  : Wah ... leres ndara!!!
O. Kacung  : Ngretia sing rawuh iki Ndara Mantri Jatmiko, kepala polisi pribumi ndhuk Jember
                     kene. Aku Opas Kacung lan iki Opas Keceng.
Mantri PJ : Tekaku mrene iki ana perlu ... nggoleki Sogol anakmu.
O. Keceng  : Anakmu arep dak kecrek ... dak gawa menyang tangsi Landa.
M. Sumi     : (bingung, lajeng ndheprok) Hla salahe yuga kula napa?
Mantri PJ : Sogol saiki dadi buron larone gupermen ... merga Sogol iku penggaweane maling.
O. Kacung  : Thong - thong lor, Sogol maling. Thong - thong kidul Sogol nyolong.
O. Keceng  : Mula, ... saiki duduhna! Sogol ana ngendi?!!! Selak gak sabar aku!
M. Sumi     : Sogol dadi maling? (muwun) Ora mungkin, Sogol iku areke alim, ... arek sing bekti
                     marang wong tuwa.
Mantri PJ : Iku lak yen ana ngarepmu. Wis aja kakehan sandhiwara! ... Ora usah ndadak api-api
                     nangis ... tuduhna Sogol ana ngendi!
O. Kacung  : Yen gak mbok duduhna, koen sida diajar karo Ndara Mantri! (nendhang lincak)
O. Keceng  : Koen mesthi ngreti Sogol singidan ana ngendi!
M. Sumi     : Sogol kawit bakda subuh pamit medal pados pendamelan, ngantos sakmenika
                     dereng mantuk!
Mantri PJ : Apa?!!! (njontong sirahipun Mbok Sumi)
M. Sumi     : (dhawah, njerit) Saestu ndara ... kula boten ngretos.
O. Keceng  : Saestu- saestu, iki sing kok jaluk! (njejeg sangking wingking)
M. Sumi     : (dhawah, njerit) Dipejahana, ... kula boten ngretos.
Mantri PJ : Ora ana gunane koen nutup-nutupi Sogol! Yen nganti Sogol ketemu singidan ana
                      ngomah, ... ndhasmu sida dak tembak pisan! (njontong malih) Opas Keceng! 
O. Keceng  : Siap ndara!
Mantri PJ : Gledhah njero omah, yen ketemu langsung bedhil sirahe! Ben modar langsung.
O. Keceng  : Siap laksanakan! (medal panggung / mlebet griya)
Mantri PJ : Opas kacung!
O. Kacung  : Siap ndara!
Mantri PJ : Jaga lawang! Menawa Sogol mlayu.
O. Keceng  : Siap laksanakan! (njaga lawang)
M. Sumi     : Sogol niku lare sae ndara ... Sogol niku mboten nate pek-pinek barang liyan.
                     Najan njenengan ngobong griya kula, ... Panjenengan boten badhe manggihaken
                     Sogol (kanthi muwun).
Mantri PJ : Mingkem ! Kakehan omong! (kaliyan nabok)
O. Keceng  : (mlebet panggung) Tidak berada ndara ... Sogol tidak ditemuinya.
Mantri PJ : Nganggo basa Jawa wae, ... yen nganggo basa Melayu ora bisa , ... mengko malah
                     ngisin-ngisini!
O. Kacung  : Sekolah , ... penggaweyane yen ora ngrepek ... ya nyonto ... kon pinter. Rungokna
                     laporanku! Sogol ... kosong ndara, tidak ada mendhelik disini!
Mantri PJ : Halah! Padha wae! Wis ora ana gunane ana kene, ayo ditinggal! (medal)
O. Keceng  : Aku ngalih, ... tapi sewayah-wayahnya Sogol berpulang, ... dirimu kudu merepot
                     kepadaku! (medal)
O. Kacung  : Bhekeenack chorset ... bhekenack chorset (gaya kados basa Landa) ... digebek
                      penak dikukur siset. Bilamana Sogol mendhekem ... di rumah. Kamu orang ... harus
                      bilangin ya!(medal)
M. Sumi     : Sogol ... mosok koen dadi maling?   Mbok gak percaya, kawit cilik koen didhidhik
                     agama. Ora mungkin ... iki ora mungkin.
Sogol : (mlebet, sumerap ibunipun nangis ing njogan, Sogol kaget lajeng nuntun ibunipun
                     lenggah ing lincak).  Mbok,...njenengan kok muwun ... kenging menapa mbok?
                     Njenengan kok wonten ing ngandhap ?  (Sogol ningali pasuryane mbok Sumi)
                     Pasuryan panjenengan kok biru, ... kenging menapa mbok? (clingukan) Sinten
                     ingkang milara panjenengan ... ngendikan mbok?
M. Sumi     : Ora kok Lee ... (mingseg-mingseg, ngusapi eluh kanthi pojok jarit/klambi) ora ana
                     sing milara mbok, ... mbok iki mau lungguh lincak iki ... merga ngantuk terus tiba
                     (polatanipun kadamel sumringah) ... Wis, perkara mbok tiba ora usah dirembug!
                     Koen iki mau wis mangan apa durung?
Sogol : (Sogol jumeneng) Kawit alit, ... sasampunipun bapak seda ... panjenengan ndhidhik
                     kula ... supados kula dados tiyang jujur. Nanging, ... kenging menapa dinten menika
                     Panjenengan goroh dhateng kula?
M. Sumi     : Ya wis lah ... mbok tak blaka. Nanging koen aja tumindak apa-apa ya!
Sogol : Dados leres?!!! Niki wau mbok dipilara dening tiyang. Sinten mbok tiyangipun?
                     Kula ajare!!!(ngunus blathi)
M. Sumi     : Sareh... syabar ya Le,  mbok bakal crita... nanging syarate koen kudu janji marang
                     mbok ... yen koen ora bakal tumindak grusa-grusu. Mbok ikhlas kok! Mbok ora apa-
                     apa. Delengen! Mbok isih wutuh ora cacat apa-apa.
Sogol : Inggih mbok ... Sogol janji (lenggah).
M. Sumi     : Iki mau ... sabubare maghrib ... embok lungguh ana lincak iki ... nunggu koen kok
                     gak mulih-mulih.
Sogol : Sogol niki wau ... mantuk radi telad ... awit Sogol kathah pendamelan. Pas dugi
                     pinggir desa sareng kalih manjing maghrib ... Sogol langsung tumuju langgare Wak
                     Kaji. Mantun maghrib, wonten lare nyuwun diwulang ngaji.
M. Sumi     : Ngono ta le? Dak tutukake mbok crita,... dumadakan ana Ndara Mantri Jatmiko lan
                     opas mrene.
Sogol : Dadi sing milara iki mau Ndara Mantri ? !!! (jumeneng badhe ngunus blathi)
M. Sumi     : Lungguh Le ... sareh, ... koen mau lak wis janji.
Sogol : Inggih mbok ... lajeng? (ngempet nesu)
M. Sumi     : Ndara Mantri mrene ... polahe nggoleki koen, merga koen kadakwa dadi maling.
                     Lak ora bener ta Le? Koen lak ora dadi maling ta Le?
Sogol : (Jumeneng, ambegan landhung) Niku fitnah mbok ... yen Sogol ngalang-ngalangi
                     gupermen narik pajek, niku pancen leres. Sebab Sogol mesakna pendhudhuk.
                     (lenggah) ... sampun mbok ... sakniki simbok mlebet ... aso salira, ... sare, ... menawi
                     dereng ngisyak , ... ngisyak rumiyin!
M. Sumi     : Ngono ta Le? Ya wis... embok tak mlebu, nanging koen aja nyang ngendi-endi lho!
Sogol : Sampun kuwatir mbok, ... kula tak klesetan teng mriki riyin ... hawanipun sumuk!
                     Mangke yen sampun asrep, ... kula tak mlebet.
(Mbok Sumi mlebet griya, Sogol nuntun dugi ngajeng lawang, balik lajeng ngunandika)
Sogol : Kurang ajar Ndara Mantri sak andhahane! Nyekel Sogol ora ngenekna, ... hla kok
                     salin bubuhan, ... paribasane, “Dudu berase kok ditempurake”.  Ya wis! Nunggu
                     mbok sare dhisik ... aku dak ngleset ana kene. Mengko yen mbok wis sare, Ndara
                     Mantri tak beresane.
(Sogol tata-tata badhe ngleset, dumadakan wonten santhet dugi)
Sogol : Hlo ... hlo ... hlo ... sapa iki ngajak guyon Sogol? Isih sore ana wong kirim santhet.
                     Mandhek! (nyandhet santhet) Sapa aran mu lan Jin prewangane sapa koen? (kados
                     dene dhialog kalih lelembut) Setan Kober, ... prewangane Dul Mukti ing Pasirian?
                     Dadi sing ngirim koen iku dhukun santhet Dul Mukti? (kendel sekedhap kados
                     nengga jawaban) Banjur sapa sing njalukna? (kendel sekedhap kados nengga
                      jawaban) Bayan Sarmidin ing Ambulu? Ya wis, koen saiki balia marang
                     bendaramu. Kandhaa, yen Sogol kirim salam marang Dul Mukti! (ngungak lebet)
                     Katone Mbok wis sare, ... mbok nyuwun gunging pangapura! Mumpung durung
                     adoh tak tututane prewangane Dul Mukti. (mlebet)




BABAK  V

Adegan 1
Paraga: 1) Dul Mukti, 2) Sogol, 3) Sarmidin.

Kahanan:
Dul Mukti was sumelang, awit prewanganipun dereng wangsul.
Setting: Latar ngajeng dalemipun Mbah Mukti, wonten kembang (pethetan) sawatawis.
Antawacana:
M. Mukti : (mlebet saking kiwa panggung, jumeneng nyawang tebih, lajeng ngunandika) Kok aneh ... setan kober ... ya jin prewanganku  ... wis wiwit surub nganti ngancik lingsir wengi ... durung bali. Kamangka, biasane yen tak kirim iku ora tau suwe ... paling sak jam ... rong jam wis bali. Prewanganku ... iku sejatine akeh ... iki mau sing dak pilih setan kober ... sebab setan kober iku sing paling tuwa lan paling ampuh ... (nrawang)
                   Ooo... hla kae ... wis katon ... nanging kok nglentruk! ... (kados dene dhialog kalih lelembut) Oleh gawe apa ora? (kaget) Ora? Sogol sakti, ... wonge resik, ... atine suci? (kendel sekedhap kados nengga jawaban) Tegese Sogol isih urip?
Sarmidin : (mlebet kanthi gugup) Taksih mbah ... Sogol taksih gesang! Niki wau kula tingali saking katebihan ... santhet njenengan diajak mong-omangan, ... lajeng dikengken wangsul!
M. Mukti : (godheg-godheg, unjal ambegan) Prewangan siji kalah, ... yen ngono kabeh prewangan ku arep dak budhalake! Dikroyok jin sewu mosok ora modar!
Sogol : (mlebet) Ora ana gunane, ... santhetmu ora mandi!
M. Mukti : (kaget) Hlo ... koen iku sapa?!!! ... Arek gak duwe tata krama ... sopan santun! ... Teka gak kula nuwun ... gak ngajeni wong tuwa!
Sogol : Uwong iku diajeni ora mung sebab tuwane ... nanging sebab tingkah lakune. Kanggo apa aku ngajeni dhapuramu iku?!!!
M. Mukti : Hlo ... hla kok tambah nglunjak! ... Ngakua sapa koen ... tak tempiling pecah ndhasmu!
Sarmidin : (kanthi ajrih) Nggih niki areke.
Sogol : Aku ... Sogol arek Sumur Gemuling!(ngunus blathi)
M. Mukti : Kutuk marani sunduk! ... (ngedalaken keris) Kenek kerise Dul Mukti sida dadi sate!
(Sogol kalih Dul Mukti tetandhingan, Sarmidin minggir ajrih, pungkasanipun Dul Mukti pejah)
Sarmidin : Aku tak lapor ndara mantri wae!(mlajeng medal)
Sogol : Sarmidiiiin ... koen aja mlayu! (ngoyak)


Adegan 2
Paraga: 1) Sogol, 2) Mantri Polisi Jatmika, 3) Opas Kacung, 4) Opas Keceng,  5) Sarmidin.
Kahanan:
Sarmidin lapor dhateng ndara mantri ingkang nembe patrol.
Setting: Tengah margi.
Antawacana:
(Ndara Mantri mlampah dipun dherekaken Opas Kacung lan Opas Keceng kanthi langkah tegap nanging klentu/asta lan sukunipun sareng)
Mantri PJ : Hoooop ... grak!!!
O. Keceng: Lagi iki ana baris kok ... hoooop grak!
Mantri PJ : Sing penting paham, ... dadi wong iku aja ngeyelan!
O. Keceng: Yen sing kleru bawahan ... diseneni,... nanging yen sing kleru atasan ... harap
                   maklum!.
Mantri PJ : Ngecemes wae ... tak tembak kene koen engkok!
O. Kacung: Tembak gegeripun ndara!!! Paling mendat ... kenging balung!!!
Sarmidin : (mlebet, gugup) Mit ... amit ... amit, kula repot ndara ... wonten raja pejah, Sogol
                    ndara ... wonten Sogol!
Mantri PJ : Sik ... sik ... iki kok kaya bayan Sarmidin! Omong sing genah!
Sarmidin :  Sorr meja onok ulane, ja gela wis carane! Kula repot, wonten raja pejah ... Mbah Dul
                    Mukti dipunpejahi Sogol!
O. Kacung: Ngapunten ndara .... madharan kula mules ... kula pamit badhe mantuk rumiyin!
O. Keceng: Haaalah, ... koen iku ... angger ana tugas alasan wae! Kula nyuwun pamit, yuga kula sakit!
Mantri PJ : Opas loro padha wae! Ayo siap! Brangkat nggoleki Sogol!
Sogol : (mlebet) Ora usah digoleki, aku wis teka! Koen kabeh kudu mati ing tanganku!
Sarmidin : (mundur ajrih, ngamping Opas Kacung) Niki...niki...niki.. Sogol ndara...tembak ndara!
(Opas Keceng nembe nyiapaken bedhil dipun tendhang Sogol, bedhil ucul gantos silat, Opas
Keceng pejah! Opas Kacung majeng, kenging blathi pejah. Ndara Mantri kaliyan Sarmidin
ngroyok Sogol, sedaya pejah)
Sogol : (Jumeneng ing tengah panggung) Hee...pendhudhuk Sumur Gemuling. Dina iki mungsuh-mungsuhku wis kalah. Sejatine, aku ora ngreti tumindakku dadi maling budiman iki bener apa ora. Nanging sing jelas, niat ku suci pengin tetulung marang wong cilik. .... Yen tumindakku salah, muga Gusti Allah paring pangapura. ... Iki pepeling kanggo para pejabat sing serakah, Sogol bakal teka sawayah-wayah. Sogol ora bakal mati, Sogol bakal tansah urip ing atine para pendhudhuk. Pendhudhuk bakal eling marang “Sogol Pendekar Sumur Gemuling!!!”

TAMAT

NASKAH LUDRUK PENDEKAR BANYU URIP

SANDHIWARA BASA JAWI

(PENDEKAR BANYU URIP)
(KANGGIT DENING: AKHMAD WINARTO)

BABAK  I

Paraga : 1) Pak Sumitro, 2) Bu Sumitro, 3) Baskoro 4) Jiman, lan 5) Jimin
Kahanan : Pak Sumitro lan Bu Warti bingung, awit dinten punika kedah atur wangsulan
                         dhateng panglamaripun ndara Baskoro. 
Setting : Griyanipun Pak Sumitro ing Dusun Saringembat – Singgahan - Tuban nalika
                         zaman agresi Walandi kaping II.
Watak : Pak Sumitro sabar, Bu Sumitro crewet, Baskoro wengis, Jiman lan Jimin brangasan

Antawacana:
P. Sumitro : (mlebet saking kanan panggung, kanthi polatan bingung lajeng lenggah) Bu ...! Bu
                           ...! Kene Bu ... ! Lungguha ... !
Bu Sumitro : (mlebet saking kanan panggung)  Wonten napa ta Pak? Kula nembe cethik geni.
                          Kajengipun teles, mila inggih boten mekan-mekan. Lisah gasipun inggih telas. 
P. Sumitro : Lungguha ... !
Bu Sumitro : (kaliyan lenggah) Kok sajak wonten sing wigati, wonten napa ta Pak?
P. Sumitro : Apa sampeyan lali, yen dina iki ... dina Kemis Wage.
Bu Sumitro : Inggih boten supe ta Pak. Mila anggen kula tandang gawe ... kawit wingi tansah
                          klenta-klentu ... nyandhak samubarang tansah boten leres. Badhe ndamel kopi ...
                          mendhet gendhis klentu sarem.
P. Sumitro : Ora usah gawe kopi, wong kawit wingi mripat tak eremna ya ora bisa turu. Pikiran
                          tansah kelingan yen dina Kemis Wage iki, mujudake dina awak dhewe kudu atur
                          wangsulan marang panglamare Ndara Baskoro.
Bu Sumitro : Hla inggih ... Ndara Baskara iku kok ya pirsa, menawi kita niki gadhah yuga
                          Suciati.
P. Sumitro : Hla wong Suciati iku srawunge adoh, ora mung ing Saringembat thok. Minangka
                          anggota Palang Merah Indonesia dheweke sering tugas nang endi-endi. (jumeneng)
                          Apa maneh sawise Landa nganakake agresi sing kaping pindho iki. Indonesia sing
                          wis merdeka, karepe arep dijajah maneh. (njangkah majeng) Para pelajar sing dadi
                          pejuang ing TRIP utawa Tentara Republik Indonesia Pelajar, sing ngepos ing
                          Wirun, nampa dhawuh saka Komandan Brigade Ronggolawe yaiku Kolonel
                          Sudirman, supaya nganakake perang gerilya nglawan Landa sing markase ing
                          Banyuurip.
Bu Sumitro : Witing tresna jalaran saka kulina ... saiki Suciati pacangan karo Mas Kartono
                          anggota Tentara Pelajar.
P. Sumitro : Sing lanang anggota TRIP, sing wedok anggota PMI ... iki wis klop. Apa maneh
                          Mas Kartono iku asma kondhange lak “Pendekar Banyu Urip”. Awit Mas Kartono
                          iku anggota TRIP sing kendel lan mumpuni asli Banyu Urip.
Bu Sumitro : Mula ... wong tuwa endi sing tega misahna? Sanajan sing nglamar Ndara Baskoro
                          juragan sapi ing Kedung Jambe,  ... arep dijodhokake karo putrane, aku ora
                          mentala. Apa maneh, Gathot putrane Ndara Baskoro iku ora sampurna. Sak bathok,
                          kurang sak cawukan. Wis gerang isih ngiiiileeeeeeeer wae. Njemberi uwong, aku
                          wae jemberen, apa maneh Suciati!
P. Sumitro : Ngono ya ngono, ... ning mbok aja ngono. Yen nyacad uwong iku aja nemen-
                          nemen. Sing penting, ... paringane Ndara Baskoro wingenane kae aja diapak-
                          apakna!
Bu Sumitro : Tak demek wae ora, ... dumeh awak dhewe iki wong mlarat ... dikira bakal adol
                          anak! Kae, ... kalung, gelang, anting-anting, ... isih wutuh nang wadhahe!
P. Sumitro : Ya wis, dienteni wae ... iki wis nyedhaki wayah wisan gawe ... priyayine kok ya
                          durung ketok rawuh.
Bu Sumitro : Mengko yen atur wangsulan sing ati-ati.
P. Sumitro : Kabeh wis tak pasrahna Gusti Allah.
Bu Sumitro : Muga-muga ora sida.
P. Sumitro : Ora sida piye, hla kae priyayine rawuh.
(Pak Baskoro dipudherekaken Jiman lan Jimin mlebet saking kiwa)
P. Baskoro : Kula nuwun! (suwantenipun sora lan santak)
Bu Sumitro lan P. Sumitro : Mangga-mangga! (grapyak sumanak astanipun nyumanggakaken
                          lenggah)
Bu Sumitro : Sugeng rawuhipun Ndara?
P. Baskoro : (kaliyan lenggah) Kaya sing kok weruhe dhewe, tekaku ing Saringembat kene ...
                          kanthi kahanan bregas waras ora kurang apa-apa.
(awit kursinipun namung kalih Pak Sumitro lenggah ing kursi ingkang tengen, Bu Sumitro jumeneng ing wingkingipun)
P. Sumitro : Awit pangestu Panjenengan, ... kula sakulawarga ugi mekaten. (noleh dhateng Bu
                          Mitro) Bune ... kana gawe unjukan!
P. Baskoro : Ora usah ... wektuku ora akeh. Saka kene ... aku langsung numpak bendhi nang
                          pasar sapi Jatirogo. Jiman lan Jimin, iki mengko kudu nggring sapi 48, merga
                          Jemah sesuk iki ... dina pasaran sapi ing Jatirogo.
Bu Sumitro : Namung toya kok Ndara.
P. Baskoro : Wis ta ora usah, iki mau aku wis bar ngombe kopi susu. Tekaku mrene iki arep
                          negesna kepriye wangsulanmu!
P. Sumitro : Bab panglamar Panjenengan?
P. Baskoro : Hla iya ta ... hla apa maneh? Kok tampa ta?
Jiman : Ooo ... mesthi dipun tampi, edan pa piye ... nganti ora nampa panglamare Ndara
                          Baskoro!
Jimin : Ndara Gathot, ... Putrane Ndara Baskoro iku akeh sing nyenengi. Mula, Pak Mitro
                          ... iki awakmu klebu beja. Suciati anakmu, dikersakake Ndara Gathot!
P. Baskoro : Iya, bener ... omongane Jiman lan Jimin iki bener!
P. Sumitro : Nangiiiing ... nuwun sewu ...
P. Baskoro : Nuwun sewu piye?
P. Sumitro : Ingkang badhe nglampahi jejodhoan niku lak gendhuk Suciati, mila kala wingenane
                          nalika gendhuk Suciati pas teng griya ... inggih sampun kula tari.
P. Baskoro : Suciati njawab gelem ... ngono?
P. Sumitro : Terosipun Suciati, amargi sak niki taksih wonten ing swasana perang, ...
                          piyambakipun  dereng purun mikir bab jejodhohan, mangke yen Landa sampun
                          kesah, ... piyambakipun nembe purun dipun nikahaken”.
P. Baskoro : Ngenteni Landa lunga?  (wiwit duka)
P. Sumitro : Inggih, ... terosipun mekaten (ndhingkluk)
(P. Baskoro jumeneng, Jimin minggiraken kursi)
P. Baskoro : Ngenteni Landa lunga, ... iku paribasane ... kaya ngenteni kambange watu
                          item. Iku kedadeyan sing mokal, ... ora mungkin. Landa iku senjatane akeh ...
                          montor mabur, montor tank, mriyem, bom, kabeh nduwe. Mbok kira ... tentara
                          Indonesia sing sragame wae ora padha, bisa menang musuh Landa. Saiki iki ...
                          Indonesia wis ora ana, Sukarno ... sing jare dadi Presiden Indonesia ... saiki wis
                          dirangket Landa. Kowe ora krungu, wong kowe ora duwe radio.
Bu Sumitro : Nanging Brigade Ronggolawe taksih saged nandhingi.
P. Baskoro : Nandhingi apa? Tak Kandhani ya, ... wingenane ngepasi tanggal 18 Desember
                          1949, ... ana 8 kapal perang Landa sing gedhene sak gunung ... labuh ing Pelabuhan
                          Glondhong wetane Tambakboyo. Kapal iku ngangkut 1000 tentara, 200 truk, lan
                          200 montor tank. Aku nyawang saka kadohan wae ... wis njemborok wuluku.
Jiman : Dados, ... niki menapa panampik kanthi alus?
P. Baskoro : Jelas, ... lamaranku jelas ditampik kanthi alus!
P. Sumitro : Boten mekaten Ndara.
P. Baskoro : (kaliyan nempiling) Ora ngono piye?!!!
( P. Sumitro dhawah saking kursi, Bu Sumitro badhe nulung dipun cepengi Jimin)
Bu Sumitro : (muwun kaliyan njerit) Nyuwun ngapunten Ndara!!!
Jiman : (kaliyan nyepengi Pak Sumitro) Wong mlarat wae, arep neka-neka!
P. Baskoro : (kaliyan nempiling malih) Kowe apa ora ngerti, ... Baskoro iki juragan sapi paling
                          sugih sak tlatah Tuban. Apa sing tak karepna kudu klakon!
P. Sumitro : (dhawah) Nyuwun ngapunten Ndaraaa ...
P. Baskoro : Mbuh piye carane, anakmu Suciati kudu gelem dadi bojone Gathot anakku! (noleh
                          dhateng Jiman lan Jimin) Jiman ... Jimin, selak awan ... ayo tinggalna omah iki!
(Pak Baskoro dipundherekaken Jiman lan Jimin medal ngiwa. Bu Sumitro lenggah ndheprok ing ngajengipun Pak Sumitro)
Bu Sumitro : (kaliyan muwun) Kados pundi Pak?
P. Sumitro : Ora apa-apa. Larane awakku isih, isih lara rasane atiku! (lajeng jumeneng) Awak
                          dhewe duwe senjata sing ora diduweni dening wong kafir. Allah wis janji ... yen
                          arep ngabulake dongane wong sing dipilara. 
Bu Sumitro : (ndherek jumeneng) Menawi mekaten mangga enggal wudlu, kala wau padasanipun
                          inggih sampun kula kebaki. Kaliyan nengga wekdalipun bedhug dzuhur, mangga
                          ndonga lan nangis ing ngarsane Gusti Allah. 
P. Sumitro : Ayo Bune!  (Pak Mitro lan Bu Mitro medal nganan)



BABAK  II

Paraga : 1) Sersan Kartono, 2) Suciati, 3) Laras, 4) Gathot 5) Budi, 6) Bejo, 6) Letda
                           Sucipto, 7) Sersan Basuni
Kahanan : Suciati dipun godha dening Gathot. 
Setting : Wanci bakda Maghrib, ing Protigan Dusun Saringembat – Singgahan - Tuban
                         nalika zaman agresi Walandi kaping II.
Watak : Sersan Kartono teges lan wibawa, Suciati kenes, Gathot ediot (ngileran, mula ing
                          dhadhane digandhuli saputangan), Budi lan Bejo brangasan, Letda Sucipto
                        watake teges lan wibawa, dene Sersan Basuni remen gojegan.

Antawacana:
(Suciati kaliyan Laras mlebet saking kanan panggung, kepanggih kaliyan Gathot, Budi, lan Bejo ingkang mlebet saking kiwa panggung)
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk (mandheg angsale mlampah lajeng noleh dhateng Budi lan
                          Bejo ingkang mlampah ing wingkingipun) Aku ora pangling, iki dhik Suciku. Ithuk
                          ... ithuk ... ithuk, ... iki dhik Suciku.
Budi : Bener Mas Gathot, iki Dhik Suciati calon garwane Panjenengan.
Bejo : Sing jenenge jodho, ... iku nang endi wae mesthi ketemu. Bali saka nagih utang ing
                          Desa Sembung ... arep mulih ing Kedung Jambe ... hla kok ketemu nang pertelon
                          Saringembat kene. Iki jodho tenan (njempol).
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk, ... Dhik Suciatiku arep nang endi?
Suciati : Aku arep nang Pos Perjuangan, sampeyan tak jaluk minggir, ... aku kesusu.
Laras : Mbak Suciati lan aku arep ngobati pejuang sing ketaton kena plurune Landa.
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk, ... (kaliyan ngelapi iler) Aku ya njaluk diobati. Aaaahhhh ...
                          (nyepengi dhadhanipun) Atiku kena tembak pluru cintamu.
Suciati : Aja guyonan, aku iki temenan. Cepet minggir!
Laras : Temenan iki, ... minggiiiir ... selak mesakna Tentara Pelajar sing kena tembak!
Gathot : Aku iki ya temenan, aku temen-temen cinta ... Suciku!
Budi : (marang Suciati) Mas Gathot iki lak calon bojomu, mula manuta marang Mas
                          Gathot!
Laras : Calon bojo, iku lak yen Mbak Suci gelem.
Budi : Kowe aja melu-melu. Bapake Mas Gathot Hadi Purnomo iki, ... wis nglamar Mbak
                          Suci. Dadi gelem ... ora gelem ... Mbak Suci, kudu gelem.
Bejo : Karo calon bojo ... iku mbok sing mesra ... romantislah!
Gathot : Heeee eh, aku iki calon ojobmu sing nggantheeeeng, sing gagaaaah, sing sugiiiiiih,
                          lan sing ithuk ... ithuk ... ithuk (nyelak badhe nyepeng tanganipun Suciati), 
Suciati : (mundur) Heee ... Aja kurang ajar!!!
Laras : Woo, ... dhasar bocah ora tau sekolah!!!
Budi : (marang Bejo) Nek ditamat-tamatna, ... sing sijine iki kok ya lumayan.
Bejo : Ha ... ha ... ha, ... kuwi bagiyanku!!!
Budi : Hla bagiyanku sing endi?
Bejo : Bagiyanmu, ... Yu Sarti bakul towak kae ...
Budi : Muuoooh, ... ambune kueeeecut ... kok wenehna aku!
Gathot : (marang Budi lan Bejo) Lho ... lho ... lho ... kok malah ithuk - ithuk dhewe! Gage
                          iwangi aku menaklukan Suciku ... cintaku ... sayangku ! (Gathot majeng badhe
                          nyepeng Suci)
Suciati : (mundur kaliyan njerit) Tuluung ... tulung ... tulung !!!
Kartono : (mencolot mlebet langsung njotos Gathot) Kurang ajaarrr !!!
(Suciati lan Laras lajeng manggen ing wingkingipun Kartono)
Gathot : (nangis) Heeeee ... aku dijotos. Kang Bejo ... Kang Budi, ... iki tugasmu! (Gathot
                          mundur ing wingkingipun Bejo lan Budi)
Bejo : Sapa kowe?!!!
Budi : Wani-wani njotos Mas Gathot putrane Ndara Baskoro, ... Ooo sida lembut nang
                          kene!!!
Kartono : Aku Sersan Kartono, anggota TRIP!
Gathot : Ooo ... iki tentara sing ora duwe bedhil kuwi ta ...
Kartono : Tak jaluk, ... sampeyan-sampeyan aja ngganggu tugase PMI !!!
Bejo : Sersan Kartono, sing kondhang minangka Pendekar Banyu Urip. Kenalna, iki ...
                          Bejopedhet ... jagoane Kedhung Jambe!
(Bejo majeng nyerang Kartono, Suciati lan Laras medal nganan. Bejo kawon, gantos Budi. Wusananipun Gathot, Bejo, lan Budi mlajeng ngiwa. Suciati lan Laras mlebet malih)
Kartono : (nyawang mengsahipun mlajeng) Bocah-bocah brandhalan ... ora kenal agama.
Suciati : Panjenengan ora apa-apa Mas Kartono?
Kartono : (madhep nganan) Eh, ... Dhik Suci ora apa-apa. Iki mau tak anggep olah raga. 
Suciati : Tujune iki mau Panjenengan kok pas mrene.
Kartono : Sampeyan mau lak pamit arep njupuk obat kanggo Kopral Sapi’i, tak enteni kok
                          gak bali-bali. Ora kepenak atiku, njur tak susul.
Laras : Kahahane Kopral Sapi’i piye Mas?
Kartono : Kopral Sapi’i iku wonge tanggon, yen mung kena pluru kaya ngono wae ora apa-
                          apa. Plurune wis dicukil dhewe ... paling mung butuh obat merah karo perban.
Laras : Ya wis, yen ngono ... cukup aku wae sing ngobati Kopral Sapi’i.
Suciati : Lho ... aku terus kok tinggal?
Laras : Halaah ... aku ngerti karepmu! (medal nganan)
Kartono : Suk meneh ... sing ati-ati!
Suciati : Hla wong biasane ya ora ana apa-apa kok, mungkin aku lagi apes.
Kartono : Nanging bejaku, ... beja bisa ketemu sampeyan!
Suciati : (kaliyan madhep nganan) Aaahh ... Panjenengan iki ...
Kartono : (kaliyan mlampah ngiwa) Muga-muga perang iki enggal rampung.
Suciati : Katresnan iki katone akeh pepalange (madhep Kartono), mula sing tak suwun
                          Panjenengan kudu sabar Mas.

Kartono : Segara bakal tak sabrangi, gunung bakal tak langkahi, ... angger sampeyan tetep
                          ngugemi janji.
Suciati : Aku nolak panglamare Gathot, ... jalaran ing atiku wis ana Panjenengan Mas.
Kartono : Adhem rasane atiku ... (madhep Suciati)
Suciati : Aku milih Panjenengan, jalaran sak liyane nggantheeeng ... Panjenengan uga
                          kagungan watak satriya. 
Kartono : (nyedhak Suciati) Wis dadi sumpahku, “Aku ora bakal urip enak-enakan, yen
                          Landa durung minggat saka Indonesia”.
Suciati : Aku bakal nyengkuyung sumpah Panjenengan Mas.  Jalaran aku uga ngerti ... yen
                          sadurunge tresna marang aku, ... Panjenengan wis nduweni katresnan liya, ... yaiku
                          tresna marang nusa lan bangsa Indonesia.
Kartono : Iki wis rada wengi, sampeyan ndang ngaso ana ing Pos, aku arep ndherekna Letda
                          Sucipto nyusup ana markase Landa ing Banyuurip.
(Letda Sucipto didherekake Sersan Basuni, mlebet saking kanan)
Basuni : Tiaraaaaaap ada musuuuh!!!
Kartono : (Tiarap)
Basuni : Haa ... haa ... haa ...
Suciati : Oooo ... njenengan iki ngaget-ngageti wae!
Kartono : (Jumeneng) Kurang ajar kowe Baaasss ... !!!
Basuni : Haa ... haa ... haa ... kaget! Kecidhuk yaaa ...
Letda Sucipto : Sampeyan yen guyon aja ketemenen, mengko yen ana musuh temenan, ... njur
                          padha ora ngandel ... lak sida kojur!
Basuni lan Kartono: Siap Letda Sucipto (sikap hormat).
Kartono : Saya siap berangkat Letnan!
Basuni : Ya mesthi siap ... wong wis bar oleh sangu!
Letda Sucipto : Bengi iki, ... awak dhewe nyusup ing Banyuurip. Sasaran utamane gudhang
                          senjatane Landa. Yen prajurit Landa ana sing lena, pateni. Nanging, aja nganti
                          ngetokna suwara.
Basuni : Beres Letnan, ya tugas ngene iki sing tak enteni.
Letda Sucipto : Aja mung beras-beres. Wengenane diajak nyegat Landa ing Senori, ... Landane
                          teka ... sampeyan sing keturon.
Kartono : Sersan Basuni iki, ... saben meneng mesthi ngantuk. Mula, cocoke diparingi tugas
                          sing oooobah terus!
Letda Sucipto : Sing paling penting ... awak dhewe bengi iki kudu oleh keterangan, “Sapa mata-
                          matane Landa sing tansah ngrugekna bangsane dhewe”.
Suciati : Nggih Letnan, aku jiiiaaaan gemes tenan. Saben awak dhewe pindah Pos Gerilya,
                          Landa kok mesthi ngerti.
Kartono : Pos Wirun saiki ya wis ora aman maneh.
Letda Sucipto : Mula, aku wis koordinasi karo Komandan Brigade Ronggolawe, yaiku Kolonel
                          Sudirman ... bab rencana mindhah Pos Tentara Pelajar iki. Pilihane ing Ponco,
                          utawa ing Jojogan.
Kartono : Yen manggon ing Ponco, tugas utamane awak dhewe nyerang markas Landa sing
                          ana ing Bojonegoro ... utawa ngadhang pasukan Landa supaya ora nyabrang ngalor.
Letda Sucipto : Yen manggon ing Jojogan, tugas utamane awak dhewe njaga ... supaya serdadu
                          Landa ora bisa njamah Pemerintahan Kabupaten Tuban sing sementara iki dipindah
                          ing Montong.
Basuni : Yen manggon ing kene wae, .... aku ngantuk (angop).. Mula, saiki ... mangga
                          brangkat Letnan !
Suciati : Tak dongakna muga-muga budhal slamet ... kondur slamet, ... Merdeka!!!
(Sedaya mangsuli “Merdeka” kanthi astanipun ngepel, Letda Sucipto, Kartono, lan Basuni medal ngiwa. Suciati medal nganan)

BABAK  III

Paraga : 1) Kapten Giesberts, 2) Nonik Monica 3) Opas Samijan, 4) Opas Sukidi,
                          5) Baskoro, 6) Jiman, lan 7) Jimin
Kahanan : Baskoro lapor dhateng Walandi, bilih markasipun Tentara Pelajar wonten ing
                          Wirun. 
Setting : Wanci enjing ing markas Walandi Banyu Urip.
Watak : Kapten Giesberts tegas logat Walandi, Nonik Monika kenes lan ngalem, Opas
                        Samijan lan Opas Sukidi remen gojegan.

Antawacana:
(Opas Sukidi lan Opas Samijan mlebet saking kiwa panggung kanthi jejogedan )
Opas Sukidi : Joged ngene iki bisa nggarai sehat, awak seger waras.
Opas Samijan : Sehat ... yen ora tawuran, ... nanging yen dicampur mendem ... terus tawuran ... bisa
                          benjut kabeh.
Opas Sukidi : Hla yen benjut ... sida nggawa nang dokter tenan. Kamangka, ... ongkose dokter iku
                          larang, mula rata-rata dokter iku sugih.
Opas Samijan : Ponakanku, ... anake mbak yu ku sing nang Tuban, ... ana sing dadi dokter.
Opas Sukidi : Ponakanmu ... dadi dokter.
Opas Samijan : Iya, ... nganti saiki umur 30 tahun isih bujang, ... durung nikah.
Opas Sukidi : Dokter ... umur 30 tahun isih bujang, apa ora ana pasien sing nyocoki? 
Opas Samijan : Hla ... ya kuwi, ... ponakanku kuwi tak peseni, “Demi menjaga martabat lan kode
                          etik profesi, awakmu aja nganti kawin karo pasienmu!”
Opas Sukidi : Kawin oleh pasien ya ora apa-apa ta Jaaaan ... !!! Wong guru oleh muride ya
                          akeeeh, juragan oleh babune ya akeeeeh, atasan oleh bawahan ya akeeeh.
Opas Samijan : Hla yen nganti ponakanku oleh pasiene, ...ooo sida kiamat! Hla wong ponakanku
                          dokter hewan.
Opas Sukidi : He !!! ... ponakanmu dokter hewan, ... dadi pasiene...?
Opas Samijan : Kuciiiing ... asuuuu ... pitik ... ketheeek (nuding Sukidi).
Opas Sukidi : Ya wis, ... yen pancen kowe nduwe ponakan dokter hewan. Saiki ... kucing sikile
                          pira?
Opas Samijan : Papat.
Opas Sukidi : Pitik sikila pira?
Opas Samijan : Loro.
Opas Sukidi : Kenek apa, ula kok gak diwenehi sikil?
Opas Samijan : Merga,  ula ora duwe bokong.
Opas Sukidi : Salah.
Opas Samijan : Hlo ... lak bener ta, sikil iku mancepe lak nang bokong, ... sing duwe sikil mesthi
                          duwe bokong.
Opas Sukidi : Ora mesthi, ... meja kae duwe sikil, ... nanging ora duwe bokong. Kowe tumon ...
                          ana uwong muni ngene, “Ayoo, angkaten bokonge meja!”(kendel sekedap) Ora ana.
Opas Samijan : Njuurr ... jawabe piye?
Opas Sukidi : Anane ula gak diwenehi sikil, ... merga yen diwenehi sikil mesthi dicokot.
Opas Samijan : Kok bisa?
Opas Sukidi : Jajal,  ... yen ana ula tleser ... tleser (tanganipun nirokaken mlampahipun sawer) ...
                          terus sikilmu wenehna, ... mengko lak dicokot (maragani sawer nggigit suku).
Opas Samijan : He eh ... (kukur-kukur), terus kowe ngerti tambane wong dicokot ula?
Opas Sukidi : Digawa nang nggone dhukun.
Opas Samijan : Kuna kuwi.
Opas Sukidi : Diperban.
Opas Samijan : Tambah nemen, ... upase tambah munggah nang endi-endi.
Opas Sukidi : Njuurr ... dikapakna?

Opas Samijan : Ora mung kanggo wong dicokot ula thok, ... kabeh penyakit iku bisa diobati
                          nganggo obat herbal, ... kudu.
Opas Sukidi : Woh kudu ... pace kuwi ... kasiate akeh?
Opas Samijan : Wong kecelakakan, sikil coklek ... tangan pedhot, ... obate cukup kudu.
Opas Sukidi : Hla kok sepele tenan ... cukup kudu.
Opas Samijan : Kudu digawa nang rumah sakit, kudu dioperasi, kudu diobati.
Opas Sukidi : Iya, ... bar kuwi ... kudu mbayar, ... yen ora duwe dhuwit ... kudu nangis. Ooo ...
                          wong yen lahire Minggu malem Rebo ... ya ngene iki.
Opas Samijan : Endi ana Minggu malem Rebo, ... aku iku lahir Selasa malem Rebo.
Opas Sukidi : Iya, ... pancen awakmu lahir Selasa malem Rebo. Nanging, ... ibumu krasane mules
                          kawit Minggu.
Opas Samijan : Tapi lahirku pancen apes kok.
Opas Sukidi : Apes piye?
Opas Samijan : Umume wong lahir iku lak nang rumah sakit, ... utawa nang nggone dhukun bayi.
Opas Sukidi : Hla awakmu?
Opas Samijan : Aku lahir nang bengkel. Bengkel tambal ban.
Opas Sukidi : Mulane ...
Opas Samijan : Biasane, ... bidan ... kuwi yen nulung bayi ... tangane mesthi nganggo kaos tangan
                          steril. 
Opas Sukidi : Sing nulung awakmu apa ora ngono?
Opas Samijan : Ora, ... ing bengkel iku anane ... obeng karo tang. Dadi lahirku, ... dicukil nganggo
                          obeng.
Opas Sukidi : Halaah ... lebay ngono kuwi. Hoak ... iki ...
Opas Samijan : Lahirku, iku ya normal. Kaya bayi lumrahe kae.
Opas Sukidi : Wis-wis ... saiki ayo posisi siap, ... Ndara Menier Kapten Giesberts karo Nonik
                           Monica arep mrene.
(Opas Samijan lan Opas Sukidi posisi siap hormat, Kapten Giesberts kaliyan Nonik Monica mlebet saking tengen)
K. Giesberts : Endnnn ... kamu Opas Samijan and Opas Sukidi, ... endnnn ... saya minta laporan ...
                          endnnn ... masalah pencurian senjata digudang tadi malam.
Opas Samijan : Benar menieeer ... tadi malam ekstrimis-ekstrimis mencuri senjata dan membunuh
                          Opas Badrun dan Opas Juki.
Opas Sukidi : Kemarun itu ...
Opas Samijan : (marang Opas Sukidi) Hei ... kemarin, ... kok kemarun.
Opas Sukidi : Wong yen ora tau diwulang basa ... ya ngene iki. Lemari basane apa?
Opas Samijan : Lemantun
Opas Sukidi : Pari basane apa?
Opas Samijan : Pantun.
Opas Sukidi : Hla yen kemarin?
Opas Samijan : Kemarun.
Opas Sukidi : Hla ... ngerti ngono lho!
Opas Samijan : Wis ... karepmu!
Opas Sukidi : Kemarun ... pas wayahnya Opas Badrun dan Opas Juki menjagi gudhangnya
                          senjata. Ada sedasa senjata yang hical.
Opas Samijan : Hilang ... kok hical.
Opas Sukidi : Hilang iku ora basa, yen basa dadi hiiiiical.
Nn. Monica : Bagaimanaaa ityuuu bisa turrrrjadi?
Opas Samijan : Tadi pagi uthuk-uthuk ...
Opas Sukidi : Tadi pagi buta ... kok uthuk-uthuk.
Opas Samijan : Sing wuta sapa? 
Opas Sukidi : Ya wis ... karepmu!
Opas Samijan : Tadi pagi uthuk-uthuk, pas saya dan kanca saya ini ... mau aplosan jaga. Ujug-ujug
                          saya melihat  ijazah ...
Nn. Monica : apa ityuuu ijazaaah?
Opas Sukidi : Maksudnya jenazah Nonik, ... ma’af  teman saya ini agak gini !! (tanganipun
                          ngisyarataken tanda miring ing bathuk)
K. Giesberts : Endnnn ... Ada jenazah, ... endnn apa kamu jarkan saja?
Opas Samijan : Oh, ... ne ... ne ... ne ... jenazah itu tidak saya jarkan, tetapi saya serahkan ke
                          penduduk untuk dipendham.
Nn. Monica : Ekstrimis-ekstrimis ityuuu harus ditangkap papiii. Kalau ekstrimis-ekstrimis ityuuu
                          masih berkeliaran Monica takyuuut.
Opas Sukidi : Oh, ... ne ... ne ... ne ... mulai nanti malam penjagaan kita tingkatkan. Nonik
                          Monica tidak perlu takyuuuut.
K. Giesberts : Endnnn ... pokoknya kejadian tadi malam tidak boleh terulang lagi. Endnnn ...
                          kalian waktu jaga tidak boleh tidur!
Nn. Monica : Papi ... mengapa papi tidak usul, supaya markas Belanda di Banyu Urip ini ...
                          dipindah ke kota yang ramai ... tidak sunyi ... syuuupii bhugini.
K. Giesberts : Ooo ... ne... ne ... ne, markas kita di Banyu Urip ini punya tugas khusus. Endnnn ...
                          kita di sini harus mengamankan pabrik minyak Banyu Urip. Sebab ... seluruh
                          kebutuhan minyak di Jawa ... mulai dari bahan bakar kendaraan tempur ... tank ,
                          panser, truk pengangkut pasukan, ... sampai untuk keperluan pabrik-pabrik besar
                          dipenuhi dari sini.
Nn. Monica : Kalau begitu, papi minta pindah tugas saja.
K. Giesberts : Endnnn ... soal tempat tugas, ... sebenarnya, Papi ditugaskan ditempat tugas papi
                          yang lama, ... yaitu di Kota Madiun. Endnnn, ... tetapi papi sendiri yang minta tugas
                          disini. Sebab, kalau di Madiun ... Papi terus ingat mamimu yang meninggal di sana.
Opas Sukidi : Kalau ingin nonton hiburan, ... nanti Opas Samijan yang jadi hiburan.
Nn. Monica : Ooo ... Opas Samijan bisa jadi hiburan?
Opas Samijan : Iya ... saya bisa main sulap. Percil tak tutupi ... seminggu dadi kodhok. Menyok, tak
                          kempit dadi tape.
(Sedaya gumujeng. Baskoro, Jiman, lan Jimin mlebet saking kiwa)
P. Baskoro : Goodemiddag (kawaos: khudde midakh) Menier!
K. Giesberts : Goodemiddag geweldig (kawaos: khudde midakh kheweldikh), selamat siang tuan
                          hebat (njempol).Nonik, kenalkan ini tuan Baskoro, sekutu kita di Tuban Selatan ini.
Nn. Monica : Ooo ... ini pribumi yang cerdas ityuuu ...
K. Giesberts : Endnnn ... ada keperluan apa Je (kawaos: Yee) datang kemari?
P. Baskoro : Terima kasih, karena selama ini Belanda telah membantu kelancaran usaha saya.
                          Usaha dagang sapi dan renten saya lancar. Sebagai balas budi, saya akan memberi
                          informasi penting kepada Menier Kapten Giesberts.
K. Giesberts : Ha ... ha ... ha ... Ik believen (kawaos: ike believen).  Je ... memang informan yang
                          handal. Informasi apa yang akan Je ... berikan?
P. Baskoro : Saya tahu tempat persembunyian ekstrimis-ekstrimis yang Menier cari.
Nn. Monica : Waah ... ini burita bagyuuus. Ekstrimis-ekstrimis itu harus shugura ditumpas papi!
P. Baskoro : Jiman lan Jimin ... jlentrehna kahanan panggonane ndhelik  tentara- tentara pelajar
                          sing ana ing Wirun.
Jiman : Jadi begini, ... Wirun merupakan dukuh kecil yang termasuk wilayah Desa
                          Sembung. Letaknya memang agak jauh dari jalan raya.
Jimin : Karena letaknya yang tersembunyi, maka patroli serdadu Belanda tidak pernah
                          menjangkau sampai kesana.
Nn. Monica : Langsung kirim kundaraan tumpur aja Papiii ! Kirim tank dan panser, tumpas habis
                          mereka. 
Jiman : Maaf, kendaraan tempur hanya bisa sampai di pasar Sembung. Selebihnya harus
                          jalan kaki.
P. Baskoro : Sebaiknya jangan membawa kendaraan tempur, kalau mereka mendengar suara
                          kendaraan, mereka bisa lari masuk hutan ... atau menyeberang lewat Kali Kening.
                          Sia-sia usaha kita nanti.
Jimin : Nanti ... serdadu Belanda datang diam-diam, setelah sampai di Wirun ... ada gubug
                          di tengah sawah ... itu pos Tentara Pelajar. Langsung berondong mereka.
K. Giesberts : Dank je wel ... Dank je wel ... sekarang mari kita minum-minum dulu di dalam.
                          Nanti malam Tentara Republik Indonesia Pelajar atau TRIP kita tamatkan 
                          riwayatnya.
(Kapten Giesberts, Nonik Monica, Baskoro, Jiman, Jimin dipun dherekaken Opas Samijan lan Opas Sukidi medal nengen)


BABAK  IV

Paraga : 1) Letda Sucipto, 2) Sersan Kartono, 3) Sersan Basuni
Kahanan : Tentara Republik Indonesia Pelajar ngatur siasat. 
Setting : Wanci enjing, ing Pos Tentara Pelajar Wirun.

Antawacana:
(Letda Sucipto mlebet saking tengen. Sersan Basuni mlebet saking kiwa ngaturi hormat)
Letda Sucipto : Kepriye, isih ngantuk?
Basuni : Nanging ... yen diutus nyambut gawe maneh, aku wis siap.
Letda Sucipto : Senjata asile dhek mau bengi, cukup lumayan. Anggota TRIP sing arep nganggo
                          senjata iku, ... kudu dilatih dhisik. Merga katone ... iku senjata modern.
Basuni : Siap Letnan. Saiki, ... Landa mesthi rumangsa kobong jenggote. Granat sak karung
                          ... mau bengi wis tak simpen rapi. Tak kira cukup yen kanggo mbledhosna tank
                          utawa panser sepuluh.
Letda Sucipto : Sersan Kartono kok ora katon, apa isih turu?
Basuni : Sersan Kartono kok turu, ... bocah iku ora duwe kesel utawa ngantuk. Mau bengi
                          mulih saka Banyu Urip turu sedela, ... bar sholat subuh terus nang pasar ... merga
                          oleh lapuran yen ing pasar Sembung ana gegeran.
Letda Sucipto : Apa Gathot lan kanca-kancane gawe rusuh maneh?
Basuni : Biasane kaya ngono, saben bar ngombe towak ... terus nagih piutange bapake ...
                          yen ana sing ora bisa mbayar terus diajar.
Letda Sucipto : Anak karo bapak kok padha wae.
Kartono : (mlebet saking kiwa) Merdeka !!! (kanthi ngepelaken tangan)
Letda Sucipto lan Basuni: Merdeka !!! (kanthi ngepelaken tangan)
Kartono : Lapor letnan! Kahanan saiki gawat! Awak dhewe kudu cepet-cepet mindah Pos
                          Gerilya ing Wirun iki!
Letda Sucipto : Gawat kepriye?
Kartono : Iki mau, aku lak nulungi Mbah Wito ... bakul mbako ing pasar Sembung ... sing
                          lagi diajar Gathot. Hla, sadurunge Gathot lan kanca-kancane lunga, ... dhasar wong
                          mendem omongane nglantur, ... Gathot muni-muni, ... yen awak dhewe ... Tentara
                          Pelajar bakal ditumpes Landa. Merga saiki Bapake Gathot, ... Pak Baskoro lagi
                          lapur marang Landa ing Banyu Urip. 
Basuni : Pak Baskoro lapur marang Landa ing Banyu Urip. Wah ... yen ngono, ... aku dak
                          ngajak kanca-kanca anggota TRIP lan PMI ... tata-tata. Pos Gerilya sida pindah ing
                          Ponco.
Letda Sucipto : He eh. Sauntara sampeyan lan kanca liyane tata-tata, aku karo Sersan Kartono dak
                          ngatur siasat.
Kartono lan Basuni : Siap Letnan !!!
(Letda Sucipto, lan Sersan Kartono medal nengen, Sersan Basuni medal ngiwa)


BABAK  V

Paraga : 1) Sersan Kartono, 2) Sersan Basuni, 3) Kapten Giesberts, 4) Opas Samijan, 5)
                          Opas Sukidi, 6) Gathot, 7) Budi, 8) Bejo, 9) Baskoro, 10) Jiman, lan 11) Jimin
Kahanan : Gathot kepancing dening siasatipun Tentara Pelajar. 
Setting : Wanci dalu, ing Pos Tentara Pelajar Wirun.

Antawacana:
(Gathot kanthi mbeta salembar serat dipun dherekaken Budi lan Bejo, mlebet saking kiwa panggung. Mlampahipun radi sempoyongan jalaran mendem toak)
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk (mandheg angsale mlampah lajeng noleh dhateng Budi lan
                          Bejo ingkang mlampah ing wingkingipun) Pak eeee ... ana ketan aku tukokna, ...
                          Pakeee ... ana prawan aku rabekna! Ohhh ... Dhik Suciku. Ithuk ... ithuk ... ithuk, ...
                          Dhik Suciku... tak uuk. 
Budi : Bener ta Mas ... surat iku asli?
Bejo : Iya ... iki mengko ... hla mung apus-apus.
Gathot : Dadi kowe wong loro ... ora percaya, ... yen Dhik Suci gelem karo aku? Apa rupaku
                          elek ? Yen kowe ora percaya, iku padha wae karo ngenyek marang aku.
Bejo : Ora kok ngono, ... wingenane Pak Baskoro lak wis dhawuh, ... yen panglamare
                          ditolak. 
Budi : Apa maneh, wingi pas ketemu ing pertelon, ... cetha yen Suci ora gelem nampa
                          katresnan sampeyan.
Gathot : Iki lho, ... iki lho, ... surrrrrrate (nedahaken serat). Deellllloken, wacanen !
Bejo : (maos serat) Kanggo sayangku Mas Gathot.
Gathot : Ithuk ... ithuk ... ithuk , ... baleni Kang! (mesem ngguyu)
Bejo : (maos serat) Kanggo sayangku Mas Gathot. Sadurunge aku njaluk sepura, awit
                          wingi wis gawe larane penggalih Mas Gathot.
Gathot : Tak sepura, ... tak sepura ... !!!
Bejo : Saiki ... Suci sadhar, ... yen sejatine masa depane Suci iku pancen wis ginaris kudu
                          nyawiji karo Mas Gathot.
Budi : Sadhar kok ujug-ujug. Iki mesthi ana apa-apane.
Gathot : He eh, ana Gathot lan Suci sing bakal rabi. Ithuk ... ithuk ... ithuk , ... terusna!
Bejo : Mumpung Pos Tentara Pelajar lagi kosong, tak suwun Mas Gathot rawuh ing Pos
                          kanggo ngrembug rencana jejodhoane awak dhewe. (kendel sekedahap) Saka aku
                          kang lagi kasmaran, Suciati. 
Gathot : Adhuh Dhiiiiiiik, ... ithuk ... ithuk ... ithuk, ... . Padha, ... aku ya lagi kasmaran.
Budi : Perasaanku kok krasa ora penak. Saiki Suciati ... wonge kok ora ana?
Gathot : Guuooooblok !!! Dhik Suciati ... mungkin saiki lagi macak. Lagi dandan, merga
                          arep ketemu karo aku ... calon bojone sing sugih, sing gagah, sing ngguuuantheng!
Bejo : Lan sing, ithuk ... ithuk ... ithuuuuuuk.
Budi : Kowe apa ora curiga? Kene iki markase Kartono, ... sing wingi wis njotosi awak
                          dhewe. Mungsuh Kartono ijen wae, awak dhewe wis bengep kabeh. Hla iki
                          mengko yen nganti dikrumpyung karo kancane, apa ora modiiiyarrr awak dhewe!
K. Giesberts : (saking njawi) Kalian sudah dikepung, menyerahlah! Saya ulangi, “Kalian sudah
                          dikepung, menyerahlah!
Bejo : Blaeeen iki. Iki piye?
Gathot : Ooo Dhik Suci ... iki piye ... awakmu nang endi?
Budi : Ayo mlayu! (badhe mlajeng nengen, )
Bejo : Ayooo! (badhe mlajeng nengen kaliyen ngglandhang Gathot)
K. Giesberts : (saking njawi)Tembaaak !
(Gathot, Budi lan Bejo pejah ing sisih tengen panggung. Kapten Giesberts, Opas Samijan, Opas
Sukidi mlebet saking kiwa. Kadherekaken Baskoro, Jiman, lan Jimin ing wingkingipun)
K. Giesberts : Tembakanmu tepat sasaran. Tetapi kok Cuma tiga?
Opas Samijan : Mungkin yang lain lari Menieerr!
Opas Sukidi : Mari kita uber kesana!
K. Giesberts : Tuan Baskoro sampai sini saja, ... urus mayat ekstrimis-ekstrimis itu! Hadiah untuk
                          Tuan Baskoro ... besok diantarkan opas.
P. Baskoro : Dank je wel ... dank je wel. (atur sembah kalbu)
(Kapten Giesberts, Opas Samijan, lan Opas Sukidi medal nengen)
P. Baskoro : Haa ... haa ... haa ... iki jenenge oleh rejeki nomplok! Oleh hadiah, ... musuh modar
                         ... haa ... haa ... haa. Jiman ... Jimin, openi bathang iku!
Jiman : (nyaket mayit) Hlo ... Ndara !!! (njeriit)
P. Baskoro : Kaya bocah cilik wae! Weruh mayit njeriit!
Jimin : Niki ... niki ... niki ...
P. Baskoro : Niki apa?
Jiman : Niki Ndara Gathooot ...
P. Baskoro : Piyeee ...???
Jimin : Mas Gathoot Ndara ...
P. Baskoro : (nyaket) Gathot ... anakku nggeeeerrr! (ngrangkul Gathot) iki piye ...? (muwun)
                          Kok kowe nganti tekan kene? Gathooot ... anakku ... iki piyeeeee ....
Jiman : Hla inggiiih ... kok ngantos teng mriki ... sinten ingkang ngajak?
(Sersan Kartono lan Sersan Basuni mlebet saking tengen)
Kartono : Aku sing ngajak!
Jimin : Ooo ... iki pokal gawemu?
Kartono : Pengkhianat bangsa kaya kowe-kowe iki ... ora pantes urip ing kene.
Basuni : Iki merga saking guuoobloke Guuuathot anakmu! Hla wong surat tulisanku, .... kok
                          ngandel.
Kartono : Sing ngatur siasat iki ... atasanku, yaiku Letda Sucipto. Saiki panjenengane mimpin
                          gerilya ing panggonan liya.
Basuni : Kanggo ngurus barang rongsokan kaya kowe-kowe iki, cukup aku karo Mas
                          Kartono.
P. Baskoro : (jumeneng) Kere tenan kowe, ... rungokna! Nom-nomanku biyeen ... aku iki begal
                          kondhang ing tlatah Tuban. Mateni uwong iku gaweyanku.
Jimin : Yen ana rampok kembar, iku aku ... Jiman ... Jimin.
Basuni : Saiki giliranku ... aku sing arep mateni kowe.
(Jiman lan Jimin perang kaliyan Sersan Basuni, Jiman-Jimin pejah. Baskoro pejah ing astanipun Sersan Kartono)
Kartono : (Jumeneng jejeg ing tengah panggung, astanipun ngepel) Sadumuk bathuk sanyari
                          bumi! Indonesia saiki wis merdeka, ayo padha berjuang ngisi kamardikan kaya
                          lelabuhane “Pendekar Banyu Urip”!!!


KELIR KATUTUP
 Para Pemain:

Pak Sumitro :
Bu Sumitro :
Baskoro :
Jiman :
Jimin :
S. Kartono :
Suciati :
Laras :
Gathot :
Budi :
Bejo :
L. Ngadenan :
S. Basuni :
K. Giesberts :
N. Monica :
O. Samijan :
O. Sukidi :